Edisi 127 Khutbah Jum’at Basa : Ngabekti Dhumateng Tiyang Sepuh (Birrul Walidain)

NGABEKTI DHUMATENG TIYANG SEPUH

(BIRRUL WALIDAIN)

Khutbah I

الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ اْلإِيْمَانِ وَاْلإِسْلاَمِ. وَنُصَلِّيْ وَنُسَلِّمُ عَلَى خَيْرِ اْلأَنَامِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدوَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

أَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه.

أَللهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.

وَقَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ،

وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِن شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِن كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِى لَشَدِيدٌ

Hadirin jamaah jum’at rahimakumullah

Ingkang kawitan sumangga kita tansah muji syukur dhumateng Allah awit kathahipun nikmat ingkang pinaringaken dhumateng kita. Shalawat saha salam mugi tansah konjuk dhumateng Nabiyullah Muhammad SAW ingkang kita antu-antu syafaatipun ngantos akhir zaman. Salajengipun kula pinangka khatib caos wasiat dhumateng kawula pribadi saha jamaah sedaya sumangga sesarengan sami ningkataken takwa kita dhumateng Allah SWT kanthi ngupiya nindakaken sedaya dhawuhipun ugi nebihi ingkang dados awisanipun.

 

Hadirin jamaah jum’at rahimakumullah

Wonten ing khutbah wekdal punika khatib mendhet irah-irahan : Ngabekti Dhumateng Tiyang Sepuh (Birrul walidain).

Wonten paripaos ngaturaken “Utang bandha bisa disauri utang budi ginawa pati”. Saben kita ingkang lahir wonten ing donya punika saestunipun kagungan utang ingkang mboten badhe lunas dipun bayar salaminipun awit agengipun utang punika. Utang kasebat arupi toya susunipun biyung  saha rah ingkang ngalir salebetipun badan kita.

Wonten ing agami Islam sampun ngajaraken saha majibaken sedaya putra kedah tansah ngabekti dhumateng tiyang sepuh.

Hadirin jamaah jum’at rahimakumullah

Saking taksih wonten ing alam rahim ngantos kita lahir tiyang sepuh kita ingkang nggatosaken, ngrimat, saha nyekapi sedaya kabetahan kita. Maringi katresnan saha sedaya ingkang paling sae kanthi ikhtiyar saha pengorbanan ingkang mboten saget dipun gambaraken saking wekdal, bandha beya kepara nyawa dipun kurbanaken amrih saenipun para putra.

Menawi kacathet sepinten utang kita dhumateng tiyang sepuh kita estu mboten badhe lunas.

Bapa Biyung kita tansah njagi rina kelawan dalu rikalanipun tiyang-tiyang sami sare kawit kita lahir tanpa daya. Tiyang sepuh kita ugi ingkang paring tedhi rikalanipun kita kaluwen, ngupiyakaken jampi rikalanipun kita mriyang saha ngelu mules.

Biyung tansah nderek ngraosaken pahit getir saha bingah susahipun para putra tansah nuntuni supados temata. Mboten pedhot ugi anggenipun ndedonga amrih kasembadan ingkang dipun seja.

Biyung tansah nyengkuyung amrih ginayuh punapa ingkang dipun gadhang-gadhang kanthi jujur tulus tanpa embel-embel punapa kemawon.

Biyung pinangka priyantun ingkang paling ikhlas maringaken saha ngorbanaken punapa kemawon ingkang dipun gadhahi. Sepinten sukses lan mulyanipun  putra rikalanipun gesang wonten ing donya menawi biyungipun mboten Ridha badhe njalari rekaos saha kedhungsang-dhungsang wonten ing akhiratipun.

Kanthi makaten sumangga kita tansah nambahi anggenipun ngabekti dhumateng tiyang sepuh linangkung dhumateng biyung kita. Kita sisihaken wekdal syukur menawi saget madosaken ingkang dipun remeni utawi dipun cekapi kabetahanipun. Ampun kesupen ugi saben wekdal kita ndedonga dhumateng Allah kagem piyambakipun  linangkung menawi tiyang sepuh kita sampun kapundhut saget kita dongakaken utawi kanthi sedhekah.

Hadirin jamaah jum’at rahimakumullah

Ampun ngantos kita dados putra ingkang duraka ingkang samangkih anjalari Allah mboten Ridha lan dipun tutup pintunipun swarga. Kita mulyakaken, kita damel remen, dipun jagi manahipun, saha kita gatosaken rikalanipun taksih sugeng. Kita dadosaken ladang pahala lan amal shalih saderengipun kapundhut nilaraken kita supados mboten geduwung salami-lami.

Rasulullah Shalallahu Alaihi Wasallam paring sabda:

Wong tuwa iku pinangka korining swarga  paling tengah. Sira bisa nglirwakaken kori iku, utawa sira bisa ngreksa.” (HR. Ahmad)

Menawi kita badhe ngupiya ridhanpun Allah mangka aja pisan-pisan sira duraka marang wong tuanira. Allah SWT paring firman:

وَّبَرًّاۢ بِوَالِدَيْهِ وَلَمْ يَكُنْ جَبَّارًا عَصِيًّا

Lan sawijining wong kang ngabekti marang wong tuwane, lan dheweke ora kalebu wong kang umuk tur duraka.” (QS : Maryam 19: 14)

Ngrimat tiyang sepuh kekalih napa malih ingkang sampun yuswa punika ganjaranipun ageng kados berjuang wonten marganipun Allah (Jihad fi sabilillah)

Kacariyos,

“Setunggalipun kaneman sowan dhumateng Rasulullah, piyambakipun ngaturaken krentekipun badhe ndherek jihad, salajengipun Nabi pundhut pirsa “Apa sira isih duwe wong tuwa?”  Kaneman kala wau matur  “taksih”  Rasulullah paring sabda: “Mangka marang sklorone sira jihad

(Mutafaq alaih)

Mugi-mugi kita kalebet ewonipun anak-anak ingkang shalih ingkang tansah ngabekti mboten kendhat anggenipun ndongakaken tiyang sepuh kita.

Sinten ingkang kepingin putra-putranipun ngabekti dhateng tiyang sepuh sumangga kita sami ngabekti dhateng sepuh langkung rumiyin.

Mugi Allah nampi amal ibadah kita,ugi ngapunten sedaya dosa-dosa kita, Lan mugi-mugi kita tansah dipun reksa dening  Allah Subhanahu Wa Ta’ala.

Aamiin aamiin yaa Robbal ‘alaamiin

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْأنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَ يَاتِ وَ ذِكْرِالحَكِيْمِ وَ تَقَبَّلَ اللهُ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمِ,وَاَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَاسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ اِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

Khutbah II

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى جَعَلَنَا وَاِيَّكُمْ عِبَادِهِ الْمُتَّقِيْنَ وَاَدَّبَنَا بِالْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ الَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. َاللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ اَمَّا بَعْدُ : فَيَا اَيُّهَا النَّا سُ اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ ٱللَّهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِىِّ ۚ يٰأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوْاصَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا .

أَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

أَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ.

أَللّٰهُمَّ اِنَّانَسْأَلُكَ سَلَامَةً فِى الدِّيْنِ، وَعَافِيَةً فِى الْجَسَدِ, وَزِيَادَةً فِى الْعِلْمِ, وَبَرَكَةً فِى الرِّزْقِ , وَتَوْبَةَ قَبْلَ الْمَوْت,

وَرَحْمَةًعِنْدَالْمَوْتِ , وَمَغْفِرَةً بَعْدَالْمَوْتِ أَللّٰهُمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِيْ سَكَرَاتِ الْمَوْتِ وَالنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ وَالْعَفْوَ عِنْدَ الْحِسَاب

اَللّٰهُمَّ نَوِرْ قَلْبِيْ بِنُوْرِ هِدَيَتِكَ كَمَا نَوَرْتَ الْاَرْضَ بِنَوْرِ شَمْسِكَ اَبَدًا اَبَدَا بِرَحْمَتِكَ يَااَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَالِلّٰهِ ! إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ الِلّٰهِ اَكْبَرْ.

 

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*