MUHASABAH AKHIR TAHUN
Ustadz. Priyanto Zamroni
Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ
أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Boten wonten perkawis ingkang wajib lan langkung utami kita tindakaken, kejawi tansah ngunjukaken raos syukur dhumateng Allah swt, kanthi syukur ingkang sayektosipun, inggih syukur kanthi manah (bi qolbi), lajeng kaucapaken kanthi syukur ing lisan (bi lisan), lan kawujudaken kanthi syukur bil arkan, awit sedaya nikmat ingkang sampu Allah paringaken dhumateng kita sedaya.
Salajengipun ing kesempatan ingkang sae menika, mangga kita tansah ngenggalaken niat lan tekad kita kangge nambah raos takwa dhumateng Allah swt. Bukti nyata syukur dhumateng Allah inggih punika kita mbudidaya nambah lan ningkataken taqwa kita dhumateng Allah kanthi taqwa ingkang sakyektosipun.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
“ He. Wong-wong kang padha Iman, padha taqwao sira marang Allah kanthi sakbener-benering taqwa, lan aja pisan-pisan sira mati kajaba ing ndalem kahanan muslim”. (QS. Ali Imron : 102)
Boten katalumpen sumangga kita tansah ngaturaken shalawat saha salam dhumateng jungjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, kulawarga, shahabat, tabi’in, tabiut tabi’in saha umatipun ingkang tansah derek sunnahipun ngantos akhir zaman samangkih.
Jamaah Jumat ingkang dipun rahmati Allah
Wekdal menika, kita sampun wonten ing wulan akhir warsa hijriyah. Saksampunipun wekdal kepengker kita sampi nindakaken ibadah idul Qurban ngantos dinten menika, sekedhap malih kita badhe enggal nilaraken warsa 1442 H lumebet ing warsa 1443 H. Mboten wonten perkawis ingkang wajib kita tindakaken, minangka titah ingakang ngaken iman lan taqwa dhumateng Allah, utawi paling mboten ngaken bertaqwa dhumatang Allah, kejawi sumangga kita sami muhasabah, instropeksi diri, mulad sarira hangrasa wani dhumateng sedaya ingkang sampun kita lampahi ing wekdal gesang kita ingkang sampun lumampah. Sepinten saking wekdal ingkang sampun Allah paringaken menika ingkang kita ginakaken kangge sangu gesang ing Syurganipun Allah, lan sampaun sempinten ingkang nyebabaken kathahing dosa.
Dhawuh pangandikanipun Allah,
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ
“He, wong-wong kang padha Iman, padha taqwao marang Allah, lan wis sakmesthine saben jiwa padha nggatekake apa kang wus dentindakake kanggo cecawis dina sesuk (akherat). Satemene Allah Maha priksa apa kang sira tindakake” (QS. Al Hasyr : 18)
Ayat menika, Allah dhawuh supados awakipun piyambak tansah naliti tumunten ngati-ngati dhumateng sedaya tumindak kita, ingka supados tansah nggatosaken sedaya amal kita minangka cecadhong kangge sangu dhumateng gesang ing akherat. Awit saking menika, kita kedah nggadhahi tekad purun muhasabah, ngetang-getang amal kita.
Kados pangandikanipun Amirul Mukminin Umar bin Khathab :
حَاسِبُوا أَنْفُسَكُمْ قَبْلَ أَنْ تُحَاسَبُوا، وَزِنُوها قَبْلَ أَنْ تُوزَنُوا، وَتَأهَّبُوا لِلْعَرْضِ الْأَكْبَرِ
“Supaya sira kabeh padha pepetung marang awak ira sadurunge sira kabeh den kisab, lan supaya sira kabeh nimbang awak ira kabeh sadurunge sira kabeh den timbang, lan padha cecawisa kanggo ngadhepi dina agung rikalane dikatonake ngamal”
Dipun Riwayataken dening At Tirmidzi wonten Shifatul Qiyamah, dipun sebataken dening Imam Ahmad ing ndalem kitab Zuhud.
Ma’asyirol Muslimin, jamaah jumat rahimakumulah
Ngadani pambudidaya muhasabah, sumangga sekedhik kita nintingi, naliti, mawas diri dhumateng kawontenan diri pribadi kita piyambak-piyambak, menapa gesang kita ingkang sampun lumapah menika, langkung kathah kita thaat lan ajrih dhumateng Allah, punapa langkung kathah maksiat dhumateng Allah, langkung kathah thaat syari’at punapa nglanggar syariat, Tepat waktu sholatipun, napa malah kathah lirwanipun, kita badhe wilujeng mulya ing akherat punapa cilaka?
Utsman bin Hasan bin Ahmad As-Syakir ngendikaken:
Tandha-tandha tiyang ingkang badhe cilaka ing akherat mbenjang, wonten sekawan perkawis:
- Gampil sanget nyupekaken dosa ingkang dipun tindakaken, kamangka dosa menika dipun cathet dening Allah.
Tiyang ingkang gampil nyupekaken tumindak dosanipun, piyambakipun badhe angel utawi keset tobat dhumateng Allah, satemah badhe tansah mangsuli tumindak dosa kala wau. Malah kepara kathah tiyang ingkang mongkok utawi bangga kalih tumindak dosanipun kala wau.
- Tansah ngumukaken jasanipun utawi amal saenipun (ujub lan riya’) ing kamangka dereng kantenan amal menika dipun tampi dening Allah menapa mboten. Tiyang ingkang tansah bangga lan ngemut-emut jasanipun, badhe takabur lan tundhonipun badhe keset tumindak sae malih ing wekdal saklajengipun.
- Tansah nyawang menginggil ing babagan kadonyan, sulap lan kagum dhumateng kadonyanipun tiyang sanes, sahingga tansah mbudidaya nguyak kesuksesan tiyang sanes satemah gesangipun tansah rumaos kirang.
- Tansah ningali mangandhap ing babagan urusan akherat. Tundhonipun tiyang makaten menika badhe tansah utawi gampil rumaos marem dhumateng amalipun awit piyambakipun namung mbandhingaken amalipun kalih tiyang ingkang sekdhik amal tumindak saenipun.
Tiyang ingkang makaten menika tartamtu badhe tansaya kesed utawi nglokro ing perkawis urusan ibadat lan urusan-urusan akherat.
Ma’asyirol muslimin, jamaah jumat rahimakumullah.
Makaten sawetawis perangan muhasabah, kita piyambak-piyambak ingkang saget ngraosaken lan mangertosi, kita menika mapan wonten peranganipun tiyang ingkang badhe mulya menapa cilaka wonten ing akherat.
Mugi kita dipun paringi pitedah dening Allah, saget nyingkiri ewonipun tiyang ingkang cilaka, kanthi tebih sakiang sekawan perangan kasebat, kepara dipun tuntun dning Allah dados titahipun ingkang istiqomah ndalem thaat dhumateng Allah lan Rosulullah SAW, satemah manggih kabegjan, kawilujengan soho kamulyan ing dunyo ngantos akherat, tebih saking siksa neraka, lumedet wonten suwarganipun Allah. Aamiin.
بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم وتفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم
أقول قول هذا وأستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين فاستغفروه أنه هو الغفور الرحيم
Khutbah II :
اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.
أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
أيها الناس، اتقوا الله، وافعلوا الخيرات، واجتنبوا السيئات. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى اله وَصَحْبِهِ أجمعين وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ،إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.
ربَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ –
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة.



Leave a Reply