Edisi 194 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Keluwarga Ingkang Kukuh

KELUWARGA INGKANG KUKUH

Ustadz Zulhija, S.Ag

 

Khutbah I

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدَاهُ. أَمَّا بَعْدُ؛

 فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

Kaum Muslimin  Rahimakumullah

Ingkang kawitan saha ingkang paling utami sumangga kita aturaken sedaya pangalembana saha raos syukur wonten ngersanipun  Allah SWT ingkang sampun maringaken sadengah nikmat, rahmat, taufiq saha hidayah-ipun dhumateng  kita sedaya  sahingga wonten ing kalodangan wekdal punika kita saget nindakaken  saperangan  kewajiban kita inggih punika shalat Jum’at tanpa wonten rubeda setunggal punapa.

Shalawat sarta salam mugi tansah  dipun curahaken dhumateng  junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW tuwin  keluarganipun, para sahabatipun, sarta umatipun ingkang tansah midherek sunnah-sunnahipun ngantos  akhir zaman. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun benjang wonten ing dinten  kiamat.

Salajengipun sumangga kita tansah ningkataken bobotipun iman saha takwa kita dhumateng Allah SWT. Awit namung kanthi  iman saha takwa punika kita badhe pikantuk kabejan, kemenangan saha kabagyan wonten ing donya  ingkang  fana punika linangkung wonten ing akhirat ingkang langgeng sak lami-laminipun.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Sampun cetha wela-wela pitedah sarta tuntunan agami Islam dhumateng kita sedaya anggenipun ngupiya mbangun keluwarga sakinah, keluwarga ingkang bagya mulya. Allah paring firman:

اَلرِّجَالُ قَوَّامُوْنَ عَلَى النِّسَاۤءِ بِمَا فَضَّلَ اللّٰهُ بَعْضَهُمْ عَلٰى بَعْضٍ وَّبِمَآ اَنْفَقُوْا مِنْ اَمْوَالِهِمْ ۗ فَالصّٰلِحٰتُ قٰنِتٰتٌ حٰفِظٰتٌ لِّلْغَيْبِ بِمَا حَفِظَ اللّٰهُ ۗ…

“Wong lanang iku pinangka pemimpin tumrap wong wadon, amarga  Allah wus maringi keluwihan marang dheweke tumrap saperangan liyane, lan amarga dheweke wus nafkahake saperangan saka bandane dheweke. Mula iku wong wadon kang becik yaiku, kang taat marang Allah uga ngreksa kehormatane  rikalane bojone ora ana, amarga  Allah wus ngreksa marang dheweke…

(Q.S. An Nisa : 34)

 

Mijilipun keluwarga ingkang sakinah, inggih punika keluwarga ingkang bagya mulya ingkang dados idam-idamanipun tiyang agesang, kepara ing rikalanipun sami ngrantam gesang kagem emah-emah. Agami Islam ngersakaken  keluwarga ingkang makaten kados dene ingkang kawedhar wonten ing salebetipun Al Qur’an  :

وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا لِّتَسْكُنُوْٓا اِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَّوَدَّةً وَّرَحْمَةً ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ

“Lan saka saweneh tandha yekti  kekuwasakane Allah yaiku panjenengane nyiptakake tumrap sira bojo-bojonira saka jenis ira dhewe, supaya sira padha rumangsa tentrem  marang dheweke, lan den  dadekake tumrap sira rasa tresna lan asih ing antaranira. Satuhune kang kaya mengkono iku mujudake tandha yekti tumrap wong kang padha gelem mikir.” (Q.S. Ar Rum: 21)

Agami Islam paring pitedah ngengingi pinten-pinten perkawis gegayutan kaliyan keluwarga sakinah, ing antawisipun inggih punika tumurunipun rahmat Allah, saget ngrampitaken sadengah perkawis ingkang tuwuh saking salebetipun bebrayan, ikhtiyar lan syukur ugi nindakaken jejibahan ingkang magepokan kaliyan gesang bebrayan.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Kaping Sepisan, tumurunipun rahmat Allah, kawedhar saking sabda Kanjeng  Nabi Muhammad SAW:

عّن أَنَسٍ قَالَ إِذَا اَرَادَ اللًٰهُ بِاَهؐلِ بَیتٍ خَیرًا فَقَّهُم فِی الدِّینِ وَوَقَرَصَغِیرُهُم کَبِیرُهُم وَرَزقَهُمُ الر ِفقَ فِی مَعِیشَتِهم والقَصدَ  قی نَفَقَاتِهِم  وَبَصَّرِعُیُوبَهم فَیَتُوبُوامِنها.  رواه الدرقطنی

Kariwayataken saking Anas: “Rikalane Allah ngersakake sawijining keluwarga pikoleh kabecikan, Allah dadekake tumrap dheweke faqih/paham ing ajarane agama, kang enom ngormati marang kang luwih sepuh, (Allah) paring nugraha rejeki kang becik ing panguripane, gemi anggone blanjakake nafkahe, lan (Allah) ngetingalakeke keluputane dheweke supaya cepet taubat.”. (HR. Daruquthni).

Hadist kasebat paring pitedah bilih gesang bebrayan ingkang bagya mulya/ sejahtera punika ingkang saget nglampahi gangsal perkawis inggih punika:

  1. Ngayati Lan Nuhoni Anggenipun Nindakaken Agami

Menawi boten dipun ayati lan dipun tuhoni babagan nindakaken agami, gesang bebrayan badhe karaos cemplang. Prasasat sepen saking barokah lan rahmatipun Allah, gesang bebrayan dados wingit, boten saget dhatengaken raos jenjem miwah tentrem.

Pramila Allah sampun paring pemut dhumateng kita:

وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ نَسُوا اللّٰهَ فَاَنْسٰىهُمْ اَنْفُسَهُمْۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ

Lan sira aja dadi kaya dene wong kang padha supe marang Allah, banjur Allah dadekake dheweke padha lali marang awake dhewe. Dheweke iku wong-wong kang pada fasik”. (QS. Al-Hasyr:19).

  1. Ngabekti Dhumateng Tiyang Sepuh Kekalih

Kormatipun putra dhumateng tiyang sepuh mujudaken setunggaling perkawis ingkang pengaji, kepara boten saget tinumbas miwah dipun luru. Kormatipun putra dhumateng tiyang sepuh namung badhe saget kelampahan kanthi anggegulang ing saben dintenipun saha linampahan kanthi kebak kesabaran, kanthi temen ugi tuladha saking tiyang      sepuh punika piyambak. Tiyang sepuh mujudaken dwija ingkang sejati lan utami. Kados atur sahabat Ali bin Abi Thalib:

عَلِمُواأَوؐلَادَکُمؐ فَإِنَّهُمؐ مَخؐلُوقُونَ لِزَمَانٍ غَیؐرِزَمَانِکُم

Gegulangen anak-anakira. saktemene dheweke cinipta ing sawijing zaman kang beda kelawan zamanira.”

Menawi tiyang sepuh boten saget gegulang putranipun awit cupetipun wekdal utawi kathahipun ayahan, pramila badhe kedadosan lokakipun sesambetan batos antawisipun putra kaliyan tiyang sepuhipun, sahengga tiyang sepuh badhe kecalan kawibawan ingkang mahanani icalipun raos kormat para putra dhumateng tiyang sepuhipun

  1. Prabeya Keluwarga Saking Rezeki Ingkang Halal

Rezeki ingkang dipun pikantuki saking margi ingkang halal badhe mahanani sadengah perkawis ingkang sae lan saget dhatengaken barokah saking Allah SWT. Semanten ugi kosok wangsulipun menawi rezeki punika dipun pikantuki kanthi cara ingkang haram badhe mahanani sadengah perkawis ingkang awon saha boten saget dhatengaken barokah saking Allah SWT tumrap diri saha keluwarga. Sinaosa korinipun rezeki punika mawerni-werni, ananging badhe tansah karaos kirang sahingga boten saget dhatengaken katentreman kepara sewalikipun . Allah sampun paring firman:

۞ ….. ۗ وَعَلَى الْمَوْلُوْدِ لَهٗ رِزْقُهُنَّ وَكِسْوَتُهُنَّ بِالْمَعْرُوْفِۗ …

Lan kwajibane Bapa iku menehi pangan lan sandhangan marang wong wadon kanthi cara kang ma’ruf ……” (QS. Al Baqarah: 233).

  1. Gesang Prasaja

Gemi anggenipun blanjakaken banda, boten kumet ugi boten empros-emprosan mujudaken dhawuh saking tuntunaning agami.  Wonten ing bab punika  Allah dhawuh:

وَلَا تَجْعَلْ يَدَكَ مَغْلُوْلَةً اِلٰى عُنُقِكَ وَلَا تَبْسُطْهَا كُلَّ الْبَسْطِ فَتَقْعُدَ مَلُوْمًا مَّحْسُوْرًا

Sira aja dadekake tanganira kablenggu ana ing gulunira (kumet) lan aja banget anggonira ngulurake (empros-emprosan) kanthi mengkono sira bakal cinacat lan keduwung”. (Al Isra’: 29)

 

  1. Nglenggana Khilaf Lan Lepatipun

Saben priyantun mesthi kemawon nate tumindak lepat, pramila supados gegancangan nyuwun pangapunten dhumateng Allah, ugi nyuwun pangapunten rikalanipun lepat, saha sami paring pangapunten ing antawisipun sesami warga ing keluwarga. Kalepatan saget nuwuhaken renggangipun sesrawungan, sahengga saget ngreridhu tuwuhipun raos tresna lan asih kepara saget ngrisak wetahipu gesang bebrayan.

Kaum Muslimin Ingkang Dipun Rahmati Allah,

Kaping Kalih, keluwarga sakinah saget ngrampitaken sadengah perkawis ingkang tuwuh saking salebetipun bebrayan. Sedaya keluwarga mesthi gadhah perkawis piyambak-piyambak sae ingkang sipatipun pribadi utawi antawisipun sesami  warga ing keluwarga. Perkawis punika limrah kemawon linangkung menawi antawisipun priyantun punika benten adat ugi pribadinipun. Pinangka mujudaken keluwarga ingkang sakinah sedaya kedah ngupiya saget ngrampitaken perkawis ingkang tuwuh kanthi sak sae-saenipun. Utawi paling boten saget ngleremaken supados boten ngombro-ombro.

Kaum Muslimin Ingkang Bagya Mulya.

Kaping Tiga : Ikhtiyar lan syukur.  Islam paring tuntunan dhumateng kita bilih punapa kemawon ingkang dumados mujudaken taqdir saking Allah, lan kita kedah saget nampi kasunyatan gesang ingkang kedadosan punika. Ananging anggenipun nampi kawontenan punika boten ateges nglokro namung kedah sinartan ikhtiyar utawi ngupiya kanthi ingkang saestu. Kanthi makaten manungsa kedah ngupiya lan ikhtiyar ingkang sinartan pandonga lan tawakal dhumateng Allah SWT. Rasulullah SAW sampun paring sabda:

Satemene  Allah wus majibake tumrap sira kabeh kanggo ngupiya, mula iku padha ngupiyaha”. (H.R. Thabrani dari Ibnu ‘Abbas).

Kaum muslimin ingkang bagya mulya.

Kaping Sekawan: nindakaken jejibahan ingkang pas magepokan kaliyan kalenggahanipun gesang bebrayan.

Ing dalem keluwarga sakinah, bapa, biyung lan putra gadhahi jejibahan ugi tanggel jawab ingkang boten sami. Bapa pinangka kepala keluwarga gadhah jejibahan saha tanggel jawab sedayanipun. Inggih punika paring nafkah sedaya keluwarga ugi paring tuntunan saha seserepan dhumateng semah lan putra-putranipun. Biyung pinangka ibu rumah tangga, gadhah jejibahan ngampingi semah anggenipun gula wenthah putra-putranipun. Putra igkang samangkih badhe nglajengaken jangka-jangkahipun tiyang sepuh gadhah kewajiban kormat saha bangun miturut lan ngabekti dhumateng tiyang sepuhipun. Antawisipun, bapa, biyung, kaliyan putra kedah tansah reruntungan kebak raos tresna lan asih.

Kaum Muslimin Rahimakumullah,

Mijilipun keluwarga sakinah ingkang kados kasebat wonten ing nginggil kedah dipun upiyakaken saha karantam ingkang saestu jangkep. Ing antawisipun kedah gadhahi kapitadosan ingkang sami, tingkat pasinaonipun, pakaryan lan pangupa jiwa, ugi anggadhahi raos  tanggel jawab ingkang ageng ingkang badhe dipun adhepi.

Mugi-mugi Allah Azza wa Jalla paring hidayah dhumateng kita sahingga kuwawi nglampahi kados ingkang sampun didhawuhaken Allah SWT lan katuladhakaken dening Baginda Nabi Agung Muhammad SAW .

اَقُولُ قَولِی هٰذَا وَأَستَغفِرُ اللّٰهَ لِی وَلَکُم وَلِسَاٸِرِ المُسلِمِینَ وَالمُسلِمَاتِ وَالمُٶؐمِنِینَ وَالمُٶمِنَاتِ فَأَستَغفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَالغَفُورُالرَّحِیمُ

 

Khutbah II

اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمؐ وَبَارِکؐ عَلٰی سَیِّدِنَامُحَمَّدٍ أَفضَلِ الأَنبِیَاءِ وَالمُرسَلِینَ وَعَلٰی اٰلِهٖ وَأَصحَابِهٖ أَجمَعِینَ

 أَمَّا بَعْدُ،

 فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ : إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا،

 اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

 اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ،

 اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وصَلِّ اللهمَّ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمّدٍ وَعَلىَ آلِهِ وصَحْبِهِ وَسَلِّمْ وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

 

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*