AMPUN NGLAMPAHI CIDRA
Prananto, ST., M. AP
Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا وَرَسُوْلِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى ا للهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَتَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا ، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
أَمَّا بَعْدُ
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Mangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Allah Subḥānahu wa Ta‘ālā, awit saking pitedah, nikmat, saha kanugrahanipun ingkang tanpa watès. Kados firmanipun Allah Ta‘ālā wonten ing Al-Qur’an:
وَاِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ لَا تُحْصُوْهَاۗ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَظَلُوْمٌ كَفَّارٌ ࣖ
“Menawa sira ngitung nikmaté Allah, mesthi sira ora bakal bisa nemu watese. Saktenané manungsa kuwi pancèn banget dzalim lan banget kufur.”
Shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Nabi kita Muhammad Shallallāhu ‘alaihi wa sallam, dhumateng kulawarganipun, para sahabatipun, para tābi‘in, tābi‘ut tābi‘in, saha sapanunggalanipun ingkang sami nderek sunah-sunahipun, dumugi akhir zaman.
Kula ngajak dhumateng kula pribadi saha dhumateng para jamaah sedaya sumangga sesarengan kita tansah ngupadi nambah rasa iman lan takwa dhumateng Allah Subḥānahu wa Ta‘ālā.
Amargi iman saha takwa punika inggih minangka sangu ingkang paling utama kagem sowan dhumateng Allah Ta‘ālā. Sanes bandha donya ingkang tansah kita kempalaken. Sanes griya mewah ingkang kita bangun. Sanes kendaraan ingkang kita gadhahi. Sanes ugi kadonyan ingkang kita upadi saben dinten… sanès punika sedaya.
Sangu sejati kita inggih punika iman lan takwa dhumateng Allah Ta‘ālā.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Sawetawis dinten kepengker, media sosial rame dipun ramekaken pawartos ingkang viral, gegayutan kaliyan salah satunggaling ASN ingkang tumindak karaoke wonten ing lingkungan Puskesmas nalika wekdal kerja. Ugi wonten pawartos sanèsipun, bab ASN ingkang sami sekeca lenggah wonten ing warung dhahar nalika wekdal kerja.
Punika kalebet pawartos ingkang maringi gambaran tumindak ingkang mboten selaras kaliyan tugasipun Aparatur Sipil Negara, ingkang sakmesthinipun nambah disiplin salebetipun nglampahi tugas, utaminipun wonten ing bab pengabdian saha pelayanan dhumateng masyarakat.
Sanesipun punika, ketawis menawi sekedhik sanget raos empati lan rasa peduli, mliginipun ing satengahing kawontenan masyarakat ingkang kathah ingkang ngraosaken kasangsaran ekonomi, katingal saking kathahipun PHK lan pengangguran.
Sanesipun ugi kita asring mireng pegawé ingkang nyuwun penghasilan ingkang layak, nanging ing sisih sanès, sasampunipun hak punika kaparingi, mboten dipun sarengi kaliyan usaha nglampahi kawajibanipun.
Saestunipun tumindak kados makaten punika kalebet kalepatan ageng, kalebet bentuk kacidran ingkang cetha, kados pundi cidranipun satunggaling padagang ingkang nginggilaken bathi kanthi nyuda takeran utawi timbangan.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah SWT sampun ngemutaken tumindak cidra ing salebetipun Al Qur’an Surat Al Muthafifin ayat 1-6
وَيْلٌ لِّلْمُطَفِّفِيْنَۙ الَّذِيْنَ اِذَا اكْتَالُوْا عَلَى النَّاسِ يَسْتَوْفُوْنَۖ وَاِذَا كَالُوْهُمْ اَوْ وَّزَنُوْهُمْ يُخْسِرُوْنَۗ اَلَا يَظُنُّ اُولٰۤىِٕكَ اَنَّهُمْ مَّبْعُوْثُوْنَۙ لِيَوْمٍ عَظِيْمٍۙ يَّوْمَ يَقُوْمُ النَّاسُ لِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَۗ
Artosipun :
“Cilaka wong-wong kang padha cidra (sajroning naker lan nimbang) !
(Dheweke iku) wong-wong kang menawa namapa takeran saka wong liya, dheweke njaluk dikebaki. (Sawalike,) menawa dheweke naker utawa nimbang kanggo wong liya, dheweke nyuda. Apa dheweke duwe pangira (menawa) satemene dheweke bakal den uripake. Ana ing Sawijining dina kang Agung (Kiamat), (yaiku) dina (rikalane) manungsa ngadhep marang Pangeran kang nguwasani sakabehing alam? “
Punika punapa mawon ilmu, faedah, lan piwulang ingkang saged dipun pendhet saking ayat-ayat ing nginggil punika?
- Wonten Ancaman ingkang awrat tumrap tumindak cira lan khianat.
Surah Al-Muṭaffifīn dipunwiwiti kaliyan tembung “al-wail”, ingkang maknanipun bilai ageng utawi kacilakan. Punika minangka tetenger yèn wonten ancaman ageng lan siksa ingkang nggegirisi tumrap tiyang-tiyang ingkang tumindak cidra.
Wonten ing ayat kapisan, Allah nyela tindak cidra lan khianat salebetipun urusan timbangan utawi takeran. Awit punika kalebet tindak ingkang mungkar, lan kalebet dosa ageng. Awit wonten unsur nedhi bandha tiyang sanès kanthi cara ingkang mboten sah, sinaosa namung sekedhik.
Tiyang ingkang saged nyakiti nurani kanthi cara cidra kanthi milik opah ingkang sekedhik, punika nedahaken risaking manah lan awonipun budi pekerti. Menawi perkawis alit kémawon sampun cidra, langkung malih menawi wonten kasempatan ngrebat perkawis ageng, mesthi mboten wonten ingkang saged nyegah.
- Kecidran Mboten Namung Wonten Timbangan, Nanging Uga Ing Sadaya Perkawis
Kacidran punika mboten namung dumados wonten takeran lan timbangan, nanging saged dumados ing perkawis sanèsipun. Tuladhanipun, tiyang ingkang nyambut damel dhateng tiyang sanès, punika mesthi nyuwun lan ngajeng-ajeng damelan ingkang sae. Nanging, menawi piyambakipun dados buruh, lajeng mboten dipun awasi, piyambakipun malah mboten makarya kanthi semesthinipun.
Punapa malih tiyang ingkang nyepeng kekuasaan, lajeng pendhet bandha tiyang sanès tanpa ukuran lan timbangan, utawi ngrebut usaha tiyang sanès kanthi dalih perintah atasan, utawi ngginakaken cara culingka. Tiyang-tiyang kados makaten kalebet tiyang ingkang nyelaki kasangsaran ing tembenipun, sinaosa ucapipun ngakeni iman lan ketaatan.
- Awisan Cidra Mboten Namung Fisik, Nanging Uga Maknawi
Surah Al-Muṭaffifīn ugi ngemot larangan nglampahi tindak cidra mboten namung ing perkawis fisik (kados takeran lan timbangan), nanging ugi ing makna utawi jiwa.
Asring kita nyumurupi tiyang ingkang ngandharaken dakwah, maringi wejangan, nanging piyambakipun mboten jujur dhumateng awakipun piyambak, mboten nampi nasihat, lan malah mblenjani dhateng tiyang ingkang ngajeng-ajeng kebenaran.
Piyambakipun saged mirsani rereget wonten ing tiyang sanes, nanging mboten kersa nyumurupi dhateng dhiri pribadinipun.
- Agenging Dosa Cidra
Ibnu Umar radiyallāhu ‘anhumā nate maringi piwulang dhumateng satunggaling padagang:
“Wediya marang Allah lan sempurnakna takeran. Awit saking tiyang ingkang cidra, besuk wonten ing dinten Qiyamat, badhe dipun wadhahi ing ngarsanipun Ar-Raḥmān dumugi kringetipun nglangkahi atine.”
Punapa malih, surah punika ugi maringi piwulang yèn kita kedah ngimanani kebangkitan, dinten Qiyamat, saha tanggung jawab ngadhepi Allah Ta‘ālā. Iman punika dados sebab utamaning takwa, raos dipunawasi, lan tumindak adil.
- Ampun Nganggep Remeh Kesaenan lan Piawon sinaosa Sekedhik
Tindak cidra asring dipun anggep biasa lan alit déning ingkang nglampahi. Nanging hikmahipun, kita dipun wucal supados mboten ngremehaken kesaenan lan kalepatan sinaosa namung sabobotipun wiji sawi. Awit saking punika, samubarang sekedhik saged ndadosaken dosaning tiyang, utawi kaluberan ganjaranipun tiyang.
Mugi piwulang-piwulang saking surah Al-Muṭaffifīn punika saged ndadosaken pangeling-eling dhumateng kita sedaya, supados tansah jujur, adil, lan ngugemi raos ajrih dhumateng Allah Ta‘ālā, saha mbangun kesaenan ing saben perkawis gesang.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Hak sesami abdipun Gusti punika kagungan drajat ingkang luhur wonten ing ngarsanipun Rabb inkang rumeksa sedaya alam. Pramila sumangga kita sami nyingkiri lampah cidra, sami waspada awit saking nedhi bandha tiyang sanès kanthi cara ingkang boten sahlan tansah emut dhateng akhirat saha timbangan kaadilan ing dinten Qiyamat ingkang badhé dumugi.
Mugi-mugi Allah Subḥānahu wa Ta‘ālā maringi kekiyatan dhateng kita sedaya, supados saged tumindak adil lan nebihi sedaya lampah cidra, kanthi mawerni-werninipun
Āmīn Yā Rabbal ‘Ālamīn
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ بِاْلُقْرءَانِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ ِبمَا ِفيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهٗ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.
اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ
إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ



Leave a Reply