Khutbah Jum’at Basa Jawa Edisi 34 : Subasita Kita Dhumateng Nabi

SUBASITA  KITA DHUMATENG NABI

Ustadz Imam Taufik

 

Khutbah I

 إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ

الحمد لله رب العالمين القائل :وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا رَحْمَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

صَلَّى اللهُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ سَارَ عَلَى نَهْجِهِ القَوِيْمِ وَدَعَا إِلَى الصِّرَاطِ المُسْتَقِيْمِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا

أما بعدُ

فيا عباد الله أوصيكم وإيّاي نفسي بتقوى الله حقّ تقاته فقد فاز المتقون.

 

Hadirin Jamaah Shalat Jumat ingkang Insya Allah tansah wonten salebetipun  rahmat saha hidayah Allah SWT

Mboten kendhat-kendhat kita tansah ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring nikmat iman lan Islam; nugraha ingkang sakelangkung agung dhumateng kawula-kawulanipun.

Shalawat sumawana salam mugi tansah kasokaken tanpa kendhat dhumateng Nabi Muhammad SAW saha keluarganipun saha para sahabatipun.

 

Pinangka khatib kawula caos washiyat ingkang supados kita tansah njagi saha ningkataken iman taqwa wonten ing dhiri kita, awit izzah kita wonten ngarsanipun Allah SWT gumantung dhumateng iman lan taqwa ingkang wonten ing salebetipun ati  sanubari kita kados ginambar wonten ing firmanipun.

وَلا تَهِنُوا وَلا تَحْزَنُوا وَأَنْتُمُ الْأَعْلَوْنَ إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ

Sira aja rumangsa asor, lan aja sira padha sedhih, kamangka sira iku wong-wong kang unggul (drajate), menawa sira wong-wong kang padha iman. ” (Ali Imran 138.)

Ugi firmanipun wonten ing surat Alhujurat ayat 13.

 إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ

Satuhune wong kang  paling mulya ing antarane sira ana ing ngarsane Allah yaiku wong kang  paling takwa ing antarane sira. Satuhune Allah Maha Pirsa saha Maha Uninga.”

Hadirin Jamaah Jumat ingkang bagya mulya..

Kaum muslimin temtu kemawon yakin saha paseksi bilih Gusti Rasulullah Muhammad SAW inggih nabi saha utuyanipun,  wonten ing salebetipun  khutbah ingkang cekak aos punika kawula ngemutaken dhumateng sedayanipun, bilih

Keyakinan saha kesaksian  bilih Muhammad punika Rasulullah (utusan Allah) ngemot  makna kados ingkang badhe kawedhar:

Sepisan, tashdiquhu fima akhbar (ngleresaken dhumateng punapa kemawon ingkang dipun aturaken )

Salah setunggalipun ciri ketakwaan setunggalipun muslim inggih punika tansah ngleresaken menapa ingkang dipun asta dening Nabi Muhammad  shallallahu ‘alaihi wa sallam. Allah Ta’ala paring firman,

وَالَّذِي جَاءَ بِالصِّدْقِ وَصَدَّقَ بِهِ ۙ أُولَٰئِكَ هُمُ الْمُتَّقُون

Lan wong kang ngasta kebenaran (Muhammad) lan mbenerake, dheweke iku wong-wong kang padha takwa.” (QS. Az-Zumar, 39: 33)

Salah setunggalipun tuladha tumrap  kita wonten ing bab punika inggih Abu Bakar As-Shidiq, ingkang wonten ing mapinten-pinten prastawa tansah dados priyantun ingkang wonten ing ngajeng salebetipun ngleresaken Rasulullah  shallallahu ‘alaihi wa sallam. Piyambakipun kalebet golongan tiyang jaler ingkang kawitan iman wonten ing Islam; Piyambakipun ugi ingkang ngorbanaken bandhanipun kageng nyokong dakwah Islam. Panjenenganipun tiyang kawitan ingkang gegancangan tanpa mamang ngleresaken prastawa Isra Mi’raj ingkang dipun alami nabi ing wekdal tiyang-tiyang sami nggorohaken prastawa punika. Panjenenganipun ingkang dados rowangipun Nabi wonten ing tindak hijrah dhateng Madinah, lan sapanunggalanipun.

Kalih, tha’atuhu fima amar (taat dhumateng punapa ingkang kadhawuhaken).

Punika pituwas ingkang kedah dipun lampahi tumrap piyambakipun ingkang ngaken iman dhumateng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam. Allah Ta’ala paring firman,

إِنَّمَا كَانَ قَوْلَ الْمُؤْمِنِينَ إِذَا دُعُوا إِلَى اللَّهِ وَرَسُولِهِ لِيَحْكُمَ بَيْنَهُمْ أَنْ يَقُولُوا سَمِعْنَا وَأَطَعْنَا ۚ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ

Satemene  jawaban wong-wong  mukmin, rikalane dheweke ditimbali marang  Allah lan rasul-e supaya  rasul ngukumi (ngadili) ing antarane dheweke yaiku pocapan. ‘Kita mireng , lan kita taat. Lan dheweke iku wong-wong kang padha begja.” (QS. An-Nur, 24: 51).

Wonten ayat sanes ugi kasebat,

وَمَا كَانَ لِمُؤْمِنٍ وَلَا مُؤْمِنَةٍ إِذَا قَضَى اللَّهُ وَرَسُولُهُ أَمْرًا أَنْ يَكُونَ لَهُمُ الْخِيَرَةُ مِنْ أَمْرِهِمْ

Lan datan  patut tumrap wong  mukmin lanang lan wadon , rikalane  Allah lan Rasule wus netepake  sawijining  katetepan, banjur ana tumrap dheweke  pilihan (kang liya) ngenani urusane dheweke. Lan sapa wae duraka marang  Allah lan Rasule temen dheweke wus sasar kanthi sasar kang nyata.” (QS. Al-Ahzab: 36)

Wonten ing setunggalipun  hadits, saking ‘Abdullah bin ‘Amr bin Al-‘Ash radhiyallahu ‘anhuma, panjenenganipun matur, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam sabda,

لاَ يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى يَكُوْنَ هَوَاهُ تَبَعًا لِمَا جِئْتُ بِهِ

Ora iman salah sawijining sira nganti hawa nepsune  tundhuk miturut ajaran kang ingsun asta.” (Kariwayataken wonten ing  kitab Al-Hujjah kanthi sanad ingkang  shahih miturut  Imam Nawawi. Ananing penshahihan hadits punika boten pas miturut Ibnu Rajab).

Tiga, ijtanabu ma naha ‘anhu (nebihi menapa ingkang dipun awisi dining kanjeng Nabi ).

Allah Ta’ala paring firman,

وَمَا آتَاكُمُ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانْتَهُوا ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۖ إِنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَاب

Apa kang den paringake Rasul marang sira, mangka tampanen. Lan apa kang den larang tumrap sira, mangka tinggalna. Lan takwa-a marang Allah. Satuhune  Allah banget abot ukumane .” (QS. Al-Hasyr, 59: 7)

Patrapipun setungalipun muslim, rikalanipun sampun mangertosi wonten setunggalipun awisan saking  Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ingkang  shahih (leres) lan sharih (cetha), pramila mboten wonten  pilihan tumrap piyambakipun kejawi nebihi menapa ingkang dipun awisi kasebat; sinaosa awisan kala wau mboten sinebat  langsung salebetipun  kitabullah.

Setunggalipun kisah saking Masruq bin Al-Ajda’ ngiyataken perkawis punika ; piyambakipun matur , ”Wonten setunggalipun pawestri ingkang nate sowan dhumateng Ibnu Mas’ud dumadakan matur , ‘Kula sampun dipun kabari bilih panjenengan ngawisi tiyang setri nyambung rikma  (ngagem rambut palsu)?’

Ibnu Mas’ud paring jawab, ‘Leres’. Pawestri wau lajeng pitanglet, ‘Punapa menika panjenengan panggihaken wonten ing kitabullah utawi punapa panjenengan nate midanget saking  Rasulullah shallallahu alaihi wa sallam?’.

Ibnu Mas’ud matur, ‘Kula sampun pikantuk punika ing salebetipun  Kitabullah lan saking  Rasulullah shallallahu alaihi wa sallam.’

Pawestri wau matur, ‘Demi Allah, saestu kula sampun ngolak-alik antawisipun kalih lembar (jilid) mushaf, ananging kula mboten manggihaken ing salebetipun perkawis ingkang panjenegan aturaken ’.

Ibnu Mas’ud matur, ‘Punapa jenengan manggihaken  (ayat) ing salebetipun  mushaf (ingkang suraosipun):

وَمَا آتَاكُمُ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانتَهُوا ۚ

‘“Apa kang den paringake Rasul marang sira, mangka tampanen. Lan apa kang den larang tumrap sira , mangka tinggalna..”. (QS. Al-Hasyr, 59: 7)

Pawestri wau paring jawab, ‘Inggih’. (HR. Ahmad [3749]. Di-shahih-kan oleh Al-Albani dalam Ghayah Al-Maram [93]).

Makaten patrap ingkang kedah kita tanemaken wonten ing dhiri kita  , supados kita estu-estu dados umatipun ingkang setya tuhu  ingkang  insya Allah benjing badhe pikantuk syafaat-ipun wonten ing dinten kiyamat saha sareng-sareng lumebet wonten ing jannah.

Mugi-mugi Allah paring kekiyatan dhumateng kita sedaya saget midherek sedaya lampah nabinipun.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فيِ القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنيِ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيْمِ وَتَقَبَّلْ مِنيِّ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ َإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ.

أَقُوْلُ قَوْليِ هذَا أَسْتَغْفِرُ اللهَ ليِ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ  فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

Khutbah II

اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَمَّا بَعْدُ،

فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا،

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ،

اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

رَبّنَا لاَتُؤَاخِذْ نَا إِنْ نَسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبّنَا وَلاَ تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الّذِيْنَ مِنْ قَبْلِنَا رَبّنَا وَلاَ تًحَمّلْنَا مَالاَ طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلاَنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى ، والتُّقَى ، والعَفَافَ ، والغِنَى

اللهمّ أحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِي الأُمُورِ كُلِّهَا، وَأجِرْنَا مِنْ خِزْيِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الآخِرَةِ

رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ.

وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*