Edisi 204 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Samekta Mangayu Bagya Wulan Suci Ramadhan 1446 H

SAMEKTA MANGAYU BAGYA

WULAN SUCI RAMADHAN 1443 H

Ustadz H Ir. Imam Taufik

 

Khutbah I

إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ

الحمد لله رب العالمين القائل :وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا رَحْمَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

صَلَّى اللهُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ سَارَ عَلَى نَهْجِهِ القَوِيْمِ وَدَعَا إِلَى الصِّرَاطِ المُسْتَقِيْمِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا

أما بعدُ

فيا عباد الله أوصيكم وإيّاي نفسي بتقوى الله حقّ تقاته فقد فاز المتقون.

Hadirin Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah

Mboten kendhat anggen kita ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng  Allah SWT ingkang sampun maringaken dhumateng kita  nikmat iman lan Islam; pinangka nugraha ingkang sakelangkung agung saking Allah dhumateng kawulanipun.

Shalawat sarta salam mugya tansah lumintu mboten kendhat dhumateng  Nabi Muhammad SAW sarta kulawarga lan shahabatipun.

Pinangka  khatib kawula  caos wasiyat supados kita tansah anjagi saha ningkataken iman saha taqwa wonten ing ndalem diri kita,  awit  izzah kita wonten ngarsanipun Allah SWT gumantung dhumateng iman lan taqwa ingkang wonten ing salebetipun ati  sanubari kita kados ingkang sampun kafirmanaken dening Allah:

وَلا تَهِنُوا وَلا تَحْزَنُوا وَأَنْتُمُ الْأَعْلَوْنَ إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ

Sira aja ringkih lan uga aja sedhih, kamangka sira iku wong-wong kang unggul drajate menawa sira padha iman. ” (Ali Imran 138)

Ugi wonten ing Surat Al Hujurat ayat 13.

إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ

Satemen wong kang paling mulya ing antarane sira kabeh ing ngersane Allah yaiku wong kang paling takwa ing antaranira. Satuhune  Allah Maha Pirsa miwah Maha Ngawunigani.”

Hadirin Jamaah Jumat ingkang bagya mulya.

Kalih wulan malih, kanthi izinipun Allah SWT,  kita badhe lumebet wonten ing wulan minulya, inggah wulan suci ramadhan. Rikalanipun kita mangayu bagya  temtu kedah nglampahi mapinten-pinten cecawis.

Mbok bilih sampun kathah ingkang sami mangertos, para ulama cecawis mangayu bagya dhatengipun wulan Ramadhan wiwit wulan Rajab. Bab punika ketawis saking doa ingkang piyambakipun waos:

اَللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِى رَجَبَ وَ شَعْبَانَ وَ بَلِغْنَا رَمَضَانَ

Mugi Allah paring barakah wonten ing wulan Rajab lan Sya’ban, sarta manggihaken kita dhumateng wulan Ramadhan

Dados anggenipun cecawis mboten namung sedinten kalih dinten sakderengipun Ramadhan. Kepara kalih wulan sak derengipun dhatengipun wulan Ramadhan. Inggih punika wiwit wonten ing wulan Rajab. Kepara wonten ulama ingkang sami doa wiwit nem wulan sak derengipun Ramadhan, sampun nyuwun supados dipun panggihaken kalian wulan Ramadhan.

Lajeng kados pundi anggen kita cecawis mangayu bagya wulan Ramadhan ?

Hadirin Jamaah Shalat Jumat ingkang bagya mulya..

Paling mboten wonten sekawan perkawis ingkang kedah kita cawisaken kagem mangayu bagya wulan suci Ramadhan

  1. Nyamektakaken Ruhiyah

Anggen kita nyiapaken ruhiyah inggih punika kanthi ngresikaken manah saking sadengah penyakit aqidah sahingga saget nglairaken niat ingkang ikhlas.

Allah Subhanahu wa Ta’ala negasaken pentingipun ngresikaken manah (tazkiyatun nafs) wonten ing firmanipun:

قَدْ أَفْلَحَ مَنْ زَكَّاهَا

Temen beja kemayangan wong kang padha nyucekake jiwane” (QS. Asy-Syams : 9)

Namung kanthi keikhlasan kita saget pikantuk kautamenipun siyam. Utaminipun ingkang arupi pangapunten awit  dosa-dosa saderengipun.

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

Sapa wae kang nindakake pasa karana  iman lan ngarep-arep petungane ganjaran bakal den apura dosa dosane kang uwis-uwis. (Muttafaq ‘Alaih)

Nyamektaken  ruhiyah ugi kalebet nyiapaken sadengah kawontenanipun ruhiyah kita sahengga rumaos remen rikalanipun mangayu bagya datengipun wulan ingkang minulya. Kalebet ndedonga nyuwun supados dipun panggihaken kaliyan wulan Ramadhan saha nyiapaken bilih jiwanipun estu-estu ngraosaken  tanda-tanda kehadiranipun wulan Ramadhan.

  1. Nyamektaken ilmu (Fikriyah)

Ingkang supados  Ramadhan kita estu-estu mentes, kita perlu nyamektakaken diri kanthi  persiapan fikriyah tsaqafiyah. Inggih punika  persiapan ilmu lan wawasan keislaman.

Saderengipun Ramadhan dumugi saenipun  kita sampun nyamektakaken diri kita kanthi ilmu agami utaminipun ingkang gegayutan kaliyan amaliyah ing wulan Ramadhan. Ngengingi  kewajiban siyam, kautamenipun siyam, fiqih siyam wiwit niatipun siyam Ramadhan ngantos sunnah-sunnahipun ugi perkawis ingkang mbatalaken siyam. Ugi amaliah Ramadhan kados  tarawih, i’tikaf, zakat, lan sanes-sanesipun.

Kagem perkawis punika  kita saget maos Fiqih Sunnah Sayyid Sabiq, Fiqih Siyam Dr. Yusuf Qardahawi, Fiqih Islam wa Adillatuhu anggitanipun Syaikh Wahbah Az Zuhaili lan sanes-sanesipun.

Nyamektakaken  ilmu punika saestu penting. Imam Bukhari ngripta  bab khusus wonten ing Shahih-ipun kanthi irah-irahan Al-Ilmu Qabla Al-Qaul wa Al-Amal (Ilmu saderengipun  Ucapan lan Amal). Awit  tanpa ilmu, kados pundi kita badhe saget ngamal kanthi leres?

Pemahaman ilmu syar’i punika ugi mujudaken tandhe kesaenan ingkang dipun kersakaken dening Allah dhumateng setunggalipun tiyang. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam sampun paring sabda:

مَنْ يُرِدِ اللَّهُ بِهِ خَيْرًا يُفَقِّهْهُ فِى الدِّينِ

Sapa wae kang den kersakake dening Allah bakal kabecikan mangka dheweke  den fahamake bab (ilmu) agama. “

  1. Nyamektakaken Badan (Jasadiyah)

Nyiapaken badan utawi fisik saestu baken rikalanipun badhe nindakaken amaliah Ramadhan. Tanpa nyiapaken ingkang sacekap, saget anjalari ibadah kita ing samangke mboten badhe sampurna lan mboten badhe lumampah ingkang sak mesthinipun.

Bab punika awit wonten ing Ramadhan badhe nuwuhaken gilir gumantos saben dintenipun benten kaliyan padatan ing wulan-wulan saderengipun.

Kados pundi anggenipun sami makarya ugi tetep produktif wonten ing pakaryanipun piyambak-piyambak sinaosa wonten ing salebetipun nindakaken siyam. Kita ugi badhe nindakaken ibadah wonten ing ndalem perangan ingkang langkung dangu tinimbang saderengipun. Wiwit shalat tarawih ngantos tilawah ingkang langkung kathah tinimbang adat sabenipun.

Pramila kita perlu nyamektakaken  jasadiyah kita kanthi olah raga ingkang teratur, njagi kesehatan badan, lan kebersihanipun lingkungan. Wonten perkawis punika logika akal pinanggih kaliyan kautamen syar’i kados ingkang kababar ing hadits nabi:

الْمُؤْمِنُ الْقَوِىُّ خَيْرٌ وَأَحَبُّ إِلَى اللَّهِ مِنَ الْمُؤْمِنِ الضَّعِيفِ

Mukmin kang kuat iku luwih utama lan luwih den tresnani dening Allah tinimbang mukmin kang ringkih.” (HR. Muslim)

  1. Nyamektakaken Bandha (Maliyah)

Kita nyamektakaken punika mboten namung kagem mundhut ageman ingkang enggal, dhaharan ingkan eco kagem buka la sahur utawi kagem Idul Fitri, lan sanes-sanesipun.

Kita mbetahaken werdana ingkang langkung kathah kagem ngathah-athahaken infaq, maringi ifthar tiyang sanes saha paring biyantu ingkang mbetahaken. Temtu kemawon mligi kagem ingkang kajembaran rizki ingkang sampun dumugi nishab lan haul wajib nyiyapaken zakatipun.

Rasulullah sampun paring tuladha bilih panjenenganipun punika priyantun ingkang paling dermawan lan tambah dermawanipun rikalanipun wonten ing wulan Ramadhan. Mugi-mugi Allah nggampilaken kita nuladhani panjenenganipun.

Wallahu a’lam bish shawab.

Hadirin Jamaah Shalat Jumat ingkang bagya mulya..

Mugi-mugi  Allah SWT kepareng manggihaken kita kaliyan wulan ramadhan tahun punika wonten ing kawontenan ruhiyah, fikriyah,jasadiyah lan maliyah ingkang sakelangkung sae.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم

Khutbah II

اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَمَّا بَعْدُ،

فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا،

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ،

اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

رَبّنَا لاَتُؤَاخِذْ نَا إِنْ نَسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبّنَا وَلاَ تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الّذِيْنَ مِنْ قَبْلِنَا رَبّنَا وَلاَ تًحَمّلْنَا مَالاَ طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلاَنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى ، والتُّقَى ، والعَفَافَ ، والغِنَى

اللهمّ أحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِي الأُمُورِ كُلِّهَا، وَأجِرْنَا مِنْ خِزْيِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الآخِرَةِ

رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ.

وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*