Khutbah Jum’at Basa Jawa Edisi 1 : Kautamenipun Wulan Rajab

KAUTAMENIPUN WULAN RAJAB

 Sumedi,S.Pd.,M.A.

Khutbah Kapisan

 

اَلْحَمْدُ لله الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَـقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ

 أَشْهَدُ أَنْ لَا اله إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ الله.

اَللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ بْنِ عَبْدِ اللهِ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَّالَاهُ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ، وَلَا حَوْلَ وَلَا قُوَّةَ إِلَّا بِاللهِ. أَمَّا بَعْدُ،

 يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيداً * يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعْ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزاً عَظِيماً.

تَعَالىَ  اَللَّهُ فَقَالَ

سُبْحٰنَ الَّذِيْٓ اَسْرٰى بِعَبْدِهٖ لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اِلَى الْمَسْجِدِ الْاَقْصَا الَّذِيْ بٰرَكْنَا حَوْلَهٗ لِنُرِيَهٗ مِنْ اٰيٰتِنَاۗ اِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ

أما بعد

 

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Wonten ing awal khutbah punika boten kesupen sumangga kula dalah panjenengan sami tansah hangaturaken puji miwah syukur wonten Ngarsa Dalem Allah SWT ingkang boten kendhat anggenipun paring nikmat dumateng kita sedaya, ingkang arupi mawarni-warni ing antawisipun inggih nikmat sehat, nikmat sempat, linangkung nikmat ingkang sakalangkung agung inggih punika nikmat iman lan Islam.

Salajengipun mboten kesupen ugi sumangga kita sami hangaturaken shalawat miwah salam dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang saestu kita antu-antu menggah syafaatipun benjang wonten ing dinten qiyamah .

Pinangka khatib kawula ngemutaken dhumateng kula pribadi dalah panjenengan sami sumangga tansah nambahi raos taqwa kita dhumateng Allah SWT kanthi ngupiya ingkang saestu nindakaken sedaya ingkang kadhawuhaken miwah nilar punapa ingkang dipun awisi dining Allah SWT. Kanthi makaten insya Allah kita badhe pikantuk kabegjan wiwit wonten ing donya punika ngantos ing akhirat samangkih. Allahumma Aamiin.

Boten keraos kita sedaya sampun lumebet wonten ing pertengahanipun wulan Rajab. Menawi kasebat wulan Rajab penggalih kita mesthi badhe kemutan setunggalipun prastawa agung ingkang kasebat wonten ing salebetipun Al Quran inggih punika Surah Al Isra’ : Ayat 1

سُبْحٰنَ الَّذِيْٓ اَسْرٰى بِعَبْدِهٖ لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اِلَى الْمَسْجِدِ الْاَقْصَا الَّذِيْ بٰرَكْنَا حَوْلَهٗ لِنُرِيَهٗ مِنْ اٰيٰتِنَاۗ اِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ

Mahasuci (Allah) ingkang sampun nglampahaken kawulanipun (Nabi Muhammad) wonten ing setunggaling dalu saking Masjidilharam dhumateng Masjidilaqsa ingkang sampun Kita (Allah) berkahi kanan kiringipun ingkang supados Kita (Allah) ngetawisaken dhumateng piyambakipun seperangan tandha yekti ke Agunganipun Allah. Saestunipun Panjenenganipun Allah punika Maha Midanget lan Maha Pirsa.

Prastawa Isra’ lan Mi’raj kedadosan rikalanipun Gusti Kanjeng Nabi nandang sungkawa awit tinilar pamanipun ingkang asma Abu Thalib ugi tinilar garwanipun kinasih inggih Khadijah radhiyallahu ‘anha. Ingkang kalih-kalihipun punika pinangka pambela rikalanipun kaum quraisy sami mengsahi Kanjeng Nabi.

Kathah pralampita ingkang tinampi dening Gusti Kanjeng Nabi rikalanipun Isra’ Mi’raj ing antawisipun ingkang kacariyos wonten ing

 

Hadis Shahih Muslim Nomer 252:

و حَدَّثَنَا أَبُو بَكْرِ بْنُ أَبِي شَيْبَةَ حَدَّثَنَا أَبُو أُسَامَةَ حَدَّثَنَا مَالِكُ بْنُ مِغْوَلٍ ح و حَدَّثَنَا ابْنُ نُمَيْرٍ وَزُهَيْرُ بْنُ حَرْبٍ جَمِيعًا عَنْ عَبْدِ اللَّهِ بْنِ نُمَيْرٍ وَأَلْفَاظُهُمْ مُتَقَارِبَةٌ قَالَ ابْنُ نُمَيْرٍ حَدَّثَنَا أَبِي حَدَّثَنَا مَالِكُ بْنُ مِغْوَلٍ عَنْ الزُّبَيْرِ بْنِ عَدِيٍّ عَنْ طَلْحَةَ عَنْ مُرَّةَ عَنْ عَبْدِ اللَّهِ قَالَ لَمَّا أُسْرِيَ بِرَسُولِ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ انْتُهِيَ بِهِ إِلَى سِدْرَةِ الْمُنْتَهَى وَهِيَ فِي السَّمَاءِ السَّادِسَةِ إِلَيْهَا يَنْتَهِي مَا يُعْرَجُ بِهِ مِنْ الْأَرْضِ فَيُقْبَضُ مِنْهَا وَإِلَيْهَا يَنْتَهِي مَا يُهْبَطُ بِهِ مِنْ فَوْقِهَا فَيُقْبَضُ مِنْهَا قَالَ { إِذْ يَغْشَى السِّدْرَةَ مَا يَغْشَى } قَالَ فَرَاشٌ مِنْ ذَهَبٍ قَالَ فَأُعْطِيَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ ثَلَاثًا أُعْطِيَ الصَّلَوَاتِ الْخَمْسَ وَأُعْطِيَ خَوَاتِيمَ سُورَةِ الْبَقَرَةِ وَغُفِرَ لِمَنْ لَمْ يُشْرِكْ بِاللَّهِ مِنْ أُمَّتِهِ شَيْئًا الْمُقْحِمَاتُ

Inkang wosipun Hadits inggih punika:

Lan wis nyaritakake marang kita kabeh [Abu Bakar bin Abu Syaibah] wis nyaritakake marang kita kabeh [Abu Usamah] wis nyaritakake marang kita kabeh [Malik bin Mighwal]. (ing riwayat liya kasebut uga) Lan wis nyaritakake marang kita kabeh [Ibnu Numair] lan [Zuhair bin Harb] kabeh iku saka [Abdullah bin Numair] lan lafazh dheweke padha cerak. [Ibnu Numair] matur, wis nyaritakake marang kita kabeh [bapakku] wis nyaritakake marang kita kabeh [Malik bin Mighwal] seka [az-Zubair bin Adi] seka [Thalhah] seka [Murrah] seka [Abdullah] dheweke matur, “Rikalane Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam diisra’ke mangka Panjenengane disumenake ing Sidrah al-Muntaha, (yaiku papan) kang cumondhok ana ing langit kang kaping enem. Sakabehing perkara kang munggah bumi bakal nglumpuk ing kana lan ditahan ing kana. Lan sakabehing perkara saka ing dhuwure bakal mandeg ing kana lan ditahan ing kana.” Allah paring Firman: ‘(Muhammad mirsani Jibril) rikalane Sidratil Muntaha ditutupi dening perkara kang nutupi) ‘ (Qs. An Najm: 16). Abdullah matur maneh, “Yaiku permadani saka emas.” Dheweke matur maneh, “Banjur  Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam pinaringan perkara telu: shalat limang wektu, ayat-ayat panutup surat al-Baqarah, lan diapura dosa-dosa gedhe saka wong kang ora nyekutokake  marang Allah kanthi sawijining perkara saka sadengah umate Kanjeng Nabi.”

Saking Hadits kasebat wonten tigang perkawis ingkang tinampi dening Gusti Kanjeng Nabi rikalanipun Isra’ Mi’raj ingkang saestu mujudaken kanugrahan ingkang ageng tumrap umatipun ngantos akhir zaman samangkih. Tigang perkawis punika menawi kababar setunggal baka setunggal:

 

Ingkang sepisan kaparingan dhawuh Shalat.

Kacihna kanthi kautamen saking shalat gangsal wekdal, ing antawisipun saget nyegah ahlinipun saking tumindak jember lan mungkar sahengga badhe beta kawilujengan ing panggesanganipun wiwit donya dumuginipun akhirat samangkih. Kathah riwayat ingkang nyebataken kautamen utawi fadhilah saking shalat punika, kepara menawi katindakaken kanthi berjamaah ganjaranipun badhe pun tikel tekukkaken, pinaringan berkah gesangipun ing donya, pun enthengaken rikalanipun sakaratul maut, pinaringan rahmat rikalanipun pejah, pun singkiraken saking siksa kubur, pun enthengaken rikalanipun dipun hisab, saget lumampah ing shirat kanthi cepet kados thathit ingkang cumelat, pun tebihaken saking neraka lan pun lebetaken dhateng swarga. Mila shalat mujudaken kanugrahan ingkang saestu istimewa dhumateng Kanjeng Nabi lan umatipun. Pramila sumangga kita jejegaken shalat gangsal wekdal punika lan ampun katalumpen tansah ngemutaken dhumateng keluwarga kita ngantos putra wayah samangkih.

Ingkang angka kalih pinaringan pusaka doa ingkang kacetha ing ayat-ayat panutupipun surat al-Baqarah.

لَا يُكَلِّفُ ٱللَّهُ نَفْسًا إِلَّا وُسْعَهَا ۚ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَعَلَيْهَا مَا ٱكْتَسَبَتْ ۗ رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَآ إِن نَّسِينَآ أَوْ أَخْطَأْنَا ۚ رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَآ إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُۥ عَلَى ٱلَّذِينَ مِن قَبْلِنَا ۚ رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِۦ ۖ وَٱعْفُ عَنَّا وَٱغْفِرْ لَنَا وَٱرْحَمْنَآ ۚ أَنتَ مَوْلَىٰنَا فَٱنصُرْنَا عَلَى ٱلْقَوْمِ ٱلْكَٰفِرِينَ

Allah ora paring bobot marang sakwijining uwong, kejaba miturut kabisane. Tumrap dheweke (ganjaran) apa kang den upiyakake lan tumrap dheweke (siksa)  uga apa kang den upiyakake  .(Dheweke pada dedonga,) “Duh pangeran kita, ampun ngantos paduka paring paukuman dhateng kita  menawi kita kesupen utawi lepat. Duh pangeran kita, ampun ngantos paduka mikulaken dhumateng kita beban ingkang awrat kadosdene sampun paduka pikulaken dhumateng tiyang-tiyang sak dereng kita. Duh Pangeran kita ampun ngantos paduka mikulaken dhumateng kita punapa ingkang mboten kuwawi kita pikul ing perkawis punika, Mugi Paduka paring ngapunten dhateng kita, sepura dhateng kita, lan paring rahmat dhumateng kita. Paduka pangreksa kita. Pramila, mugi paduka paring pitulung dhumateng kita saklebetipun ngadepi tiyang-tiyang kafir.”

Doa punika dereng nate punparingaken dining Allah dhumateng Nabi lan umat-umat sakderengipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

 

Ingkang kaping tiga Allah badhe paring pangapunten dhumateng umatipun  Kanjeng Nabi Muhammad SAW awit saking tumindak dosa sepinten kathahipun sakdangunipun tiyang punika mboten nyekutokaken Allah  dhumateng setunggaling perkawis (dosa syirik).

Makaten seperangan kautamen ingkang siningit wonten ing wulan Rajab, mugi-mugi Allah paring Rahmat, Taufiq lan hidayahipun dhumateng kita sedaya sahengga kita saget wilujeng wiwit donya punika dumugi ing akhirat samangkih.

 

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

  Khutbah Kaping Kalih

 الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَمَّا بَعْدُ : فَيَااَ يُّهَاالنَّاسُ !! اِتَّقُوااللهَ تَعَالىَ. وَذَرُوالْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَوَمَابَطَنْ. وَاعْلَمُوْااَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ.

فَقَالَ  اَللَّهُ تَعَالىَ: اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

اللَّهُمَّ اكْفِنَا بِحَلاَلِكَ عَنْ حَرَامِكَ وَأَغْنِنَا بِفَضْلِكَ عَمَّنْ سِوَاكَ

اللَّهُمَّ أَحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِى الأُمُورِ كُلِّهَا وَأَجِرْنَا مِنْ خِزْىِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الآخِرَةِ

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ

رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*