Edisi 198 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Wigatosipun Njagi Lisan

WIGATOSIPUN NJAGI LISAN

Ustadz Sumedi

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ

أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

 

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Murwakani khutbah, sumangga kawula dherekaken ngunjukaken syukur namung dhumateng Allah, kanthi syukur ingkang sakyektosipun, syukur kanthi  manah, lisan sarta amalan awit sedaya rahmat sarta kenikmatan ingkang sampun Allah paringaken dhumateng kita sami. Sinarta penyuwunan, mugi Allah SWT tansah nglanggengaken sedaya rahmat lan nikmat sahingga kita saget istiqomah ing ndalem thaat dhumateng ngarsanipun Allah satemah samangke saget manggih husnul khatimah. Aamiin

Shalawat sarta salaam mugi tansah dipun limpahaken dhumateng junjungan kita, priyagung minulya, kekasihipun Allah, panutan sedaya umat, Nabi Muhammad SAW, sumrambah dhumateng sedaya keluarga, shahabat saha umat pendherek risalahipun. Kairing pangajab mugi kita pantes dados umatipun ingkang ing mbejang sembada pikantuk syafaatipun.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Salajengipun Khatib caos wasiat, utaminipun dhumateng  diri kawula pribadi khatib lan ugi dhumateng Jama’ah sedayanipun,  sumangga kita tansah ningkataken  ketaqwaan kita dhumateng Allah SWT, wonten ing sadengah wekdal saha panggenan. Mugi-mugi  Allah SWT tansah ngluberaken barokah ingkang sakelangkung kathah, sae ingkang dhatengipun saking langit utawi saking salebetipun bumi, kados ginambar wonten firmanipun Allah :

وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَى آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ وَلَكِنْ كَذَّبُوا فَأَخَذْنَاهُمْ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ

Saupama penduduk ing sawijining laladan padha iman lan takwa, temen Ingsun bakal bukakake barokah saka langit lan bumi, ananging dheweke padha anggorohake (marang ayat-ayat Ingsun), mula dheweke Ingsun siksa amarga tumindake dhewe.” (QS. Al-A’raf, 7: 96)

Manungsa dipun cipta dening Allah kanthi sak sae-saenipun ciptaan dipun paringi mawerni-werni kautamen ingkang mboten pinaringaken dhumateng makhluk sanesipun salah setunggalipun inggih punika saget wicanten kanthi lisanipun.

Allah paring firman wonten ing Surat Ar Rahman ayat 1-4

اَلرَّحْمٰنُۙ عَلَّمَ الْقُرْاٰنَۗ خَلَقَ الْاِنْسَانَۙ عَلَّمَهُ الْبَيَانَ

  1. (Allah) Kang Maha Asih,
  2. Kang wis ngajarake Al-Qur’an.
  3. Panjenengane wis nyipta manungsa.
  4. Panjenengane ngajarake pinter micara.

Wicanten utawi pangandikan mboten pikantuk sakajengipun piyambak, awit pocapan ingkang sampun medal saking lisan kita mboten saget kita tarik malih. Pocapan kita saget ndhatengaken manfaat, raos suka, semangat kepara sak walikipun saget ndhatengaken  madharat, raos sedhih, putus asa. Kanthi makaten kita kedah ngatos-atos ampun ngantos lisan kita ndhatengaken madharat saha nyakiti dhumateng sesami.

Saben dinten kita sesrawungan kaliyan tiyang sanes wiwit saking keluwarga, sedherek, rencang, tanggi, ngantos sinten kemawon tanpa winates. Kanthi makaten njagi lisan kita punika mujudaken perkawis ingkang kedah kita gatosaken. Ampun ngantos awit kalepatan lisan kita ndadosaken risakipun pasedherekan, kekancan, saha sesrawungan sanesipun.

Menawi kita njagi lisan ateges kita sampun njagi kehormatan dhiri kita. Mboten wonten raos ajrih dhumateng kita, tiyang sanes mitadosi dhumateng kita rikalanipun pangandikan utawi musyawarah. Gampilipun rembag tiyang badhe rumaos aman lan nyaman mboten pikantuk gangguan saking lisan kita. Kosok wangsulipun menawi lisan kita mboten dipun jagi sahingga menawi pangadikan sakajengipun piyambak, mboten nggatosaken paugeran utawi pangraos tiyang sanes,  temtu tiyang sanes mboten remen dhumateng kita kepara rumaos kaganggu menawi kita wonten ing mriku. Pentingipun njagi lisan kathah katerangaken wonten ing Al Quran saha wonten ing Hadits.

Saweneh Ayat babagan njagi Lisan

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًايُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَمَن يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

Artosipun : “Hewong-wong kang padha iman, takwa-a sira kabeh marang Allah lan wicara-a sira kang bener, temen Allah bakal ndandani  amal-amalira lan ngampura marang dosa-dosanira. Sapa wae kang taat marang  Allah lan Utusane , mangka satemene dheweke iku wis pikoleh kemenengan kang Agung ” [Al-Ahzab : 70-71].

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اجْتَنِبُوا كَثِيرًا مِّنَ الظَّنِّ إِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ إِثْمٌ ۖ وَلَا تَجَسَّسُوا وَلَا يَغْتَب بَّعْضُكُم بَعْضًا ۚ أَيُحِبُّ أَحَدُكُمْ أَن يَأْكُلَ لَحْمَ أَخِيهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوهُ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ تَوَّابٌ رَّحِيمٌ

Artosipun: “He wong-wong kang padha iman, sira ngedohana akehing prasangka, awit satemene saperangan prasangka iku dosa. Sira aja nggoleki keluputane liyan lan seperangan sira aja padha nggunjing saperangan liyane. Apa sira seneng mangan daginge sedulure kang wis mati ? Mesthi sira bakal rumangsa jijik Amarga iku. Lan takwa-a sira marang Allah. Satuhune Allah Maha nampa  taubat lan Maha Asih” [Al-Hujurat : 12].

وَلَقَدْ خَلَقْنَا الْإِنسَانَ وَنَعْلَمُ مَا تُوَسْوِسُ بِهِ نَفْسُهُ ۖ وَنَحْنُ أَقْرَبُ إِلَيْهِ مِنْ حَبْلِ الْوَرِيدِ إِذْ يَتَلَقَّى الْمُتَلَقِّيَانِ عَنِ الْيَمِينِ وَعَنِ الشِّمَالِ قَعِيدٌ مَّا يَلْفِظُ مِن قَوْلٍ إِلَّا لَدَيْهِ رَقِيبٌ عَتِيدٌ

Artosipun: “Lan satemene Ingsun wis nyipta  manungsa lan ngawuningani apa kang denwisikake dening atine, lan Ingsun luwih cerak marang dheweke tinimbang urat gulune , (yaiku) rikalane malaikat loro nyathet amal tumindake, kang siji lungguh ing siring tengen lan kang siji lungguh ing siring kiwa. Ora ana sawijining wicara kang den pocapake kejaba ing sacerake ana malaikat  pengawas kang tansah hadir” [Qaf : 16-18] .

وَالَّذِينَ يُؤْذُونَ الْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ بِغَيْرِ مَا اكْتَسَبُوا فَقَدِ احْتَمَلُوا بُهْتَانًا وَإِثْمًا مُّبِينًا

Artosipun: “Lan wong-wong kang nglarani atine wong-wong mu’min lan mu’minat tanpa kesalahan kang ditindakake dheweke, mangka satemene dheweke wis  mikul gegoroh lan dosa kang nyata” [Al-Ahzab : 58].

Saweneh Hadist babagan njagi Lisan

Pentingipun njagi lisan ugi kawedhar wonten ing hadits.

سلامة الإنسان في حفظ اللسان

Artosipun : “Keslametane manungsa iku gumantung anggone njaga lisane .” (HR. al-Bukhari).

Wonten ing riwayat sanes ugi kasebataken :

عَنْ أَبِى هُرَيْرَةَ رضي الله عنه عَنْ رَسُولِ اللَّهِ صلى الله عليه وسلم قَالَ: «مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الآخِرِ، فَلْيَقُلْ خَيْرًا أَوْ لِيَصْمُتْ، وَمَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الآخِرِ، فَلْيُكْرِمْ جَارَهُ، وَمَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الآخِرِ، فَلْيُكْرِمْ ضَيْفَهُ

Saking Abu Hurairah RA bilih Rasulullah SAW paring sabda, “Sapa wonge kang iman marang Allah lan dina Akhir, samesthine dheweke omong kang becik utawa meneng ; Sapa wonge kang iman marang Allah lan dina Akhir, supaya dheweke ngormati tanggane ; Sapa wonge kang iman marang Allah lan dina Akhir , supaya dheweke mulyakake tamune .”(HR. Bukhari dan Muslim)

Kariwayataken dening Ahmad, Rasulullah SAW paring sabda:

عليك بطول الصمت فإنه مطردة الشيطان وعون لك علي أمردينك

Artosipun : “Samesthine sira akeh anggone meneng , awit meneng iku bisa nyingkirake  setan lan mitulungi urusan agamanira.” (HR. Ahmad).

Wonten ing riwayat Muslim ugi kasebatyaken :

إِنَّ الْعَبْدَ لَيَتَكَلَّمُ بِالْكَلِمَةِ، يَنْزِلُ بِهَا فِي النَّارِ أَبْعَدَ مَا بَيْنَ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ

Artosipun : “Satemene menawa sawijining kawula ngucapake  kalimat tanpa dipikir luwih dhisik , kanthi iku dheweke tiba ing sajrone naraka kang adohe kaya adohe wetan lan kulon.” (HR. Muslim no. 2988).

Kariwayataken dening Bukhari wonten ing kitab Shahih hadits no. 6474 saking  Sahl bin Sa’id bilih Rasulullah paring sabda:

مَنْ يَضْمَنَّ لِي مَابَيْنَ لِحْيَيْهِ وَمَا بَيْنَ رِجْلَيْهِ أَضْمَنْ لَهُ الْجَنَّةَ

Artosipun: “Sapa wae kang nyaosi jaminan marang Ingsun (kanggo njaga ) apa kang ana ing antarane janggute lan sukune, mangka ingsun maringi jaminan marang dheweke mlebu swarga“.

Ingkang dipun maksud inggih punika lisan lan pesaron.

Njagi lisan saget dipun lampahi kanthi kalih perkawis inggih punika kanthi pangandikan ingkang sae utawi mendel menawi mboten saget ngendika kanthi sae.

Priyantun ingkang saget njagi lisanipun badhe pikantuk mapinten-pinten kautamen utawi fadhilah kados ingkang saget kita wedharaken wonten ing mriki:

  1. Dipun janjekaken swarga

Kados ingkang kaweca wonten ing hadis ingkang kariwayataken Al Bukhari:

مَنْ يَضْمَنَّ لِي مَابَيْنَ لِحْيَيْهِ وَمَا بَيْنَ رِجْلَيْهِ أَضْمَنْ لَهُ الْجَنَّةَ

Artosipun: “Sapa wae kang nyaosi jaminan marang Ingsun (kanggo njaga ) apa kang ana ing antarane janggute lan sukune, mangka ingsun maringi jaminan marang dheweke mlebu swarga“.(HR. Al-Bukhari).

  1. Pikantuk ganjaran ingkang agung

Wonten ing Al-Qur’an surat  An-Nisa ayat 144, Allah paring firman :

لَّا خَيْرَ فِى كَثِيرٍ مِّن نَّجْوَىٰهُمْ إِلَّا مَنْ أَمَرَ بِصَدَقَةٍ أَوْ مَعْرُوفٍ أَوْ إِصْلَٰحٍۭ بَيْنَ ٱلنَّاسِ ۚ وَمَن يَفْعَلْ ذَٰلِكَ ٱبْتِغَآءَ مَرْضَاتِ ٱللَّهِ فَسَوْفَ نُؤْتِيهِ أَجْرًا عَظِيمًا

Artosipun: “Ora ana kabecikan saka akehing wicara rahasiane dheweke, kejaba wicara rahasia saka wong kang mrintahake sedekah, utawa tumindak kabecikan, utawa nganakake bedhamen ing antarane manungsa. Sapa wae kang nindakake kaya mangkono iku Amarga ngupadi karidhaning Allah, mangka ingsun bakal maringi dheweke ganjaran kang agung.” (QS. An-Nisaa'[4]: 114).

  1. Kalebet ewonipun Muslim ingkang utami

Kanthi njagi lisan, umat islam badhe kalis saking wicanten ingkang nuwuhaken dosa. Setunggalipun wekdal Rasulullah SAW dipun pundhuti pirsa , “Sinten Muslim ingkang paling utami?” Rasulullah paring jawab, “Wong kang bisa njaga lisan lan tangane saka tumindak ala marang wong liya.” (HR. Bukhari).

  1. Katebihaken saking kasirnan

Wonten ing setunggalipun hadits, Rasulullah njelasaken bilih tiyang-tiyang ingkang wicanten tanpa dipun penggalih langkung rumiyin badhe sirna wonten ing akhirat. Kepara pasuryanipun badhe nyungsep wonten ing neraka.

Rasulullah SAW paring sabda dhumateng Mu’adz bin Jabal r.a., “Apa sira gelem ingsun paringi pirsa babagan kuncine sadengah perkara ?” Jawabipun : “Purun duh Rasulullah.” Pramila lajeng nyepeng lidahipun kaliyan sabda, “Jaganen iki”. Piyambakipun pitanglet , “Duh Rasulullah, punapa kita badhe dipun tuntut (dipun siksa) awit menapa ingkang kita ucapaken ?” Lajeng kanjeng Nabi paring sabda , “Cilaka sira. Apa ana kang ndadekake wong nyungsep raine ing neraka saliyane pocapan lisane?” (HR. Tirmidzi).

  1. Pikantuk ridha Allah SWT

Wonten ing setunggalipun hadits, Rasulullah SAW paring sabda, “Satemene sawijining wong wicara kanthi sawijining kalimat kang diridhani dening Allah lan dheweke ora nyana  bakal tumeke marang dheweke (kang den tetepake dening ), banjur Allah nyathet karidhan tumrap dheweke ing dina deweke pinanggih marang Allah.” (HR. At Tirmidzi, Ibnu Majah, Al- Imam Malik lan Ahmad).

  1. Caket kaliyan Nabi Muhammad SAW wonten ing swarga

Lisan saha seratan ingkang tansah jinagi kanthi sae mujudaken pondasi akhlak ingkang luhur . Sinten ingkang njagi akhlak saenipun badhe mbeta piyambakipun  caket kaliyan  Nabi SAW ing swarga.

Satemene wong kang paling ingsun tresnani ing antarane sira kabeh lan kang paling cerak tempat lungguhe marang ingsun ing dina  kiamat yaiku sira kang  paling becik  akhlake.” (HR. Ath-Tirmidzi).

Makaten pentingipun kita kedah tansah njagi lisan kita. Ampun ngantos  gara -gara lisan kita ingkang mboten jinagi kanthi sae ndadosaken risakipun sesrawungan kita dhumateng tiyang sanes. Mugi-mugi kanthi khutbah singkat punika ndadosaken kita langkung sae anggenipun sesrawungan ingkang badhe mbeta kabejan wiwit donya punika ngantos akhirat samangkih.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ وَاسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم

Khutbah II

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَمَّا بَعْدُ : فَيَااَ يُّهَاالنَّاسُ !! اِتَّقُوااللهَ تَعَالىَ. وَذَرُوالْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَوَمَابَطَنْ. وَاعْلَمُوْااَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ.

فَقَالَ  اَللَّهُ تَعَالىَ: اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

اللَّهُمَّ اكْفِنَا بِحَلاَلِكَ عَنْ حَرَامِكَ وَأَغْنِنَا بِفَضْلِكَ عَمَّنْ سِوَاكَ

اللَّهُمَّ أَحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِى الأُمُورِ كُلِّهَا وَأَجِرْنَا مِنْ خِزْىِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الآخِرَةِ

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ

رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*