ANA DINA, ANA UPA
Tukijan, S.S.
Khutbah Kapisan
إنَّ الـحَمْدَ لِلّهِ نَـحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا
يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
أَمَّا بَعْدُ
Alhamdulillah, puji pangalembana tansah kunjuk wonten ngarsa dalem Allah subhanahu wata ‘ala ingkang sampun paring kathah kanikmatan dhumateng panjenengan dalasan kula satemah wonten ing wekdal punika saget netepi punapa ingkang Allah lan Rasul dawuhaken inggih punika ibadah shalat Jum’at.
Mugi-mugi awit raos syukur punika panjenengan dalasan kula dipun tambahi kanikmatan lan dipun tebihaken saking adzabipun Allah subhanahu wata’ala. Aamiin
Shalawat sarta salam mugi tansah katetepaken kaparingaken dhumateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Shalallahu ‘alaihi Wasallam sumrambah dhumateng garwa putranipun, sahabatipun, para tabi’in, tabiut taabi’in lan mugi-mugi ngantos kita sedaya wonten ing papan palenggahan punika, keluarga kita, sedherek-sedherek kita, pitepangan kita samangkih wonten ing dinten kiamat awit izinipun Allah saget kepanggihaken malih sareng-sareng pikantuk syafaatipun. Aamiin Yaa Rabbal ‘aalamiin.
Jama’ah Jum’at ingkang mugi-mugi dipun paringi rahmat saha barakahipun Allah.
Pinangka Khatib mboten kesupen caos nasehat khususipun dhumateng kawula pribadi lan umumipun dhumateng sedaya jama’ah ingkang rawuh wonten ing masjid punika.
Nasehat ingkang dipun wongsal wangsuli nalikanipun panjenengan dalasan kula ngrawuhi ibadah Jum’at kados dene wekdal punika. Wonten ing masjid pundi kemawon nalikanipun kita nindaki ibadah Jum’at khatib tansah paring nasehat supados nnjagi lan ningkataken taqwa dhumateng Allah Subhanahu Wata’ala.
Semanten ugi wonten ing wekdal punika sumangga panjenengan dalasan kula sareng-sareng njagi lan ugi ningkataken ketaqwaan dhumateng Allah Subhanahu Wata’ala.
Awit kanti ketaqwaan ingkang kita nggadhahi, punapa ingkang kita kersa-aken inggih punika beja donya lan beja akhirat badhe dipun sembadani kalian Allah Subhanahu Wata’ala.
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Padha Taqwa-a marang Allah kanti saestu-saestu taqwa. Lan aja padha mati (nilaraken gesang) punika kejawi kita wonten kawontenan muslim.
Jama’ah Jum’at Ingkang Kita Hormati
Ana Dina, Ana Upa. Punika setunggalipun tetembungan saking para pepunden ingkang ngantos wekdal punika panjenengan dalasan kula taksih kaemut–emut. Menawi kita gatosaken piwucal punika saestu nggadhahi makna ingkang sae lan saget kita ndadosaken cecepengan nalikanipun nglampahi gesang samben dintenipun. Tembung Ana Dina, punika nggambaraken kawontenanipun priyantun ingkang taksih gesang wonten ing alam donya. Ewo dene Ana Upa, punika minangka lambang kabetahanipun sedaya priyantun ingkang taksih gesang inggih punika dhaharan.
Seperangan priyantun wonten ing wekdal punika sami geger awit setunggalipun pawartos kebijakan pamarintah gegayutan kalian pangiritan anggaran.
Satemah wonten pinten-pinten sektor Kementerian anggaranipun sami dipun kirangi. Niat lan kersanipun pamarintah nindakaken pangiritan punika, menawi kita mireng lan waos wonten ing pawartos dipun lampahi kagem nyengkuyung program ingkang langkung wigati.
Ananging kebijakan punika ndadosaken seperangan priyantun alit ngraosaken anggenipun pados rejeki sami seret. Seperangan priyantun ugi sami dipun PHK saking papan panggenanipun nyambut damel.
Para Lenggah Jama’ah Jum’at Ingkang Minulya
Panjenengan dalasan kula minangka priyantun ingkang ngrasuk agami Islam, ngadhepi kawontenan punika temtunipun nggadhahi kapitadosan bilih babagan rejeki manungsa sejatosipun sampun dipun jamin kalian Allah Subhanahu Wata’ala.
Selami manungsa taksih pun paringi gesang Allah ugi tansah paring rejekinipun. Punika jumbuh kalian pangandikanipun Allah Subhanahu Wata’ala.
Q.S Surat Ar-Ruum (30): 40
اللَّهُ الَّذِي خَلَقَكُمْ ثُمَّ رَزَقَكُمْ ثُمَّ يُمِيتُكُمْ ثُمَّ يُحْيِيكُمْ ۖ
“ Allah kang wus nyipta sira, banjur paring rejeki marang sira, banjur ndadekake sira mati, banjur nguripake sira …”
Saking ayat punika Allah Subhanahu Wata’ala paring pemut dhumateng panjenengan dalasan kula bilih babagan rejeki pati punika awit kersanipun Allah. Satemah saking kawontenan ingkang nembe kita raosaken kedahipun minangka hambanipun Allah anggenipun khawatir mboten sanget-sanget.
Jam’ah Jum’at ingkang kita Hormati
Sinaosa Allah sampun jamin rejeki dhumateng hambanipun mboten ateges panjenengan dalasan kula namung mendel kemawon mboten nyambut damel.
Piwucalipun pepunden rumiyin sak sampunipun Ana Dina Ana Upa dipun lanjenganken Ora Obah Ora Mamah. Artosipun supados panjenenegan dalasan kula saget pikantuk rejekinipun Allah kedah pun sarengi kalian usaha.
Punika ugi jumbuh kalian punapa ingkang dipun ngendika aken kanjeng Nabi Muhammad Sholallahu ‘alaihi Wasallam wonten setunggalipun hadits.
لَوْ أَنَّكُمْ تَتَوَكَّلُونَ عَلَى اللَّهِ حَقَّ تَوَكُّلِهِ لَرَزَقَكُمْ كَمَا يَرْزُقُ الطَّيْرَ تَغْدُو خِمَاصًا وَتَرُوحُ بِطَانًا
Menawa sira padha tawakkal marang Allah kanti satenane tawakkal, Allah bakal paring rejeki marang sira, kaya dene Allah paring rejeki marang manuk, kang budal wayah esok ing kahanan luwe lan bali ing kahanan wareg. (H.R. Ahmad)
Hadits punika nggambaraken bilih peksi kemawon ingkang mboten nggadhahi gaman kagem pados rejeki kejawi swiwi kemawon kalian Allah menawi purun obah bakalan mamah.
Napa malih panjenengan dalasan kula ingkang sampun dipun paringi raga ingkang sampurna ugi gaman ingkang maneka warna insya Allah badhe langkung gampil malih pados rejeki menawi kersa usaha.
Ana Dina Ana Upa, Ora Obah Ora Mamah.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فيِ القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنيِ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنيِّ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، أَشْهَدُ أَنْ لاَإِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
فَيَاعِبَادَ اللهِ اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِيْ كِتَابِهِ اْلعَظِيْمِ “إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيِّ, يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا”.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ
اللَّهُمَّ اكْفِنَا بِحَلاَلِكَ عَنْ حَرَامِكَ وَأَغْنِنَا بِفَضْلِكَ عَمَّنْ سِوَاكَ
اللَّهُمَّ اِنَّا نَسْئَلُكَ سَلاَمَةً فِى الدِّيْنِ وَعَافِيَةً فِى الْجَسَدِ وَزِيَادَةً فِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةً فِى الرِّزْقِ وَتَوْبَةً قَبْلَ الْمَوْتِ وَرَحْمَةً عِنْدَ الْمَوْتِ وَمَغْفِرَةً بَعْدَ الْمَوْتِ. اَللهُمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِىْ سَكَرَاتِ الْمَوْتِ وَالنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ وَالْعَفْوَ عِنْدَ الْحِسَابِ
رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ.
عِبَادَ اللّٰهِ اِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ. يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ.
فَاذْكُرُوا اللّٰهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَ اشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُ اللّٰهِ اَكْبَرُ



Leave a Reply