MERDIKA MITURUT AL-QUR’AN LAN HADITS
Ustadz Sumedi, S.Pd., MA
Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا وَرَسُوْلِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى ا للهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَتَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا ، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
أَمَّا بَعْدُ
Kaum Muslimin Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Wonten ing wekdal kalodhangan punika sumangga kita sesarengan tansah ngaturaken puja saha puji syukur wonten ing ngarsa dalem Allah Subhanahu wata’ala, Pangeran ingkang Maha Minulya ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan dhumateng kita sedaya sahingga wonten wekdal punika kita saget nindakaken pangibadahan dhumateng Allah subhanahu wata’ala.
Shalawat miwah salam mugi katetepaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad Shallallahu ‘alaihi wasallam. Mugi kita sedaya pikantuk syafa’atipun wonten ing dinten akhir samangkih.
Saking mimbar punika, khatib caos wasiat dhumateng kawula pribadi ugi jamaah sedayanipun sumangga tansah ngupiya ningkataken iman saha takwa dhumateng Allah Sbhanahu wata’ala kanthi nindakaken sedaya dhawuh-dhawuhipun saha nebihi sedaya ingkang dipun haramaken.
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Sekedhap malih kita bangsa Indonesia badhe mengeti kamardikan ingkang kaping 80. Ateges negari kita sampun merdika ingkang dangunipun 80 tahun.
Menawi kita ngrembag “merdika” miturut Al-Qur’an saha hadits, suraosipun saestu langkung lebet tinimbang namung bebas saking penjajahan fisik utawi politik.
Wonten ing pandangan Islam, kamardikan sejati punika bebas saking penghambaan dhumateng sanesipun Allah kados ta hawa nafsu, manungsa sanès, tradhisi ingkang nyasaraken, utawi sistem ingkang dzalim lan namung sumarah dhumateng Allah piyambak.
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Makna Kamardikan Miturut Al-Qur’an :
- Bebas saking penghambaan dhumateng sanesipun Allah
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ
“Lan Ingsun ora nyipta jin lan manungsa kejaba kanggo nyembah marang Ingsun.” (QS. Adz-Dzariyat: 56)
Kamardikan ing mriki tegesipun mboten dados abdi donya, banda, utawi panguwasa, nanging dados abdi Allah. Sinten kemawon ingkang nyembah sanesipun Allah, tegesipun taksih “terjajah” sacara rohani.
Ayat punika negesaken bilih tujuan gesang manungsa punika namung ngladosi Allah, sanes ngladosi donya utawi sesami. Tiyang ingkang namung sumarah dhumateng Allah badhe tetep rumaos merdika sanadyan badanipun wonten ing pangayoman pakunjaran, amargi jiwanipun bebas.
- Bebas saking belenggu kedzaliman lan sistem batil
… وَيَضَعُ عَنْهُمْ اِصْرَهُمْ وَالْاَغْلٰلَ الَّتِيْ كَانَتْ عَلَيْهِمْۗ …
“Lan Panjenengane (Rasul) ngilangi beban lan belenggu-belenggu kang ana ing awake dhewe.” (QS. Al-A’raf: 157)
Saderengipun rawuhipun Islam, kathah umat kaiket hukum adat ingkang awrat, kapitadosan sesat, lan sistem sosial ingkang nganiaya.
Rasulullah ﷺ mbebasaken manungsa saking belenggu punika kanthi syariat adil lan kebak rahmat. Kamardikan punika sanes namung politik, nanging ugi kabebasan akal, ati, lan lampah saking sistem dzalim.
- Kabebasan ngaturaken ingkang leres
وَلْتَكُن مِّنكُمْ أُمَّةٌ يَدْعُونَ إِلَى الْخَيْرِ…
“Lan kudu ana saka sira kabeh sawijining golongan kang ngajak marang kabecikan…” (QS. Ali Imran: 104)
Islam maringi hak umat supados bebas nyebaraken lan ajak-ajak dhumateng kaleresan saha nyegah ingkang mboten leres (amar ma’ruf nahi munkar).
Rakyat lan panguwaos sami-sami gadhah kewajiban ngemutaken bilih wonten panyimpangan. Menawi masyarakat sampun mboten bebas ngandharaken bebener, punika tandha bilih salah satunggaling wujud kamardikan sampun kasirnakaken.
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Makna Kamardikan Miturut Hadits:
- Bebas saking perbudakan hawa nafsu
رَسُولُ اللَّهِ ﷺ: تَعِسَ عَبْدُ الدِّينَارِ وَالدِّرْهَمِ…
“Sial tiyang ingkang dadi abdine dinar lan dirham…” (HR. Bukhari)
Perbudakan mboten mesthi kanthi rante lan borgol. Wonten tiyang ingkang kajajah amargi tresna bandha, saben tindak-tandukipun dipun kendhaleni dening arta. Kamardikan sejati punika nalika bandha dados piranti, mboten dados tujuan.
- Kamardikan punika resikipun manah
لَيْسَ الشَّدِيدُ بِالصُّرَعَةِ، إِنَّمَا الشَّدِيدُ الَّذِي يَمْلِكُ نَفْسَهُ عِنْدَ الْغَضَبِ
“Tiyang kuwat iku dudu kang menang gelut, nanging kang bisa nahan awake nalika nesu.” (HR. Bukhari & Muslim)
Islam nganggep kamardikan batin langkung aji tinimbang kabebasan fisik. tiyang ingkang dipun kuaosi amarah, dendam, utawi syahwat, sinaosa wonten ing nagari merdika, sejatosipun kapenjara ing awakipun piyambak.
- Kunci kamardikan punika takwa
Rasulullah ﷺ nate paring nasehat dhumateng Ibnu Abbas:
احْفَظِ اللَّهَ يَحْفَظْكَ
“Jaganen dhawuhe Allah, mesthi Allah bakal njaga awakira…”
(HR. Tirmidzi)
Tiyang ingkang takwa mboten ajrih dhumateng manungsa, ancaman, utawi tekanan, amargi manahipun yakin bilih sedaya perkawis wonten ing panguwasanipun Allah.
Makaten andharan saking kamardiakan miturut Al Quran lan Hadits, wondene ringkesipun utawi Intisari Kamardikan Sejati Miturut Islam punika
- Bebas saking syirik saha namung sumarah dhumateng Allah,
- Bebas saking hawa nafsu lan saget nguwasani diri, mboten dipun kuasai pamrih,
- Bebas saking ketidak adilan saha njejegaken bebener lan keadilan,
- Bebas nindakaken kesaenan mboten damel risak,
- Bebas kanthi ilmu mboten kaiket kebodohan lan hoaks.
Jamaah Shalat Jumat Ingkang Bagya Mulya
mekaten khutbah ingkang saget kawula aturaken kanthi pangajab saget dados pitutur ingkang manfaat saha nasehat ingkang minulya tumrap khatib pribadi saha jamaah sedayanipun.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah II
الْحَمْدُ الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا ، وأَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه.
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ أَمَّا بَعْدُ؛
فَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى : وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ.
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخَوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُواْ رَبَّنَا إِنَّكّ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَأَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَـنَا وَتَرْحَمْنَا لَـنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ
رَبَّنَا هَبْ لَـنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَاما
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة



Leave a Reply