MAULID NABI MUHAMMAD SAW
Ustadz Fairuz Natha Legawa
Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ، نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا، وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ
قال الله تعالى في كتابه الكريم
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
وقال تعالى أيضًا:
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
وقال تعالى أيضًا:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا
يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Alhamdulillahi rabbil ‘aalamiin, kaping sepisan sumangga kita sedaya tansah ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah Subhanahu wa ta’ala, ingkang tansah paring kanugrahan saha berkah dhumateng kita sedaya, sahingga ngantos dumugi wekdal sapunika kita taksih saged nindakaken ibadah salat Jum’at ing masjid menika kanthi kawontenan sehat wal ‘afiat.
Mboten katalumpen, sumangga kita tansah ngaturaken shalawat saha salam kagem kanjeng Kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu ‘alaihi wassallam, sedaya keluarga, sahabat, saha umatipun ngantos akhir zaman samangkih.
Wonten kesempatan khutbah siang menika khatib wasiat sumangga kita tansah ningkataken takwa dhumateng Allah Subhanahu wa ta’ala kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanthi takwa panggesangan kula lan panjenengan tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah.
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu ‘alaihi wassallam miyos ing kitha Makkah dinten Senin tanggal 12 wulan Rabiul Awal warsa Gajah utawi 20 April 571 Masehi.
Dipun sebat warsa Gajah amargi ing tahun miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad wonten pasukan gajah saking nagari Yaman ingkang dipun pandegani dening Abrahah badhe ngrubuhaken Ka’bah kados kaserat ing Al Qur’an surat Al-Fiil.
Ibunipun Kanjeng Nabi Muhammad asma Aminah, dene ramanipun asma Abdullah. Kang rama sampun tilar dunya rikala Kanjeng Nabi Muhammad taksih wonten kandungan, lan ibunipun tilar dunya rikala Kanjeng Nabi Muhammad yuswa 6 tahun.
Kanjeng Nabi Muhammad yatim piatu lajeng dipun momong simbah kakungipun asma Abdul Muthalib. Nambe 2 tahun, Simbah kakungipun ugi tilar dunya lajeng Kanjeng Nabi Muhammad dipun momong bapa pamanipun ingkang asma Abu Thalib.
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Wiwit ndherek bapa pamanipun, Kanjeng Nabi Muhammad sampun mandiri malah asring caos pambiyantu ing pakaryanipun Abu Thalib, kados dene angen mendha, dedagangan lan sapiturutipun.
Kanjeng Nabi Muhammad lajeng kamwentar dados lare ingkang temen, jujur, prigel, lan anggadhahi unggah-ungguh ingkang minulya. Sahingga sedaya warga masyarakat paring paraban “Al-Amin” priyayi ingkang pinitados.
Yuswa 25 tahun Kanjeng Nabi Muhammad mbangun bale griya daup kaliyan Khadijah. Khadijah menika garwa ingkang shalihah, bekti dhateng kang garwa, lan remen caos pambiyantu dhumateng sedaya pakaryanipun Kanjeng Nabi Muhammad. Kanjeng Nabi Muhammad pakaryanipun ngemong masyarakat, tetulung dhateng sesami gesang lan ajak-ajak dateng margi kesaenan.
Yuswa 40 tahun Kanjeng Nabi Muhammad pikantuk wahyu saking Allah Subhanahu wa ta’ala wonten ing gua Hira, lajeng dipun utus pinangka nabi lan rasul ingkang pungkasan. Allah ngutus Kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu ‘alaihi wassallam dados Nabi lan Rasul ingkang pungkasan menika bukti bilih panjenenganipun Allah estu welas asih dhumateng umat manungsa. Ngendika Allah:
وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا رَحْمَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ
“Lan ingsun ora ngutus sira, kejaba supaya dadi rahmat marang alam jagat raya.” (Q. S. Al-Anbiya’/21: 107)
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Kanjeng Nabi Muhammad dipun utus supados ngajak manungsa ing ndalem agami tauhid inggih menika Islam.
Islam tegesipun tunduk lan patuh dhumateng Allah Subhanahu wa ta’ala. Islam ngajak sedaya umatipun tumuju pangibadahan ingkang leres, manembah namung dhumateng Allah subhanahu wa ta’ala lan nilaraken sedaya kemusyrikan ing ndalem pangibadahan. Ngendika Allah:
وَلَقَدْ أُوحِيَ إِلَيْكَ وَإِلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكَ لَئِنْ أَشْرَكْتَ لَيَحْبَطَنَّ عَمَلُكَ وَلَتَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
“Lan temen wus kawahyoake marang sira Muhammad lan marang rasul sadurungenira, menawa sira nyekutoake Allah (musyrik) temen bakal lebur kabeh amalira, lan temen sira bakal dadi golongane wong-wong kang padha rugi.” (Q. S. Az-Zumar/39: 65)
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu ‘alaihi wassallam menika saksampurna-sampurnanipun manungsa lan sakmulya-mulyanipun utusan Allah Subhanahu wa ta’ala. Panjenenganipun ugi ingkang paling edi peni pasuryanipun, paling Inggil pekertinipun, lan paling ageng jasanipun dhumateng kula lan panjenengan sami.
Kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu ‘alaihi wassallam menika utusanipun Allah Subhanahu wa ta’ala ingkang paling sabar, paling asih dhateng umatipun lan paling kathah pendherek ipun tinimbang sedaya nabi sanesipun. Ngendika Allah:
وَاِنَّكَ لَعَلٰى خُلُقٍ عَظِيْمٍ
“Lan satemene sira iku kadunungan budi pekerti kang luhur.” (Q.S. Al-Qalam/68: 4)
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Makaten saperengan kisah miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu ‘alaihi wassallam ingkang khatib aturaken wonten ing mimbar khutbah Jum’at siang menika. Mugi-mugi kanthi sinau sejarah ingkang minulyo menika kita sedaya langkung kenal dhumateng kanjeng Kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wassallam.
Ing pangajab mugi Allah Subhanahu wa ta’ala tansah paring hidayah dhumateng sahingga kita kita sedaya sahingga kita saged cecepengan dhumateng pitedahipun kanjeng Kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu ‘alaihi wassallam, lan saged istiqamah nindakaken sedaya tuntunanipun. Aamiin Yaa Rabbal ‘Aalamiin
بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الْآيَاتِ وَذِكْرِ الْحَكِيمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللَّهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ، الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ، وَبِهِ نَسْتَعِينُ عَلَىٰ أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّينِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَىٰ أَشْرَفِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِينَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِينَ.
قال الله تعالى:
لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا
(QS. الأحزاب: 21)
قال الله تعالى في القرآن العظيم:
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
(QS. الأحزاب: 56)
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ، يَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى.
رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا ۚ رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا ۚ رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ ۖ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا ۚ أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.
رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً ۚ إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ.
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ. وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.



Leave a Reply