Khutbah Jum’at Basa Jawa Edisi 10
NYAMEKTAKAKEN PANGIBADAHAN ING SEDASA DINTEN AKHIR RAMADHAN
Ustadz H. Suyitno, S.Ag
(Bendahara DDII Kab. Gunungkidul)
Khutbah Kapisan
اَلْحَمْدُ لله، اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَنْزَلَ الْفُرْقَانَ لِلْعَالَمِيْنَ بَشِيْرًا وَنَذَيِرًا،
أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ الَّذِيْ أَنْزَلَ عَلَيْنَا بِأَنْوَاعِ النِّعَمِ مِدْرَارًا.
اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يُطَهِّرُوْنَ اللهَ تَطْهِيْرًا
. فَيَا اَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ فِىْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ. بسم الله الرحمن الرحيم، إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ، وَمَا أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ، لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ ، تَنَزَّلُ الْمَلَائِكَةُ وَالرُّوحُ فِيهَا بِإِذْنِ رَبِّهِمْ مِنْ كُلِّ أَمْرٍ ، سَلَامٌ هِيَ حَتَّى مَطْلَعِ الْفَجْ
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Sumangga kita tansah ngaturaken puji lan syukur dhumateng Allah ingkang sampun paring kenikmatan dhumateng kita. Kenikmatan ingkang arupi Islam, Iman, kesehatan saha kenikmatan sanesipun.
Kanthi kenikmatan sawau sumangga kita ginakaken supados tansah ngupiya nindakaken menapa ingkang dipun dhawuhaken lan nebihi menapa ingkang dipun awisi dening Allah SWT. Sedaya punika linampahan supados tambahipun keimanan saha ketaqwaan kita dhumateng Allah SWT.
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu dhumateng Nabi Muhammad Shalallahu ‘alaihi Wasallam ingkang sampun paring piwucal agami ingkang sampurna dhumateng umat manungsa. Ing pangajab mugi kita kalebet ewonipun tiyang ingkang tansah gegondhelan dhumateng sunnahipun paduka kanjeng nabi ngantos ajal kapuput.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Boten karaos dinten punika kita sampun lumebet wonten ing 20 dinten akhir wulan Ramadhan, sekedap malih badhe lumebet 10 dinten akhir wulan Ramadhan 1442 H. Mugi-mugi anggen kita nglampahi Ibadah ramadhan ingkang sampun kita lampahi 18 dinten sae ingkang arupi ibadah wajib arupi siyam ramadhan, sholat 5 wekdal utawi ibadah sunnah kados dene sholat tarawih, sholat sunnah rawatib, infaq, shodaqoh, tadarus lan sapanunggalanipun katampi dening Allah swt. Aamiin
Wonten ing wekdal 10 dinten pungkasanipun wulan Ramadhan Allah estu-estu paring nugraha dhumateng kawulanipun kanthi nedhahaken sifat asmakipun inggih punika “Arrahman” ingkang maknanipun Ingkang Maha Mirah. Punika saget kita tingali pinangka hadiah, bonus, kekucah saking Allah dhumateng kaum muslimin ingkang estu-estu anggenipun pingin pikantuk bab punika. Perkawis punika kacariyosaken dening Allah lumantar Al Quran lan lumantar utusanipun kanthi sunah-sunahipun
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Salajengipun punapa kemawon ingkang dados istimewanipun saking kamirahanipun Allah punika?
- Satunggaling dalu ingkang langkung sae tinimbang sewu wulan (Lailatul Qadr)
Ramadlan kasebat wulan ingkang paling utami (Afdlal Al-Syuhur) awit salah setunggalipun pinanggih wontenipun dalu ingkang kasebat Lailatul Qadr. Lailatul-Qadar inggih punika dalu ingkang katetepaken qadar utawi ukuran rezekinipun manungsa. Wonten ing dalu niku Allah netepaken nasibipun tiyang kagem setunggal tahun ingkang badhe dumugi.
Allah sampun paring firman :
اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ ١ وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِۗ ٢ لَيْلَةُ الْقَدْرِ ەۙ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍۗ ٣ تَنَزَّلُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ وَالرُّوْحُ فِيْهَا بِاِذْنِ رَبِّهِمْۚ مِنْ كُلِّ اَمْرٍۛ ٤ سَلٰمٌ ۛهِيَ حَتّٰى مَطْلَعِ الْفَجْرِ ࣖ ٥
“Satemene Ingsun wus nurunake (Al Qur`an) ana ing wengi kang mulya . Lan apata wengi kang mulya iku ?Wengi kang mulya iku luwih becik tinimbang sewu wulan. Ing wengi iku pada tumurun para malaikat lan malaikat Jibril kanthi izin Pangerane kanggo ngatur sakabehing urusan. Wengi iku kebak keslametan nganti tumekaning fajar.” (QS. Al Qadr 1-5)
Saperangan ageng para ulama tafsir gadhah pemanggih bilih surat Al Qadr punika Makkiyah (tumurun saderengipun hijrah). Surat punika pinaringan asma Al Qadr, awit surat punika nerangaken kautamen lan inggilipun Al Qur`an, ingkang ugi katurunaken wonten ing dalu ingkang estu minulya . Lan pinaringan asma Lailatul Qadr, awit kalenggahanipun ingkang agung wonten ngersanipun Allah.
Awit ing dalu niku kebak barokah . Allah sampun paring firman :
اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةٍ مُّبٰرَكَةٍ … ٣
(Satemene Ingsun nurunake (Al Quran) ana ing wengi kang diberkahi … (QS. Adh Dhukhan : 3)
Wonten ing dalu punika setunggaling muslim dipun prayogekaken kagem ngibadah lan nyenyuwun dhumateng Allah supados pikantuk martabat ingkang sae. Lailatul qadar punika boten saget dipun mangertosi kapan datengipun (dinten kaping pinten). Ananging mesthi badhe dateng wonten ing wulan Ramadhan. Kanthi makaten saben muslim kedah ngupadi ing saben dintenipun. Boten wonten dinten ingkang cicir tanpa ngibadah. Punika hikmah ingkang ageng tumrap umat Islam kinging punapa boten dipun aturaken kapan datengipun. Mendah bagya mulya menawi setunggalipun priyantun nembe nedheng-nedhengipun nyrempeng anggenipun ngibadah ngleresi datengipun lailatul qadar. Awit bobot ibadahipun langkung sae tinimbang sewu wulan. Sanesipun punika dosa kalepatanipun dipun apunten dening Allah, kados ingkang dipun terangaken wonten ing salebetipun hadits,
عَنْ أَبِيْ هُرَيْرَةَ عَنِ النَّبِيَّ قَالَ مَنْ قَامَ لَيْلَةَ الْقَدْرِأِيْمَانًا وَاحْتِسَبًا غُفِرَلَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ وَ مَنْ صَامَ رَمَضَانَ أِيْمَانًا وَاحْتِسَبًا غُفِرَلَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
Diriwayatake saka Abu Hurairah ra. Saka Nabi Suci ngandika: Sapa sing ngibadah ing wengi lailatul qadar kanthi dhasar iman lan pangarep-arep marang Allah, dosa-dosane sing kepungkur bakal dingapura. Lan sapa sing pasa ing wulan Ramadhan kanthi dhasar iman lan pangarep-arep marang Allah, dosa-dosane sing kepungkur bakal dingapura. (HR Al-Bukhari)
- Dalu Nuzulul Quran
Wulan Ramadhan mujudaken wulan dipun turunaken Al Quran kados firman Allah SWT ing Surat Al Baqarah ayat 185:
شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِي أُنزلَ فِيهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِنَ الْهُدَى وَالْفُرْقَانِ
Wulan Ramadhan, wulan kang ing sajrone diturunake Al-Qur’an pinangka pituduh tumrap manungsa lan pinangka katrangan saka pituduh iku lan pinangka pambeda (antarane kang hak lan kang ba-til)
Wonten pinten-pinten pemanggih ngengingi wekdal tumurunipun Al Quran, ananging kita boten perlu padudon kapan pasipun Al Qur’an katurunaken. Ingkang cetha bilih kawitan tumurunipun Al Qur’an Al Karim lumantar malaikat Jibril dhumateng nabi Muhammad SAW wonten ing Ramadhan dalu “Lailatul Qadar”
Sampun matahun-tahun kaum muslimin , khususipun ing Indonesia, sampun mengeti dalu Nuzulul Qur’an punika. “Sapunika dospundi supados kita saget ngupados makna ingkang sakalangkung konjem istingarah saget ngamalaken wonten ing panggesangan ing saben dintenipun. Al Qur’an pinangka wahyu saking Allah SWT pinangka pitedah tumrap sedaya manungsa.
- Dalu dipun sunnahaken nindakaken i’tikaf
I’tikaf artosipun kendel utawi lenggah ing salebetipun masjid kanthi niat namung ngibadah dhumateng Allah SWT. I’tikaf saget katindakaken wekdal napa kemawon lan mujudaken ibadah sunah tumrap umat Islam. I’tikaf kedah katindakaken wonten ing masjid utaminipun ing sedasa dinten akhir wulan Ramadhan, kados ingkang sampun katindakaken dening Nabi Muhammad SAW. Kacariyos wonten ing salebetipun hadits ‘Aisyah, piyambakipun matur,
أَنَّ النَّبِىَّ – صلى الله عليه وسلم – كَانَ يَعْتَكِفُ الْعَشْرَ الأَوَاخِرَ مِنْ رَمَضَانَ حَتَّى تَوَفَّاهُ اللَّهُ ، ثُمَّ اعْتَكَفَ أَزْوَاجُهُ مِنْ بَعْدِهِ
“Nabi Shallallahu ‘alaihi Wa Sallam nindakake i’tikaf ana ing sepuluh dina akhir ing wulan Ramadhan nganti wafate sabanjure para garwane uga i’tikaf sawise sedane Kanjeng Nabi.”
I’ktikaf saben wekdal bade pikantuk ganjaran, awit lenggahipun wonten masjid katindakaken kagem nyelak dhumateng Allah. Rikalanipun wungu, wekdal dipun ginakaken kagem shalat, tilawah, dzikir, dedonga, munajat, tadabbur, tafakkur utawi ngaji ilmi. Kepara ing salebetipun sare, tiyang ingkang i’tikaf badhe pikantuk ganjaran ingkang agengipun boten saget dipun pikantuki tiyang ingkang sare wonten ing dalem. Awit sarenipun punika kalebet i’tikaf.
I’tikaf kagem mawas diri mujudaken perkawis ingkang awrat katindakaken benten menawi mawas dhateng tiyang sanes saestu gampil. Mawas diri mujudaken lampah dhumateng hikmah saha mesu budi.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Saben-saben tahun setungaling masjid mesthi kemawon gadhahi perkawis. Ing antawisipun wonten owah gingsir anggenipun ngibadah sae bobot utawi kathah sekedhikipun . Bab punika kathah surutipun tinimbang mindhakipun .
Semanten ugi awit wontenipun Pendemi covid 19 ingkang sampun lumampah kirang langkung 1,5 warsa tumut gempur imanipun umat ndadosaken kirangipun greget jamaah kagem nindakaken ibadah ing wulan Ramadhan.
Kita prihatos wontenipun prastawa ingkang sampun kedadosan ing Ramadhan tahun ingkang sampun kepengker. Wulan Ramadhan ingkang kebak kesaenan boten dipun ginakaken dening umat islam awit wontenipun Pendemi covid 19
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Kanthi wontenipun prastawa warsa ingkang sampun sumangga kita nyobi ngewahi ingkang supados kita saestu pikantuk kautamen mliginipun 10 dinten akhir Ramadhan. Sumangga kita pirsani punapa ingkang sampun dipun tedahaken dening Allah saha dipun tuladhani dening Rasulullah saw.
Allah sampun firman :
وَلْتَكُنْ مِنْكُمْ أُمَّةٌ يَدْعُونَ إِلَى الْخَيْرِ وَيَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ ۚ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ
“Lan supaya ana ing antaranira sagolongan umat kang ajak-ajak marang kabecikan, mrintahake marang perkara kang makruf, lan nyegah marang kang mungkar. Dheweke iku wong kang oleh kamenangan” (QS Ali Imran: 104).
اُدْعُ إِلَى سَبِيلِ رَبِّكَ بِالْحِكْمَةِ وَالْمَوْعِظَةِ الْحَسَنَةِ وَجَادِلْهُمْ بِالَّتِي هِيَ أَحْسَنُ
“Dhawuhna (manungsa) marang dalane pangeranira kanthi cara hikmah lan kanthi nasehat kang becik lan bantahen dheweke kanthi cara kang becik.” (QS. An Nahl : 125)
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Migatosaken firman Allah QS Ali Imran: 104 lan An Nahl ayat 125 kasebat miturut katerangan para mufasir kita saget mendhet ibroh bilih saben Muslim kadhawuhaken caos nasehat dhumateng umat muslim sanesipun . Wonten ing bab punika kagem nyamektakaken 10 dinten akhir wulan Ramadhan wonten mapinten-pinten perkawis :
- يَدْعُونَ : Ngajak
Ukara yad’u saget pun maknani ngajak. Ngajak dhumateng kesaenan mujudaken kwajiban tumrap saben kaum Muslimin. Kalebet ngajak nindakaken amalan ingkang istimewa wonten ing dalunipun wulan Ramadhan khususipun 10 dinten akhir ramadhan.
Kagem nggayuh istimewanipun 10 dinten akhir Ramadhan kasebat Rasulullah SAW maringi tuladha kanthi gugah lan ngajak keluarganipun.
Punika kados ingkang kacariyos wonten ing hadist saking Aisyah radhiyallahu ‘anha :
كَانَ النَّبِىُّ – صلى الله عليه وسلم – إِذَا دَخَلَ الْعَشْرُ شَدَّ مِئْزَرَهُ ، وَأَحْيَا لَيْلَهُ ، وَأَيْقَظَ أَهْلَهُ
“Dene Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam menawa wus lumebu ing sepuluh dina akhir ramadhan, panjenengane nyingsetake agemane sarung kanggo ngurip-urip wengi-wengi mau lan gugah marang keluargane.” (HR. Bukhari & Muslim)
- Kanthi Barjama’ah lan estu-estu
Ajak-ajak supados nindakaken punapa ingkang kadhawuhaken dening Allah sak pas kalian ukara ingkang kaweca ing QS Ali Imran: 104 ingkang dipun awiti ukara mingkum (مِنْكُمْ) saget dipun maknani Sagolongan umat (barjama’ah), utawi paguyuban. Tegesipun ing rikalanipun ajak-ajak kanthi sesarengan. Sagolongan umat punika saget arupi ormas kados Muhammadiyah, NU lan sapanunggalanipun, ewo dene ingkang alit kadosta Takmir masjid. Takmir masjid ing mriki gadhahi jejibahan pinangka pucuking tombak wonten ing pelayanan ugi pembinaan umat ing tlatahipun.
Dipun sunahaken nindakaken Ibadah iktikaf wonten ing masjid, pramila salajengipun inggih Pengurus takmir gadhahi kwajiban ajak-ajak dhumateng jama’ahipun, paring panyengkuyung dhumateng umat supados lumampah derek rantamaning pangibadahan kasebat. Kalebet Qiyamul lail (tarawih) I’tikaf, dhahar sahur sesarengan, tadarus barjamaah lan kajian-kajian sanesipun .
Sanesipun katindakaken kanthi barjama’ah anggenipun ngupiya ganjaran ingkang istimewa kasebat dipun betahaken tumemen. Kados dene ingkang sampun dipun teladhanaken dening panutan kita Rasulullah SAW.
Kacariyos dening Ummul Mu’minin Aisyah radhiyallahu ‘anha matur,
كَانَ رَسُولُ اللَّهِ -صلى الله عليه وسلم- يَجْتَهِدُ فِى الْعَشْرِ الأَوَاخِرِ مَا لاَ يَجْتَهِدُ فِى غَيْرِهِ
“Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam banget anggone tememen ing sajrone sepuluh dina akhir saka wulan Ramadhan,ngungkuli temene panjenengane ing wektu liyane ” (HR. Muslim)
- Bil hikmah wal Mau’idhotil khasanah (kanthi hikmah lan nasehat ingkang sae)
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh dhumateng Rasulullah Shallallahu ‘alaihi Wasallam supados dhawuh dhumateng manungsa wonten marginipun Allah kanthi cara ingkang wicaksana.
Sasampunipun paring panyengkuyung kanthi hikmah lan mauidhah hasanah (nasehat ingkang sae) takmir Masjid ing mriki gadhahi jejibahan pinangka managemen inggih punika nyiapaken, nyamektakaken, ngatur, ugi nindakaken sedaya rantamanipun ibadah. Takmir Masjid kanthi sedaya kekiyatanipun gadhah kwajiban ngrantam ingkang kanthi mateng rantamanipun amaliyah ingkang kadhawuhaken dening Allah lan ingkang dipun sunahaken Rasulullah SAW. Sanesipun punika kedah paring tuladha (uswah) anggenipun nindakaken ibadah ing wekdal 10 dinten akhir Ramadhan kasebat.
Ing antawisipun sarana ingkang perlu kasiapaken inggih punika ingkang arupi papan saha uba rampe Masjid . Ugi sanesipun kadosdeten :
- Nyusun jadwal kapan dipun awiti lan kapan anggenipun mungkasi.
- Nyamektakaken buku panduan iktikaf, dzikir, doa saha sanesipun .
- Nyamektakaken dhahar sahur, ustadz ustadzah ingkang mumpuni kagem mimpin tadarus, lan ngisi kajian kajian.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Kanthi makaten saget nglancaraken anggenipun badhe gayuh ganjaran ingkang istimewa ing wulan ramadhan kasebat, ingkang paling wigatos inggih punika kados pundi Takmir Masjid saget anggenipun ngatur, ngrantam , saha paring tuladha sedaya ibadah dhumateng umatipun. Sedaya umat kanthi niat ingkang kiat saget sesarengan ngathah-ngathahaken anggenipun nindakaken rantamanipun ibadah ing akhir wulan Ramadhan kanthi sampurna..
Mugi-mugi kita tansah pinaringan kesehatan saha kekiyatan kagem sareng-sareng ngupados ganjaran ingkang istimewa ing 10 dinten akhir ramadhan tahun punika . Aamiin
بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم وتفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم
اَقُولُ قَولِی هٰذَا وَأَستَغفِرُ اللّٰهَ لِی وَلَکُم وَلِسَاٸِرِ المُسلِمِینَ وَالمُسلِمَاتِ وَالمُٶؐمِنِینَ وَالمُٶمِنَاتِ فَأَستَغفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَالغَفُورُالرَّحِیمُ
Khutbah Kaping Kalih
اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمؐ وَبَارِکؐ عَلٰی سَیِّدِنَامُحَمَّدٍ أَفضَلِ الأَنبِیَاءِ وَالمُرسَلِینَ وَعَلٰی اٰلِهٖ وَأَصحَابِهٖ أَجمَعِینَ
أَمَّا بَعْدُ،
فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ : إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا،
اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ،
اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ
رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وصَلِّ اللهمَّ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمّدٍ وَعَلىَ آلِهِ وصَحْبِهِ وَسَلِّمْ وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.


Leave a Reply