Khutbah Idul Fitri 1446 H Bahasa Jawa : Idul Fitri Pinangka Wujud Raos Syukur

IDUL FITRI PINANGKA WUJUD RAOS SYUKUR

Ustadz Sumedi, S.Pd., MA

Khutbah I

اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ كُلَّمَا هَلَّ هِلاَلٌ وَاَبْدَرَ اللهُ اَكْبَرْ كُلَّماَ صَامَ صَائِمٌ وَاَفْطَرْ اللهُ اَكْبَرْكُلَّماَ تَرَاكَمَ سَحَابٌ وَاَمْطَرْ وَكُلَّماَ نَبَتَ نَبَاتٌ وَاَزْهَرْوَكُلَّمَا اَطْعَمَ قَانِعُ اْلمُعْتَرْ. اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَ للهِ اْلحَمْدُ.

 اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ اْلفِطْرِ بَعْدَ صِياَمِ رَمَضَانَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ لَهُ اْلمَلِكُ اْلعَظِيْمُ اْلاَكْبَرْ وَاَشْهَدٌ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الشَّافِعُ فِى اْلمَحْشَرْ نَبِيَّ قَدْ غَفَرَ اللهُ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ وَمَا تَأَخَّر

اللهُمَّ صَلِّ عَلىَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ اَذْهَبَ عَنْهُمُ الرِّجْسَ وَطَهَّرْ

. اَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَاللهِ اِتَّقُوااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
قال الله تعالى في القرأن الكريم , قَدْ أَفْلَحَ مَن تَزَكَّىٰ , وَذَكَرَ ٱسْمَ رَبِّهِۦ فَصَلَّىٰ , بَلْ تُؤْثِرُونَ ٱلْحَيَوٰةَ ٱلدُّنْيَا , وَٱلْءَاخِرَةُ خَيْرٌ وَأَبْقَىٰٓ

Para rawuh  Jamaah Shalat Idul Fitri ingkang dipun  rahmati Allah

Sumangga kita tansah ngaturaken puji saha syukur dhumateng Allah SWT ingkang tansah paring rahmat saha  hidayahipun dhumateng  kita.

Shalawat saha salam mugi-mugi tansah lumeber dhumateng Nabi Agung  Muhammad SAW, dhumateng keluarga, shahabat saha ummatipun ngantos akhir zaman samangkih.

Mboten kesupen ugi mangga kita sami nambahi raos taqwa kita dhumateng Allah SWT kanthi nindakaken sedaya dhawuh-dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Kanthi makaten kita badhe kalebet ewonipun tiyang ingkang begja donya ugi akheratipun.

Para rawuh  Jamaah Shalat Idul Fitri ingkang dipun  rahmati Allah

Mboten karaos wulan Ramadhan sampun nilaraken kita sedaya, wonten raos trenyuh ingkang saestu lebet dhumateng manah kita sedaya rikalanipun  ramadhan ingkang kebak barakah saha maghfirah punika nilaraken kita sedaya.

Saking wekdal sumurubipun surya kala wingi, muslimin lan muslimat wonten sa-indhenging bawana sami ngagungaken asma Allah kanthi ngumandhangaken kalimah suci takbir, pinangka wujud nglenggana bilih kados punapa monjonipun anggenipun nindakaken pangibadahan ing wulan  Ramadhan kita, sepinten sampurnanipun anggenipun nindakaken siyam, sepinten kathahipun anggenipun nindakaken  shalat-shalat dalu sadangunipun wulan ramadhan, sedaya punika boten badhe lumaksana kanthi sae menawi boten pikantuk izin saking Allah, sanes amal ibadah kita, sanes siyam kita, sanes shalat kita, ingkang nyebabaken kita lumebet wonten ing swarga, ananging sedaya punika namung awit kanthi ridho saha rahmatipun Allah SWT.

اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ

Wonten ing wekdal punika kita sedaya makempal wonten ing papan punika boten sanes badhe nindakaken Idul fitri.

Cobi kita sami pirsani wonten kanan kiring kita, ngajeng lan wingking kita, mbok bilih tiyang-tiyang ingkang kita tresnani sae bapa, biyung, putra, utawi sedherek lan tangga tepalih kita sanesipun sakmenika boten saget sesarengan makempal wonten ing papan punika awit wontenipun pinten-pinten perkawis, wonten ingkang sampun kapundhut dening Allah, wonten ingkang gerah utawi sanesipun kamangka tahun ingkang sampun taksih sesarengan kaliyan kita nindakaken shalat Idul Fitri.

Pramila sumangga kita jurung pandonga mugi-mugi ingkang sampun kapundhut pikantuka husnul khatimah lan ingkang taksih nindakaken jejibahan utawi wonten ingkang gerah sageta pinaringan sehat saha rancak anggenipun nindakaken jejibahanipun.

Salajengipun sumangga kita emut-emut malih sepinten ketaatan ingkang sampun kita tindakaken ugi kalepatan ingkang sampun kelampahan satemah emut ugi bilih Allah Maha Sugih Pangapunten dhumateng kawulanipun.

Pramila pantes sanget menawi wekdal punika kita nambahi raos syukur dhumateng Allah awit taksih pinaringan gesang saha kabagaswarasan
sahengga taksih saget ngrampitaken ibadah siyam sarta sareng-sareng nindakaken Shalat Idul Fitri, mugi-mugi sedaya amal ibadah kita dipun paringi ganjaran ingkang matikel-tikel saha sedaya dosa lan kalepatan kita dipun apunten dening  Allah SWT.

Para hadirin ingkang dipun rahmati Allah.

Sasampunipun setunggal wulan kita nindakaken ibadah siyam lan awit izin saha rahmatipun Allah ing dinten punika kita saget sesarengan nindakaken  shalat Idul Fitri, sampun sak mesthinipun menawi dinten punika kita sami rumaos bagya saha raos mongkog wontening salebetipun manah ing dinten kemenangan awit rahmat lan maghfiroh saking Allah  kados ingkang kacariyos wonten ing salebetipun Hadits Qudsi:

اِذَا صَامُوْا شَهْرَ رَمَضَانَ وَخَرَجُوْا اِلىَ عِيْدِكُمْ

“Rikalane dheweke pasa ing wulan  Ramadhan banjur metu kanggo ngramekake dina riyaya  sira kabeh

يَقُوْلُ اللهُ تَعَالىَ: يَا مَلاَئِكَتِى كُلُّ عَامِلٍ يَطْلُبُ اُجْرَهُ اَنِّى قَدْ غَفَرْتُ لَهُمْ

Mangka Allah banjur ngendika: ‘He malaikatingsun, saben wong kang pada nindakake amal kabecikan  banjur nyuwun piwales, temen ingsung paring ngapura marang dheweke ’.

فَيُنَادِى مُنَادٌ: يَا اُمَّةَ مُحَمَّدٍ اِرْجِعُوْااِلَى مَنَازِلِكُمْ قَدْ بَدَلْتُ سَيِّئَاتِكُمْ حَسَنَاتٍ

Mangka saweneh panyendu matur:  ‘He ummat Muhammad, baliya marang papanira. Sakabehing kang ala saka sira wus den ganti kanthi kabecikan.’.

فَيَقُوْلُ اللهُ تَعَالَى: يَا عِبَادِى صُمْتُمْ لِى وَاَفْطَرْتُمْ لِى فَقُوْمُوْا مَغْفُوْرًا لَكُمْ

Banjur Allah ngendika : ‘He kawulaningsun, sira wus pasa kanggo ingsun lan padha buka kanggo ingsun uga . Mangka padha gumregaha pinangka dadi wong kang wus oleh pangapura

اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ

Jama`ah Idul Fitri ingkang bagya mulya,

Sinarengan kaliyan surutipun wulan suci Ramadhan, Kathah wewarah  hukum lan hikmah, faidah lan fadhilah ingkang saget kita pethik pinangka sangu wonten ing panggesangan sak lajengipun.

Menawi dipun embakaken Ramadhan punika setunggalipun  madrasah. Awit  12 jam x 30 dinten wiwit mijilipun fajar ngantos sumuripun srengenge, sedaya perkawis ingkang halal utawi pikantuk lajeng dados haram utawi boten pikantuk.

Dhahar lan ngunjuk ingkang sawaunipun halal tumrap manungsa ing saben dintenipun, wonten ing wulan Ramadhan dados haram ngantos dumuginipun wekdal buka utawi sumurubipun srengenge sedaya dados halal malih.

Sawetawis menawi dipun pirsani saking  babagan sosial, sedaya tiyang nate ngraosaken tuwuk ananging boten sedaya tiyang nate kaluwen. Kanthi makaten kita saget nyepeng pesen saking Ramadhan ingkang samesthinipun kita gondheli sesarengan.

اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ

Sampun kita mangertosi sedaya bilih nafsu punika badhe beta dhateng piawon lan karisakan, menawi kita boten kuwawi ngendaleni.

Priyantun ingkang tansah nuruti hawa nepsu  badhe tlonjong dhumateng perkawis ingkang ngliwati wates. Kados dene angkaranipun farji, dhemenan, raja pejah, nyolong jupuk, ngrampok, korupsi, lan sanes-sanesipun.

Hawa nepsu punika kados dene grama ingkang murub wonten ing salebetipun jaja, menawi dipun turuti badhe mubal, kados dene grama ingkang dipun siram mawi bensin boten mati malah kepara tansaya ageng, tansaya dipun siram kepara tambah ngalad-alad.

Boten sekedik tiyang ingkang sami wuta manahipun tansah nuruti dateng hawa nafsunipun. Setan sampun mepahesi  kemaksiatan kanthi kaendahan. Tiyang ingkang kados makaten boten gampil nampi  nasehat awit namung nasehat setan kemawon ingkang dados pandom gesangipun.

Pramila para hadirin ingkang dipun rahmati Allah, ing dinten punika tiyang ingkang tinampi siyamipun inggih punika tiyang ingkang saget ngendaleni hawa nepsunipun.

Wonten ing wulan siyam kala wingi kita  dipun gladhi supados nahan saking perkawis-perkawis ingkang dipun keparengaken, kita dipun awisi dhahar saha ngunjuk ing wekdal siang, kamangka dhaharan saha unjukan punika gadhahan kita piyambak, halal ugi kagem kita. Ing pangajab sasampunipun rampit Ramadhan kita kedah saget nahan saking dhahar ingkang sanes hakipun ingkang sanes kagunganipun.

Wonten ing wulan Ramadhan kita saget nahan boten saresmi kaliyan ingkang garwa kamangka sah lan halal. Ing pangajab sasampunipun rampit  ramadhan lan salajengipun saget jagi nafsu syahwatipun.

Wonten ing wulan Ramadhan ibadah kita saget gumreget, sae Shalat wajib utawi Shalat Sunnat-ipun, kita saget wungu ing wekdal dalu kagem dhahar sahur, kanthi pangajab sasampunipun Ramadhan kita saget nindakaken pangibadahan kasebat. Boten sawalikipun kepara dados aras-arasen..

Punika sawenah  tujuan ing wulan Ramadhan, kita ngantos wekdal punika taksih pinaringan panjang yuswa. Saget nindakaken ibadah Ramadhan sewulan muput, kedah saget beta padatan-padatan  sae punika sasampunipun ramadhan

اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ

Sedaya punika ginambar kanthi endah wonten ing pungkasanipun Ramadhan lan gerbang tumuju wulan Syawwal.

Rikalanipun umat muslim sami bayar zakat fithrah, nuwuhaken semangat silaturrahmi sarta semangat kagem peparing biyantu saestu lumaksana boten namung cariyos ingkang ngayawara.

Semangat zakat fitrah punika nglahiraken kesadaran kagem lung-tinulung (ta`awun) antawisipun tiyang ingkang sugih kaliyan tiyang miskin, antawisipun tiyang ingkang gesangipun kacekapan kaliyan tiyang ingkang sarwa-sarwi kekirangan.

Sawetawis saking  hikmah zakat punika saget ngrumaketaken  pasederekan saha anggegulang andhap asor dhumateng sesami. Wonten ing wekdal kados makaten priyantun ingkang nampi  zakat badhe rumaos kabiyantu menggah bot repotipun gesang semanten ugi priyantun ingkang bayar zakat badhe pikantuk lelintu saking Allah SWT;

خُذْ مِنْ أَمْوَالِهِمْ صَدَقَةً تُطَهِّرُهُمْ وَتُزَكِّيهِمْ بِهَا وَصَلِّ عَلَيْهِمْ ۖ إِنَّ صَلَاتَكَ سَكَنٌ لَهُمْ ۗ وَاللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ

Jupuken zakat saka saperangan bandhane dheweke, kanthi zakat iku sira ngresiki lan nyuceni dheweke lan sira donga-a kanggo dheweke. Satemene donganira iku bisa nentremake jiwane dheweke. Lan Allah iku Maha Midanget tuwin Maha Pirsa.”

اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ

Jama’ah shalat Idul Fitri rahimakumullah

Rikalanipun kita sami nindakaken siyam Ramadhan kita ugi sampun jihad. Jihad ingkang dipun tegesi wonten mriki sanes jihad kanthi makna ingkang cethek ingkang awujud paprangan anangin jihad kanti makna ingkang wetah, inggih punika:

بَذْلُ مَاعِنْدَهُ وَمَا فِى وُسْعِهِ لِنَيْلِ مَا عِنْدَ رَبِّهِ مِنْ جَزِيْلِ ثَوَابِ وَالنَّجَاةِ مِنْ اَلِيْمِ عِقَابِهِ

Nganggep alit punapa kemawon ingkang dipun gadhahi kagem ngupadi ridhanipun  Allah, pikantuk ganjaran  sarta wilujeng saking siksanipun Allah.”

Pangertosan  jihad punika sakelangkung komplit, awit ingkang dipun tuju inggih punika ngorbanaken sedaya ingkang dipun gadhahi, sae punika tenaga, bandha bea, utawi jiwa kita kagem ngupadi ridhanipun  Allah, utaminipun jihad bengkas ubalipun hawa nafsu/jihad merangi sadengah pepinginan tumindak maksiat.

Kanthi makaten jihad badhe tansah gesang wonten ing salebetipun jiwanipun  ummat Islam sae wonten ing kawontenan  paperangan utawi kawontenan  damai Jihad tetep katindakaken.

Tumrapipun masyarakat Indonesia sakmenika, jihad ingkang kita betahaken sanes jihad ngangkat senjata. Ananging  jihad ngendaleni diri saha nyengkuyung  dumadosipun masyarakat ingkang kagungan martabat, adil lan sejahtera sarta taat dhumateng  Allah. Awit Islam saestunipun pinangka rahmat tumrap alam semesta (rahmatan lil alamin), Islam beta dedamen boten namung tumrap sesami muslim ananging ugi tumrap ummat agami sanesipun Islam.

Jama`ah Shalat Idul Fitri rahimakumullah.

Makaten Khutbah ingkang saget kita aturaken wonten ing wekdal punika mugi-mugi kita sedaya saget mikul tanggel jawab supados saget dipun trepaken wonten ing panggesangan kita ing saben dintenipun. Sumangga kita sami ngendhaleni nepsu kita piyambak-piyambak, ingkang supados boten gampil kapikut nindakaken maksiat ingkang saget jlomprongaken kita wonten ing neraka kepara saget ngrugekan tiyang sanes. Sumangga kita rumaketaken malih  silaturrahim sarta gotong royong tanpa bentenaken status sosial lan agama.

جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْنَ وَاْلمَقْبُوْلِيْنَ وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah II

الله أكبر – الله أكبر – الله أكبر – الله أكبر – الله أكبر – الله أكبر – الله أكبر كَبِيْرًا وَالحَمْدُ لِلّهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً لاَ إِلَهَ إِلاّاَلله ُوَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الأَحْزَابَ وَحْدَهُ لاَ إِلَهَ إِلاّاَلله ُوَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْكَرِهَ المُشْرِكُوْنَ وَلَوْكَرِهَ الكاَفِرُوْنَ وَلَوْكَرِهَ المُناَفِقُوْنَ

الحَمْدُ لِلّهِ حَمْداً كَثِيْرًا كَماَ أَمَرَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَإِلَهَ إِلاَّ الله ُوَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ إِرْغاَماً لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ.

وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلَآئِقِ وَالبَشَرِ.

اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلىَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحاَبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ المحشر

. أَمَّا بَعْدُ: فَيآأَيُّهاَالحاَضِرُوْنَ. أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ.
وَاعْلَمُوْآ أَنَّ الله َأَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّابِمَلَآئِكَةِ المُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ.
فَقاَلَ تعالى فِيْ كِتاَبِهِ الكَرِيْمِ أَعُوْذُ باِلله ِمِنَ الشَّيْطاَنِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَحِيْمِ. إِنَّ اللهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيْ يَآأَيُّهاَالَّذِيْنَ آمَنُوْآ صَلُّوْآ عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

فَأَجِيْبُوْآالله َاِلَى مَادَعَاكُمْ وَصَلُّوْآ وَسَلِّمُوْأ عَلَى مَنْ بِهِ هَدَاكُم

Hadirin ingkang dipun rahmati Allah SWT.
Ing salajengipun sumangga ing wekdal punika kita hadhiraken manah saha nyenyuwun dhumateng Allah SWT

أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ
بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيم
اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِههَِحَقَّ قَدْرِهِ وَمِقْدَارِهِ العَظِيْمِ
رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِناَتِ وَالمُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ الأَحْيآءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ

إِنَّكَ سَمِيْعُ قَرِيْبٌ مُجِيْبٌ الدَّعَوَاتِ

رَبَّناَ اغْفِرْ لَناَ وَلِإِخْوَانِناَ الَّذِيْنَ سَبَقُوْناَ بِالإِيمْاَنِ وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِناَ غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّناَ اِنَّكَ رَؤُوفٌ رَحِيْمٌ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِينَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

اللَّهُمَّ سَلِّمْنَا وَسَلِّمْ إِنْدُوْنِسِيَا مِنْ فِيْرُوسْ قُرُوْناَ يَأالله
إِرْفَعْ يألله فِيْرُوسْ قُرُوْناَ مِنْ إِنْدُوْنِسِيَا
اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ  مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ

اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ أَعْمَلَنَا فِي رَمَضَانَ اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ أَعْمَلَنَا فِي رَمَضَانَ اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ أَعْمَلَنَا فِي رَمَضَانَ

تَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُم عِيْدُكُمْ مُبَارَكٌ وَعَسَاكُمْ مِنَ العَائِدِيْنَ وَالفَائِزِيْنَ

كُلُّ عَامٍ وَأَنْتُمْ بِخَيْرٍ

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار وَالحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ العاَلمَيِنَ
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*