“DAKWAH ISLAM KANTHI ARIF LAN WICAKSANA”
Ustadz Fairuz
Khutbah I
ٱلْـحَمْدُ لِلّٰهِ ٱلَّذِي خَلَقَ الْإِنْسَانَ فِي أَحْسَنِ تَقْوِيمٍ،
أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ مَالِكُ الْحَقِّ الْمُبِينِ،
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ أَرْسَلَهُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ،
وَصَلَّى اللّٰهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِينَ.
أَمَّا بَعْدُ.
فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ! ٱتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ:
أَعُوذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ.
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيمِ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنَّا خَلَقْنَاكُم مِّن ذَكَرٍ وَأُنثَى وَجَعَلْنَاكُمْ شُعُوبًا وَقَبَائِلَ لِتَعَارَفُوا ۚ إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِندَ اللّٰهِ أَتْقَاكُمْ ۚ إِنَّ اللّٰهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ
وَقَالَ تَعَالَى أَيْضًا:
ٱدْعُ إِلَىٰ سَبِيلِ رَبِّكَ بِٱلْحِكْمَةِ وَٱلْمَوْعِظَةِ ٱلْحَسَنَةِ وَجَادِلْهُم بِٱلَّتِي هِيَ أَحْسَنُ ۚ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعْلَمُ بِمَن ضَلَّ عَن سَبِيلِهِ وَهُوَ أَعْلَمُ بِٱلْمُهْتَدِينَ
صَدَقَ اللّٰهُ الْعَظِيمُ
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Sakathahing puji syukur kita aturaken dhumateng Allah, Rabb lan sesembahanipun sedaya alam, ingkang sampun maringi nikmat-nikmatipun, rezeki, saha ganjaranipun ingkang tanpa upami lan boten enten pedhotipun salaminipun zaman. Dhumateng sedaya makhlukipun, kalebet kesehatan saha kasempatan, supados ing wekdal menika kita saged makempal wonten ing papan ingkang mulya menika, kagem nindakaken kawajiban salat Jum’at.
Mugi shalawat lan salam tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, ingkang amargi jasa-jasa saha perjuanganipun, pepadhang agami Islam saged tumedhak dumugi kita sedaya. Kanthi pepadhang Islam menika, kita saged kabebasaken saking kawontenan jahiliyah. Mugi shalawat saha salam ugi tansah kaparingaken dhumateng kulawarga, para sahabatipun, saha para tiyang ingkang nderek ajaranipun dumugi akhir zaman.
Ing kesempatan menika, kawula boten kesupen masiataken dhumateng pribadhi kawula piyambak saha dhumateng panjenengan sedaya, mangga kita sami ngiyataken iman lan takwa kita, amargi iman saha takwa punika sangu ingkang paling sae kagem ngadepi gesang ing akhirat benjing.
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Miturut salah satunggaling ayat al-Qur’an, maneka-warnining bangsa lan kabudayan ing donya menika sampun dados sunnatullah. Lan Allah subhanahu wa ta’ala maringi dhawuh dhumateng kita sedaya supados sami pinarak, sami tepang pitepangan setunggal kaliyan setunggalipun, mboten kagem sami nyalahaken. Ajaran Islam paring piwulang supados kita tansah sami ta’aruf, silaturrahim, supados saged ndhatengaken tentrem lan berkah.
Islam punika agami ingkang tebih saking sempit, malah Islam punika agami ingkang kebak katrangan lan kabuka dhumateng tradisi lokal. Tegesipun, ing pundi kemawon lan nalika kapan kemawon, Islam tansah saged nyelarasaken kaliyan tradisi ingkang sampun wonten.
Islam nyumurupi bilih antawisipun satunggaling bangsa kaliyan bangsa sanesipun boten sami. Mliginipun antawisipun satunggaling pulo kaliyan pulo sanes ugi benten. Mekaten salajengipun. Kamaneka-warni punika sampun dados sunnatullah.
Amargi sampun sadhar bilih kamaneka-warni punika boten saged dipun singkiri, mila ajaran Islam saged nyelarasaken dhiri. Nanging mesthi kedah tetep cecepengan kanthi teguh dhateng prinsip-prinsip ajaran Islam ingkang sampun wonten.
Kados pundi caranipun Islam punika tansah saged dipun aturaken kanthi cara ingkang lembah manah, ramah, saha boten ngganggu budaya lokal ingkang sampun ngrembaka wonten ing tengahing masyarakat.
Allah subhanahu wa ta’ala paring firman
ٱدْعُ إِلَىٰ سَبِيلِ رَبِّكَ بِٱلْحِكْمَةِ وَٱلْمَوْعِظَةِ ٱلْحَسَنَةِ وَجَادِلْهُم بِٱلَّتِي هِيَ أَحْسَنُ ۚ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعْلَمُ بِمَن ضَلَّ عَن سَبِيلِهِ وَهُوَ أَعْلَمُ بِٱلْمُهْتَدِينَ
“Ajaken wong-wong menyang dalane Gustimu nganggo kawicaksanan lan piwulang kang apik, lan bantahen nganggo cara kang becik. Satemene Gustimu iku kang luwih pirsa sapa kang kesasar saka dalane, lan Panjenengané uga luwih pirsa sapa kang entuk pituduh.” (QS. An-Nahl/16: 125)
Imam Ibnu Katsir wonten ing tafsiripun njlentrehaken, maksudipun “bantahen kanthi cara kang becik” punika, bilih nalika kita ngaturaken kautamen lan kesaenan dhumateng tiyang ingkang mbetahaken supados dipunaturaken kanthi cara ingkang sae lan alon, aris , saha lembah manah.
Menawi kita nyinaoni penafsiranipun Ibnu Katsir menika, saged kita pendhet wosipun, bilih nalika ngaturaken ajaran Islam ing tengahing masyarakat ingkang sampun kandel kaliyan budayane piyambak, ajaran Islam tetep kedah dipunaturaken kanthi cara ingkang santun saha ngajeni. Ampun ngantos cara ngaturaken ajaran Islam menika malah ngrisak budaya ingkang sampun ngrembaka lan nyebabaken ajaran Islam dados angel dipunt ampi.
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Salah satunggaling tuladha inggih menika babagan siyam ‘Asyura. Sakderengipun agami Islam rawuh, siyam ‘Asyura punika sampun dipun lampahi dening kaum Yahudi minangka tandha raos syukur amargi kemenanganipun Nabi Musa ‘alaihissalam nalika saged kabebasaken saking kejaranipun Fir’aun.
Salajengipun, Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam nglajengaken utawi nampi lampah siyam menika. Wonten ing satunggaling hadits dipun jlentrehaken
عَنْ ابْنِ عَبَّاسٍ رَضِيَ اللّٰهُ عَنْهُمَا قَالَ
قَدِمَ النَّبِيُّ صَلَّى اللّٰهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ الْمَدِينَةَ، فَوَجَدَ الْيَهُودَ يَصُومُونَ يَوْمَ عَاشُورَاءَ، فَقَالَ:
«مَا هَذَا؟»
قَالُوا: «هَذَا يَوْمٌ صَالِحٌ، هَذَا يَوْمٌ نَجَّى اللّٰهُ فِيهِ بَنِي إِسْرَائِيلَ مِنْ عَدُوِّهِمْ، فَصَامَهُ مُوسَى.»
فَقَالَ: «أَنَا أَحَقُّ بِمُوسَى مِنْكُمْ.»
فَصَامَهُ، وَأَمَرَ بِصِيَامِهِ.
Saking Ibnu Abbas radhiyallahu ‘anhuma, piyambakipun ngendika:
“Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam rawuh wonten ing kutha Madinah, lajeng piyambakipun nyumurupi tiyang-tiyang Yahudi nindakaken siyam ‘Asyura. Nabi lajeng maringi pitaken dhumateng para Yahudi menika babagan siyam ingkang dipunlampahi, lajeng para Yahudi sami mangsuli:
‘Dinten menika punika dinten ingkang Allah subhanahu wa ta’ala maringi kamenangan dhumateng Nabi Musa ‘alaihissalam saha Bani Israil nglawan Fir’aun. Mila kita sami siyam minangka pangurmatan dhumateng Nabi Musa.’
Lajeng Nabi shallallahu‘alaihi wasallam ngendika:
‘Kita (umat Islam) punika langkung utami anggenipun ngurmati Nabi Musa tinimbang panjenengan sedaya.’
Salajengipun Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam maringi dhawuh dhumateng umat Islam supados sami nindakaken siyam ing dinten ‘Asyura.”
(Hadits Riwayat Muslim)
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Wonten ing dakwahipun para Walisanga, kathah ingkang migunakaken pendekatan budaya. Saestu, agami lan budaya punika kalih perkawis ingkang benten.
Agami punika asalipun saking wahyu, dene budaya punika asiling karsa lan cipta manungsa. Nanging, supados agami saged langkung dipun tampi dening masyarakat setempat, dipun perlokaken pendekatan budaya.
Tuladhaipun inggih punika dakwah ingkang dipun lampahi dening Sunan Kalijaga kanthi wayang minangka piranti kangge ngaturaken ajaran agami Islam.
Wonten saben pagelaran wayangipun, Sunan Kalijaga tansah nyelipaken piwulang-piwulang Islam saha dzikir-dzikir. Malah, lumantar pagelaran wayang menika, piyambakipun saged nuntun masyarakat kangge ngucapaken kalimat syahadat.
Kados pundi ingkang dipun lampahi Sunan Kudus ugi mboten tebih saking punika. Nalika dinten Idul Adha, piyambakipun maringi dhawuh dhumateng umat supados nyembelih kebo minangka wujud ngajeni budaya lokal, lan boten nyembelih sapi amargi sapi punika kewan ingkang dipun sucekaken dening umat Hindu. Tradisi nyembelih kebo nalika Idul Adha punika taksih lumampah dumugi sapunika wonten ing kitha Kudus.
Tradisi sedekah ingkang wonten samangke, kados Rejepan, Auman, Saparan, lan sapiturutipun, saged dados warisan para wali kangge maringi piwulang ilmu syukur, ilmu berbagi rezeki, utawi ilmu sedekah dhumateng umat ing jaman punika, supados kedah kalis saking bala’ lan saged ndhatengaken rezeki ingkang kathah.
Kados ingkang sampun kapacak wonten ing hadis ingkang kariwayataken Imam al-Baihaqi:
ٱلصَّدَقَةُ تُغْلِقُ سَبْعِينَ بَابًا مِّنَ ٱلشَّرِّ
“Sedekah bisa nutup 70 (pitung puluh) korining piawon.” (H. R. Thabrani)
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Dumugi dinten menika kita taksih saged ngraosaken berkah saking pendekatan budaya wonten dakwahipun para Walisongo ing bumi Nusantara, mliginipun ing tanah Jawa, ingkang ndadosaken agami Islam dados agami mayoritas tanpa kedah ngginakaken cara-cara kasar utawi kekerasan.
Ananging, ing antawisipun rame-rame upiya nglestarekaken budaya menika, ampun ngantos kita kesandhung utawi kaserang dening perkawis-perkawis ingkang malah saged ngrusak nilai-nilai luhur budaya punika.
Ing jaman menika, kathah para mudha ingkang mlebet ing lingkaran narkoba, ngunjuk-unjukan minuman keras, tawuran, saha pergaulan bebas.
Mila sampun sepantasipun kita (para tiyang sepuh, kulawarga, pamarentah, lan para ulama) sesarengan ngemutaken lan ngarahaken para mudha supados tansah nindakaken perkawis ingkang positif saha nyiptakaken lingkungan ingkang positif lan kondusif.
Amargi ajaranipun para wali punika sumberipun saking ajaranipun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam ingkang ngluhuraken kapitadosan (akidah) saha nglempakaken tumindak sae (akhlaqul karimah).
Mugi Allah Subhanahu wa ta’ala paring ridha dhumateng kita sedaya, dados abdipun ingkang tansah wicaksana ing saben lampah, saha saged mbentuk pribadhi ingkang shalih kagem pribadhi utawi shalih sosial wonten ing masyarakat.
بَارَكَ اللّٰهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ
أَقُوْلُ قَوْلِي هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللّٰهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِينَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
ٱلْـحَمْدُ لِلّٰهِ ٱلَّذِي هَدَانَا لِهٰذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ.
إِنَّ عِدَّةَ ٱلشُّهُورِ عِندَ اللّٰهِ ٱثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ ٱلسَّمَاوَاتِ وَٱلْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۚ ذَٰلِكَ ٱلدِّينُ ٱلْقَيِّمُ
قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي ٱلْقُرْآنِ ٱلْعَظِيمِ:
أَعُوذُ بِاللّٰهِ مِنَ ٱلشَّيْطَانِ ٱلرَّجِيمِ.
بِسْمِ اللّٰهِ ٱلرَّحْمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ.
إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى ٱلنَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا ٱلَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.
ٱللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَىٰ مُحَمَّدٍ وَعَلَىٰ آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَىٰ إِبْرَاهِيمَ وَعَلَىٰ آلِ إِبْرَاهِيمَ، إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
وَبَارِكْ عَلَىٰ مُحَمَّدٍ وَعَلَىٰ آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَىٰ إِبْرَاهِيمَ وَعَلَىٰ آلِ إِبْرَاهِيمَ، إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
ٱللّٰهُمَّ ٱغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَٱلْمُسْلِمَاتِ، وَٱلْمُؤْمِنِينَ وَٱلْمُؤْمِنَاتِ، ٱلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَٱلْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ ٱلدَّعَوَاتِ، وَيَا قَاضِيَ ٱلْحَاجَاتِ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ ٱلْخَاسِرِينَ.
رَبَّنَا ٱغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا ٱلَّذِينَ سَبَقُونَا بِٱلْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.
ٱللّٰهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ سَلَامَةً فِي ٱلدِّينِ، وَعَافِيَةً فِي ٱلْجَسَدِ، وَزِيَادَةً فِي ٱلْعِلْمِ، وَبَرَكَةً فِي ٱلرِّزْقِ، وَتَوْبَةً قَبْلَ ٱلْمَوْتِ، وَرَحْمَةً عِندَ ٱلْمَوْتِ، وَمَغْفِرَةً بَعْدَ ٱلْمَوْتِ.
ٱللّٰهُمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِي سَكَرَاتِ ٱلْمَوْتِ، وَٱلنَّجَاةَ مِنَ ٱلنَّارِ، وَٱلْعَفْوَ عِندَ ٱلْحِسَابِ.
رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنكَ رَحْمَةً ۚ إِنَّكَ أَنتَ ٱلْوَهَّابُ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي ٱلدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي ٱلْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ ٱلنَّارِ.
وَٱلْـحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ ٱلْعَالَمِينَ.



Leave a Reply