MENSYUKURI KAMARDIKAN
Khutbah I
الحَمْدُ للهِ الّذِي لَهُ مَا فِي السمَاوَاتِ وَمَا فِي اْلأَرْضِ وَلَهُ الحَمْدُ فِي الآخرَة الْحَكِيمُ الْخَبِيرُ يَعْلَمُ مَا يَلِجُ فِي الْأَرْضِ وَمَا يَخْرُجُ مِنْهَا وَمَا يَنزِلُ مِنَ السَّمَاءِ وَمَا يَعْرُجُ فِيهَا وهو الرّحِيم الغَفُوْر. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى الرَّشَادِ. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَاِبهِ الهَادِيْنَ لِلصَّوَابِ وَعَلَى التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ اْلمَآبِ.
اَمَّا بَعْدُ، فَيَااَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوْااللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَتَمُوْتُنَّ اِلاَّوَأَنـْتُمْ مُسْلِمُوْنَ فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ
Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,
Langkung rumiyin sumangga kita tansah ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT Rabb ingkang ngratoni saindhenging alam. Shalawat lan salam mugi tansah konjuk dhumateng Nabiyullah Muhammad SAW, sahabat, keluarga saha ummatipun dumugi akhir zaman.
Pinangka khatib mboten katalumpen caos wasiyat khususipun dhumateng diri kula pribadi sumrambahipun dhumateng jamaah sekalian supados tansah ningkataken Iman lan Taqwa dhumateng Allah SWT.
Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,
Rikala wingi tanggal 17 Agustus Bangsa Indonesia nembe mawon mengeti dinten kamardikan ingkang kaping 78. Pengetan dinten kamardikan dipun leksanani wonten ing saindhenging nuswantara. Merdeka saking blenggunipun bangsa penjajah.
Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,
Khalifah ingkang kaping kalih, Sayyidina Umar bin Khattab radliyallahu ‘anhu nate paring dhawuh:
مَتَى اسْتَعْبَدْتُم النَّـــــــــاسَ وَقَدْ وَلَدَتْهُمْ أُمَّهَاتُهُمْ أَحْرَارًا؟
“Wiwit kapan sira padha nganggep budak manungsa, kamangka biyung-biyunge nglahirake dheweke pinangka wong-wong mardika.” (Kitab al-Wilâyah ‘alal Buldân fî ‘Ashril Khulafâ’ ar-Râsyidîn)
Sayyidina Umar panci ngaturaken kanthi pitanglet, ananging saestunipun ngemot pasemon babagan hakikatipun manungsa. Miturut panjenenganipun manungsa punika fitrahipun mardika. Bayi ingkang lahir wonten ing alam donya wonten ing kawontenan suci ugi bebas saking mawerni-werni panindhes.
Tundhonipun penjajahan saestunipun setunggalipun tataran ngingkari wontenipun sifat hakiki manungsa. Awit makaten Islam paring izin utawi ngeparengaken pambela diri rikalanipun dipun dzalimi. Kepara rikalanipun sampun ngancam keslametanipun jiwa, umat Islam secara syar’i dipun keparengaken ngobaraken perang. Perang ing ndalem perkawis punika mboten sanes kagem mempertahankan diri (defensif), sanes perang kanthi tlonjong waton nyerang (ofensif).
Perkawis punika ingkang dipun lampahi para ulama, santri, lan umat Islam bangsa kita rikalanipun ngadhepi penjajahan Belanda lan Jepang wonten ing wekdal ingkang sampun kawuri. Perjuanganipun dipun lampahi sesarengan mapinten-pinten perangan bangsa kita sanesipun ingkang mboten namung benten suku lan daerah ananging ugi ingkang mboten nunggil kapitadosan. Awit, kamardikan panci dados perkawis ingkang wigatos tumrap manungsa sedayanipun, mboten namung golongan tartamtu. Islam ngakeni sedaya punika pinangka nilai universal.
Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,
Tanah air dados perangan penting ing ndalem perjuangan kasebat. Tanah air mboten benten kaliyan bale griya ingkang dipun panggeni mayuta-yuta manungsa. Islam ngakeni hak tumrapipun keamanan tempat tinggal lan pikantuk nindakaken pembelaan rikalanipun wonten ancaman ingkang saget mbebayani.
Al-Qur’an kepara kanthi gamblang nyelarasaken antawisipun agama lan tanah air wonten ing Surat al-Mumtahanah ayat 8:
لَا يَنْهَاكُمُ اللهُ عَنِ الَّذِينَ لَمْ يُقَاتِلُوكُمْ فِي الدِّينِ وَلَمْ يُخْرِجُوكُمْ مِنْ دِيَارِكُمْ أَنْ تَبَرُّوهُمْ وَتُقْسِطُوا إِلَيْهِمْ ۚ إِنَّ اللهَ يُحِبُّ الْمُقْسِطِينَ
“Allah datan ngawisi marang sira kanggo tumindak becik lan tumindak adil marang wong-wong kang ora merangi marang sira amarga agama lan ora nundhung sira saka negerinira. Satuhune Allah remen marang wong-wong kang tumindak adil.” (Al-Mumtahanah: 8)
Ayat kasebat paring pirsa bilih Islam nyejajaraken antawis agama lan tanah air. Dening Al-Qur’an kalih-kalihipun dipun dadosaken alasan supados tetep tumindak sae lan adil. Al-Qur’an paring jaminan kebebasan ngrasuk agami ugi jaminan tempat tinggal secara mardika. Mboten aneh menawi saperangan ulama damel wewaton hubbul wathan minal iman (cinta tanah air saperangan saking iman).
Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,
Kanthi makaten ingkang kawitan dipun tindakaken kagem nyambut dinten kamardikan punika inggih ngaturaken syukur kanthi saestu awit nugraha ingkang arupi keamanan tumrap agama lan negari kita saking blenggu penjajahan ingkang nyengsarakaken. Awit, nikmat agung sasampunipun iman inggih punika aman (a’dhamun ni‘ami ba‘dal îmân billâh ni‘matul aman).
Salajengipun kados pundi anggen kita mensyukuri kamardikan punika ?
Sepisan, ngisi kamardikan kanthi ningkataken ketakwaan dhumateng Allah.
Nindakaken syariat kanthi tenang mujudaken anugerah ingkang agung rikalanipun sedherek-sedherek kita wonten saindhenging bawana katemben sami berjuang ngupadi kedamaian. Umat Islam Indonesia kedah mensyukuri kanthi tansah nyelak dhumateng sang khaliq saha tumindak sae dhumateng sesami. Perlombaan ingkang paling sae wonten ing swasana kamardikan punika inggih punika perlombaan tumuju pribadi paling takwa awit kanthi punika kamulyan saget kagayuh.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنَّا خَلَقْنَاكُمْ مِنْ ذَكَرٍ وَأُنْثَىٰ وَجَعَلْنَاكُمْ شُعُوبًا وَقَبَائِلَ لِتَعَارَفُوا ۚ إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ
“He manungsa, satemene Ingsun nyipta sira saka lanang lan wadon banjur den dadekake sira bangsa-bangsa lan suku-suku supaya sira pada pitepungan. Satuhune wong kang paling mulya saka sira kabeh ana ing ngersaning Allah yaiku wong kang paling takwa ing antarane sira . Satuhune Allah Maha Ngawuningani tur Maha Pirsa.” (QS al-Hujurat: 13)
Kaping Kalih, nresnani dhumateng negari kita kanthi migatosaken kemaslahatan lan kemudaratan supados langgeng.
Sedaya upiya ingkang saget paring manfaat tumrap rakyat kita sengkuyung saha kita dukung, wondene ingkang dadosaken karugen masyarakat kathah kita tolak.
Panyengkuyung dhumateng kemaslahatan publik saget kawiwitan saking diri kita kanthi patisipasi dhumateng kemajenganipun masyarakat, andil gotong royong, utawi netepi tata aturan ingkang lumampah. Sewalikipun nyegah mudarat ateges nebihaken bangsa punika saking mawerni-werni bebaya kados bencana, korupsi, kriminalitas, lan sanes-sanesipun.
Punika wujud pengejawantah saking sikap amar ma’ruf nahi munkar ing ndalem pangertosan ingkang wiyar. Ajakan dhumateng kesaenan lan pengingkaran dhumateng kemungkaran dipun trepaken ing ndalem pembangunan masyarakat. Tujuanipun , nggayuh panggesangan ingkang sakelangkung harmonis, adil, lan sejahtera. Kalebet wonten ing praktik punika inggih nyengkuyung dhumateng pemerintah rikalanipun kebijakan ingkang dipun lampahi migunani lan ugi ngemutaken rikalanipun kebijakan pemerintah melenceng saking kemaslahatan umum.
Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,
Al-Imam Hujjatul Islam Abu Hamid al-Ghazali ing ndalem Ihyâ’ ‘Ulûmid Dîn ngendika
المُلْكُ وَالدِّيْنُ تَوْأَمَانِ فَالدِّيْنُ أَصْلٌ وَالسُّلْطَانُ حَارِسٌ وَمَا لَا أَصْلَ لَهُ فَمَهْدُوْمٌ وَمَا لَا حَارِسَ لَهُ فَضَائِعٌ
“Kekuasaan (negara) lan agama mujudake sedulur kembar. Agama pinangka lelandesan, dene kekuasaan kanggo njaga . Sawijining perkara tanpa lelandesan bakal rubuh. Dene sawijining perkara tanpa dijaga bakal sirna.”
Al-Ghazali wonten ing ndalem aturipun kala wau kados nakyinaken bilih gegayutan sambung rapet antawisipun agami lan negara mboten saget dipun piji-piji. Kekalihipun sami ngiyataken setunggal setunggalipun. Negari mbetahaken angger-angger ingkang kaemot ing ndalem agami, wondene agami mbetahaken “griya” ingkang saget njagi lumaksitanipun kanthi aman lan damai.
Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,
Indonesia mujudaken setunggalipun nikmat ingkang saestu wigatos. Kita muji syukur bilih dasaring negari kita sak pas kaliyan ajaran Islam. Kamardikan panci dereng kagayuh kanthi wutuh ing ndalem mawerni bidang. Ananging punika tugas kita pinangka warga negara ingkang sae mboten cekap ngresula awit kawontenan ananging ugi kedah nderek ndandosi pinangka wewujudan saking hubbul wathan.
Mugi Allah subhânahu wata‘âlâ tansah ngreksa negari lan agami kita saking sadengah bencana sahingga saget kita warisaken tumrap generasi salajengipun . Wallâhu a‘lam.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ



Leave a Reply