GANGSAL SARANA MURIH ISTIQOMAH
IBADAH RAMADHAN
Ustadz Zamroni Prianto, S.Pd
Khutbah Kapisan
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ
أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Murwakani khutbah, sumangga kawula dherekaken ngunjukaken syukur namung dhumateng Allah, kanthi syukur ingkang sakyektosipun, syukur kanthi manah, lisan sarta amalan awit sedaya rahmat sarta kenikmatan ingkang sampun Allah paringaken dhumateng kita sami. Sinarta penyuwunan, mugi Allah swt tansah nglanggengaken sedaya rahmata lan nikmat sahingga kita saget ndalem istiqomah thaat dhumateng ngarsanipun satemah samangke saget manggih husnul khatimah. Aamiin
Shalawat sarta salaam mugi tansah dipun limpahaken dhumateng junjungan kita, priyagung minulya, kekasihipun Allah, panutan sedaya umat, Nabi Muhammad SAW, sumrambah dhumateng sedaya keluarga, shahabat dan umat pendherek risalahipun. Kairing pangajab mugi kita pantes dados umatipun ingkang ing mbejang sembada pikantuk syafaatipun.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Kantun petangan dinten, kita insya Allah badhe pinanggih tamu agung, rahmatipun Allah, Syahrul Mubarok, Ramadhan mubarok. Wulan kekucahipun Allah tumrap tiyang-tiyang ingkang beriman, awit injih namung tiyang ingkang beriman ingkang kuwawi manggih dalah nampi kekucah agungipun wulan Ramadhan ingkang kebak barakah.
Jumbuh kalih dhawuh pandangunipun Allah :
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ ١٨٣
“Hai wong kang podho iman, diwajibake marang siro kabeh shiyam, kaya kang wus diwajibake marang wong-wong sakdurungiro, supoyo siro kabeh podho taqwa.” (QS Al-Baqarah :183)
Wonten ing ayat menika, titah ingkang dipun dhawuhi lan dipun dangu injih menika tiyang-tiyang ingkang sami iman. Awit injih namung tiyang-tiyang ingkang sami iman, ingkang rikala dipun dangu Allah lan Rasulipun, sami samapta, kanthi sami’na wa atha’na, kawula midhanget lan kawula thaat.
Tiyang ingkang ing manahipun kacondhokan iman, temtu rikala pikantuk dhawuh saking Allah badhe gegancangan samapta sumadiya nyendikani kanthi kebak ketaatan, datan wigah-wigih nopo malih tuwuh panganyang. Inggih awit tiyang ingkang sami iman, anggadhahi kapitadosan bilih ketaatanipun dhumateng Allah badhe wangsul malih dhumateng piyambakipun, maujud dados katentremaning gesang ing donya dumugi akhirat.
Ma’asyirol muslimin rahimakumullah
Namung ewa semanten kita mangertos lan rumaos, bilih keimanan makaten wonten owah gingsiripun, wonten mangsa kuwawi lan ringkihipun.
Semanten ugi, rikala kita ngadani pangibadahan, makmuraken wulan Ramadhan, kita saget mangertosi kawontenan, mindhak lan mandhapipun semangat ibadah. Ing awal Ramadhan, semangat menika makantar-kantar, namung humiring lumampahipun wekdal, semangat menika saget ugi saya dangu saya kirang. Tiyang ingkang imanipun sehat, temtu badhe tanggap dhumateng tanda-tanda rikala semangat ibadahipun menika ewah.
Tiyang ingkang tansah ngantu-antu maghfirohipun Allah saha kekucahipun Allah arupi suwarga, temtu badhe budidaya amrih istiqomah ing ndalem taat ibadahipun. Sahingga rikala semangat menika kraos nglokro piyambakipun lajeng ngupaya sarana murih sanget ngrembakakaken semangatipun malih. Ngiyataken istiqomahipun malih.
Inggih awit emut lan pitados dhumateng Dhawuh Pangandikanipun Allah:
اِنَّ الَّذِيْنَ قَالُوْا رَبُّنَا اللّٰهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوْا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ اَلَّا تَخَافُوْا وَلَا تَحْزَنُوْا وَاَبْشِرُوْا بِالْجَنَّةِ الَّتِيْ كُنْتُمْ تُوْعَدُوْنَ ٣٠
“Satemene wong-wong kang podho ngandhaake: Robbku yaiku Alla, banjur dheweke podho istiqomah, mangka Malaikat bakal tedhak marang dheweke kanthi ngendika : Ojo siro wedi lan ojo rumangsa sedih”, lan senengno dheweke kanthi suwargo kang wus dijanjakake marang siro” (QS. Al Fushilat : 30)
Kita pidatos, bilih kautamen keimanan kita dumunung wonten ing keistiqomahan, lan ugi bilih keistiqomahan ing ndalem keimanan menika badhe dipun uji.
Ma’asyirol muslimin rahimakumullah.
Pramila, kagem ngadhepi Sahrul Mubarak, inggih Ramadhan mubarak ingkang supados saget samekta, sampun samestinipun kita samapta pambudidaya murih kita saget istiqomah ndalem makmuraken Ramadhan sahingga saget manggih ketaqwaan, ingkang samangke sembada pikantuk maghfiroh lan jannah ingkang wiyaripun sewiyar langit lan bumi.
۞ وَسَارِعُوْٓا اِلٰى مَغْفِرَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُۙ اُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِيْنَۙ ١٣٣
“Lan podho gegancangono siro marang maghfirohe Allah lan jannah kang jembare sakjembare langit lan bumi, kang den cawisake kanggo wong-wong kang podho taqwa.” (QS. Ali ‘Imran 3: Ayat 133)
Jama’ah Jum’at Rahimakumullah
Wonten gangsal pepanthan, ingkang saget kula aturaken, minangka sarana murih kita saget mbudidaya njagi keistiqomahan ing ndalem ibadah ing wulan Ramadhan.
Sepindhah, Mu’ahadah (Emut dhumateng Perjanjian kalihan Allah)
Mu’ahadah ing mriki inggih punika, komitmen, iltizam ing ndalem kethaatan dhumateng sedaya dhawuhipun Allah lan Rasulipun, dhumateng syariat-syariatipun.
Rikala, semangat ibadah keraos kendho lan nglokro, tumunten emut dhumateng perjanjen kita dhumateng Allah,
وَاِذْ اَخَذَ رَبُّكَ مِنْۢ بَنِيْٓ اٰدَمَ مِنْ ظُهُوْرِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَاَشْهَدَهُمْ عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْۚ اَلَسْتُ بِرَبِّكُمْۗ قَالُوْا بَلٰىۛ شَهِدْنَا ۛاَنْ تَقُوْلُوْا يَوْمَ الْقِيٰمَةِ اِنَّا كُنَّا عَنْ هٰذَا غٰفِلِيْنَۙ ١٧٢
“Lan (elinga) rikala Robbmu ngetokake keturunane anak adam saka sulbine dheweke. Lan Allah ngersakake paseksen marang jiwa-jiwane dheweke kanthi dhawuh “Alastu Birobbikum”, banjur dheweke padha njawab “Leres, (Paduka Robb sesembahan kula), Kawula anyekseni”. Ingsun titahake kang mangkono, supya ing dino kiamat besok, sira ora bakal suwala: :Satemenipun kawula (Bani Adam) menika tiyang-tiyang ingkang lerwa ing babagan menika”. (QS. Al A’raf 172)
Kita tanemaken dhumateng manah pribadi kita bilih kita sampun paseksi, bilih Allah menika Robb kita, lan kita badhe tansah thaat dhumateng ngarsanipun. Kanthi mu’ahadah, jiwa kita badhe tuwuh malih, semangat ikhlas dhumateng sedaya dhawuhipun Allah, kanthi semangat sami’na wa atha’na
Kaping kalih, Muroqobbah (Raos Tansah Dipun Kawuningani dening Allah)
Saksampunipun kita emut lan ngiyataken perjanjen kita kalihan Allah, lajeng kita tuwuhaken raos dipun awasi dening Allah lan raos caket kalih Allah. Jiwa sami nggadhahi raos lingsem lan ajrih dhumateng Allah ugi badhe tebih saking raos riya’ napa malih takabbur. Awit rumaos tansah dipuna awasi dening Allah. Allah maha priksa sedaya tingkah polah kita, sae ingkang siningit menapa dene ingkan kagelar.
يَعْلَمُ خَاۤىِٕنَةَ الْاَعْيُنِ وَمَا تُخْفِى الصُّدُوْرُ ١٩وَاللّٰهُ يَقْضِيْ بِالْحَقِّ ۗوَالَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ لَا يَقْضُوْنَ بِشَيْءٍ ۗاِنَّ اللّٰهَ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ ࣖ ٢٠
- “Panjenengane Allah maha priksa pandulu kang khianat lan apa kang densingitake ing jroning ati”
- “Lan Allah paring pidana kanthi adil lan sembahan-sembahan kang dheweke sembah sakliyane Allah, datan bisa ngukum kanthi apa wae. Satemene Allah, Dzat kang Maha Midhanget lan Maha Priksa” (QS Ghafir :19-20)
Tiyang ingkang tansah pitados caket lan dipun awasi dening Allah temtu badhe tuwuh raos ikhlas lan ngatos-ngatos. Sahingga rikala kraos kendho ibadahipun soho thaatipun, enggal gumbregah malih. Inggih awit kapitadosanipun kala wau.
Tiyang ingkang manjing ing tataran Muroqobbah, badhe nggadhahi sifat ikhlas, tundhuk kanthi sakwetahipun lan badhe istiqomah ing ketundhukanipun.
Kaping tiga, Muhasabbah (Mulat sarira, instropeksi diri)
Muhasabbah, mulat sarira, sampun sepinten sangu ingkang sampun kita cawisaken, sampun sepinten kethaatan kita dhumateng Allah, sampun sepinten mentesipun ibadah ing ndalem Ramadhan, ugi sampun sepinten amal tumindak ingkang kita lampahi ingkang ngrisak mentesipun pangibadahan Ramadhan kita. Muhasabbah menika penting kangge ndandosi ugi ningkataken pangibadahan kita ugi pambidaya murih saget nebihi perkawis ingkang ngrisak ganjaranipun ibadah Ramadhan kita.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ
“He wong kang padha Iman, padha taqwaha sira kabeh marang Allah. Lan sakmesthine saben jiwanira nggatekake (mawasdhiri) marang apa kang wus den tindakake kanggo dina sesuk. Lan taqwaha sira marang Allah. Satemene Allah Maha Priksa marang Apa Kang siro tindakake”. (QS. Al Hasyr :18)
Muhasabbah ingkang saget kita lampahi inggih punika, Muhasabbah dhumateng pribadi awit perkawis-perkawis ingkang ngrisak niat lan keikhlasan sahingga saget nglunturaken semangat pangibadahan.
Muhasabbah dhumateng pribadi awit sedaya tumindak, sae solah bawa, lisan lan tumindak ingkang ngrisak ganjaran kepara mbusak ganjaran ibadah Ramadhan
Muhasabbah dhumateng pribadi awit amalan ujub, riya, saha perkawis-perkawis ingkang ngrisak iman kepara perkawis ingkang dipun haramaken Allah.
Kaping Sekawan, Muaqobbah (Ngukum Diri Sendiri)
Ing ndalem riwayat kacariyos, Umar Ibn Al Khaththab tindak wonten kebonipun. Awit kasengsemipun, rikala kondur, tiyang-tiyang sampun bibar nindakaken Jamaah Shalat Ashar. Lajeng Umar Ibn Al Kaththab ngendika, aku ketinggalan Jamaah Ashar merga ketungkul kesengsem ing kebonku. Mula, tak sedekahke kebonku kanggo wong-wong miskin.
Mu’aqabbah, paring paukuman dhumateng pribadi rikala ruamos kendho utawi nglokro anggenipun nindakaken pangibadahan. Temtu kemawon lirwinipun menika mboten ingkang dipun haramaken dening Allah. Umpaminipun amargi kita sibuk dateng kadonyan, sahingga supe njangkepi tilawah quran. Mila lajeng nambahi infaq utawi shadaqoh lan tetep nglintu tunggakan tilawah ingkang dipun tilaraken.
Kaping Gangsal, Mujahaddah (Ngupaya kanthi saestu)
Ing ndalem Wulan Ramadhan menika, temtu menawi kita mboten kanthi estu-estu anggenipun makmuraken kanthi pangibadahan ingkang sak sae-saenipun, mesthi kemawon tangeh lamun kita badhe mimpang. Tangeh lamun saget manggih derajat taqwa.
Pramila, kanthi mu’ahadah, muroqobbah, muhasabbah, mu’aqobbah, lan mujahaddah, kita mbudidaya murih Ramadhan tahun menika dados Ramadhan ing mentes, ingkang estu saget mbeta kita dhumateng derajat Taqwa. Ingih kanthi taqwa menika kita badhe pikantuk kamulyan, maghfiroh lan jannah.
Mugi-mugi, kanthi siyaga ing pangibadahan, kita saget pinaggih Ramadhan Mubarak kanthi kebak iman satemah saget istiqomah ibadah ing lebetipun hingga husnul khatimah, mungkasi Ramadhan kanthi sae pikantu derajat Taqwa. Aamiin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ وَاسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَمَّا بَعْدُ : فَيَااَ يُّهَاالنَّاسُ !! اِتَّقُوااللهَ تَعَالىَ. وَذَرُوالْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَوَمَابَطَنْ. وَاعْلَمُوْااَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ.
فَقَالَ اَللَّهُ تَعَالىَ: اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
اللَّهُمَّ اكْفِنَا بِحَلاَلِكَ عَنْ حَرَامِكَ وَأَغْنِنَا بِفَضْلِكَ عَمَّنْ سِوَاكَ
اللَّهُمَّ أَحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِى الأُمُورِ كُلِّهَا وَأَجِرْنَا مِنْ خِزْىِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الآخِرَةِ
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ
رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ



Leave a Reply