SEKAWAN KUNCI KAGEM NGGAYUH KABAGYAN GESANG
Khutbah I
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ
أَشْهَدُ أَنْ لَاۧ إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ .
اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى مَحَمَّدِ نِالْمُجْتَبٰى، وَعَلٰى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَهْلِ التُّقٰى وَالْوَفٰى. أَمَّا بَعْدُ فَيَاأَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ مَنِ اتَّقَى
فَقَالَ اللهُ تَعَالٰى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ:
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
Hadirin Rahimakumullah
Alhamdulillah puji lan syukur kita aturaken wonten ngarsa dalem Allah Subhaanahu wata’ala, shalawat saha salam mugi tansah konjuk dhumateng uswah hasanah kita Nabiyullah Muhammad SAW, keluarga, para sahabat lan sedaya umatipun. Aamin
Salajengipun sumangga kita tansah ngupiya ningkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT kanthi nindakaken menapa ingkang dipun dhawuhaken saha nebihi sedaya perkawis ingkang dipun awisi supados kita kalebet tiyang-tiyang ingkang pikantuk rahmat Allah saha lumebet wonten ing swarganipun.
Jamaah Rahimakumulah
Kita asring ndedonga dhumateng Allah supados pikantuk kabagyan donya lan akhirat kanthi doa ingkang sampun biasa kita lafalaken inggih punika :
رَبَّنا آتِنَا فِي الدُّنْيا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار
Artosipun : Dhuh Pangeran kawula , mugi paduka paring kesaenan dhumateng kita wonten ing donya lan kesaenan wonten ing akhirat lan mugi ngreksa kita saking siksa neraka.
Salajengipun ingkang dados pitangletan inggih punika kados pundi kita ngupiya panggesangan ingkang bagya punika? Pramila kita temtu badhe caos jawab satrep kaliyan tuntunanipun Allah SWT lan Rasulullah Muhammad SAW. Wonten ing ndalem Al-Qur’an surat An-Nahl ayat 97 Allah paring firman:
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهٗ حَيٰوةً طَيِّبَةًۚ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَجْرَهُمْ بِاَحْسَنِ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ
“Sapa wae kang nindakake kabecikan, lanang utawa wadon ana ing kahanan iman, mangka mesthi bakal Ingsun paringi tumrap dheweke penguripan kang becik lan bakal Ingsun paringi piwales ganjaran kang luwih becik tinimbang apa kang wis den tindakake dening dheweke . (QS an-Nahl: 97).
Imam al-Qurtubi medharaken wonten salebetipun kitabipun Tafsir al-Qurtubi juz 10 kaca 174 bilih wonten sawetawis pratandha gesang ingkang bagya Mulya:
Sepisan, inggih rezeki ingkang halal.
Rezeki ingkang halal badhe mahanani gesang ingkang bagya ugi barokah, sedaya urusanipun dados gampil, keluwarga ingkang kebak ing sakinah, mawaddah, lan rahmah, putra-putrinipun salih dan salihah, jiwa raga semangat kagem ngibadah, bandhanipun kathah lan barokah, saget dipun ginakaken tindak haji lan umrah wonten Makkah, sarta ziarah Nabi Muhammad saw ing Madinah, lan seda kanthi husnul khatimah. Âamiîn.
Rezeki ingkang halal pinangka pratandha setunggalipun priyantun gesang bagya wonten ing donya punika. Punika kabukten rikalanipun kita mirsani sawetawis tuladha wonten ing panggesangan punika : wonten setunggalipun keluwarga ingkang sarwa-sarwi pas-pasan, ngrimat putra putrinipun sarwa-sarwi kekirangan, ananging kanthi bandha ingkang halal, alhmdulillah pikantuk berkah lan saget nglampahi panggesangan kanthi sae.
Sinaosa menawi dipun pretang kanthi matematika lan pretanganipun manungsa, mboten badhe cekap. Ananging matematikanipun Allah saget nyekapi sedayanipun. Kados tangeh lamun kanthi penghasilan pas-pasan saben wulanipun kagem nyekapi putra ingkang cacah gangsal, ananging saget nyekapi. Mboten namung punika awit barokahipun rezeki ingkang halal mahanani putra-putranipun dados tiyang ingkang mapan lan maremaken. Kanthi makaten saget kapethik ibrah bilih rezeki ingkang halal pinangka tandha yekti gesang ingkang bagya mulya.
Jamaah ingkang Bagya mulya
Kaping Kalih, qanaah kanthi makna ridha dhumateng peparingipun Allah. Asring kasebat nerima ing pandum (saget nampi punapa kemawon peparingipun Allah SWT). Setunggalipun priyantun kagungan arta ingkang kathah, kalenggahan ingkang inggil, bandha ingkang kathah ,ananging menawi mboten kagungan sifat qanaah, piyambakipun badhe tansah rumaos kirang, serakah, ngangsa, lan temtu kemawon gesangipun mboten badhe rumaos remen.
Nabi Muhammad SAW paring sabda wonten ing hadits Riwayat Imam Muslim ing ndalem Shahih Muslim juz 2 kaca 730:
قَدْ أَفْلَحَ مَنْ أَسْلَمَ، وَرُزِقَ كَفَافًا، وَقَنَّعَهُ اللهُ بِمَا آتَاهُ
Artosipun: Temen beja kemayangan wong kang Islam, diparingi kecukupan rezeki, lan diparingi qanaah dening Allah tumrap apa kang diparingake marang dheweke .
Kados pundi supados kita saget qanaah? Nabi paring sabda wonten ing hadits ingkang kriwayataken dening Imam Muslim:
انْظُرُوا إِلَى مَنْ أَسْفَلَ مِنْكُمْ، وَلَا تَنْظُرُوا إِلَى مَنْ هُوَ فَوْقَكُمْ، فَهُوَ أَجْدَرُ أَنْ لَا تَزْدَرُوا نِعْ
مَةَ اللهِ عَلَيْكُمْ
Artosipun: Sira anduluwa marang wong kang sangisorira lan sira aja andulu marang wong kang sanduwurira, kang kaya mengkono iku supaya sira kabeh ora ngremehake nikmate Allah marang sira kabeh. (HR Muslim).
Pinangka tuladha, setunggalipun priyantun kagungan mobil kedah bersyukur awit taksih kathah tiyang ingkang nitih sepeda motor awit dereng saget mundhut mobil. Ingkang sami nitih sepeda motor kedah bersyukur awit taksih kathah tiyang ingkang sami nitih sepeda onthel awit dereng kuwawi mundhut sepeda motor. Priyantun ingkang nitih sepeda onthel ugi wajib bersyukur, awit taksih kathah sedherek kita menawi Tindakan namung mlampah amargi dereng saget mundhut sepeda onthel. Ingkang namung mlampah ugi kedah bersyukur awit wonten sedherek kita ingkang mboten saget mlampah, makaten salajengipun. Priyantun ingkang kagungan sifat qanaah nedahaken gesangipun bahagia lan mboten susah.
Hadirin ingkang dipun rahmati Allah SWT
Kaping tiga, taufiquhu ilath-thâ‘at. Inggih punika pikantuk pitulung saking Allah kagem nindakaken kesaenan, ibadah, lan taat dhumateng Allah SWT. Kados pundi supados kita pikantuk pitulunganipun Allah? Allah paring firman ing ndalem Al-Qur’an surat Muhammad ayat 7:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ تَنْصُرُوا اللّٰهَ يَنْصُرْكُمْ وَيُثَبِّتْ اَقْدَامَكُمْ
Artosipun : He wong-wong mukmin, menawa sira mitulungi (agama) Allah, temen Allah bakal paring pitulung marang sira lan njejegake sukunira.
Miturut Imam ath-Thabari wonten ing Tafsir Jamiul Bayan juz 21 halaman 191, Allah badhe paring pitulung dhumateng tiyang ingkang sami nindakaken amal sakpas kaliyan ingkang dipun remeni lan dipun ridhai dening Allah, inggih punika tiyang-tiyang ingkang sami berjuang wonten ing marginipun. Kados dene tiyang ingkang sami luru ilmu, ngasta wonten ing lembaga keilmuan, tiyang ingkang makmuraken masjid, lan sanesipun. Piyambakipun tiyang ingkang badhe pikantuk pitulungipun Allah lan gesangipun badhe pikantuk kabagyan..
Kaping sekawan, halâwah thâ‘ât. Inggih punika saget ngraosaken manisipun ibadah saha taat dhumateng Allah SWT. Nabi paring sabda wonten ing setungalipun hadits ingkang kariwayataken dening Imam al-Bukhari ing ndalem Shahih al-Bukhari, juz 1 kaca 12
Suraosipun:
ثَلَاثٌ مَنْ كُنَّ فِيْهِ وَجَدَ بِهِنَّ حَلَاوَةَ الْإِيْمَانِ، مَنْ كَانَ اللهُ وَرَسُوْلُهُ أَحَبَّ إِلَيْهِ مِمَّا سِوَاهُمَا وَأَنْ يُـحِبَّ الْمَرْءَ لَا يُحِبُّهُ إِلَّا لِلهِ، وَأَنْ يَكْرَهَ أَنْ يَعُوْدَ فِـي الْكُفْرِ بَعْدَ أَنْ أَنْقَذَهُ اللهُ مِنْهُ، كَمَا يَكْرَهُ أَنْ يُقْذَفَ فِـي النَّارِ.
Artosipun: Ana telung golongan kang bisa ngrasakake manise iman: (1) wong kang luwih tresna marang Allah lan rasul tinimbang liyane, (2) wong kang nresnani sawijining wong karana Allah, (3) wong kang sengit bali marang kekufuran kayadene sengite menawa dilebokake ing neraka.
Jamaah Shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah
Saget kasimpulaken bilih dhawuhipun Rasulullah supados kita nggayuh kabagyan inggih supados pikantuk rezeki ingkang halal, qanaah (nampi) punapa ingkang sampun dipun paringaken dening Allah, pikantuk pitulungipun Allah ing ndalem ketaatan, lan saget ngraosaken manisipun iman. Mugi-mugi kita sedaya tansah pikantuk rahmat Allah supados dados manungsa ingkang bagya ing Donya saha ing akhirat. Aamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ وَسَارِعُوْا إِلَى مَغْفِرَةِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. وَصَلَّى الله عَلَى سَيِّدَنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتْ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ جَهَنَّمَ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ الْقَبْرِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ فِتْنَةِ الْمَسِيحِ الدَّجَّالِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ فِتْنَةِ الْمَحْيَا وَالْمَمَاتِ، اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ الْهَمِّ وَالْحَزَنِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ الْعَجْزِ وَالْكَسَلِ وَ نَعُوذُ بِكَ مِنْ الْجُبْنِ وَالْبُخْلِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ غَلَبَةِ الدَّيْنِ وَقَهْرِ الرِّجَالِ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ



Leave a Reply