Edisi 195 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Ampun Ngantos Putus Asa Saking Rahmat Allah

AMPUN NGANTOS PUTUS ASA SAKING RAHMAT ALLAH

Prananto, ST., M.AP

 

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

 اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا وَرَسُوْلِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى ا للهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَتَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا ، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

أَمَّا بَعْدُ

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Sumangga kita sami ngaturaken puji saha syukur wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala awit sedaya nikmat, nugraha saha rahmatipun dhumateng kita sedaya ingkang mboten saget dipun kerta aji kathahipun.

Awit mligi rahmatipun Allah Ta’ala, kita saget entheng manah ugi sarira, gampil saha aman saget rawuh wonten ing Masjid punika kagem nindakaken  salah setunggal kewajiban agung wonten agami Islam inggih punika  ibadah shalat Jumat. Shalawat lan salam mugi tansah kalimpahaken dhumateng Nabi Muhammad ﷺ, keluarganipun, para sahabatipun saha sedaya ingkang midherek dhumateng sunnahipun lahir tumusing batos kanthi kebaking keikhlasan lan kesabaran.

Kita wasiataken dhumateng  diri pribadi kawula saha  Jamaah Shalat Jumat sekalian, sumangga tansah ngupiya dados tiyang ingkang takwa dhumateng  Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing pundi kemawon saha sasaget upiya kita.

Kanthi pangajab mugi kanthi takwa kasebat  Allah Ta’ala nglebetaken kita dhumateng ewonipun kawula-kawulanipun ingkang pikantuk jembaripun rahmat Allah.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun paring firman wonten ing surat Az-Zumar : 53,

قُلْ يٰعِبَادِيَ الَّذِيْنَ اَسْرَفُوْا عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ لَا تَقْنَطُوْا مِنْ رَّحْمَةِ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ يَغْفِرُ الذُّنُوْبَ جَمِيْعًا ۗاِنَّهٗ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ – ٥٣

Kandhakna, “He kawula-kawula ningsun kang padha ngliwati wates marang dhiri pribadhine! Sira aja padha kapedhotan pangarep-arep marang rahmate Allah. Satuhune Allah ngapura dosa-dosa sakabehane . Temen Panjenengane kang Maha paring pangapura lan Maha Asih.”

Rikalanipun setunggalipun tiyang kathah tumindak  dosa, kepara piyambakipun ngantos dumugi wonten ing setunggalipun  kesadaran bilih piyambakipun mboten pikantuk klelep wonten ing salebetipun dosa salaminipun. Rumaos nglenggana dhateng kalepatan ingkang ageng  kadang saget ngganggu pikiranipun, menapa Allah Ta’ala kersa ngapunten sedaya dosanipun punika?

Wonten ing ayat punika Allah Ta’ala maringi pirsa dhumateng sedaya kawulanipun ingkang beriman bilih piyambakipun mboten pikantuk nggadhahi prasangka ingkang awon dhumateng Allah Ta’ala menawi badhe taubat saking dosa sepinten kathahipun.

Allah tansah mbikak korinipun pangapunten saha taubat dhumateng kawulanipun ingkang sami dosa, saderengipun nyawa dumugi ing gurung lan saderengipun srengenge mijil saking kilen. Mboten wonten pawadan kagem putus asa saking rahmat Allah.

Allah Ta’ala ugi paring firman wonten ing surat Yusuf : 87 nggambaraken supados mboten putus asa rikalanipun ngadhepi  masalah sepinten kemawon agengipun.

يٰبَنِيَّ اذْهَبُوْا فَتَحَسَّسُوْا مِنْ يُّوْسُفَ وَاَخِيْهِ وَلَا تَا۟يْـَٔسُوْا مِنْ رَّوْحِ اللّٰهِ ۗاِنَّهٗ لَا يَا۟يْـَٔسُ مِنْ رَّوْحِ اللّٰهِ اِلَّا الْقَوْمُ الْكٰفِرُوْنَ – ٨٧

He anak-anakku kabeh! Lunga-a sira, goleka (pawarta) ngenani  Yusuf lan sedulure lan sira aja putus asa saka rahmat Allah. Satemene ora bakal putus asa saka  rahmate Allah, kejaba wong-wong kang padha  kafir.” [Yusuf: 87]

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Putus asa saking rahmat Allah mujudaken  tabiat dasaripun tiyang kafir. Piyambakipun mboten nate masrahaken urusan gesangipun dhumateng Dzat ingkang   Maha Kuaos saha Maha Asih.

Ingkang dipun mangertosi bilih menawi wonten perkawis inggih namung karampitaken piyambak. Kamangka manungsa punika winates menggah kesagetanipun ngrampitaken  masalah.

Wonten mriki ketawis sanget menggah pentingipun iman bilih Allah Ta’ala punika  Maha Pengasih, langkung asih dhumateng kawulanipun ngungkuli asihipun biyung dhumateng anak kandhungipun. Menawi kita kagungan perkawis kepara ngantos buntu, pramila pangajeng-ajeng kita dhumateng Allah mboten pikantuk  pedhot.

Sedangunipun kita purun dedonga ingkang kanthi saestu, sarta netepi menggah sedaya adab lan sebab dipun kabulaken doa, saha nebihi sedaya ingkang dados pepalang dipun kabulaken doa, mboten wonten perkawis ingkang mboten saget karampitaken dening Allah Ta’ala lumantar doa.

Setunggalipun tuladha inggih punika  kisahipun Imam Al-Bukhari rahimahullah, ahli hadits saking negeri Bukhara, Asia Tengah, ingkang kawentar ngantos sapunika. Rikalanipun taksih timur piyambakipun ketaman sakit ngantos wuta. Ibunipun mboten putus asa saking rahmat Allah. Piyambakipun tansah dedongan kanthi tekun supados Allah mangsulaken paningal anakipun kados wingi uni.

Sasampunipun dangu anggenipun ndedonga, akhiripun Allah mangsulaken paningalipun  Imam Al-Bukhari. Kisah punika kawedharaken dening Imam Ibnu Hajar Al-Asqalani wonten ing Muqaddimah Fathul Bari: 502.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Sasanesipun kanthi ndedonga kanthi tekun lan saestu, sarta netepi sedaya adab lan sebab dipun kabulaken doa, sarta nebihi sedaya pepalang dipun kabulaken pandonga,  saestunipun Allah Ta’ala sampun paring pirsa kadospundi supados gesang kita tansah pikantuk  rahmat Allah Ta’ala.

  1. Ihsan anggenipun ngibadah dhumateng Allah Ta’ala.

Ingkang kasebat ihsan inggih punika nyaekaken saha nyampurnakaken anggenipun  ibadah dhumateng  Allah Ta’ala lan rumaos bilih Allah Subhanahu wa Ta’ala mirsani ibadah kasebat.

Gegambaranipun wonten ing hadits shahih, ihsan punika ngibadah dhumateng  Allah kados-kados pirsa Allah. Menawi mboten saget pirsa Allah, saestunipun Allah mirsani dhumateng  kita.

Allah Ta’ala paring firman wonten ing surat Al-A’raf: 56:

إِنَّ رَحْمَةَ اللهِ قَرِيبٌ مِنَ الْمُحْسِنِينَ

Satemene rahmate Allah iku celak tumrap wong-wong kang padha  ihsan.”

  1. Takwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun saha nebihi awisanipun.

Allah Ta’ala paring firman wonten ing surat Al-A’raf: 156-157

وَرَحْمَتِيْ وَسِعَتْ كُلَّ شَيْءٍۗ فَسَاَكْتُبُهَا لِلَّذِيْنَ يَتَّقُوْنَ وَيُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَالَّذِيْنَ هُمْ بِاٰيٰتِنَا يُؤْمِنُوْنَۚ –

Lan rahmat Ingsun jembare ngungkuli sadengah perkara. Mangka bakal ingsun tetepake rahmat ingsung tumrap wong-wong kang padha takwa, kang mbayar zakat lan wong-wong kang padha iman marang ayat-ayat Ingsun.”

اَلَّذِيْنَ يَتَّبِعُوْنَ الرَّسُوْلَ النَّبِيَّ الْاُمِّيَّ الَّذِيْ يَجِدُوْنَهٗ مَكْتُوْبًا عِنْدَهُمْ فِى التَّوْرٰىةِ وَالْاِنْجِيْلِ

“(Yaiku) wong-wong kang padha i’tibak Rasul, Nabi kang ummi (ora bisa maca lan nulis ) kang (asmane) dheweke temoni tinulis ana ing Taurat lan Injil kang ana ing dheweke,

  1. Nresnani dhumateng makhluk Allah sanesipun, sae manungsa utawi sato kewan.

Bab punika kados ingkang kaweca wonten ing hadits saking Abdulah bin ‘Amr radhiyallahu ‘anhu bilih  Rasulullah ﷺ paring sabda,

الرَّاحمونَ يرحمُهُمُ الرَّحمنُ . ارحَموا من في الأرضِ يرحَمْكم من في السَّماءِ

”Wong-wong kang nresnani bakal dirahmati dening Ar-Rahman. Tresna-a sapa wae kang ing bumi iki, temen kang ana ing langit bakal nresnani marang sira .” [Hadits riwayat Abu Dawud (4941), At-Tirmidzi (1924) dan Ahmad (6494). Al-Albani ngaturaken hadits punika shahih wonten Shahih At-Tirmidzi no. 1924][vi]

Perkawis punika linangkung dhumateng tiyang-tiyang  fakir, miskin saha ingkang mbetahaken.

  1. Njejegaken shalat, mbayar zakat saha taat dhumateng Rasulullah

Perkawis punika kados wonten ing firman Allah Ta’ala surat An-Nur: 56

وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ – ٥٦

Lan jejegna  shalat, bayaren  zakat, lan taata marang Rasul (Muhammad), supaya sira diparingi  rahmat.”

  1. Midherek al-Quran al-Karim saha ngamalaken

Allah Ta’ala paring firman wonten surat Al-An’am: 155

وَهٰذَا كِتٰبٌ اَنْزَلْنٰهُ مُبٰرَكٌ فَاتَّبِعُوْهُ وَاتَّقُوْا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَۙ – ١٥٥

Lan iki Kitab (Al-Qur’an) kang ingsun turunake kanthi kebak barakah, midhereka, lan takwa-a supaya sira oleh rahmat.”

  1. Taat dhumateng Allah lan Rasulipun

Allah Ta’ala paring firman wonten ing  surat Ali Imran: 132

وَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَالرَّسُوْلَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَۚ – ١٣٢

Lan taata sira marang Allah lan Rasul (Muhammad), supaya sira diparingi rahmat.”

  1. Midangetaken saha mendel rikalanipun dipun waosaken  al-Quran Al-karim

Perkawis punika kados firman Allah Ta’ala wonten ing  surat Al-A’raf: 204

وَاِذَا قُرِئَ الْقُرْاٰنُ فَاسْتَمِعُوْا لَهٗ وَاَنْصِتُوْا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ – ٢٠٤

Lan menawa diwacakake Al-Qur’an, mangka rungokna lan menenga supaya sira oleh rahmat.”

  1. Istighfar lan nyuwun pangapunten dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala,

Allah Ta’ala paring firman wonten ing surat An-Naml: 46

 لَوْلَا تَسْتَغْفِرُوْنَ اللّٰهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ –

Kenengapa sira ora padha nyuwun pangapura marang  Allah, supaya sira oleh rahmat?”

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Punika sadengah amalan ingkang saget kita lampahi supados Allah Subhanahu wa Ta’ala paring rahmat dhumateng kita saha milujengaken kita wiwit donya dumugi akhirat samangkih.

Kita nyenyuwun dhumateng Allah Ta’ala hidayah saha taufik-ipun  supados wonten ing wulang Ramadhan benjang saget ngamalaken sebab-sebab ingkang saget ndhatengaken  rahmat Allah Ta’ala ingkang sak sae-saenipun  Aamiin

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah II

اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا

وأَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه

يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ أَمَّا بَعْدُ؛

فَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى :  وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَ اْلمُسْلِمَاتِ وَ الْمُؤْمِنِيْنَ وَ الْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَ اْلأَمْوَاتِ

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخَوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُواْ رَبَّنَا إِنَّكّ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ.

اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَأَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ

رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَـنَا وَتَرْحَمْنَا لَـنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ

رَبَّنَا هَبْ لَـنَا  مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.

 عِبَادَاللهِ !

 إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ

وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*