Edisi 208 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Khutbah Rasulullah Mangayubagya Wulan Ramadhan

KHUTBAH RASULULLAH

MANGAYUBAGYA WULAN RAMADHAN

Ustadz Sumedi, S.Pd., MA

 

Khutbah Kapisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ

 أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

 اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ

أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Alhamdulillah, kaping sepisan, sumangga kita sedaya tansah ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring kanugrahan saha berkah dhumateng kita sedaya, sahingga ngantos dumugi wekdal punika kita sedaya taksih saged nindaki ibadah shalat Jum’ah ing masjid menika kanthi kawontenan sehat wal ‘afiat.

Shalawat miwah salam mugi tansah konjuk dhumateng Uswah Hasanah kita Nabiyullah Muhammad SAW, sedaya keluarganipun, sedaya shahabatipun, lan sedaya umatipun ingkang tuhu taat ngantos akhir zaman samangkih.

 

Salajengipun ing wekdal ingkang sae punika, mangga kita tansah ngenggalaken niat lan tekad kita kangge nambah raos takwa kita dhumateng Allah SWT. Namung kanthi cepengan ingkang teguh lan saestu anggenipun ngamalaken islam, iman, ihsan lan takwa menika kita badhe dados titah ingkang luhur minulya wonten ngersanipun Allah lan badhe saged ngraosaken nikmatipun kebahagiaan hakiki, wonten donya menika lan ing akhirat samangke.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Boten karaos kita sedaya sampun lumebet wonten ing tengah-tengahipun wulan sya’ban, sekedhap malih kita badhe lumebet wonten ing wulan Ramadhan ingkang mujudaken perkawis ingkang istimewa lan anugerah Allah ingkang sakelangkung sae.

Tumrap kita pinangka tiyang mukmin hadiripun wulan Ramadhan mujudaken nugraha ingkang kedah dipun ginakaken ingkang sak sae-saenipun, awit kebakipun peparingipun Allah ta’ala ingkang arupi pangapunten, rahmat, lan sih wilasanipun Allah ingkang Adi luhung ugi pinangka wekdal kagem nindakaken  amal sholeh lan ibadah dhumateng Allah SWT ingkang sakathah-kathahipun.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Kariwayataken saking Shahabat  Salmân al-Fârisî ra, panjenenganipun matur bilih Rasulullah SAW wonten ing akhir wulan Sya`ban paring khutbah dhumateng kita, Kanjeng Nabi Sabda:

He para menungsa, wis teka marang sira wulan kang agung lan kebak barokah. Ing sajerone wulan iku ana sawijining wengi kang luwih becik tinimbang 1000 wulan. Allah majibake nindakake pasa ana ing wektu awan, lan ngurip-urip wengine pinangka nindakake sunnah (tathawwu`). Sapa wae (ing wulan iku ) nyerak marang Allah kanthi kabecikan siji (sunnah), dheweke kaya dene nindakakake siji ibadah wajib ing wulan liya. Sapa wae kang nindakake siji perkara kang wajib, dheweke kaya dene nindakakake 70 kabecikan ing wulan liya. Ramadhan iku wulan kesabaran, lan kesabaran iku piwalese swarga. Ramadhan uga wulan lung tinulung, kang ing sajroning wulan Ramadhan iku rezeki sakwijining wong Mukmin ditambah). Sapa wae ing sasi iku menehi buka (ifthâr) marang wong kang pasa, mangka iku dadi maghfirah (pangapura) tumrap dosa-dosane, nylametake saka genine neraka lan dheweke oleh ganjaran kaya kang nindakake pasa iku , tanpa ngurangi ganjarane wong sing pasa iku sithik wae.” Sak banjure para shahabat pada matur, “Dhuh Rasulullah, boten sedaya kita gadhah dhaharan ingkang saget pun caosaken pinangka buka (ifthar)tiyang ingkang sami nindakaken siyam.” Rasulullah SAW paring sabda, “Allah bakal paring ganjaran marang wong kang menehi buka senajan mung kurma siji, utawa banyu sak clegukan utawa  susu senajan sethithik. Ramadhan iku wulan kang wiwitane  rahmat, tengahe maghfirah (pangapura) lan akhire den singkirake saka geni neraka.” (HR Baihaqî)

Khutbah Nabi SAW ingkang dipun riwayataken  Shahabat ingkang minulya, Salmân al-Fârisî ing ngajeng ngemot mapinten-pinten panyengkuyung kagem mangayubagya dhatengipun wulan Ramadhan.

Nabi SAW wonten ing salebetipun  khutbah kala wau  ngersakaken supados umat Islam estu-estu ngresepi wontenipun  tamu agung ingkang badhe datengi umat Islam punika. Panyengkuyung salebetipun  khutbah kala wau saget kababar dados pinten-pinten perkawis:

Sepisan : Wulan Ramadhan Mujudaken Wulan Ingkang Agung Lan Kebak Barokah.

Menggah agung lan berkahipun wulan Ramadhan saget dipun pirsani saking anggenipun Allah paring pakurmatan dhumateng wulan punika inggih kanthi nurunaken Al-Qur’an ing wulan Ramadhan.

Sanesipun punika bilih manahipun saben-saben tiyang mukmin sami kabuka entheng paring sadaqah ingkang sakelangkung kathah tinimbang wulan sanesipun, langkung mempeng anggenipun maos Al-Qur’an lan shalat dalu. Nglangkungi sedaya kala wau bilih agung saha barakahipun wulan Ramadhan awit wontenipun setunggaling dalu ingkang langkung utami tinimbang  1.000 wulan, inggih punika dalu  Laitul Qadar.

Bab punika gamblang sanget kanthi firmanipun Allah :

اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِۗ لَيْلَةُ الْقَدْرِ ەۙ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍۗ تَنَزَّلُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ وَالرُّوْحُ فِيْهَا بِاِذْنِ رَبِّهِمْۚ مِنْ كُلِّ اَمْرٍۛ سَلٰمٌ ۛهِيَ حَتّٰى مَطْلَعِ الْفَجْرِ ࣖ

 “Satemene ingsun wus nurunake Al-Qur’an ana ing wengi Laitul Qadar. Apa sira padha mangerti apata Lailatul Qadar iku? Lailatul Qadar iku luwih utama tinimbang sewu wulan. Ing wengi iku padha tumurun para malaikat lan malaikat Jibril kanthi izin Pangerane kanggo ngatur samu barang lir. Ing wengi iku kebaking kamulyan nganti tumekaning  mijiling  fajar.” (Qs. Al-Qadr [97]: 1-5).

Dalu Lailatul Qadar punika mujudaken kekucah tumrabipun tiyang mukmin. Menawi kaetang, 1.000 wulan punika wetawis 84 warsa. Kamangka yuswa manungsa (umat Islam) awis sanget ingkang dumugi 84 tahun. Ananging menawi pangibadahan ing dalu Lailatul Qadar punika estu-estu dipun lampahi karana ngajeng-ajeng ridhanipun Allah, pramila ingkang dipun lampahi kala wahu langkung sae tinimbang ibadah 1.000 wulan. Langkung sae tinimbang 1000 wulan boten kasebat wilanganipun namung Allah ingkang Maha Pirsa. Pramila Gusti Kanjeng Nabi SAW sampun paring tuladha dhumateng umatipun ingkang supados sami sengkut lan mempeng anggenipun ngibadah utaminipun wonten ing sedasa dinten akhir Ramadhan.

Kaping Kalih : Dipun Tikel Tekukaken Ganjaran Kasahenan.

Wulan Ramadhan mujudaken wulan ingkang saestu mentes tumrap kawula ingkang sami nindakaken pangibadahan awit badhe pinaringan ganjaran ingkang matikel-tikel. Ibadah sunnah dipun biji kados dene nindakaken amalan ingkang wajib, ingkang katindakaken ing wulan sanesipun Ramadhan.

Kaping Tiga :  Wulan Kesabaran.

Kawitan wekdal imsâk ingkang dipun lampahi tiyang ingkang siyam, wiwit mijil fajar ngantos sumurubipun surya mujudaken setunggalipun lampah gula wenthah kesabaran. Inggih lampah ingkang estu dipun remeni dening Allah SWT.

Ing wulan punika saben mukmin ingkang nindakaken siyam dipun gembleng dados priyantun ingkang sabar lan ulet. Mila Kanjeng Nabi SAW ngendikakaken bilih ganjaranipun sabar punika swarga. Kasinggihan sanget kaliyan firman Allah:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلٰوةِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ مَعَ الصّٰبِرِيْنَ

Dadekna sabar lan shalat iku pinangka pitulungira, satuhune Allah tansah hanyartani marang wong-wong kang padha sabar.” (Qs. Al-Baqarah [2]: 153).

Kaping Sekawan, Ramadhan Mujudaken ‘Semangat Sosial’.

Tiyang nindakaken siyam punika dipun latih supados nggadahi kawigatosan dhumateng tiyang sanes utaminipun tiyang fakir miskin . Boten saget pun selaki bilih ing wulan Ramadhan akhiripun kathah tiyang ingkang sami remen infak lan sedekah. Pramila para ulama ngeparengaken bayar zakat fitrah saking awal wulan Ramadhan.

Bab punika mujudaken wujud ingkang nyata saking  ‘kepekaan sosial’. Awit saget ngraosaken dos pundi rekaosipun tiyang ingkang luwe lan ngelak, napa malih menawi raos luwe saha ngelak ingkang boten winates wekdal kados dene ingkang dipun raosaken sedherek kita para fakir-miskin.

Kepara tiyang ingkang paring buka dhumateng tiyang ingkang siyam badhe dipun apunten dosanipun, pun bebasaken saking siksa neraka lan pikantuk ganjaran kados dene ganjaranipun tiyang ingkang nindakaken siyam tanpa ngirangi ganjaranipun sekedhik kemawon.

Kaping Gangsal : Ramadhan Gadhahi Tigang Perangan Ingkang Wigatos: Wontenipun Rahmat, Pangapunten (Maghfirah) Lan Dipun Bebasaken Saking Geni Neraka .

Temtu kemawon kagem nggayuh tigang perkawis ingkang wigatos kala wau setunggalipun mukmin kedah estu-estu jagi niat karana Allah lan kanthi ikhtiar ingkang saestu supados ibadah ingkang dipun lampahi punika pikantuk ridhanipun Allah.

Khutbah Nabi SAW kala wau kados-kados katujokaken dhumateng kita sedaya. Kados-kados kanjeng Nabi jumeneng ing sangajeng kita lan paring nasehat dhumateng kita kagem mangayubagya tamu agung ingkang bade rawuh. Kanthi makaten kita estu sampun siap lahir lan batin nampi rawuhipun wulan Ramadhan. Wallâhu a`lamu bi sh-shawâb!

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ وَاسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَمَّا بَعْدُ : فَيَااَ يُّهَاالنَّاسُ !! اِتَّقُوااللهَ تَعَالىَ. وَذَرُوالْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَوَمَابَطَنْ. وَاعْلَمُوْااَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ.

فَقَالَ  اَللَّهُ تَعَالىَ: اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

اللَّهُمَّ اكْفِنَا بِحَلاَلِكَ عَنْ حَرَامِكَ وَأَغْنِنَا بِفَضْلِكَ عَمَّنْ سِوَاكَ

اللَّهُمَّ أَحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِى الأُمُورِ كُلِّهَا وَأَجِرْنَا مِنْ خِزْىِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الآخِرَةِ

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ

رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*