Khutbah Jum’at Basa Jawa Edisi 35 : Allah “Ndangu” Kita Amargi Kapang

Allah “Ndangu” Kita Amargi Kapang

Ustadz Amin Zulhijja, S.Ag

 

KHUTBAH I

 

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الْوَاسِعِ الْعَظِيْمِ الْبِرِّ الرَّحِيْمِ خَلَقَ كُلَّ شَيْءٍ فَقَدَّرَهُ وَأَنْزَلَ الشَّرْعَ فَيَسَّرَهُ وَهُوَ الْحَكِيْمُ الْعَلِيْمُ، بَدَأَ الْخَلْقَ وَأَنْهَاهُ وَيَسَّرَ الْفُلْكَ وَأَجْرَاهُ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ

أَحْمَدُهُ عَلَى جَلاَلِ نُعُوْتِهِ وَكَمَالِ صِفَاتِهِ وَأَشْكُرُهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَسَوَابِغِ نِعْمَتِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ فِي أُلُوْهِيَّتِهِ وَرُبُوْبِيَّتِهِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، الْمَبْعُوْثُ إِلَى جَمِيْعِ بَرِيَّتِهِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَيْهِ وَآلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ فِيْ سُنَتِهِ.

مَعَاشِرَ الْمُسْلِمِيْنَ اِتَّقُوا اللهَ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ.

قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

وَقَالَ: يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.:

 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Sedaya puji pangalembana namung kagunganipun Allah ingkang nguwaosi sedaya alam. Shalawat sumawana salam mugi tansah konjuk wonten ngarsanipun Rasulullah Muhammad SAW. Kawula wasiataken dhumateng kawula pribadhi ugi dhumateng para jamaah sedayanipun kanthi wasiat ingkang minulya. Mangga kita tingkataken  iman saha takwa kita dhumateng Allah ‘azza wajalla.

Sumangga kita sami gegondhelan dhumateng syariat-syariat-ipun. Sumangga kita jejegaken  syariat shalat wajib gangsal wekdal. Sumangga kita tindakaken  hak-hak saha kewajiban-kewajiban kita pinangka hamba Allah ‘azza wajalla kanthi sak sae-saenipun.

 

Boten wonten sangu ingkang saget milujengaken kita saking siksanipun geni neraka kejawi kanthi sangu iman lan takwa dhumateng Allah ‘azza wajalla.

Mangga kita tingkataken ketakwaan saha ketaatan kita dhumateng  syariat Allah ‘azza wajalla. Kawuningan bilih sak awon-awonipun umat inggih punika ingkang remen ngalnggar dhumateng syariat-syariat Allah ‘azza wajalla. Sak awon-awonipun punika ingkang mboten purun taat dhumateng  Allah ‘azza wajalla.

 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Mboten wonten ingkang awrat tumrapipun Allah SWT. Sedaya saestu gampil. Namung kita kemawon ingkang keset, boten purun nyuwun dhumateng  Allah. Saking kumetipun ngantos-ngantos perkawis ingkang kita adhepi ugi mboten purun caos uninga dhumateng Allah. Kadang kita tansah ngupiya ngrampitaken sedaya perkawis piyambakan mboten purun nyaruwe dhumateng panjenenganipun Allah.

Rikalanipun kita mironggan, kita ugi ngupiya piyambak mbujung ‘ngimpi’. Awit rumaos kuwawi ngadhepi. Kados-kados kita mboten mbetahaken pitulunganipun  Allah. Rikalanipun betah, inggih namung rebat cekap kemawon. Wonten ing kawontenan punika  akhiripun Allah “ndangu” ngaruhaken dhumateng kita. Awit Allah rumaos kapang dhumateng kita.

Allah salajengipun maringaken pacoben saha mawerni-werni kabetahan tumrap kita. Bab punika awit supados kita emut saha tansaya celak sarta nyuwun pitulunganipun. Ananging makaten sipatipun menungsa. Rikalanipun ing madyaning musibah utawi keperluan kepara lajeng lirwa lan supe.

 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Pinangka tuladha wonten setunggalipun  pengusaha ingkang nembe mbetahaken proyek supados usahanipun tetep lumampah kanthi rancak ugi saget mbayar dhumateng karyawanipun. Kanthi makaten kedahipun piyambakipun emut dhumateng  Allah, awit  Allah ingkang  sampun ndugekaken sedaya kabetahanipun punika.

Ananging, pangertosan kita dhumateng  Allah saestu tipis saha ringkih. Menapa malih keyakinan kita. Kanthi makaten kedahipun kita enggal-enggal mlajar tumuju dhumateng Allah. Sewalikipun kepara kita malah sibuk ndhatengi manungsa, rencang, pelanggan, lan sanesipun kagem ngrembag saha ngathah-ngathahaken sedaya pemasaranipun. Sawetawis ingkang utami inggih punika Allah, kepara sekedhik dipun emut.

Ngantos-ngantos rikalanipun kaluwen, ugi mboten ngrumaosi bilih ingkang paring raos luwe punika Allah. Kedahipun kanthi luwe, ingkang kawitan dipun emut inggih panjenenganipun Allah. Kita nyebat asmanipun. Ananging dospundi malih kita langkung emut dhumateng sekul goreng, sekul padang, sekul warteg, sahingga makaten punika ingkang kita sebat lan kita padosi.

Kanthi kapinteranipun, kita mangertos tiyang ingkang sadeyan dhaharan ingkang kita kersakaken. Sasampunipun punika kita ngage-age tumuju dhumateng papan kasebat. Ananging gegayutan kaliyan  Allah? Kita kados-kados mboten mangertos, mboten tepang. Awit kita mboten ndhatengi lan nyebat asmanipun. Kepara rikalanipun Allah nimbali  kita kanthi timabalan lumantar  “wakil-wakil-ipun” wonten ing donya punika, inggih punika para muadzin, kita mboten gegancangan ndhatengi.

Sedaya perkawis lan kabetahanipun badhe tansah wonten. Anamung Allah ugi tansah wonten. Menawi kita emut dhumateng Allah wonten ing sedaya perkawis lan kabetahanipun, mangga gegancangan nyelak dhumateng panjenenganipun Allah. Sumangga sami pitepang dhumateng Allah sakelangkung celak malih. Mangga kita sami ngudaraos rikalanipun Allah paring pacoben dhumateng kita, paring hadiah mawerni-werni pacoben gesang, saestunipun  Allah kapang dhumateng  kita. Kita dipun suwun nyebat Asmanipun kanthi saestu. Bilih namung Allah ingkang paring pitulung saha ngrampitaken sedaya perkawis lan kabetahan kita .

Rikalanipun sedih lan sumpek dumugeni kita. Rikalanipun  kathahipun dosa lan maksiyat ndadosaken dada kita sumpek. Rikalanipun  kathah panggayuh dereng kinabulan. Rikalanipun wonten perkawis ingkang dipun ajrihi lan dipun kuwatosaken tansah gawang-gawang, pramila sumangga katuran ngadhep wonten ngarsa dalem Al-Rahman (Dzat ingkang Maha Mirah lan Welas Asih ). Kita tedahaken ringkih kita saha nyuwun sedaya kabetahan kita. Mangga sami pradul sadengah sambat lan hajat kita.

 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Allah SWT paring firman

قَالَ اِنَّمَاۤ اَشۡكُوۡا بَثِّـىۡ وَحُزۡنِىۡۤ اِلَى اللّٰهِ وَاَعۡلَمُ مِنَ اللّٰهِ مَا لَا تَعۡلَمُوۡنَ‏

Panjenengane  (Yakub) njawab, “Saestunipun namung dhumateng Allah kawula pradul sadengah kesisahan kawula. Lan kawula mangertosi saking  Allah punapa ingkang panjenengan mboten mangertosi. (QS. Yusuf: 86).

 

Leres, namung dhumateng Allah kemawon kula ngaturaken sedayanipun, mboten dhumateng sanesipun Allah. Menawi panjenengan  nglampahi punika kanthi kebaking pangraos menapa ingkang kabetahaken temtu  Allah midanget pradul kita saha ngijabahi doa kita kados dene sampun kinabulan doanipun para  nabi lan priyantun ingkang pinilih kala semanten .

Rikalanipun Nabi Ayyub ‘Alaihis Salam nglaporaken kawontenan badanipun ingkang kebak sesakit dhumateng  Allah, Panjenenganipun ndedonga,

أَنِّي مَسَّنِيَ الضُّرُّ وَأَنْتَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِينَ

“(Duh Pangeran kula), saestunipun kula sampun kenging sesakit lan paduka Pangeran ingkang Maha Mirah ing antawisipun sedaya ingkang asipat mirah.” (QS. Al-Anbiya’: 83).

Pramila Allah lajeng midanget pradulipun saha ngabulaken panyuwunipun lan ngicali sesakitipun.

فَاسْتَجَبْنَا لَهُ فَكَشَفْنَا مَا بِهِ مِنْ ضُرٍّ وَآتَيْنَاهُ أَهْلَهُ وَمِثْلَهُمْ مَعَهُمْ رَحْمَةً مِنْ عِنْدِنَا وَذِكْرَى لِلْعَابِدِينَ

Mangka Ingsun ngijabahi panyuwune iku,banjur ingsun sirnakake lelara kang ana ing dheweke lan Ingsun balekake keluwargane marang dheweke , lan Ingsun tikel tekukake wilangane dheweke, pinangka  rahmat saka ngarsaningsun lan kanggo pepeling tumrap kabeh kang padha manembah marang  Allah.” (QS. Al-Anbiya’: 83)

 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Benten malih kaliyan cariyosipun  Nabi Yunus ‘Alaihis Salam ingkang ndedonga dhumateng pangeranipun, munajat dhumateng panjenenganipun, ugi ngaturaken kawontenan rikalanipun pikantuk pacoben. Nabi Yunus matur dhumateng Allah,

فَنَادَى فِي الظُّلُمَاتِ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ سُبْحَانَكَ إِنِّي كُنْتُ مِنَ الظَّالِمِينَ

Mangka dheweke matur ing kahanan peteng ndhedhet : Bilih boten wonten  pangeran ingkang hak dipun sembah  kejawi Paduka. Maha Suci Paduka, saestunipun kawula kalebet tiyang dzalim .” (QS. Al-Anbiya’: 87).

 

Allah midangetaken pradulipun saha ngabulaken doanipun saha ngicali  kesulitanipun,

فَاسْتَجَبْنَا لَهُ وَنَجَّيْنَاهُ مِنَ الْغَمِّ وَكَذَلِكَ نُنْجِي الْمُؤْمِنِينَ

Mangka Ingsun wus ngijabahi panyuwune lan nylametake saka kesusahan . Lan kang kaya mangkono iku kita slametake wong-wong kang padha iman .” (QS. Al-Anbiya’: 88)

Sumangga kita resepi sesarengan sadengah perkawis ingkang nembe kita adhepi ing wekdal punika. Mawerni-werni pacoben, musibah, bencana ingkang nedheng-nedhengipun dipun raosaken dening masyarakat lan bangsa punika kedahipun saget nyadharaken kita sedaya supados tansah langkung nyelak wonten ngersanipun  Allah kanthi tansah emut saha nyebat asmanipun. Mugi-mugi Allah enggal ngicali saha ngangkat kasisahan saha kesulitan gesang ingkang kita alami ing wekdal punika . Aamiiin.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

KHUTBAH II

إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، أشْهَدُ أنْ لاَ إِلٰه إلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اللَّهُمَّ اغْفِرْ لَنَا وَلِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ وَالمُسْلِمِينَ وَالمُسْلِمَاتِ وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِهِمْ وَانْصُرْهُمْ عَلَى عَدُوِّكَ وَعَدُوِّهِمْ

اللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشرِكِيْنَ وَدَمِّرْ أَعْدَائَكَ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ

اللَّهُمَّ خَالِفْ بَيْنَ كَلِمِهِمْ وَزَلْزِلْ أَقْدَامَهُمْ وَأَنْزِلْ بِهِمْ بَأْسَكَ الَّذِي لَا تَرُدُّهُ عَنِ الْقَوْمِ الْمُجْرِمِيْنَ

اللَّهُمَّ الْعَنِ الكَفَرَةَ الَّذِيْنَ يَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِكَ وَيُكَذِّبُوْنَ رُسُلَكَ وَيُقَاتِلُوْنَ أَوْلِيَاءَكَ

اللَّهُمَّ إِياَّكَ نَعْبُدُ، وَلَكَ نُصَلِّي وَنَسْجُدُ وَإِلَيْكَ نَسْعَى وَنَحْفِدُ، نَرْجُوْ رَحْمَتَكَ وَنَخْشَى عَذَابَكَ، إِنَّ عَذَابَكَ بِالْكُفّارِ مُلْحِقٌ

اللَّهُمَّ انْصُرْ إِخْوَانَنَا الْمُسْلِمِيْنَ الْإِيْغُوْرَ الْمَظْلُوْمِيْنَ فِي الصِّيْنَ

اللَّهُمَّ انْصُرْ إِخْوَانَنَا الْمُضْطَهَدِيْنَ الْمَظْلُوْمِيْنَ فِي سُوْرِياَ

اللَّهُمَّ انْصُرْ إِخْوَانَنَا الْمُضْطَهَدِيْنَ الْمَظْلُوْمِيْنَ فِي كُلِّ مَكَانٍ

اللَّهُمَّ انْصُرْهُمْ نَصْرًا مُؤَزَّرًا، اللَّهُمَّ انْصُرْهُمْ نَصْرًا مُؤَزَّرًا، اللَّهُمَّ انْصُرْهُمْ نَصْرًا مُؤَزَّرًا

اللَّهُمَّ انْصُرِ الْمُجَاهِدِيْنَ فِيْ سَبِيْلِكَ، اللَّهُمَّ انْصُرِ الْمُجَاهِدِيْنَ فِيْ سَبِيْلِكَ، اللَّهُمَّ انْصُرِ الْمُجَاهِدِيْنَ فِيْ سَبِيْلِكَ

اللَّهُمَّ زِدْنَا وَلَا تَنْقُصْنَا، وَأَكْرِمْنَا وَلَا تُهِنَّا، وَأَعْطِنَا وَلَا تَحْرِمْنَا، وَآثِرْنَا وَلَا تُؤْثِرْ عَلَيْنَا، وَارْضِنَا وَارْضَ عَنَّا

اللَّهُمَّ إِنِّي أَعُوذُ بِرِضَاكَ مِنْ سَخَطِكَ وَبِمُعَافَاتِكَ مِنْ عُقُوبَتِكَ وَبِكَ مِنْكَ لَا أُحْصِي ثَنَاءً عَلَيْكَ أَنْتَ كَمَا أَثْنَيْتَ عَلَى نَفْسِكَ

وَصَلَّ اللَّهُمَّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصْحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*