Mbetengi Pasrawungan
Wonten Madyaning Kemajengan Teknologi
Ustadz Muhammad Ihsanudin, M.Pd
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لله الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ، لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَكَفَى بِاللهِ شَهِيْدًا، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ, اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ, أَمَّا بَعْدُ
عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
Jama’ah Shalat Jumat Rahimakumullah
Alhamdulillah, puji syukur sumangga tansah kita aturaken dhumateng Allah SWT awit lumeberipun rahmat saha asihipun ingkang tanpa wilangan. Lan sumangga kanthi estu-estu kita ningkataken keimanan saha ketaqwaan kita dhumateng Allah SWT, kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun saha nilaraken sedaya awisanipun. Jer punika ugi mujudaken wujud raos syukur kita wonten ing swasana ingkang saklangkung sae.
Shalawat saha salam mugi tansah lumintu dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad SAW tuwin sedaya keluarga, sahabat ugi para pendherekipun ngantos akhir zaman. Aamiin
Jama’ah Shalat Jumat Rahimakumullah
Datan saget dipun selaki saha dipun singkiri, bilih kemajengan teknologi sampun beta kathah owah gingsiripun panggesangan saha sesrawunganipun manungsa. Rikala rumiyin priyantun ingkang wonten ing pelosok mboten badhe saget mirsani endahipun negeri sabrang, mboten saget mirsani sedherekipun ingkang tebih wonten ing sajawinipun pulau, mboten saget sami cangkrama kaliyan tiyang kathah ingkang benten panggenan.
Rumiyin kathah perkawis ingkang mboten saget kabayangaken ananging samenika saget kepara biasa kedadosan. Ing wekdal sakmenika kanthi canggihipun teknologi tiyang saget wawan pangandikan kaliyan tiyang sanes mboten winates wekdal saha panggenan. Sinaosa wonten ing njawi rangkah, sinaosa wonten ing wekdal dalu, tiyang saget sesambetan mboten namung suwanten ananging saget mirsani bleger kanthi paningalipun.
Rikala rumiyin menawi badhe sesrawungan kedah sami pepanggihan, ananging wekdal sakmenika sesrawungan saget lumantar piranti ingkang mawerni-werni. Kepara menawi ingkang ngagem handphone utawi iphone saget sakelangkung bebas, mboten ketawis dining tiyang sanes, bebas anggenipun milih wekdal, bebas anggenipun milih rencang, lan sanes-sanesipun. Sesrawungan antawisipun jaler lan estri punika kedah estu-estu dipun jagi ampun ngantos kedlarung kepara ngantos tumindak ingkang haram.
Allah sampun paring firman wonten ing surat Yunus: 109
وَاتَّبِعْ مَا يُوْحٰىٓ اِلَيْكَ وَاصْبِرْ حَتّٰى يَحْكُمَ اللّٰهُ ۚوَهُوَ خَيْرُ الْحٰكِمِيْنَ ࣖ
“Sira midhereka marang apa kang wus den wahyo-ake marang sira lan padha sabara nganti Allah paring keputusane. Panjenengane iku sabecik-becike kang paring keputusan”
Piranti menapa kemawon ingkang dipun agem sesrawungan sampun ngantos nerjang angger-angger saha wewaler ingkang sampun dipun wahyu-aken dening Allah SWT. Awit kanthi nuhoni dhawuhipun Allah badhe milujengaken lampah kita tumuju yaumul akhir samangkih . Angger-angger ingkang sampun biasa dipun terjang tundhanipun badhe mahanani biasa dipun langgar awit kemajenganipun teknologi. Teknologi kedah dipun upiyakaken pinangka sarana gegampil anggenipun sesrawungan tumuju dhateng swarga .
Jama’ah Shalat Jumat Rahimakumullah
Islam sampun netepaken aturan-aturan gegayutan kaliyan pesrawungan antawisipun jaler kaliyan estri.
Jaler utawi estri kedah nundhukaken pandulunipun saha njagi kesucian diri kados kawedhar wonten ing firman Allah SWT (QS. An-Nur: 30-31):
قُلْ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ يَغُضُّوْا مِنْ اَبْصَارِهِمْ وَيَحْفَظُوْا فُرُوْجَهُمْۗ ذٰلِكَ اَزْكٰى لَهُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌۢ بِمَا يَصْنَعُوْنَ وَقُلْ لِّلْمُؤْمِنٰتِ يَغْضُضْنَ مِنْ اَبْصَارِهِنَّ وَيَحْفَظْنَ فُرُوْجَهُنَّ وَلَا يُبْدِيْنَ زِيْنَتَهُنَّ اِلَّا مَا ظَهَرَ مِنْهَا
Artosipun: (30) Kandhakna marang para wong lanang kang padha iman supaya dheweke padha njaga pandulune lan njaga pesarone. Kang kaya mangkono iku luwih suci tumrap dheweke. Satuhune Allah Maha teliti marang apa kang dheweke tindakake.
(31) Kandhakna marang para wong wadon kang padha iman supaya dheweke njaga pandulune, njaga pesarone, lan aja ngatonake pepaese (perangan awake), kecaba kang (biasa) katon.
Tiyang jaler utawi tiyang estri dipun awisi tumindak utawi wicantenan ingkang saget nggimbang godha. Rasulullah sampun wanti-wanti dhumateng kita sedaya lumantar sabdanipun,
“Ngati-atiya sira marang donya lan ngati-atiya sira marang Wanita awit fitnah kang kawitan tumrap Bani Isroil iku Amarga wanita.”
(HR. Muslim)
Samenika wonten ing era globalisasi, rikalanipun arus informasi nggegirisi, goda ingkang mawerni-werni gampil mlebet wonten ing griya-griya kita. Cekap kanthi mbikak media masa, media sosial utawi media elektronik, goda badhe hadir dhumateng kita tanpa permisi.
Tiyang jaler lan estri kedah nyingkiri saha njagi ampun ngantos namung tiyang kalih wonten ing setunggalipun papan kagem njagi saking penggalihan-penggalihan ingkang kebak dosa.
Rasulullah SAW sampun paring sabda , “Sawijining wong lanang ora kena leloron karo wong wadon tanpa nganthi mahrame.” (HR Bukhari lan Muslim).
Awit majengipun teknologi, leloron utawi berduaan saget langkung wiyar inggih punika dipun lampahi sarana pisah (benten papan) lumantar media elektronik (handphone). Sinaosa saking katebihan mawi piranti handphone ananging adab komunikasi kedah tetep dipun jagi sahingga mboten kedadosan “e-berduaan” (berduaan lumantar elektronik handphone).
Tiyang jaler lan estri kedah nyingkiri pepanggihan ingkang campur bawur antawisipun jaler kaliyan estri kejawi wonten ing wekdal ingkang dharuri utawi kepentingan ingkang saget dipun tanggel jawabaken.
Kados ngrawuhi shalat berjamaah wonten ing masjid, thalabul ilmu, nyambut damel sareng salebetipun kegiatan sosial, lan penyebaran kesaenan mujudaken perkawis ingkang hadiripun wanita sesarengan sesarengan kaum pria saget tinampi supados mboten pisah kalian rombonganipun.
Kanthi syarat wanita kasebat kedah netepi aturanipun Islam gegayutan kaliyan pesrawungan gesang . Wonten ing bab punika teknologi saget dipun manfaataken kagem mbatesi pepanggihan ingkang asipat fisik saget mawi aplikasi zoom, googlemeet, lan sanes-sanesipun.
Jama’ah Shalat Jumat Rahimakumullah
Makaten sawetawis tata-cara njagi pasrawungan wonten ing madyanipun ombyakipun teknologi ingkang tansaya nggegirisi. Sepindhah malih bilih teknologi kedah dipun upiyakaken pinangka sarana nggampilaken pasrawungan ingkang halal tumuju swarga mboten kepara sawalikipun malah keblegong wonten perkawis ingkang haram.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
الْحَمْدُ الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا ، وأَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه.
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ أَمَّا بَعْدُ؛
فَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى : وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَـنَا وَتَرْحَمْنَا لَـنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ
رَبَّنَا هَبْ لَـنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يِوْمِ الدِّيْنِ وَآَخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ


Leave a Reply