Edisi 152 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Wulan Rajab Pinangka Pawadan Ndandosi Shalat

WULAN RAJAB PINANGKA PAWADAN NDANDOSI SHALAT
Ustadz Warjito, SE.I

 

Khutbah I

اَلْحَمْدُ للهِ، اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ فَضَّلَنَا بِشَهْرِ رَجَبَ، وَهُوَ الَّذِيْ اصْطَفَى نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا ﷺ الْمُجْتَبَى الْمُؤَيَّد. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمَ وَبَارِكْ وَتَرَحَّمْ وَتَحَنَّنْ عَلَى مَنْ بِهِ تُرْجَى شَفَاعَتُهُ يَوْمَ الْمَآبِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ رَبُّ الْعِبَادِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ إِلَى سَائِرِ الْأَعَاجِمِ وَالْعَرَب. أما بعد

فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْنِىْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَى بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ

Ma’syiral muslimin, sidang Jumat rakhimakumullah

Mboten katalumpen sumangga kita tansah ngaturaken puja puji syukur dhumateng Allah ingkang tansah paring nikmat dhumateng kita sedaya, nikmat ingkang tanpa wilangan linangkung nikmat iman lan Islam. Shalawat miwah salam mugi tansah lumintu dhumateng junjungan kita Nabiyullah Muhammad SAW, sedaya kulawarga, sedaya shahabat ngantos umatipun ingkang tansah mituhu ngantos akhir zaman samangkih.

Mboten katalumpen Kula wasiataken dhumateng kawula pribadi ugi dhumateng para rawuh jamaah jumat sedayanipun, mangga kita tansah aningkataken takwa kita dhumateng Ngersa ndalem Gusti Allah SWT kanthi nglampai dhawuh-dhawuhipun lan nebihi awisan-awisanipun. Insyaa Allah, kanthi kita tansah ngupaya aningkataken takwa dhumateng Gusti Allah SWT menika, Allah SWT badhe paring gesang dhumateng kita gesang ingkang bagya mulya ing donya saha ing akhirat benjang.

Aamiin.

 

Hadirin para jamaah Jumat ingkang bagya mulya.

Sakmenika kita sampun wonten ing sak lebetipun wulan Rajab (Rejeb, jw). Salah setunggaling wulan ingkang dipun mulya-aken dening ngersa ndalem Gusti Allah SWT. Salah setunggal saking sekawan wulan haram, wulan inkang kebak kamulyan. Setunggal menika ingkang misah, wondene ingkang tiga menika urut, ingging menika Rajab, Dzulqa’dah, Dzulhijjah saha Muharram.

Dhawuh Ndalem Allah subhanahu wa ta’ala:

اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۗذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُ ەۙ فَلَا تَظْلِمُوْا فِيْهِنَّ اَنْفُسَكُمْ وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِيْنَ كَاۤفَّةً كَمَا يُقَاتِلُوْنَكُمْ كَاۤفَّةً ۗوَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ

Artosipun: “Saktemene wilangan sasi ana ing Ngersane Allah iku ana rolas sasi, lan katetepane Ngersa Ndalem Gusti Allah nalika Panjenengane nyipta-ake langit lan bumi, ing antarane patang sasi kang Den Haramke (mulyake). Yaiku ketetepan (agama) kang lurus, mula aja nganiyaya ing awak ira dhewe ana ing wulan kang papat iku. Lan sira kudu merangi kaum kang musyrik iku kabeh kaya dene dheweke iku merangi marang sira kabeh. Lan mangertiya menawa saktemene Gusti Allah iku tansah anyartani wong-wong kang padha taqwa. (QS At-Taubah: 36)

Ayat ingkang sampun kasebat menika, paring keterangan ingkang gamblang dhumateng kita bilih Allah sampun milih sekawan wulan ingkang mulya menika menawi pun bandingaken wulan sanes ing ndalem setunggal tahun.
Mekaten adat sabenipun Allah SWT. Allah SWT milih dhumateng dinten-dinten, wulan-wulan ugi priyagung-priyagung ingkang dados utusanipun ugi para malaikatipun wonten ingkang pinilih ugi wonten ingkang biasa. Sedaya menika katetepanipun Gusti Allah SWT ingkang mboten saget dipun ewahi.

Kanthi gamblang, Allah sampun milih dinten jumat dados dinten ingkang paling pinunjul ing saben minggunipun. Allah milih dinten Arofah, dinten ingkang paling mulya ing ndalem setahun. Allah milih wulan Ramadhan ing saklebetipun wonten dhawuh siyam Ramadhan ingkang langkung mulya. Allah milih kanjeng Nabi Muhammad SAW, langkung inggil drajatipun ugi langkung mulya menawi pun sandingaken kelawan para anbiya wal mursalin.

Pinangka mulya-aken wulan haram, ing wulan menika dipun awisi perang lan angkat senjata. Tiyang jahiliyah kepara ugi sampun mulyaken dhumateng wulan haram menika. Mila sedaya tiyang ngraosaken kawontenan ingkang aman sak lebetipun wulan haram. Aman bandanipun saking perampasan. Aman raganipun saking tumindak aniyaya. Aman nyawanipun saking nafsu merjaya ugi mejahi sanes.

Para ulama ndhawuhaken bilih diyat utawi sangsi dhumateng tiyang ingkang laku aniyaya ing wulan haram menika sak kalangkung awrat menawi dipun lampahi ing wulan haram manika. Al-Imam Fakhruddin Ar-Razi ing ndalem kitab tafsiripun njelasaken perkawis sekawan wulan ingkang dipun mulya-aken menika kanthi dhawuh:

وَمَعْنَى الْحُرُمِ: أَنَّ الْمَعْصِيَةَ فِيهَا أَشَدُّ عِقَابًا، وَالطَّاعَةَ فِيهَا أَكْثَرُ ثَوَابًا

Artosipun: “Maknanipun wulan-wulan haram inggih menika, sak estunipun sok sintena ingkang anglampahi maksiyat ing wulan menika langkung awrat iqab (siksa) nipun. Lan sok sintena ingkang anglampahi amal-amal arupi ketaatan, mila sakelangkung kathah ganjaranipun”. (Tafsir Ar-Râzi).

Wonten ing wulan rajab menika mangga kita tansah ngupiya-aken nambah dhumateng amal shaleh kita lan tansah ngupaya reresik saking sedaya maksiyat. Mangga kita kendel saking sedaya atur ingkang mboten sae, kita kendel saking nyebar pawartos ingkang mboten leres, berita hoaks, saha kendel saking upaya nyebar fitnah ing sak lebetipun masyarakat. Sae ingkang medal saking lisan kita utawi ingkang kita serat wonten ing lini masa media social kita. Kita kedah emut bilih maksiat ing wulan rajab menika, dosanipun dipun lipateken.

Sakmenika kita sampun mlebet ing tahun politik. Partai-partai sami ngusung calon-calonipun piyambak-piyambak. Sae ingkang calon legislatif utawi ugi calon eksekutif, ugi calon presiden lan calon wakil presiden. Mangga kita dadosaken event gangsal tahunan menika dados event ingkang biasa. mboten perlu kita caci maki dhumateng calon utawi pasangan calon ingkang mboten trep ing manah kita. Amargi caci maki menika mboten ngasoraken dhumateng tiyang ingkang kita caci maki, malah sewalikipun inggih namung ngetawisaken asoripun pemanggih lan batos kita piyambak. Ingkang badhe kita asoraken, dereng temtu asor ing ngarsanipun Allah SWT lan ing madyanipun masyarakat. Kepara, tiyang menika ugi sesami muslim lan mukmin ingkang anggadhahi hak saking kita, paling mboten sedherek kita setanah air ingkang kedah kita jagi kehormatanipun.

Mangga kita ndherek partisipasi wonten ing pesta demokrasi gangsal tahunan menika kanthi inggiling tatakrami, inggiling tatabasa lan andhap asoripun manah. Mangga kita hormati tiyang sanes ingkang mboten nyawiji kaliyan kita. Ingkang mboten nyawiji pilihan dukungan partai utawi calonipun. Ampun ngantos kita dados tiyang ingkang mboten nampi demokrasi, kepara malah dados tiyang ingkang merangi dhumateng kesepakatan demokrasi ing negari kita Indonesia menika.

Al-Imam Dzun Nûn Al-Mishriy dhawuh :

رَجَبٌ شَهْرُ الزَّرْعِ، وَشَعْبَانُ شَهْرُ السَّقْيِ، وَرَمَضَانُ شَهْرُ الْحَصَادِ

Artosupun: “Rajab iku wulan nenandur, Sya’ban iku wulan nyiram, lan Ramadhan iku wulan unduh-unduh panen.”

وَكُلٌّ يَحْصُدُ مَا زَرَعَ، فَمَنْ ضَيَّعَ الزِّرَاعَةَ نَدِمَ يَوْمَ الْحَصَادِ

Saben saben wong iku bakal ngundhuh apa kang wus ditandur. Sapa wong kang ora gelem ngrumat marang apa kang ditandur, mula bakal getun nalika mangsa panen.

Hadirin rahimakumullah,

Ing wulan rajab menika wulanipun tiyang ingkang nenandur, mila ampun ngantos kita nenandur dhumateng perkawis ingkang mboten sae.
Miterat seperangan ageng para winasis (ulama), bilih ing malem 27 rajab punika rumiyin kanjeng Nabi Muhammad SAW dipun Isra’aken utawi dipun titahaken Allah SWT supados nglampai safar ing wekdal dalu saking masjidil haram ing mekah tumuju dhumateng masjidil aqsha ing palestina.

Saksampunipun kanjeng Nabi Muhammad, ngimami shalat para nabi ing masjid Aqsha, nuli kanjeng Nabi dipun mi’raj-aken mawi Almi’raj (alat kangge minggah), menika ingkang dipun pirsani ugi sedaya tiyang ingkang nembe sekaratul maut. Kanjeng Nabi, kepangging kaliyan pintu langit ingkang pun westani alhafazhah, ingkang pun jagi malaikat ingkang asmanipun malaikat Ismail. Wonten ing langit donya menika, kanjeng nabi kepangging kaliyan kanjeng Nabi Adam As. Ing langit kaping kalih kepanggih kaliyan nabi Isa bin Maryam ugi nabi Zakariya bin Yahya alaihimassalam. Ing langit kaping tiga, kanjeng nabi kepanggih kaliyan Nabi Yusuf bi Yakqub alaihimassalam. Ing langit kaping sekawan, kanjeng nabi kepanggih nabi Idris AS, ing langit kaping gangsal kanjeng Nabi kepanggih kanjeng nabi Harun bin Imran As, ing langit kaping enem kepanggimg Nabi Musa bin Imran As, lan ing langit kaping pitu, kanjeng nabi kepangging kaliyan Nabi Ibrahim As, ingkang lenggah ing sak ngajengipun Baitul Makmur ingkang pun rawuhi pitung dasa ewu malaikat saben dintenipun.

Saksampunipun menika, kanjeng Nabi tumuju dhumateng Sidratul Muntaha. Cekakipun cariyos kanjeng Nabi Muhammad pikantuk dhawuh supados nglampai shalat gangsal wekdal ingkang ugi pun wajibaken dhumateng sedaya umatipun kanjeng Nabi Muhammad shallallahu alaihi wa sallam.

Ma’asyiral Hadirin rahimakumullah,

Lumantar  khutbah menika, kula ngajak dhumateng kita sedaya, Mangga kita tansah njagi shalat kita. Menawi tasih wonten ingkang shalatipun dereng jangkep gangsal wekdal, mangga kita jangkepi saha kita sampurna-aken. Ingkang dereng rutin jamaah ing masjid, Mangga kita jagi shalat jamaah kita ing masjid. Kanthi kita tansah njagi shalat menika, mugi-mugi Allah SWT paring papan ingkang inggil ing Donya ugi ing akherat benjang.

kathah sanget dhawuh-dhawuh kanjeng Nabi ingkang nyebataken pentingipun shalat, antawisipun Rasulullah SAW paring dhawuh:

إِنَّ أَوَّلَ مَا يُحَاسَبُ بِهِ الْعَبْدُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ مِنْ عَمَلِهِ صَلَاتُهُ فَإِنْ صَلُحَتْ فَقَدْ أَفْلَحَ وَأَنْجَحَ، وَاِنْ فَسَدَتْ فَقَدْ خَابَ وَخَسِرَ. …. الحديث

Artosipun: sektemene perkara kang paling awal bakal dihisab kang tumanduk ing dirine kawula ing dina kiyamat yaiku shalat. Manawa becik shalate, mula bakal dadi wong kang bathi lan sukses. Ananging menawa rusak shalate, wong iku bakal dadi wong kang rugi.

(HR Abu Dawud, An-Nasai dan At-Tirmidzi).

Mugi-mugi, kita, keluarga kita lan kaum muslimin sedaya, tansah pikantuk pitulungan saking ngersa ndalem Gusti Allah. Ugi mugiya kita tansah saget njagi shalat kita ngantos Allah SWT nimbali kita kanthi khusnul khatimah, Aamiin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَجَعَلَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاِت وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. إِنَّهُ هُوَ البَرُّ التَّوَّابُ الرَّؤُوْفُ الرَّحِيْمُ. أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيْم، بسم الله الرحمن الرحيم، وَالْعَصْرِ (١) إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ (٢) إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ (٣) ـ وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ أَرْحَمُ الرّاحِمِيْنَ

 

Khutbah II

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ الْمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللّهُمَّ اغْفِرْلِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَاوَاهِبَ الْعَطِيَّاتِ.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ، اَللَّهُمَّ أَعِنْهُمْ عَلَى الْقِيَامِ بِمَهَامِهِمْ كَمَا أَمَرْتَهُمْ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ.

 اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِ الْمُسْلِمِيْنَ فِيْ كُلِّ مَكَانٍ

رَبِّ اغْفِرْلِى وَلِوَالِدَيَّ وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانِى صَغِيْرًا
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ إِمَامًا
اَللّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّاالْغَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ. وَسُوْءَالْفِتَنِ مَاظَهَرَمِنْهَا وَمَابَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا هَذَاخَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِبَلاَدِالْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَااَتِنَافِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلاَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَالله اِنَّ اللهَ يَأْمُرُبِالْعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوااللهَ الْعَظِيْمِ يذكركم وَاشْكُرُوهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُاللهِ اَكْبَر

 

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*