Khutbah Jum’at Basa Jawa Edisi 16 : Hebatipun Istighfar

HEBATIPUN ISTIGHFAR

Ustadz Ir. Imam Taufik

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ

 أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

 اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ

أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

Hadirin Jamaah Shalat Jumat Ingkang Bagya Mulya

Boten kendat kita sami ngaturaken puja sumawana puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring dhumateng kita  nikmat iman saha Islam; mujudaken nugraha ingkang saestu agung ingkang Allah paringaken dhumateng kita sedaya.  Mugi kemawon kita kalebet ewonipun tiyang ingkang tansah pikantuk hidayahipun sarta wonten ing salebetipun  Iman saha Islam ngantos akhir hayat kita.

Temtu kemawon kita ugi muji syukur dhumateng Allah awit kathahipun nikmat wonten ing panggesangan ingkang kaparingaken dhumateng kita.

Shalawat saha salam mugi tansah lumintu dhumateng Baginda Rasulullah Muhammad SAW, keluarga, saha para sahabat lan pendherekipun ingkang setya tuhu midherek dhumateng ajaranipun.

Wonten ing wekdal ingkang minulya punika, kita pinangka khatib ngajak dhumateng hadirin sedayanipun, sumangga kita tansah ningkataken iman saha takwa dhumateng Allah SWT, takwa inggih kanthi tansah ngupiya hadhiripun Allah wonten ing sadengah wekdal saha kawontenan kanthi tansah emut/dzikir saha nindakaken sedaya dhawuh-dhawuhipun. Takwa inggih kanthi ngupiya hadiripun Allah wonten ing sedaya perkawis ingkang kita adhepi kanthi cara dedonga nyenyuwun pitulung saha munajat dhumateng Allah. Sahingga badhe nuwuhaken katentreman wonten ing panggesangan kita.

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Artosipun: “He wong-wong kang padha iman, sira padha takwa-ha marang Allah kanthi satemen-temene takwa; lan sira aja padha nganti mati kejaba sira ing kahanan Islam. (QS Ali Imran : 102)

 

Sidang Shalat Jum’at Ingkang Dipun Rahmati Allah SWT

Wonten ing khutbah dinten punika kawula badhe ngaturaken irah-irahan “hebatipun istighfar.

Wonten ing  surat Nuh ayat 10 ,11,12 Allah sampun paring firman:

 فَقُلْتُ اسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ اِنَّهٗ كَانَ غَفَّارًاۙ ١٠ يُّرْسِلِ السَّمَاۤءَ عَلَيْكُمْ مِّدْرَارًاۙ ١١ وَّيُمْدِدْكُمْ بِاَمْوَالٍ وَّبَنِيْنَ وَيَجْعَلْ لَّكُمْ جَنّٰتٍ وَّيَجْعَلْ لَّكُمْ اَنْهٰرًاۗ ١٢

11. Mangka ingsun ,Nuh, matur (marang dheweke), ‘Nyuwuna pangapura marang Pangeranira,’ satuhune Panjenengane Maha sugih pangapura,

  1. Kanthi mangkono panjenengane bakal nurunake udan kang deres saka langit marang sira,
  2. Lan nambah akeh bandha lan anak-anak-ira, lan dadekake tumrap sira kebon-kebon lan dadekake (ing sajerone) kali-kali tumrap sira.

Sesambetan kaliyan ayat kasebat, Wonten ing tafsir Ibnu Katsir kajlentrehaken :”Yaiku bali-ha sira marang dalane Allah lan tinggalna apa kang sira biasa tindakake lan pada tobata sira marang panjenengane kanthi cedhak. Awit satemene sapa wae kang padha tobat marang panjenengane, satuhune Panjenengane nampa tobate senajan dosa-dosane iku gedhe kadya  kekafiran lan kemusyrikan.

Istighfar utawi nyuwun pangapunten gadhahi manfaat ingkang ageng wonten ing panggesangan kita.

Rasulullah SAW   paring sabda :

مَن أَكْثَرَ الِاسْتِغْفَارَ جَعَلَ اللهُ لَهُ مِنْ كُلِّ هَمٍّ فَرَجاً، وَمِنْ كُلِّ ضَيْقٍ مَخْرَجاً، وَرَزَقَهُ مِنْ حَيْثُ لاَ يَحْتَسِبُ

Sapa wae kang ngakeh-akehi istighfar, temtu Allâh bakal ngowahi saben  kesusahan dadi kabagyan; Allah Azza wa Jalla maringi leluwar saka saben-saben  kesempitan, lan Allâh paring rizki saka arah kang ora den nyana-nyana. [HR. Ahmad dan al-Hakim]

 Hadirin ingkang bagya mulya

Wonten cariyos saking Imam Ahmad kaliyan  bakul roti  ingkang dipun nukil saking Manaqib Imam Ahmad, mujudaken  bukti ingkang nyata hebatipun waosan istighfar

Imam Ahmad bin Hanbal muridipun Imam Syafi’i dipun kenal pinangka Imam Hanbali.

Wonten ing yuswanipun ingkang sampun sepuh, piyambakipun cariyos,  setunggalipun wekdal boten mangertosi sebabipun ujug-ujug pingin tindak dhateng kitha Bashrah ing Irak. Kamangka boten wonten sumadosan utami hajat wonten ing mrika.

Akhiripun Imam Ahmad tindak piyambakan dhateng kitha Bashrah, Irak. Kacariyos dumugi ing Bashrah wekdal Isya, piyambakipun derek sholat jamaah Isya ing masjid. Manahipun rumaos tentrem lajeng istirahat wonten ing  masjid.

Sasampunipun shalat para jamaah sami bibar, Imam Ahmad ngersakaken sare wonten ing  masjid. Dumadakan marbot masjid dumugi manggihi Imam Ahmad lajeng pitanglet, “Kinging punapa  syekh? (timabalan kagem tiyang sepuh), badhe menapa ten mriki?”

Marbot boten mangertos bilih ingkang pun ajak wicanten punika Imam Ahmad. Imam Ahmad ugi boten nepangaken. Wonten  Irak sedaya tiyang sami mangertos bilih Imam Ahmad pinangka ulama kawentar lan ahli hadits. Setunggalipun ulama ingkang saestu shaleh lan zuhud. Zaman punika dereng wonten foto sahengga tiyang boten pirsa pasuryanipun, namung pirsa asmanipun ingkang kawentar.

Imam Ahmad paring jawab, “Kula pingin istirahat, kula musafir.” Marbot matur, “Boten pareng, boten pareng sare wonten masjid.”

Imam Ahmad nglajengaken cariyosipun , “(Wonten ing masjid niku) kula dipun surung-surung dening tiyang (marbot) niku, dipun suwun supados medal saking masjid, sasampunipun medal saking masjid, lajeng dipun kunci kori masjid niku.”

Sasampunipun dipun tundhung saking masjid, Imam Ahmad pingin sare wonten ing teras masjid. Rikalanipun  nembe sarean wonten ing teras masjid, marbot kala wau dumugi saha paring duka dhumateng  Imam Ahmad.

Marbot wau matur, “Bade napa malih syekh?” Imam Ahmad paring jawab, “kula badhe tilem kula musafir.” Marbot masjid matur malih, “Wonten nglebet masjid boten pareng wonten teras gih boten pareng.”

Sasampunipun punika imam Ahmad dipun tundhung kepara dipun surung-surung dumugi ing margi.

Sak iring masjid wonten griya alit kagunganipun bakul roti, wonten griya niku piyambakipun damel saha sade roti. Bakul roti kala wau nembe damel jladren, mangertos wonten priyantun dipun tundhung dening marbot dipun surung saking masjid dumugi margi.

Rikalanipun Imam Ahmad dumugi wonten ing margi, bakul roti kala wau nimbali saking katebihan lan ngaturi supados nyipeng wonten ing dalemipun. Imam Ahmad derek lajeng nyipeng wonten dalemipun bakul roti.

Imam Ahmad mlebet wonten dalemipun  bakul roti lajeng lenggah wonten sawingkingipun bakul roti ingkang nembe damel roti. Imam Ahmad boten nepangaken kados biasanipun tiyang musafir.

Bakul roti wau benten kaliyan sanesipun, menawi boten dipun dangu Imam Ahmad piyambakipun tetep damel roti sinambi maos istighfar. Menawi dipun dangu namung sacekapipun.

Rikalanipun caos uyah piyambakipun maos Astaghfirullah, mecah tigan maos Astaghfirullah, nyampur gandum maos Aastaghfirullah. Piyambakipun tansah ngucap istighfar wonten pakaryan napa kemawon.

Imam Ahmad gatosaken kanthi permati, lajeng nyuwun pirsa, “Sampun sapinten dangu panjenengan  nglampahi sedaya punika (maos istighfar saben wekdal)?” Bakul roti wau paring jawab, “Sampun dangu sanget syekh, kula sade roti sampun 30 tahun, awit punika kula nglampahi.”

Imam Ahmad pitanglet malih, “Napa asil saking ingkang panjenengan lampahi?” Bakul roti paring jawab, “Hajat ingkang kula suwu dipun kabulaken dening Allah, sedaya ingkang kula suwun langsung dipun paringi dening Allah.”

Bakul roti wau matur malih, “Sedaya pun kabulaken  Allah sanesipun setunggal perkawis, tasih setunggal ingkang dereng pun kabulaken dening Allah.” Imam Ahmad mundhut pirsa, “Napa niku?”

Bakul roti paring jawab, “Kula nyuwun dhumateng Allah supados dipun kepanggihaken kaliyan  Imam Ahmad.”

Wekdal punika ugi Imam Ahmad uluk takbir. Lajeng ngendika, “Allah sampun dhatengaken kula tebih saking Baghdad dhateng Bashrah, kepara ngantos dipun surung-surung marbot masjid dumugi margi niku awit istighfar ingkang panjenengan lampahi.”

Bakul roti wau kejot lajeng memuji dhumateng Allah, awit kanyata ingkang wonten sangajengipun punika  Imam Ahmad. Priyantun ingkang pingin sanget dipun panggihi.

Mugi-mugi kanthi cariyos kala wau saget mahanani greget kita sedaya kagem ngathah-ngathahi istighfar inggih wonten ing wekdal mironggan linangkung  jelang shubuh utawi wekdal sahur  kados firman Allah SWT  :

وَالْمُسْتَغْفِرِينَ بِالْأَسْحَارِ

Lan wong-wong kang pada istighfar (nyuwun ngapura) ing wektu sahur.” (QS. Ali Imran: 17).

Mugi-mugi kanthi istighfar kala wau Allah ngabulaken sedaya panyuwun kita saha sedaya perkawis saget rampit.

بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم وتفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم

أقول قول هذا وأستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين فاستغفروه أنه هو الغفور الرحيم

 

 

Khutbah II

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَمَّا بَعْدُ : فَيَااَ يُّهَاالنَّاسُ !! اِتَّقُوااللهَ تَعَالىَ. وَذَرُوالْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَوَمَابَطَنْ. وَاعْلَمُوْااَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ.

فَقَالَ  اَللَّهُ تَعَالىَ: اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

اللَّهُمَّ اكْفِنَا بِحَلاَلِكَ عَنْ حَرَامِكَ وَأَغْنِنَا بِفَضْلِكَ عَمَّنْ سِوَاكَ

اللَّهُمَّ أَحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِى الأُمُورِ كُلِّهَا وَأَجِرْنَا مِنْ خِزْىِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الآخِرَةِ

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ

رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*