Edisi 132 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Keyakinan Jahiliyah Gegayutan Kaliyan Wulan Safar

KEYAKINAN JAHILIYAH

GEGAYUTAN KALIYAN WULAN SAFAR

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.

اَللَّهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى سيدنا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

أَمَّا بَعْدُ عِبَادَ اللهِ : أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ ؛ فَإِنَّ تَقْوَى اللهِ جَلَّ وَعَلَا هِيَ سَبِيْلُ الفَلَاحِ وَالْفَوْزُ فِي الدُّنْيَا وَالآخِرَةِ

وَأَسْأَلُ اللهَ جَلَّ وَعَلَا أَنْ يَجْعَلَنَا وَإِيَّاكُمْ مِنَ المُتَّقِيْنَ

قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الكَرِيْمَ

أعوذ بالله من الشيطان الرجيم

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ

 يَاأَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُواْ رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَاوَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاء وَاتَّقُواْ اللّهَ الَّذِي تَسَاءلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً

وقال الله تعالى وَمَآ اَصَابَكُمْ مِّنْ مُّصِيْبَةٍ فَبِمَا كَسَبَتْ اَيْدِيْكُمْ وَيَعْفُوْا عَنْ كَثِيْرٍۗ

 

Jamaah jumat ingkang dipun rahmati Allah

Kita wajib ngunjukaken raos syukur dhumateng Allah awit nikmat ingkang sampun Allah paringaken dhumateng kita linangkung nikmat iman lan islam. Sumangga kita sami shalawat dhumateng Nabi Muhammad ingkang kita sedaya ngajeng-ajeng syafaatipun wonten ing yaumul akhir.

 

  اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ

Kawula pinangka Khatib caos wasiat dhumateng kawula pribadi ugi jamaah sekalian sumangga kita ningkataken ketaqwaan kita dhumateng Allah kanthi ngathah-ngathahaken amal shaleh ugi kathah-kathah emut dhumateng perkawis ingkang medhotaken kenikmatan inggih punika pejah.

Jamaah jumat ingkang dipun mulyakaken Allah

Mboten keraos kita sampun lumebet wonten ing wulan Safar ingkang miturut keyakinan jahiliyah wulan Safar punika pinangka wulan ingkang ndhatengaken sial saha penyakit kepara dipun pitadosi bilih wulan Safar punika kebak musibah lan bencana. Keyakinan ingkang kados makaten saestunipun pinangka nyimpangipun aqidah saha  mujudaken karisakan lan sasar ingkang tebih, awit mboten wonten ingkang ndhatengaken musibah saha bencana kejawi awit polah tingkahipun manungsa piyambak kados ingkang firmanipun Allah wonten ing Surat Asy-Syura: 30

وَمَآ اَصَابَكُمْ مِّنْ مُّصِيْبَةٍ فَبِمَا كَسَبَتْ اَيْدِيْكُمْ وَيَعْفُوْا عَنْ كَثِيْرٍۗ

Musibah apa wae kang tumama ing sira iku Amarga tumindaking tanganira dhewe lan (Allah) paring pangapura kang akeh (keluputanira).”

Saestunipun bala’ lan musibah ingkang ngengingi setunggalipun tiyang punika awit dosa lan kalepatanipun piyambak mboten amargi wulanipun utawi dintenipun ingkang ndhatengaken sial kados keyakinan jahiliyah, mboten wonten musibah ingkang tumama kejawi sedaya punika sampun katetepaken dening Allah SWT kados ingkang sampun kasebataken wonten ing Al Quran Surat At-Taubah: 51

قُلْ لَّنْ يُّصِيْبَنَآ اِلَّا مَا كَتَبَ اللّٰهُ لَنَاۚ هُوَ مَوْلٰىنَا وَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ

Kandhakna (Nabi Muhammad), “Ora bakal tumama ana ing sira kejaba apa kang wus den tetepake  Allah tumrap kita. Panjenengane Pangreksa kita, lan mung marang Allah supaya wong-wong mukmin padha tawakal

Sampun saget kita tingali kanthi wijang suraosipun ayat ing nginggil bilih mboten badhe kedadosan setunggalipun perkawis dhumateng kita kejawi panci sampun dipun tetepaken dening Allah, lan tumrap kita tiyang ingkang ngaken iman sagetipun namung pasrah sumarah dhumateng Allah SWT.

Jamaah Jumat ingkang dipun rahmati Allah

Rasulullah sampun paring Sabda miturut hadits ingkang dipun riwayataken dening Al-Bukhari lan Muslim saking Sahabat Abu Hurairah,

Ora ana lelara kang nular (dhewe), ora ana tiyarah, ora ana sial amarga manuk , ora ana sial Amarga wula Shafar

(HR. Al-Bukhari 5437, Muslim 2220, Abu Dawud 3911, Ahmad (II/327).

Kanthi makaten kita mboten perlu was sumelang nindakaken sadengah perkawis wonten ing wulan Safar punika napa malih menawi kita tiyang iman kita yakin bilih Allah badhe paring perlindhungan dhumateng kita. Kados ingkang sampun kawedhar wonten ing surat Al Baqarah: 257

اَللّٰهُ وَلِيُّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا يُخْرِجُهُمْ مِّنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِۗ

Allah pinangka pelindung tumrap wong-wong kang padha iman. Panjenengane ngedalake dheweke saka pepeteng  marang pepadhang.

Nganggep sial setunggalipun wulan ateges ngina dhumateng Allah ingkang sampun nyipta wulan

Kariwayataken dening sahabat Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu, Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda,

قَالَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ: يُؤْذِينِي ابْنُ آدَمَ يَسُبُّ الدَّهْرَ وَأَنَا الدَّهْرُ، بِيَدِي الأَمْرُ أُقَلِّبُ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ

Allah ‘Azza wa Jalla paring firman, “Anak Adam wus nglarani marang Ingsun (awit) dheweke seneng nacat wektu (mangsa). Kamangka Ingsun kang nyipta (ngatur) wektu. Ingsun kang nggilir gumantekake rina lan wengi ”.

(HR. Bukhari no. 4826 lan Muslim no. 2246).

Jamah jumat ingkang minulya

Kanthi katrangan Al quran lan Hadit napa kita taksih mamang?

Kamangka mamang ing ndalem Iman punika setunggalipun kekufuran saha saget nuwuhaken keduwung ingkang mboten wonten pedhotipun.

Makaten khutbah Jum’at wonten ing titi laksana punika , mugi kita sedaya kalis saking keyakinan jahiliyah.

 

 بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ

 

 

 

Khutbah II

الْحَمْدُ الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا ، وأَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه.

يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ أَمَّا بَعْدُ؛

فَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى :  وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ.

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخَوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُواْ رَبَّنَا إِنَّكّ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَأَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَـنَا وَتَرْحَمْنَا لَـنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ

رَبَّنَا هَبْ لَـنَا  مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَاما

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

 وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يِوْمِ الدِّيْنِ وَآَخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*