Atur Syukur Kanthi Shalat Lan Qurban
Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا وَرَسُوْلِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى ا للهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَتَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا ، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
اِنَّآ اَعْطَيْنٰكَ الْكَوْثَرَۗ فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ اِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْاَبْتَرُ ࣖ
أَمَّا بَعْدُ
Jama’ah Shalat Jumat Rohimakumullah
Alhamdulillah, puji syukur sumangga kita aturaken dhumateng Allah SWT awit paringipun rahmat saha asihipun ingkang tanpa winates dhumateng kita.
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad SAW sarta keluarga, sahabatipun saha para pendherekipun ngantos akhir zaman. Aamiin
Sumangga kita ngupiya kanthi saestu ningkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT, kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun saha nilaraken awisanipun. Punika ugi wujud raos syukur kita dhumateng Allah SWT.
Jama’ah Shalat Jumat Rohimakumullah
Pemerintah sampun netepaken bilih 1 Dzulhijah 1446 Hijriah dhawah wonten ing tanggal 28 Mei 2025. Keputusan punika dipun umumaken sakpas kalian hasil sidang isbat ingkang sampun lumaksana dinten Selasa (27/5/2025) wonten ing Kantor Kementerian Agama, Jakarta.
Kanthi dipun tetepaken awal wulan Dzulhijah, pramila Hari Raya Idul Adha 1446 H/ 2025 M ingkang dhawah ing tanggal 10 Dzulhijah, badhe dipun pengeti wonten ing tanggal 6 Juni 2025.
Menteri Agama ugi dhawuh supados ngajak sedaya umat Islam supados mapag kanthi sesarengan kanthi ngathahaken pangibadahan, ngguyubaken pasedherekan sarta samekta mangayubagya hari raya Idul Adha.
Kanthi makaten wonten ing kalodhangan punika sumangga kita kathah ngemut-emut saha kesaenan ingkang sampun dipun paringaken dening Allah kanthi tadabur Al Qur’an Surat Al Kautsar ayat 1-3
اِنَّآ اَعْطَيْنٰكَ الْكَوْثَرَۗ فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ اِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْاَبْتَرُ ࣖ
Artosipun : “Satuhune Ingsun wus paring marang sira nikmat kang akeh. Mangka jejegna shalat karana Pangeranira; lan qurbana. Satuhune wong-wong kang sengit marang sira dheweke kang kapedhotan” (QS. Al Kautsar: 1-3).
Jama’ah Shalat Jumat Rohimakumullah
Surat Al-Kautsar punika surat ingkang cekak, ananging anggadhahi makna ingkang agung sanget. Miturut Tafsir Ibnu Katsir gegayutan kaliyan surat punika :
“Satuhune Ingsun wus peparing marang sira kabecikan kang akeh ing Donya lan akhirat. Mula iku , tulus ikhlasa sira ing ndalem nindakake shalat wajib lan sunahira sarta ing ndalem kurban mung karana Pangeranira.”
Al-Kautsar saget anggadhahi teges : (1) kesaenan ingkang kathah, (2) lepen Al-Kautsar, (3) haudh (tlaga) Al-Kautsar.
Saben-saben Allah nyebataken nikmatipun, kita mesthi dipun dhawuhi supados ngibadah dhumateng Allah. Awit ibadah punika pinangka wujud syukur kita dhumateng Allah.
Jama’ah Shalat Jumat Rohimakumullah
Syaikh Musthofa Al ‘Adawy matur , “Tiyang ingkang tasih wonten ing ndalem fitrah ingkang wilujeng, temtu rikalanipun pinaringan nikmat badhe dipun paring piwales kanthi syukur. Pramila paringipun kesaenan ingkang kathah punika dipun paring piwales kanthi:
فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ
jejegna shalat karana Pangeranira; lan qurbana.”
(Tafsir Juz ‘Amma, Musthofa Al ‘Adawi, hal. 293).
Ingkang dipun maksud: Mangka jejegna shalat karana Pangeranira; lan kurbana, inggih punika supados shalat kita katindakaken karana pados ridhanipun Allah lan ampun ngantos wonten niat ingkang sanesipun.
Semanten ugi sembelihan kurban ingkang ikhlas karana Allah. Ampun ngantos kados ingkang dipun lampahi dening tiyang-tiyang musyrik inggih punika sami sujud dhumateng sasanesipun Allah saha nindakaken kurban kanthi nyebat sasanesipun Allah.
Kepara kedahipun shalat namung karana Allah saha nindakaken mragat kurban nyebat asmanipun Allah. Kados ingkang sampun kawedhar wonten ing Firman Allah Ta’ala ,
قُلْ اِنَّ صَلَاتِيْ وَنُسُكِيْ وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِيْ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَۙ لَا شَرِيْكَ لَهٗ ۚوَبِذٰلِكَ اُمِرْتُ وَاَنَا۠ اَوَّلُ الْمُسْلِمِيْنَ
Artosipun: (162) Aturna (Nabi Muhammad), “Saestunipun salat kula, ibadah kula, gesang kula, saha pejah kula namung kagem Allah, Ingkang Mangerani sedaya alam. (163) Mboten wonten pepindhan tumrap panjenenganipun. Punika ingkang dipun dhawuhaken dhumateng kawula. Lan kawula ingkang kawitan ewonipun tiyang muslim.”
(Al-An’am/6:162-163)
Kurban piyambak menawi dipun maknani ingkang sakelangkung lebet inggih punika mugenipun manungsa kanthi pasrah sumarah dhumateng Allah Sang Pencipta. Kalebet ugi pasrah sumarah awit sedaya kawontenan musim kering ingkang sampun sawetawis punika.
Ayat terakhir,
اِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْاَبْتَرُ ࣖ
Artosipun: “Satuhune wong-wong kang sengit marang sira dheweke kang kapedhotan” (Al-Kausar/108:3)
Ingkang dipun maksud ayat punika inggih punika tiyang-tiyang ingkang sengit lan mengsahi Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam akhiripun ingkang kapedhotan lan mboten wonten malih sebatan (pujian) tumrap piyambakipun sasampunipun tilar. Ibnul Jauzi ngaturaken bilih ingkang dipun maksud ‘abtar’ inggih kapedhotan saking kesaenan (Zaadul Masiir, 9: 251).
Jama’ah Shalat Jumat Rohimakumullah
Surat punika ngendikanipun Syaikh Muhammad bin Sholih Al ‘Utsaimin isinipun nerangaken babagan nikmat ingkang dipun paringaken dening Allah dhumateng Rasulipun shallallahu ‘alaihi wa sallam, inggih punika panjenenganipun pinaringan nugraha kesaenan ingkang kathah.
Salajengipun wonten ing salebetipun ngemot suraos dhawuh nindakaken shalat saha qurban ugi ibadah sanesipun kanthi lelandhesan ikhlas karana Allah. Salajengipun dipun jelasaken bilih sinten ingkang sengit dhumateng Rasul shallallahu ‘alaihi wa sallam saha sengit setunggal kemawon ajaran saking ajaranipun, piyambakipun ingkang samangkih badhe kapedhotan inggih punika mboten pikantuk kesaenan lan barokah (Tafsir Juz ‘Amma, 281).
Mugi kita sedaya kalebet hamba Allah ingkang tansah bersyukur awit sedaya peparingipun, sae bingah utawi susah, sae gampil utawi rumpil, sae wonten ing mangsa jawah utawi wonten mangsa garing. Awit sesarengan punika, Allah paring nugraha ingkang sakelangkung kathah. Lan insya Allah kanthi kesyukuran punika, nikmat badhe dipun tikelaken dening Allah. Aamin yaa Robbal’aalamiin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ، وَلاَ حَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ إِلاَّ بِاللهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِه وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. مَعَاشِرَ الْمُسْلِمِيْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ … أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍّ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ فِي الْعَالَمِيْنَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ
اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى. اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الثَّبَاتَ فِي اْلأُمُوْرِ، وَنَسْأَلُكَ عَزِيْمَةَ الرُّشْدِ، وَنَسْأَلُكَ شُكْرَ نِعْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِي اْلأُمُوْرِكُلَّهَا وَأَجِرْنَا مِنْ خِزْيِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ اْلآخِرَةِ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ



Leave a Reply