CATHETAN PIWUCAL AKHIR RAMADHAN
Ustadz Zamroni Priyanto, S.Pd
Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا وَرَسُوْلِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى ا للهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَتَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا ، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
أَمَّا بَعْدُ
Sidang Jumat Rahimakumullah,
Sumangga sareng-sareng kita mangun raos syukur kita dhumateng Allah SWT ingkang sampun nyampurnakaken nikmatipun dhumateng kita sahingga dinten menika, ing dinten kaping 21 Ramadhan, Allah nggampilaken kita nyampurnakaken amal ibadah kita. Mugi sedaya amal shalih kita dipun tampi lan dipun ridhai Allah SWT. Aamiin
Shalawat lan salam mugi tansah kaluberaken dhumateng junjungan kita, qudwah kita, khatamil anbiya’i wal mursalin, Nabi Muhammad SAW, sumrambah dhumateng keluarganipun, shahabatipun lan ugi dhumateng umatipun ingkang setya tuhu ngantos akhirul zaman. Mugi-mugi kita sami dipun gampilaken Allah SWT kanthi hidayahipun kangge nyampurnakaken sunnah-sunnahipun, ngantos dumugi Allah ngidzinaken kita pejah husnul khatimah. Aamiin
Hadirin,
Lumantar mimbar menika, khatib berwasiat dhumateng diri pribadi khatib sumrambah kagem para jamaah, sumangga kita mbudidaya kanthi saestu, memangun saha ningkataken taqwa kita dhumateng Allah kanthi sarana nyampurnakaken amal-amal kita ing wulan Ramadhan mubarak ing tahun menika.
Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Allah Maha Priksa bilih wekdal gesang kita winates, Allah Maha Priksa bilih perangan wekdal ingkang kita ngginakaken ngibadah taksih sekedhik lamun dipun bandhingaken kalihan wekdal kangge nguyak kadonyan.
Pramila kanthi raos sih-Ipun Allah ingkang Maha Welas Asih paring kanugrahan kemirahan minangka sarana nyampurnakaken ibadah kita.
Allah Maha Priksa, shalat kita dereng nyekapi sangu kita, mila Allah paring kanugrahan kesaenan 27 derajat tumrap tiyang ingkang purun shalat jamaah.
Wekdal gesang kita ingkang winates kathah dipun ngginakaken kagem urusan donya, mila Allah paring wulan Ramadhan ingkang pahalanipun matikel ngantos sami kalian ibadah setunggal tahun.
Allah Priksa umur kita ingkang winates, mila Allah paring kanugrahan lailatul qadr ingkang langkung sae tinimbang sewu wulan.
Pramila sumangga kita sengkut ibadah kita ing wulan Ramadhan menika ingkang kantun sawetawis 10 dinten malih menika.
Sidang Jumat Rahimakumullah
Maha Agung Allah ingkang sampun gumiliraken dalu dhumateng rina, lan rina gumanti ratri. Dinten lumampah dados wulan, wulan lumampah dados tahun. Sedaya nikmat barokah-ipun makempal wonten ing Wulan Ramadhan. Pramila netepi dhawuh-ipun Allah ing ndalem Surat Al Hasyr ayat 18
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ
“He wong-wong kang padha iman , takwaha sira marang Allah lan supaya saben-saben sira nggatekake apa kang wus den tindakake kanggo dina sesuk (akhirat). Takwaha sira Marang Allah. Satuhune Allah Mahateliti marang apa kang sira tindakake”
Sumangga wekdal-wekdal ngancik pungkasanipun Ramadhan menika, kita nata manah, sami mulat piwucal ingkang sampun kalampahan. Lan tertamtu sampun kita raos lan lampahi sesarengan sakdangunipun lumampahing Ramadhan menika.
Jamaah Jumat Rakhimakumullah,
Menawi kita tintingi dalah raosaken, sawetawis wonten tigang perangan saking kathahing cathetan utawi piwucal ingkang saget kita pethik saking piwucaling Ramadhan.
Sepindhah, Sakliar-liaripune nafsu kita, taksih saget dipun leremaken.
Prastawa Ramadhan nyawisaken tarbiyah khusus kagem nafsu kita. Sak njawinipun Ramadhan, kadhang kala, nafsu kita ingkang ngendhaleni lampah gesang kita.
Ing kawontenan luwe, nafsu saget ugi nuwuhaken pawadan kagem colong jupuk. Ing ndalem tintrim, nafsu ugi saget nyeret kita tumindak zina. Lan wonten wekdal lodhang, nafsu saget nuntun kita dados tiyang ingkang kendho nglokro dalah kesed.
Tuhu leres pangandikanipun Allah, ing ndalem Al Quran Surah Yusuf ayat 53
… اِنَّ النَّفْسَ لَاَمَّارَةٌ ۢ بِالسُّوْۤءِ اِلَّا مَا رَحِمَ رَبِّيْۗ اِنَّ رَبِّيْ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ
“..satemene nafsu iku tansah ajak-ajak marang tumindak syu’ (ala), kejaba nafsu kang diparingi Rahmat dening Rabbku. Satemene Rabbku Maha Paring Pangapura lan Maha Asih”
Ing sak njawining Ramadhan, kori-kori milining daya nafsu binuka jembar, bebas ngrembaka humiring kacekapaning dhahar, ngunjuk lan sanesipun. Lajeng Allah swt paring kekucah kanugrahan arupi Ramadhan, supados tiyang mukmin saget nggulawenthah nafsu, dados lerem satemah tundhuk dhumateng keimanan.
Kanthi syariat Ramadhan, nafsu saget kaleremaken, kerincung satemah saget dipun kendhaleni. Nafsu saget dipun dhewasakaken anut lumampahing syariat, tundhanipun ing pangajab saksampunipun Ramadhan nilaraken kita, namung wohipun, nafsu saget kita kendhaleni. Aamiin
Kaping kalih, Kados menapa regetipun jiwa kita, kanyata saget dipun resiki.
Lampahing gesang kados ilining toya ing salebetipun pipa. Wonten toya mlebet, mili lajeng medal. Makaten terus.
Rikala pipa mboten wonten saringanipun, tansaya kathah rereget ingkang ndherek mlebet, tansaya kathah rereget ingkang badhe menep mandheg ing lebet pipa satemah pipa dados reget, macet malah saget ugi risak lan keropos.
Tartamtu reget dalah keroposipun pipa badhe ngganggu ilining toya medal.
Jamaah rakhimakumullah,
Sadangunipun sewelas wulan, saringan menika longgar malah kepara ical, sahingga sedaya kemawon saget mili mlebet ing manah kita.
Wiwit saking samar, kotor malah kepara ngemu racun. Manah badhe keropos tundhonipun badhe membutakan mata hati.
Dhawuhipun Allah,
اَفَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَتَكُوْنَ لَهُمْ قُلُوْبٌ يَّعْقِلُوْنَ بِهَآ اَوْ اٰذَانٌ يَّسْمَعُوْنَ بِهَاۚ فَاِنَّهَا لَا تَعْمَى الْاَبْصَارُ وَلٰكِنْ تَعْمَى الْقُلُوْبُ الَّتِيْ فِى الصُّدُوْرِ
“Mangka, apa dheweke ora lumaku ing salumahe bumi, banjur dheweke padha
ndhuweni ati, kang kanthi ati iku dheweke bisa ngresepi? Utawa, kuping, kang kanthi iku dheweke bisa ngrungokake? Awit satemene dudu mripat kang wuta, ananging ati kangana ing njero dhadha”
(QS. Al Hajj : 46)
Rikala ili kang lumebu liwat mripat, kuping, tutuk, pikiran, lan rasa saged kasaring resik lan wening, tertamtu badhe mboten wonten reregedipun. Satemah dayaning ati sagetwening padhang, ibadah sing abot dados entheng.
Tuhu leres dawuh pangandikane Allah ing Al Quran Surah Asy Syam ayat 7 – 10
وَنَفْسٍ وَّمَا سَوّٰىهَاۖ فَاَلْهَمَهَا فُجُوْرَهَا وَتَقْوٰىهَاۖ قَدْ اَفْلَحَ مَنْ زَكّٰىهَاۖ وَقَدْ خَابَ مَنْ دَسّٰىهَاۗ
“ lan jiwa sarta panyampurnaane, mangka Allah paring ilham marang jiw iku, dalan fujur lan dalan taqwa. Tuhu beja wong kang nyucekake jiwane iku lan tuhu tuno kang ngregedi”
Ramadhan, minangka saring kepara dados bebetenge jiwa saking sedaya rereget. Mugi kita saget njagi lan ngresikaken jiwa kita kanthi barokahing Ramadhan.
Kaping tiga, Kados menapa picikipun ego kita, taksih saged dipun cerdasaken
Kathah tiyang, mbok bilih kalebet kita ing kadhang kalanipun lirwa, rumaos mongkog ngadeg ing sak nginggile ego kita.
Tuwuh raos, rumangsa bisa, naging ora bisa ngrumangsani, Adigang adigung adi guna, sapa sira sapa ingsun. Rumangsa pinter, rumangsa sugih. “Iki lho aku.” Nalaripun ical, sahingga egonipun nerak wewaleripun agami Islam.
Ramadhan, sembada hangrincung mubalipun egoisme, kaleremaken lan dipun tundhukaken. Kanthi cegah dhahar ngunjuk ing wekdal siang, sahingga daya jasmani dados lemes, paring piwucal ringkihipun jasad kita. Rikala kita sujud ing ndalem qiyamul lail Ramadhan, ego saget katundhukaken. Saeba ringkihipun kita tanpa daya peparingipun Allah.
Kita namung kawula, ingkang tanpa daya lan kekuwatan kajawi saking daya kekuwatan peparingipun Allah. Laa haula walaa quwwata illa billah.
Tuhu leres dhawuhipun Allah,
وَمَآ اُمِرُوْٓا اِلَّا لِيَعْبُدُوا اللّٰهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۙ حُنَفَاۤءَ وَيُقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَيُؤْتُوا الزَّكٰوةَ وَذٰلِكَ دِيْنُ الْقَيِّمَةِۗ
“Kamangka, dheweke ora didhawuhi kejaba supya manembah marang Allah kanthi ikhlas ndalem nindakake agama kang jejeg. (QS. Bayyinah: 5)
Jamaah rakhimakumullah,
Mugi-mugi tarbiyah Rabbaniyah ing Ramadhan tahun menika, saged mangsulaken kita dhumateg kesadharan bilih kita menika namung kawula sawantah, ingkang jejibahan utami kita, manembah dhumateng Allah. Mboten langkung mboten kirang.
Lan mugi-mugi prastawa Ramadhan ingkang awis reginipun menika, saget dados ilining toya ingkang nyiram saranduning jiwa, rasa, karsa lan cipta, tumelung thaat tundhuk pasrah sumarah dhumateng sedaya dhawuhipun Allah SWT lan Rasulipun, satemah saget nuntun kita manggih gesang tentrem wilujeng fiidunya ilaal akhirah. Dados tiyang ingkang taqwa, tinebihaken saking siksa neraka caket dhumateng nikmating swarga. Aamiin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
الْحَمْدُ الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا ، وأَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه.
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ أَمَّا بَعْدُ؛
فَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى : وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ.
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخَوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُواْ رَبَّنَا إِنَّكّ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَأَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَـنَا وَتَرْحَمْنَا لَـنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ
رَبَّنَا هَبْ لَـنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَاما
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة



Leave a Reply