HAKIKATIPUN KESUKSESAN
Ustadz Suranto
Khutbah I
اَلْحَمْدُ للهِ، اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ فَضَّلَنَا بِشَهْرِ رَجَبَ، وَهُوَ الَّذِيْ اصْطَفَى نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا ﷺ الْمُجْتَبَى الْمُؤَيَّد. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمَ وَبَارِكْ وَتَرَحَّمْ وَتَحَنَّنْ عَلَى مَنْ بِهِ تُرْجَى شَفَاعَتُهُ يَوْمَ الْمَآبِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ رَبُّ الْعِبَادِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ إِلَى سَائِرِ الْأَعَاجِمِ وَالْعَرَب.
أما بعد
فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْنِىْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَى بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ
Jama’ah Jum’at ingkang dipun rahmati Allah,
Ingkang sepisan saha ingkang paling utami sumangga kita aturaken puji syukur dhumateng Allah SWT awit mapinten-pinten paringipun nikmat, rahmat, taufik saha hidayahipun dhumateng kita kanthi sedaya wau mugi kita tansaya celak dhumateng Allah SWT. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu dhumateng uswatun hasanah kita Nabi Agung Muhammad SAW, dhumateng keluarga, para sahabat ngantos umatipun ingkang tansah ngupiya ndherek dhumateng sunnah-sunnahipun.
Salajengipun sumangga kita tingkataken kualitas iman lan takwa kita dhumateng Allah SWT wonten ing sadengah wekdal saha panggenan miterat kesagetan kita piyambak-piyambak, awit namung kanthi iman lan takwa punika kita badhe pikantuk kesuksesan ingkang satuhu wonten ing donya ingkang fana punika linangkung panggesangan wonten ing akhirat benjang ingkang langgeng. Awit saestunipun sedaya manungsa ingkang gesang wonten ing donya punika badhe tumuju wonten ing akhir ingkang sami, inggih punika tumuju akhirat lumantar kematian. Allah paring firman:
كُلُّ نَفْسٍ ذَاۤىِٕقَةُ الْمَوْتِۗ وَاِنَّمَا تُوَفَّوْنَ اُجُوْرَكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ فَمَنْ زُحْزِحَ عَنِ النَّارِ وَاُدْخِلَ الْجَنَّةَ فَقَدْ فَازَ ۗ وَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا مَتَاعُ الْغُرُوْرِ
Artosipun: “Saben-saben kang urip bakal ngrasakake mati. Lan satemene mung ana ing dina kiamat bakal den sampurnakake ganjaranira. Sapa wae kang den kalisake saka naraka lan dilebokake ana ing swarga, mangka temen dheweke kalebu wong kang begja. Panguripan donya iku ora liya kejaba kesenengan kang nglirwakake.” (QS. Ali Imran: 185).
Jama’ah Jum’at ingkang dipun rahmati Allah,
Ayat Allah ingkang minulya punika, kanthi wanter paring pawartos bilih saben-saben ingkang gesang badhe ngraosaken pejah. Saben tiyang kalebet kita badhe ngraosaken pejah ugi. Sae ingkang sugih utawi ingkang mlarat, ingkang kagungan drajat pangkat utawi ingkang mboten, ingkang kendel utawi ingkang ajrih sedaya badhe pejah sinaosa manungsa mlajar saking kematian, utawi umpetan wonten ing salebetipun benteng ingkang kokoh, piyambakipun mboten bahe saget nolak kematian punika. Allah paring firman:
اَيْنَمَا تَكُوْنُوْا يُدْرِكْكُّمُ الْمَوْتُ وَلَوْ كُنْتُمْ فِيْ بُرُوْجٍ مُّشَيَّدَةٍ
Artosipun: “Ana ing ngendi wae sira mapan, kematian bakal nemoni sira, senajan sira ana ing sajrone benteng kang dhuwur tur kokoh..” (QS. An Nisaa’:78).
Salajengipun punapa saestunipun ingkang badhe kedadosan sasampunipun kematian? Punapa manungsa lajeng badhe ewah dados siti lajeng puput sedaya urusan? Temtu kemawon mboten! Awit tasih wonten panggesangan sasampunipun pejah. Saestunipun kematian punika pinangka pintu awal tumuju panggesangan ingkang langgeng. Wonten piwales dhumateng sedaya patrap tumindak. Sedaya manungsa badhe mirsani asil saking tumindakipun. Menawi tumindakipun sae asilipun ugi sae. Sewalikipun menawi tumindakipun awon asilipun ugi awon.
Jama’ah Jum’at ingkang dipun rahmati Allah,
Sumangga kita pirsani kawontenan wonten ing donya punika , keadilan mboten temtu kita panggihaken jejeg kanthi samesthinipun! Panci wonten ing donya sampun pikantuk piwales, ananging dereng sempurna. Semanten ugi wonten ing alam kubur, wonten piwales, wonten nikmat kubur, wonten siksa kubur, ananging punika ugi dereng sempurna. Piwales ingkang sempurna inggih punika sasampunipun pengadilan agung wonten ing dinten hari kiamat.
وَاِنَّمَا تُوَفَّوْنَ اُجُوْرَكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ
Lan satemene mung ana ing dina kiamat bakal den sempurnakake piwalesira.
Jama’ah Jum’at ingkang dipun rahmati Allah,
Lajeng, sinten ingkang badhe pikantuk kabegjan lan kesuksesan wonten ing dinten akhir samangkih? Sumangga kita wigatosaken firman Allah punika :
فَمَنْ زُحْزِحَ عَنِ النَّارِ وَاُدْخِلَ الْجَنَّةَ فَقَدْ فَازَ
Artosipun: “Sapa wae kang den kalisake saka naraka lan dilebokake ana ing swarga, mangka temen dheweke kalebu wong kang begja.”(QS. Ali Imran : 185).
Punika kabegjan ingkang hakiki, punika kesuksesan abadi, punika puncak pangajeng-ajeng ingkang sayektos, punika ingkang pantes dipun dadosaken cita-cita ingkang paling luhur. Inggih punika wilujeng saking neraka lan lumebet wonten ing swarga. Punika mboten badhe lumaksana kejawi kita pikantuk rahmat saking Allah SWT. Wasilah lumebet wonten ing swarga, awit wilujeng saking siksa neraka, inggih iman lan amal shalih. Allah paring firman:
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ اُولٰۤىِٕكَ هُمْ خَيْرُ الْبَرِيَّةِ, جَزَاۤؤُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ جَنّٰتُ عَدْنٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ رَضِيَ اللّٰهُ عَنْهُمْ وَرَضُوْا عَنْهُۗ ذٰلِكَ لِمَنْ خَشِيَ رَبَّهٗࣖ
Artosipun: “Satemene wong-wong kang iman lan nindakake amal sholih, dheweke iku sabecik-becike makhluk. Piwalese dheweke ing ngersane Pengerane yaiku swarga ‘Adn kang banyu mili ing ngisore bengawan-bengawan; dheweke langgeng ana ing sajrone salawas-lawase. Allah ridha marang dheweke semono uga dheweke ridha marang Panjenengane. Kang kaya mengkono iku piwales tumrap wong kang wedi marang Pangerane.” (QS. Al Bayyinah: 7-8).
Ananging menawi tiyang ingkang mboten iman, pramila piyambakipun kasebat pinangka sak awon-awonipun makhluk lan kekal wonten ing neraka. Allah paring firman:
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ وَالْمُشْرِكِيْنَ فِيْ نَارِ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمْ شَرُّ الْبَرِيَّةِ
Artosipun : “Satemene wong-wong kafir, yaiku ahli kitab lan wong-wong musyrik, (bakal mlebu) neraka Jahannam; dheweke langgeng ana ing sajrone. Dheweke iku sak ala-alane.” (QS. Al Bayyinah: 6).
Jama’ah Jum’at ingkang dipun rahmati Allah,
Sinaosa marginipun sampun gamblang, ingkang leres ugi sampun cetha wela-wela, kanyata kathah manungsa ingkang sami kapusan saha lena wonten ing donya punika. Allah sampun ngemutaken manungsa wonten ing akhir ayat 185 QS. Ali Imran:
وَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا مَتَاعُ الْغُرُوْرِ
Artosipun : “. Panguripan donya iku ora liya kejaba kesenengan kang nglirwakake.” (QS. Ali Imran: 185).
Jamaáh sedaya pramila sumangga kita kedah tansah emut bilih, karemenan wonten ing donya punika pinangka ujian. Manungsa langkung mentingaken kadonyan utawi langkung mentingaken ridha Allah? Inggih punika nindakaken dhawuhipun saha nebihi awisanipun.
Kawuningan lan supados kita tansah waspada. Tiyang ingkang pingin nindakaken margi dhumateng kesaenan, piyambakipun gadhah mengsah inggih punika setan ingkang arupi jin utawi manungsa. Setan-setan kasebat ingkang mepaesi donya punika, sahingga setunggalipun tiyang lajeng kesupen dhumateng tujuan gesangipun, inggih punika ngabdi saha manembah dhumateng Allah ingkang Maha Tunggal. Allah paring firman:
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمْ وَاخْشَوْا يَوْمًا لَّا يَجْزِيْ وَالِدٌ عَنْ وَّلَدِهٖۖ وَلَا مَوْلُوْدٌ هُوَ جَازٍ عَنْ وَّالِدِهٖ شَيْـًٔاۗ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ فَلَا تَغُرَّنَّكُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَاۗ وَلَا يَغُرَّنَّكُمْ بِاللّٰهِ الْغَرُوْرُ
Artosipun: “He manungsa kabeh, takwa-a sira marang Pangeranira lan wedi-a marang sawijining dina kang (ing dina iku ) sawijining bapa ora bisa nulung anake lan sawijining anak ora bisa nulung bapakne sithik wae. Satemene janjine Allah iku bener, mangka aja pisan-pisan panguripan donya iku nglirwakake sira, lan aja (uga) penipu (syaitan) nglirwakake sira ing ndalem (taat marang) Allah.” (QS. Luqman: 33).
Jama’ah Jum’at ingkang dipun rahmati Allah,
Sepisan malih sumangga tansah waspada, awit panci donya punika namung arupi karemenan ingkang saget nglirwakaken. Mangga kita ginakaken gesang punika kagem ngibadah dhumateng Allah SWT kanthi ikhlas lan midherek tuntunan Rasulipun. Mugi-mugi Allah nuntun kita wonten margi tumuju kesuksesan saha ngudi karidhanipun Allah. Mugi Allah paring berkah wonten ing wulan Rajab lan Sya’ban sarta ndumugekaken kita dhumateng wulan Ramadhan. Aamiin Ya Rabbal ‘alamiin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَجَعَلَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاِت وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. إِنَّهُ هُوَ البَرُّ التَّوَّابُ الرَّؤُوْفُ الرَّحِيْمُ. أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيْم، بسم الله الرحمن الرحيم، وَالْعَصْرِ (١) إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ (٢) إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ (٣) ـ وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ أَرْحَمُ الرّاحِمِيْنَ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ الْمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللّهُمَّ اغْفِرْلِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَاوَاهِبَ الْعَطِيَّاتِ.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ، اَللَّهُمَّ أَعِنْهُمْ عَلَى الْقِيَامِ بِمَهَامِهِمْ كَمَا أَمَرْتَهُمْ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ.
اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِ الْمُسْلِمِيْنَ فِيْ كُلِّ مَكَانٍ
رَبِّ اغْفِرْلِى وَلِوَالِدَيَّ وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانِى صَغِيْرًا
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ إِمَامًا
اَللّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّاالْغَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ. وَسُوْءَالْفِتَنِ مَاظَهَرَمِنْهَا وَمَابَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا هَذَاخَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِبَلاَدِالْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَااَتِنَافِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلاَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَالله اِنَّ اللهَ يَأْمُرُبِالْعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوااللهَ الْعَظِيْمِ يذكركم وَاشْكُرُوهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُاللهِ اَكْبَر



Leave a Reply