NGATOS-ATOS MIGUNAKAKEN MEDIA SOSIAL
Abah Rossikhul Ilmi
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ وَنُودُوا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُورِثْتُمُوهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الَّدِيْنَ ِ
قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
وَقَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
وَقَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًاأَمَّا بَعْد.
يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ ۚ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرٌۢ بِمَا تَعْمَلُونَ
Hadirin Jamaah Jumat Rahiimakumullah.
Alhamdulillahi rabbil ‘alamin, puji syukur kita aturaken dhumateng Allah ingkang sampun maringi dhumateng kita mawerni-werni kenikmatan, ngantos wonten ing wekdal punika tasih pinaringan kesehatan saha panjang yuswa; saha saget ngrawuhi ibadah shalat Jumat wonten ing masjid ingkang minulya punika. Mugi-mugi kanthi raos syukur kasebat, Allah kepareng nambah nugrahanipun dhumateng kita sedaya. Aamiin
Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng Rasulullah Muhammad ﷺ saha keluarga, para sahabat lan sedaya umatipun ingkang setya dhumateng nindakaken sunnah-sunnahipun ngantos akhir zaman. Mugi kaparengaken pinangka khatib kawula ngajak dhumateng sedaya hadirin supados tansah ningkataken iman saha takwa dhumateng Allah, kanthi nindakaken sedaya dhawuh saha nebihi sedaya perkawis ingkang dipun awisi.
Allah sampun paring Firman wonten ing surat Al Hujurat ayat 13.
إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ
“Satemene wong kang paling mulya ing antarane sira kabeh ana ing ngersane Allah yaiku wong kang paling takwa ing antarane sira. Satuhune Allah iku Maha Pirsa saha Maha Ngawuningani.”
Hadirin jamaah Jumat ingkang kinurmatan
Perkembangan teknologi ingkang tansaya majeng saget nggampilaken kita pikantuk informasi saha pawartos saking saindhenging jagat raya. Wontenipun media sosial mboten saget uwal saking sedaya perkawis saha kawontenan ing wekdal sapunika. Kados pundi kita njagi ruang-ruang privasi supados lepas saking fitnah saha kalis saking konsumsi publik? Wontenipun media sosial pinangka pangiket tali silaturahmi perlu katingkataken menggah pentingipun supados mboten lepas kendali ing ndalem migunakaken.
Islam pinangka agami ingkang nuntun umatipun supados tansah ngutamekaken tumindak sae ing ndalem sadengah samukawis panggesangan. Pramila Islam ugi ndhawuhaken umatipun tumindak sae ing ndalem migunakaken media sosial. Islam mboten ngawisi kemajengan teknologi. Islam kepara ndukung kanthi tetep migatosaken subasita saha akhlak ingkang leres.
Punika sawetawis subasita ing ndalem migunakaken jejaring sosial:
- Pinangka Sarana nyebaraken Kesaenan
Informasi saha pawartos ingkang sumebar wonten ing media sosial mawerni-werni wonten ingkang sae wonten ugi ingkang awon, wonten ingkang leres wonten ugi ingkang mboten leres utawi hoax. Wosipun seratan utawi isi saking media sosial punika gumantung dhumateng ingkang migunakaken. Wonten ingkang sembrana kepara culingka damel kisruh wonten ing tengahing masyarakat anamung wonten ugi ingkang remen nyebar manfaat saha kesaenan. Ingkang wicaksana migunakaken kagem kesaenan saha nyebar manfaat lumantar seratan, gambar utawi video badhe pikantuk ganjaran ingkang mbanyu mili awit punapa ingkang dipun sebaraken. Ginambar kados tawon ingkang namung ngupados madu ing saben wekdalipun, lan mboten kapanggalih kagem sanesipun ingkang tanpa manfaat. Allah sampun paring Firman wonten ing Surat Al Isra’: 7
اِنْ اَحْسَنْتُمْ اَحْسَنْتُمْ لِاَنْفُسِكُمْ ۗوَاِنْ اَسَأْتُمْ فَلَهَاۗ
“Menawa sira tumindak becik (ateges) sira wus tumindak becik tumrap awak ira dhewe. Menawa sira tumindak ala, (karugen saka tumindak ala) iku bali marang awak ira dhewe.”
- Ngemutaken sedaya tumindak badhe dipun Hisab
Allah paring Firman wonten ing Surat Az Zalzalah: 7-8
فَمَنْ يَّعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ خَيْرًا يَّرَهٗۚ
“Sapa kang tumindak kabecikan senajan saibering lebu, dheweke bakal andulu (piwalese)”.
وَمَنْ يَّعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ شَرًّا يَّرَهٗ ࣖ
“Sapa kang tumindak ala senajan saibering lebu, dheweke bakal andulu (piwalese)”.
Ngrumaosi kanthi saestu bilih badhe wonten hisap utawi pretangan menapa ingkang kita tindakaken ndadosaken pengatos-atos saha ngendhaleni sedaya tumindak kita linangkung babagan sosial media. Badhe wonten dinten akhir pinangka pengadilan wonten ngersa dalem Allah awit sedaya tumindak rikalanipun wonten ing donya. Timbangan sae lan awon ingkang samangkih nemtokaken papan wangsulipun manungsa badhe swarga utawi neraka. Kesadaran badhe dipun hisab punika sampun samesthinipun dipun cepengi ingkang saestu rikalanipun ngginakaken media sosial awit menapa ingkang kita tindakaken kanthi media sosial ugi badhe dados cathetan amal ingkang badhe dipun suwuni tanggel jawab benjang.
- Tabayun / Kroscek langkung rumiyin saderengipun share utawi nanggapi.
Allah paring firman wonten ing surat Al Isra’: 36
وَلَا تَقْفُ مَا لَيْسَ لَكَ بِهٖ عِلْمٌ ۗاِنَّ السَّمْعَ وَالْبَصَرَ وَالْفُؤَادَ كُلُّ اُولٰۤىِٕكَ كَانَ عَنْهُ مَسْـُٔوْلًا
“Sira aja padha melu sawijining perkara kang sira ora mangerteni. Satemene pamireng , pandulu , lan ati , kabeh iku bakal disuwuni pitakon”
Menawi setunggalipun pawartos utawi menapa kemawon ingkang dipun damel namung kaniyataken pados popularitas saha “like” saking para maos tanpa nggatosaken leres mbotenipun ingkang kaserat utawi kawedharaken ing samangkih mujudaken awal saking karisakan. Kebiasaaan asal share tanpa madosi leresipun setunggalipun pawartos asring kedadosan kepara pawartos hoaks sumebar awit ketledoran kita.
Kanthi tetep njagi saha pengatos-atos ing ndalem migunakaken media sosial punika mugi-mugi anggen kita pasedherekan tetep jinagi saha mboten kepleset wonten ing dosa jariyah kepara malah saget pikantuk amal jariyah.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَمَّا بَعْدُ،
فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا،
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ،
اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ
رَبّنَا لاَتُؤَاخِذْ نَا إِنْ نَسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبّنَا وَلاَ تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الّذِيْنَ مِنْ قَبْلِنَا رَبّنَا وَلاَ تًحَمّلْنَا مَالاَ طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلاَنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.
اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى ، والتُّقَى ، والعَفَافَ ، والغِنَى
اللهمّ أحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِي الأُمُورِ كُلِّهَا، وَأجِرْنَا مِنْ خِزْيِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الآخِرَةِ
رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ.
وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ
عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ



Leave a Reply