Khutbah Jum’at Basa Jawa Edisi 14 : Virus Covid 19 Mujudaken Ayatipun Allah

VIRUS COVID 19 MUJUDAKEN AYATIPUN ALLAH

Sumedi

(Ketua  DDII Kab. Gunungkidul)

 

Khutbah Kapisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ

 أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

 اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ

أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

 

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Alhamdulillah, kaping sepisan, sumangga kita sedaya tansah ngaturaken puji syukur saha pangalembana wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang tansah paring kanugrahan saha berkah dhumateng kita sedaya, sahingga ngantos dumugi wekdal punika kita taksih saged nindaki ibadah shalat Jum’ah ing masjid menika kanthi kawontenan sehat wal afiat.

Shalawat miwah salam mugi tansah konjuk dhumateng Uswah Hasanah kita Nabiyullah Muhammad SAW, sedaya keluarganipun, sedaya shahabatipun, lan sedaya umatipun ingkang tuhu taat ngantos akhir zaman samangkih.

Salajengipun ing kesempatan ingkang sae punika, mangga kita tansah ngenggalaken niat lan tekad kita kangge nambah raos takwa dhumateng Allah SWT. Namung kanthi cepengan ingkang teguh lan saestu anggenipun ngamalaken Islam, Iman, Ihsan lan Takwa menika kita badhe dados titah ingkang luhur minulya wonten ngersanipun Allah lan badhe saged ngraosaken nikmatipun kabagyan ingkang hakiki, wonten donya menika lan ing akhirat samangke.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Sampun setunggal tahun langkung kita sedaya nglampahi wontenipun pandemi covid 19 ingkang saestu sampun damel ewah-ewahan ingkang ageng wonten ing salebetipun panggesangan kita ugi sadengah perkawis sae pribadi, sosial kemasyarakatan, ekonomi, pendidikan, ugi bangsa lan negari. Lare sekolah ingkang saderengipun dereng dipun pikantuki dolanan HP, kepara sakmenika meh wekdalipun telas kagem dolanan piranti punika. Kawitan saking sedaya tugas ingkang kedah pun rampitaken saking griya, tundhonipun si lare dados mrentek-mrentek mangertosi perkawis ingkang boten samesthinipun. Rumiyin priyantun uger pinanggih sami jawat asto sapunika namung sami sowang-sowang kados boten wonten tegesipun. Semanten ugi tiyang kekesahan boten saget bebas kados adat saben kepara ing rikalanipun dinten Riyaya boten saget sami mudik kados ing sakawit. Ing sakelangkung miris kathah priyantun sami kecalan pedamelan awit kathah perusahaan saha toko ingkang sami bangkrut, tundhonipun tiyang ingkang sami ringkih imanipun sami nindakaken perkawis ingkang dados awisanipun agami ugi negari awit badhe bujung cekap. Allah sampun paring firman wonten ing QS Al Baqarah: 26-27:

۞ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَسْتَحْيٖٓ اَنْ يَّضْرِبَ مَثَلًا مَّا بَعُوْضَةً فَمَا فَوْقَهَا ۗ فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا فَيَعْلَمُوْنَ اَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّهِمْ ۚ وَاَمَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَيَقُوْلُوْنَ مَاذَآ اَرَادَ اللّٰهُ بِهٰذَا مَثَلًا ۘ يُضِلُّ بِهٖ كَثِيْرًا وَّيَهْدِيْ بِهٖ كَثِيْرًا ۗ وَمَا يُضِلُّ بِهٖٓ اِلَّا الْفٰسِقِيْنَۙ

Satuhune Allah datan tidha-tidha kinen paring gegambaran kang arupa lemut utawa kang luwih asor, dene wong-wong kang padha iman padha mangerti menawa perkara iku bener saka pangerane  ewodene wong-wong kang padha kafir padha celathu, “Apata kersane Allah nekakake gegambaran iki?” Kanthi gegembaran iku akeh wong kang padha den sasarake  akeh uga kang den paringi pituduh. Ora ana kang den sasarake kajaba wong-wong kang padha fasik

الَّذِيْنَ يَنْقُضُوْنَ عَهْدَ اللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ مِيْثَاقِهٖۖ وَيَقْطَعُوْنَ مَآ اَمَرَ اللّٰهُ بِهٖٓ اَنْ يُّوْصَلَ وَيُفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ

Yaiku wong-wong kang padha nglanggar perjanjen marang Allah sawise perjanjen mau den  teguhake, lan padha medhotake apa kang den dhawuhake dening Allah supaya den sambung (silaturahmi), lan gawe rusak ing salumahing bumi. Dheweke iku wong-wong kang padha karugen

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Saking ayat kasebat kita tambah yakin bilih Al quran punika estu mu’jizat ingkang sanyata boten namung ngaya wara, kepara saget paring pawarta perkawis ingkang badhe kedadosan wonten ing wekdal ingkang badhe dumugi. Wondene ingkang saget kapethik saking ayat kala wau inggih punika:

Nate wonten prastawa ageng wonten ing sejarah panggesangan punika kanthi wontenipun nyamuk ingkang kedadosan ing zaman babilonia inggih rikala dipun utusipun nabiyullah Ibrahim AS ngadhepi raja Namrud ingkang wengis ingkang ngaken pangeran ingkang kedah dipun sembah akhiripun piyambakipun tilar kanthi nistha awit lemut ingkang mlebet wonten ing talinganipun. Kepara ngantos mataun-taun para winasis dereng saget mungkasi wontenipun perkawis lemut ingkang kanyata jenisipun kemawon ing donya langkung saking 2700 jenis saking ingkang namung biasa ngantos ingkang nyebabaken sesakit kados dene malaria, zika lan demam berdarah. Dereng bab anggenipun tumangkar ingkang saestu dadosaken gumunipun para paniti pirsa.

Wekdal punika kita dipun gegeraken dening makhlukipun Allah ingkang saestu alit kepara boten kasat mripat saking alitipun, ingkang miturut para winasis ukuranipun virus covid 19 punika namung 0,1 mikron. Miturut data saking worldometers.info per Kemis 27 Mei 2021 tabuh 14.00 kasus sak indhenging bawana wonten 169.095.819 kasus, ingkang mantun 150.846.146, ingkang tilar 3.512.564.

Wangsul ing ayat kala wau bilih lemut namung kasebat kaping setunggal wonten ing salebetipun Al quran, srengenge kasebat kaping 33, bumi kasebat kaping 461, rembulan kasebat kaping 27, manungsa kasebat kaping 338, jin kasebat kaping 201, malaikat kasebat kaping 88 lan sanes-sanesipun kasebat kanthi ambal-ambalan. Bab punika dadosaken saya tambah yakin tumrabipun tiyang ingkang iman lan dadosaken bingung kepara maiben tumrap tiyang kafir. Kathah tiyang ingkang kesasar awit perkawis punika namung kathah ugi tiyang ingkang pikantuk pitedah awit punika ugi. Lan boten badhe kesasar kejawi tiyang ingkang fasik. Tiyang fasik miturut QS. Al Baqarah ayat 27 inggih punika:

  1. Ingkang ngrisak perjanjen kaliyan Allah sasampunipun kajejegaken
  2. Ingkang medhot silaturrahiim
  3. Ingkang damel risak ing lumahing bumi

Piyambakipun punika saestu kalebet ewonipun tiyang ingkang pikantuk karugen.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Kagem nyegah sumebaripun Covid 19 sampun katetepaken wontenipun 5M inggih punika :

  1. Memakai masker
  2. Mencuci tangan pakai sabun dan air mengalir
  3. Menjaga jarak
  4. Menjauhi kerumunan
  5. Membatasi mobilisasi dan interaksi

Inti saking sedaya wau boten sanes inggih punika bab kebersihan/ sesuci. Wonten ing agami Islam babagan thaharah utawi sesuci saestu dipun gatosaken kepara ngantos alat ingkang kagem sesuci ugi dipun rembag kanthi permati. Kapan kedah sesuci lan menapa kemawon ingkang nyebabaken sesuci. Umat Islam paling boten sedinten kaping gangsal anggenipun sesuci boten namung  nyuceni asta kepara lisan, grana, pasuryan, mustaka, talingan ngantos suku sedaya dipun suceni. Ingkang bab punika boten dipun panggihaken wonten ajaran agami sanes. Pramila boten ngungunaken menawi kathah priyantun lajeng sami remen dhumateng ajaran agami Islam awit saestu gatosaken bab kebersihan. Kepara miturut ajaran agami Islam bilih kebersihan punika saperangan saking iman

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ وَاسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم

 

Khutbah Kaping Kalih

 الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَمَّا بَعْدُ : فَيَااَ يُّهَاالنَّاسُ !! اِتَّقُوااللهَ تَعَالىَ. وَذَرُوالْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَوَمَابَطَنْ. وَاعْلَمُوْااَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ.

فَقَالَ  اَللَّهُ تَعَالىَ: اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

اللَّهُمَّ اكْفِنَا بِحَلاَلِكَ عَنْ حَرَامِكَ وَأَغْنِنَا بِفَضْلِكَ عَمَّنْ سِوَاكَ

اللَّهُمَّ أَحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِى الأُمُورِ كُلِّهَا وَأَجِرْنَا مِنْ خِزْىِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الآخِرَةِ

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ

رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*