NGATHAH-ATHAHAKEN AMAL ING WULAN SYA’BAN
KAGEM MANGAYUBAGYA WULAN RAMADHAN
Ibnu Sudjono
Khutbah I
إنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا.
مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأََرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
أَمَّا بَعْدُ:
قال الله تعالى: اعوذبالله من الشيطان الرجيم
يُّؤْتِى الْحِكْمَةَ مَنْ يَّشَاۤءُ ۚ وَمَنْ يُّؤْتَ الْحِكْمَةَ فَقَدْ اُوْتِيَ خَيْرًا كَثِيْرًا ۗ وَمَا يَذَّكَّرُ اِلَّآ اُولُوا الْاَلْبَابِ
Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,
Sedaya puji lan syukur sumangga kita aturaken wonten ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, ingkang sampun paring nikmat ingkang jembaripun tanpa winates dhumateng kita sedaya, utaminipun nikmat Iman, Islam, keamanan, kesehatan, lan kacekapan rizki sahingga kita saget rawuh wonten masjid punika kagem nindakaken shalat jumat,kanti gampil, aman saha nyaman.
Shalawat saha salam, mugi tansah konjuk dhumateng Nabi ing minulya, pemimpin para nabi lan rasul, inggih kanjeng Nabi Muhammad ﷺ, keluarganipun , para sahabatipun saha kaum Muslimin ingkang midherek dhumateng sunnahipun kanthi kebaking mbangun miturut, keikhlasan lan kesabaran ngantos akhir zaman.
Kita wasiataken dhumateng diri kawula pribadi saha jamaah shalat Jumat sekalian, sumangga kita ngupiya kanthi saestu supados tansah takwa dhumateng Allah Ta’ala kanthi sedaya upiya ingkang kita gadhahi wonten sadengah wekdal saha sadengah panggenan.
Kanthi pangajab awit kanthi ketakwaan punika Allah Ta’ala kepareng nampi amal shaleh kita, nggampilaken urusan kita, maringi gegampil saha leluar awit sedaya ruwet renteng kita, sarta paring rezeki dhumateng kita saking arah ingkang mboten kinira kira.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Mboten karaos wekdal gilir gumantos kanthi cepet, wulan Rajab nembe mawon surut wekdal punika kita sampun lumebet wonten ing wulan Sya’ban, wulan kaping wolu miturut penenggalan hijriyah. Rikalanipun lumebet wulan Sya’ban ateges dhatengipun wulan Ramadhan kantun ngetang dinten. Pramila wulan Sya’ban nggadhahi gegayutan ingkang raket kaliyan wulan Rajab lan wulan Ramadhan. Kados ingkang dipun aturaken dening Abu Bakr Al-Balkhi rahimahullah :
شَهْرُ رَجَب شَهْرُ الزَّرْعِ، وَشَهْرُ شَعْبَانَ شَهْرُ سُقْيِ الزَّرْعِ، وَشَهْرُ رَمَضَانَ شَهْرُ حَصَادِ الزَّرْعِ.
“Wulan Rajab pinangka wulan nanem, wulan Sya’ban pinangka wulan nyirami taneman lan wulan Ramadhan pinangka wulan panen saking taneman.”
Piyambakipun ugi ngaturaken :
مَثَلُ شَهْرِ رَجَبٍ كَالرِّيْحِ، وَمَثُل شَعْبَانَ مَثَلُ الْغَيْمِ، وَمَثَلُ رَمَضَانَ مَثَلُ اْلمطَرِ، وَمَنْ لَمْ يَزْرَعْ وَيَغْرِسْ فِيْ رَجَبٍ، وَلَمْ يَسْقِ فِيْ شَعْبَانَ فَكَيْفَ يُرِيْدُ أَنْ يَحْصِدَ فِيْ رَمَضَانَ.
“Gegambaranipun wulan Rajab kados dene angin, wulan Sya’ban kados dene mega ingkang mbeta jawah lan wulan Ramadhan kados dene jawah. Sinten kemawon ingkang mboten nanem wonten ing wulan Rajab lan mboten nyirami ing wulan Sya’ban kados pundi piyambakipun anggenipun panen ing wulan Ramadhan.” (Lathaiful-Ma’arif libni Rajab Al-Hanbali hal. 130)
Pramila prayogi sanget menawi saben Muslim ngginakaken wulan Sya’ban kagem nyamektakaken diri kanthi sae saderengipun ngadhepi wulan Ramadhan, sahingga rikalanipun Ramadhan dumugi lahir saha batos sampun samekta lelumban ngudi pangapunten ampunan lan ganjaran ingkang matikel-tikel saking Allah SWT.
Awit bukti nyatanipun wonten kemawon tiyang ingkang sami biasa kemawon kepara sami lirwa anggenipun nyamekta-aken kagem mapag dhatengipun wulan Ramadhan. Piyambakipun nggadhahi panganggep bilih wulan Ramadhan sami mawon kaliyan wulan-wulan sanesipun. Pepuntonipun rikalanipun dumugi Ramadhan ingkang dipun lampahi namung kados padatan nindakaken rutinitas shaum saha ibadah sanes kanthi formalitas mawon tanpa nggatosaken mentesipun pangibadahan, dipun anggep sedaya namung formalitas mawon pinangka kuwajiban setunggalipun Muslim.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Wonten mapinten-pinten amalan ingkang biasa dipun tindakaken Rasulullah lan para as-salafush-shalih rikalanipun ing wulan Sya’ban. Amalan-amalan kasebat inggih punika:
- Ngathah-ngathahi siyam Sunnah
Wulan Sya’ban pinangka wulan Rasulullah ﷺ greget saha nyrempeng nindakaken siyam.
Imam An – Nasa’i sampun ngriwayataken saking hadits Usamah bin Zaid radhiyallahu ‘anhuma, piyambakipun matur , ”Duh Rasulullah! Kula mboten nyumerepi Paduka siyam setunggal wulan saking mapinten-pinten wulan kados dene Paduka siyam ing wulan Sya’ban.”
Rasulullah ﷺ paring sabda,
ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَانَ، وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ، فَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ عَمَلِي وَأَنَا صَائِمٌ
“Wulan iku yaiku wulan ing antarane wulan Rajab lan wulan Ramadhan kang manungsa pada lirwa ing iku. Ing wulan iku amalan diangkat marang Allah Rabbul ‘Alamin. Mangka ingsun remen amal ingsun diangkat rikalane ingsun nembe siyam.” [HR. Ahmad, An-Nasa’i dan Al-Baihaqi]
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngathah-ngathahi siyam wonten ing wulan Sya’ban mboten kados wulan-wulan sanesipun.
عَنْ عَائِشَةَ -رَضِيَ اللَّهُ عَنْهَا- قَالَتْ: كَانَ رَسُولُ اللهِ -صلى الله عليه وسلم- يَصُومُ حَتَّى نَقُولَ لاَ يُفْطِرُ وَيُفْطِرُ حَتَّى نَقُولَ لاَ يَصُومُ, فَمَا رَأَيْتُ رَسُولَ اللهِ -صلى الله عليه وسلم- اسْتَكْمَلَ صِيَامَ شَهْرٍ إِلاَّ رَمَضَانَ وَمَا رَأَيْتُهُ أَكْثَرَ صِيَامًا مِنْهُ فِي شَعْبَانَ.
Kariwayataken saking ‘Aisyah radhiallahu ‘anha bilih panjenenganipun matur, “Rikala semanten Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam siyam ngantos kita sami matur bilih kanjeng Nabi mboten buka, lajeng buka ngantos kita matur bilih kanjeng Nabi mboten siyam. Lan kula mboten nate nyumerepi Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam menyempurna-aken siyam ing ndalem setunggal wulan kejawi wulan Ramadhan. Lan kula mboten nate nyumerepi kanjeng Nabi siyam ingkang sakelangkung kathah tinimbang wulan Sya’ban.” (HR Al-Bukhari no. 1969 dan Muslim 1156/2721)
Makaten ugi garwanipun kanjeng Nabi Ummu Salamah radhiallahu ‘anha ngendika:
مَا رَأَيْتُ النَّبِيَّ -صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ- يَصُومُ شَهْرَيْنِ مُتَتَابِعَيْنِ إِلاَّ شَعْبَانَ وَرَمَضَانَ.
“Kula mboten nate manggihaken Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam siyam kalih wulan nggandhang kejawi wulan Sya’ban lan Ramadhan.” (HR An-Nasai no. 2175 lan At-Tirmidzi no. 736. Dipun-shahih-aken dening Syaikh Al-Albani wonten ing Shahih Sunan An-Nasai)
Punika nedahaken bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam siyam wonten ing wulan Sya’ban meh sedayanipun. Para ulama sami nyebataken bilih siyam wonten ing wulan Sya’ban sinaosa namumg siyam sunnah, ananging nggadhahi peran penting kagem nutupi kekirangan siyam wajib wonten ing wulan Ramadhan. Kados shalat fardhu, wonten shalat sunnah rawatib, inggih punika : qabliyah lan ba’diyah. Shalat-shalat kasebat saget nutupi kekirangan shalat fardhu ingkang katindakaken. Kados dene siyam Ramadhan, ugi wonten siyam sunnah wonten ing wulan Sya’ban lan siyam sunnah enem dinten wulan Syawwal. Priyantun ingkang ngawiti siyam wonten ing wulan Sya’ban insya Allah mboten badhe rumaos awrat rikalanipun ngadhepi wulan Ramadhan.
- Maos Al-Qur’an
Maos Al-Qur’an ingkang kathah saget dipun wiwiti saking awal wulan Sya’ban , sahingga rikalanipun ngadhepi wulan Ramadhan, setunggalipun muslim badhe saget nambah sakelangkung kathah anggenipun maos Al-Qur’an. Salamah bin Kuhail rahimahullah matur:
كَانَ يُقَالُ شَهْرُ شَعْبَانَ شَهْرُ الْقُرَّاءِ
“Kala semanten dipun aturaken bilih wulan Sya’ban punika wulan para qurra’ (Pamaos Al-Qur’an).”
Semanten ugi ingkang dipun tindakaken dening ‘Amr bin Qais rahimahullah menawi lumebet wulan Sya’ban piyambakipun nutup tokonipun lan ngosongaken diri kagem maos Al-Qur’an. (Lathaiful-Ma’arif libni Rajab Al-Hanbali hal. 138)
- Nebihi tumindak syirik saha memengsahan sesaminipun kaum muslimin
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam nyebatken bilih Allah subhanahu wa ta’ala badhe paring pangapunten tiyang-tiyang ingkang mboten tumindak syirik lan tiyang-tiyang ingkang mboten memengsahan kaliyan sedherek sesami agaminipun.
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda:
إِنَّ اللَّهَ لَيَطَّلِعُ فِي لَيْلَةِ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ, فَيَغْفِرُ لِجَمِيعِ خَلْقِهِ, إِلاَّ لِمُشْرِكٍ أَوْ مُشَاحِنٍ.
“Saestunipun Allah mijil wonten ing dalu pertengahan bulan Sya’ban lan paring ngapunten sedaya makhlukipun kejawi tiyang musyrik lan musyahin.” (HR Ibnu Majah no. 1390. Dipun-shahih-aken dening Syaikh Al-Albani ing ndalem Shahih Sunan Ibni Majah)
Musyahin inggih punika tiyang ingkang nggadhahi mengsah kaliyan sedherekipun adalah orang yang memiliki permusuhan dengan saudaranya. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam juga secara khusus tentang orang yang memiliki permusuhan dengan saudara seagamanya:
تُفْتَحُ أَبْوَابُ الْجَنَّةِ يَوْمَ الاِثْنَيْنِ وَيَوْمَ الْخَمِيسِ فَيُغْفَرُ لِكُلِّ عَبْدٍ لاَ يُشْرِكُ بِاللَّهِ شَيْئًا إِلاَّ رَجُلاً كَانَتْ بَيْنَهُ وَبَيْنَ أَخِيهِ شَحْنَاءُ فَيُقَالُ أَنْظِرُوا هَذَيْنِ حَتَّى يَصْطَلِحَا أَنْظِرُوا هَذَيْنِ حَتَّى يَصْطَلِحَا أَنْظِرُوا هَذَيْنِ حَتَّى يَصْطَلِحَا.
“Kori-korining swarga dibukak saben dina Senin lan Kemis lan bakal diapura sakabehing kawula kejaba wong-wong kang tumindak syirik marang Allah, uga wong kang memungsuhan antarane dheweke karo sedulure. Sabanjure didhawuhake, ‘’Sumenekake dhisik wong loro iki nganti saklorone padha wawuh. Sumenekake dhisik wong loro iki nganti saklorone padha wawuh Sumenekake dhisik wong loro iki nganti saklorone padha wawuh” (HR Muslim no. 2565/6544)
Pramila sampun samesthinipun kita nebihi sadengah kesyirikan sae ingkang alit punapa malih ingkang ageng , semanten ugi kita kedah nebihi sadengah memengsahan dhumateng sedherek-sedherek kita sesaminipun muslim.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Menawi kita remen dhumateng setunggalipun priyantun, Pramila wekdal piyambakipun rawuh wonten griya kita, temtu badhe kita papak kanthi manah ingkang remen lan ngupiya ngladosi kanthi sak sae-saenipun. Mboten mungkin kita badhe nglirwakaken saha nyepelekaken piyambakipun.
Menawi priyantun ingkang kita tresnani gadhah kathah kesaenan saha kautamen lan mboten nate sepindah kemawon damel karugen dhumateng kita kepara awis sanget pinanggih, Pramila sambutan kita temtu badhe monjo saha ngupiya mulyakaken ingkang sakelangkung sae.
Semanten ugi priyantun ingkang tresna dhumateng wulan Ramadhan. Rawuhipun sanget dipun antu-antu. Saha dhatengipun temtu badhe dipun disambut kanthi raos gumbira ingkang datan kinira.
Pramila sumangga kita kathah-kathahaken nindakaken amal kesaenan wonten ing wulan Sya’ban punika istingarah mapag tamu ingkang minulya inggih wulan Ramdhan, kanthi amalan kados ingkang dipun tuladha-aken dening Rasulullah SAW lan para salafus shalih, mugi-mugi Allah SWT kepareng nampi amal ibadah kita sedaya. Aamiin
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَ نَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ وَ ذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ
Khutbah II
اَلْحَمْدُلِلّهِ حَمْدًاكَثِيْرًاكَمَااَمَرَ. وَاَشْهَدُاَنْ لاَاِلهَ اِلاَّللهُ وَحْدَه لاَشَرِيْكَ لَهُ. اِرْغَامًالِمَنْ جَحَدَبِهِ وَكَفَرَ. وَاَشْهَدُاَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُاْلاِنْسِ وَالْبَشَرِ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَااتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَاُذُنٌ بِخَبَرٍ
اَمَّا بَعْدُ :
فَيَااَ يُّهَاالنَّاسُ !! اِتَّقُوااللهَ تَعَالىَ. وَذَرُوالْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَوَمَابَطَنْ. وَحَافِظُوْاعَلىَ الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ. وَاعْلَمُوْااَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَفِيْهِ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ.
فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاًعَلِيْمًا:
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْاتَسْلِيْمًا.
اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ اَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ. كَمَاصَلَّيْتَ عَلىَ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلىَ اَلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ. في ِالْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌمَجِيْدٌ اَللّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِالرَّاشِدِيْنَ سَيّدِنَا اَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ وَعَنْ سَائِرِاَصْحَابِ نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَتَابِعِى التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ
اَللّهُمَّ اغْفِرْلِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَاوَاهِبَ الْعَطِيَّاتِ.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ، اَللَّهُمَّ أَعِنْهُمْ عَلَى الْقِيَامِ بِمَهَامِهِمْ كَمَا أَمَرْتَهُمْ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ.
اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِ الْمُسْلِمِيْنَ فِيْ كُلِّ مَكَانٍ
رَبِّ اغْفِرْلِى وَلِوَالِدَيَّ وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانِى صَغِيْرًا
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ إِمَامًا
اَللّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّاالْغَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ. وَسُوْءَالْفِتَنِ مَاظَهَرَمِنْهَا وَمَابَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا هَذَاخَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِبَلاَدِالْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَااَتِنَافِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلاَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَالله اِنَّ اللهَ يَأْمُرُبِالْعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوااللهَ الْعَظِيْمِ يذكركم وَاشْكُرُوهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُاللهِ اَكْبَر



Leave a Reply