KAMULYANIPUN WULAN MUHARRAM
Khutbah I
الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ اْلإِيْمَانِ وَاْلإِسْلاَمِ. وَنُصَلِّيْ وَنُسَلِّمُ عَلَى خَيْرِ اْلأَنَامِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدوَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
أَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه.
أَللهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
وَقَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ،
اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۗذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُ ەۙ فَلَا تَظْلِمُوْا فِيْهِنَّ اَنْفُسَكُمْ وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِيْنَ كَاۤفَّةً كَمَا يُقَاتِلُوْنَكُمْ كَاۤفَّةً ۗوَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ
Hadirin jamaah jum’at rahimakumullah
Mboten katalumpen sumangga kita tansah ngaturaken puji syukur dhumateng Allah awit kathahipun nikmat ingkang pinaringaken dhumateng kita. Shalawat saha salam mugi tansah konjuk dhumateng Nabiyullah Muhammad SAW ingkang kita antu-antu syafaatipun wonten ing akhir zaman samangkih. Salajengipun kula pinangka khatib caos wasiat dhumateng kawula pribadi saha jamaah sedaya sumangga sesarengan sami
ningkataken takwa kita dhumateng Allah SWT kanthi ngupiya nindakaken sedaya dhawuhipun ugi nebihi ingkang dados awisanipun.
Hadirin jamaah jum’at rahimakumullah
Wulan Muharram utawi wulan Suro miturut penanggalan jawi mujudaken wulan ingkang sepisan wonten ing penanggalan Hijriyah ingkang karipta rikalanipun zaman pemerintahan khalifah Umar bin Khattab pinangka mengeti hijrahipun Nabi Muhammad SAW saking Mekah dhumateng Madinah. Ing wulan Muharram wonten dinten ingkang istimewa inggih tanggal10 Muharram utawi dinten Asyura.
Tumrapipun umat Islam saindenging jagat wulan punika mujudaken wulan ingkang minulya ingkang kedah dipun sambut kanthi suka rena kanthi bingahing manah nindakaken mapinten-pinten amalan sunah ingkang dipun anjuraken.
Benten kaliyan saweneh tiyang ingkang anggadhahi kapitadosan bilih wulan Suro utawi Muharram punika wulan ingkang gawat keliwat-liwat. Ingkang tundhonipun mboten sami wantun kagungan kajat utawi mbangun griya lan sanesipun. Kapitadosan ingkang kados makaten punika mboten wonten dhasaripun kejawi namung dzon utawi prasangka ingkang turun temurun. Kepara menawi punika dipun pitadosi saget anjalari risakipun Aqidah.
Wulan Muharram punika wulan ingkang minulya kados ingkang sampun dipun andharaken dening Allah wonten ing Surat At-Taubah: 36
اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۗذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُ ەۙ فَلَا تَظْلِمُوْا فِيْهِنَّ اَنْفُسَكُمْ وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِيْنَ كَاۤفَّةً كَمَا يُقَاتِلُوْنَكُمْ كَاۤفَّةً ۗوَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ
Satemene wilangane wulan ing Ngersaning Allah iku rolas wulan,(kaya dene) katetepane Allah (ing Lauh Mahfuz) rikalane Panjenengane nyipta langit lan bumi, ing antarane ana patang wulan haram. Iku mau (katetapan) agama kang lurus, mangka sira aja nganiyaya awak ira ing wulan iku (patang wulan iku), lan perangana wong-wong musyrik sekabehane kaya dene dheweke merangi sira kabeh. Mangertiya satuhune Allah anyartani wong-wong kang padha takwa.
Ayat kasebat sak pas kaliyan Sabdanipun Kanjeng Nabi:”Satemene, zaman iku mubeng kaya dene rikane Allah nyiptakake langit lan bumi. 1 tahun ana 12 wulan , ing antarane ana 4 wulan haram (suci), 3 wulan urut, yaiku Dzulqa’dah, Dzulhijjah, lan Muharram, banjur wulan Rajab Mudhar antarane Jumadil Tsani (Jumadil Akhir) lan Sya’ban.” (HR. Bukhari lan Muslim).
Wonten ing wulan Muharram kathah prastawa penting ingkang dipun lampahi dening para Nabi kados sawenehipun saget kita andharaken:
- Allah nyipta Nabi Adam AS lan garwanipun Hawa.
Allah paring pangapunten dhumateng Nabi Adam sasampunipun dhahar woh Khuldi ingkang dipun awisi dening Allah. Kados ingkang kacariyos wonten ing Surat Al Baqarah:37
فَتَلَقّٰٓى اٰدَمُ مِنْ رَّبِّهٖ كَلِمٰتٍ فَتَابَ عَلَيْهِ ۗ اِنَّهٗ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ
“Sabanjure Adam nampa pirang-pirang kalimah saka pangerane, sabanjure Panjengane nampa taubate. Satuhune Panjenengane Kang Maha nampa tobat tur Maha Asih”
Ingkang dipun maksud kalimah wonten ing ayat punika inggih punika ucapan nyuwun pangapunten (tobat) dhumateng Allah Swt.,kados ingkang kados kasebat wonten ing surah al-A‘rāf : 23.
قَالَا رَبَّنَا ظَلَمْنَآ اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ
“Saklorone padha matur, “Dhuh pangeran kawula, kawula sampun nganiyaya dhumateng kawula pribadi. Menawi paduka mboten paring pangaksami dhumateng kita lan mboten paring Rahmat dhumateng kita, saestu kita kalebet tiyang-tiyang ingkang rugi.”
- Allah ngangkat derajatipun Nabi Idris.
Kados ingkang kacariyos wonten ing surat Maryam: 56–57
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ اِدْرِيْسَۖ اِنَّهٗ كَانَ صِدِّيْقًا نَّبِيًّا ۙ وَّرَفَعْنٰهُ مَكَانًا عَلِيًّا
“Caritakna (Nabi Muhammad caritane ) Idris ing ndalem Kitab (Al-Qur’an). Satemene dheweke iku wong kang jujur banget lan mbenerake uga sawijining nabi.”
“Ingsun wus ngangkat dheweke marang martabat kang luhur.”.
- Allah nylametaken Nabi Nuh saking banjir bandhang.
Kacariyos wonten ing Surat Hud:44
وَقِيْلَ يٰٓاَرْضُ ابْلَعِيْ مَاۤءَكِ وَيٰسَمَاۤءُ اَقْلِعِيْ وَغِيْضَ الْمَاۤءُ وَقُضِيَ الْاَمْرُ وَاسْتَوَتْ عَلَى الْجُوْدِيِّ وَقِيْلَ بُعْدًا لِّلْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ
“Den Firmanake (dening Allah), “He bumi, ulunen banyumu lan he langit mandhega (anggone udan).”Banyu banjur surut lan urusan (nyirnakake para duraka ) wus rampit lan (kapal ) wus nglabuh sadhuwure gunung Judiy,Lan di aturake, “Kasirnan tumrap kaum kang zalim.”
Kacariyos ugi wonten ing Surat Asyu’ara’:119-120
فَاَنْجَيْنٰهُ وَمَنْ مَّعَهٗ فِى الْفُلْكِ الْمَشْحُوْنِ ثُمَّ اَغْرَقْنَا بَعْدُ الْبَاقِيْنَ
“Ingsun slametake dheweke (Nuh) lan wong-wong kang padha ndherek marang dheweke ing sajeroning kapal kang kebak gawan”.
“Banjur ingsun klelebake wong-wong kang isih (ora iman) sawise iku.”
- Nabi Ibrahim dipun slametaken saking salebetipun grama ingkang kagem mbesem piyambakipun.
Kacariyos wonten Surat Al Anbiya’: 69
قُلْنَا يٰنَارُ كُوْنِيْ بَرْدًا وَّسَلٰمًا عَلٰٓى اِبْرٰهِيْمَ ۙ
“Ingsun (Allah) paling firman, “He geni , dadiya sira adhem lan keslametan tumrap Ibrahim!”
- Nabi Yusuf dipun lepasaken saking pakunjaran sasampunipun pikantuk fitnah saking bendaranipun.
Kados ingkang kacariyos wonten ing Surat Yusuf: 42
وَقَالَ لِلَّذِيْ ظَنَّ اَنَّهٗ نَاجٍ مِّنْهُمَا اذْكُرْنِيْ عِنْدَ رَبِّكَۖ فَاَنْسٰىهُ الشَّيْطٰنُ ذِكْرَ رَبِّهٖ فَلَبِثَ فِى السِّجْنِ بِضْعَ سِنِيْنَ ࣖ
“Dheweke (Yusuf) matur marang wong kang den mangerteni bakal slamet ing antarane sklorone , “Terangna kahananku marang bendaramu .” Sabanjure setan ndadekake dheweke lali nyaritakake (kahanane Yusuf) marang bendarane. Kanthi mangkono dheweke (Yusuf) tetep ana ing sajrone pakunjaran nganti suwene pirang-pirang taun suwene.
- Nabi Ya’qub saget mantun anggenipun wuta ingkang jalaranipun kathah anggenipun muwun nggetuni putranipun (Yusuf) ingkang dipun kabaraken dipun tedhi srigala.
Kacariyos wonten ing Al-quran Surat Yusuf ayat 96.
فَلَمَّآ اَنْ جَاۤءَ الْبَشِيْرُ اَلْقٰىهُ عَلٰى وَجْهِهٖ فَارْتَدَّ بَصِيْرًاۗ قَالَ اَلَمْ اَقُلْ لَّكُمْۙ اِنِّيْٓ اَعْلَمُ مِنَ اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ
“Rikalane wus tumeka kang ngasta pawarta iku, den usapake (klambi iku) ana pasuryane (Ya‘qub), banjur dheweke bisa andulu maneh . Dheweke (Ya‘qub) ngendika, “Kepara wus ingsun aturake marang sira menawa ingsun pirsa saka Allah apa kang sira ora mangerteni ?”
- Mantunipun Nabi Ayyub saking sesakit ingkang awrat.
Kacariyos wonten ing Al Quran Surat Shad: 41-42
وَاذْكُرْ عَبْدَنَآ اَيُّوْبَۘ اِذْ نَادٰى رَبَّهٗٓ اَنِّيْ مَسَّنِيَ الشَّيْطٰنُ بِنُصْبٍ وَّعَذَابٍۗ اُرْكُضْ بِرِجْلِكَۚ هٰذَا مُغْتَسَلٌۢ بَارِدٌ وَّشَرَابٌ
“Elinga marang kawulaningsung Ayyub rikalane dheweke matur marang Pangerane, “Saestunipun kawula sampun dipun ganggu setan kanthi kasangsaran saha pasiksan (raos sakit).”
“(Allah paring firman,) “Gedrugna sukunira (ing bumi)! Iki banyu kang anyes kanggo ados lan ngombe.”
- Nabi Musa dipun wilujengaken saking Fir’aun.
Kacariyos wonten ing Al Quran Surat Asy-Syu’ara: 65-66
وَاَنْجَيْنَا مُوْسٰى وَمَنْ مَّعَهٗٓ اَجْمَعِيْنَ ۚ ثُمَّ اَغْرَقْنَا الْاٰخَرِيْنَ ۗ
“Ingsun slametake Musa lan kabeh wong kang nyartani.”
“Banjur ingsun silemake rombongan liyane”
- Nabi Yunus medal saking wetengipun ulam nun.
Kacariyos wonten ing Surat Al-Anbiya : 87-88
وَذَا النُّوْنِ اِذْ ذَّهَبَ مُغَاضِبًا فَظَنَّ اَنْ لَّنْ نَّقْدِرَ عَلَيْهِ فَنَادٰى فِى الظُّلُمٰتِ اَنْ لَّآ اِلٰهَ اِلَّآ اَنْتَ سُبْحٰنَكَ اِنِّيْ كُنْتُ مِنَ الظّٰلِمِيْنَ ۚ فَاسْتَجَبْنَا لَهٗۙ وَنَجَّيْنٰهُ مِنَ الْغَمِّۗ وَكَذٰلِكَ نُـْۨجِى الْمُؤْمِنِيْنَ
“(Elinga uga ) Zun Nun (Yunus) rikalane dheweke lunga ing kahanan nesu, banjur dheweke ngira menawa ingsun ora bakal ngangelake dheweke. Mangka, dheweke banjur dedonga saka sajrone pepeteng kang sap-sapan “Mboten wonten Pangeran kejawi Paduka. Mahasuci Paduka Saestunipun kawula kalebet tiyang-tiyang ingkang zalim.”
“Ingsun banjur ngabulake dongane lan ingsun nylametake dheweke saka kesusahan. Kaya mankono ingsun nylametake wong-wong mukmin.”
- Siyam ingkang paling utami sasampunipun siyam Ramadhan
Sanesipun prastawa-prastawa kasebat wonten ugi kautamenipun wulan Muharram inggih punika siyam ingkang paling utami sasampunipun siyam Ramadhan. Kados ingkang sampun dipun sabdakaken dening Rasulullah SAW:
أَفْضَلُ الصِّيَامِ بَعْدَ رَمَضَانَ ؛ شَهْرُ اللَّهِ الْمُحَرَّمُ، وَأَفْضَلُ الصَّلَاةِ بَعْدَ الْفَرِيضَةِ ؛ صَلَاةُ اللَّيْلِ
“Pasa paling utama sawise Ramadhan yaiku pasa ing wulan Allah, yaiku Muharram, lan shalat kang paling utama sawise shalat fardhu yaiku shalat wengi.” (HR. Muslim, Tirmidzi, Abu Daud, Nasai, Ibn Majah, Darimi, dan Ahmad)
Hadirin jamaah jum’at rahimakumullah
Kanthi makaten sumangga kita ngathah-ngathahaken nindakaken amal kesaenan wonten ing wulan Muharram punika.
Mugi Allah nampi amal ibadah kita,ugi ngapunten sedaya dosa-dosa kita
Lan mugi-mugi kita tansah dipun reksa dening Allah Subhanahu Wa Ta’ala,aamiin aamiin yaa Robbal ‘alaamiin
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْأنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَ يَاتِ وَ ذِكْرِالحَكِيْمِ وَ تَقَبَّلَ اللهُ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمِ,وَاَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَاسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ اِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى جَعَلَنَا وَاِيَّكُمْ عِبَادِهِ الْمُتَّقِيْنَ وَاَدَّبَنَا بِالْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ الَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. َاللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ اَمَّا بَعْدُ : فَيَا اَيُّهَا النَّا سُ اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ ٱللَّهَ وَمَلٰئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِىِّ ۚ يٰأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوْاصَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا .
أَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
أَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ.
أَللّٰهُمَّ اِنَّانَسْأَلُكَ سَلَامَةً فِى الدِّيْنِ، وَعَافِيَةً فِى الْجَسَدِ, وَزِيَادَةً فِى الْعِلْمِ, وَبَرَكَةً فِى الرِّزْقِ , وَتَوْبَةَ قَبْلَ الْمَوْت,
وَرَحْمَةًعِنْدَالْمَوْتِ , وَمَغْفِرَةً بَعْدَالْمَوْتِ أَللّٰهُمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِيْ سَكَرَاتِ الْمَوْتِ وَالنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ وَالْعَفْوَ عِنْدَ الْحِسَاب
اَللّٰهُمَّ نَوِرْ قَلْبِيْ بِنُوْرِ هِدَيَتِكَ كَمَا نَوَرْتَ الْاَرْضَ بِنَوْرِ شَمْسِكَ اَبَدًا اَبَدَا بِرَحْمَتِكَ يَااَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَالِلّٰهِ ! إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ الِلّٰهِ اَكْبَرْ.



Leave a Reply