Edisi 201 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Awisan Nyogok Ing Ndalem Islam

AWISAN NYOGOK ING NDALEM ISLAM

Prananto, ST., MAP  

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ

 أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

 اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ

أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Alhamdulillah, sedaya pangalembana namung kagunganipun Allah SWT  wondene kita taksih dipun panggihaken dening Allah wonten ing dinten Jumat ingkang mulya punika. Wonten ing masjid pinangka papan ingkang dipun mulyakaken dening Allah SWT. Makempal sareng tiyang-tiyang ingkang dipun mulyakaken saha dipun inggilaken derajatipun wonten ngersa dalem Allah.

Shalawat lan salam mugi tansah konjuk dhumateng junjungan kita, Nabi Besar Muhammad SAW, sedaya keluarga, sahabat, saha umatipun.

Pinangka khatib kula ngajak dhumateng diri kula pribadhi ugi sedaya  jamaah shalat jum`at sekalian, sumangga kita tansah ningkataken  takwa kita dhumateng  Allah SWT kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun saha nebihi sedaya awisanipun wonten ing sadengah wekdal saha panggenan.

Mugi-mugi benjangipun kita dipun lebetaken swarganipun Allah sesarengan tiyang-tiyang ingkang taqwa. Aamiin

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Islam mboten ngawisi umatipun ngempalaken bandha kagem nyekapi kabetahan gesang wonten ing donya. Kepara Islam majibaken supados makarya ngupadi bandha. Awit Islam mapakaken bandha punika pinangka panyengkuyung nindakaken amal shaleh kagem anggayuh panggesangan ingkang sae wonten ing akhirat samangkih. Sahingga Islam paring paugeran ingkang gamblang dhumateng umat manungsa tata cara ngupadi bandha , anggenipun ngecakaken, saha tanggeljawabipun dhumateng bandha kasebat.

فَاِذَا قُضِيَتِ الصَّلٰوةُ فَانْتَشِرُوْا فِى الْاَرْضِ وَابْتَغُوْا مِنْ فَضْلِ اللّٰهِ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ كَثِيْرًا لَّعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ

Menawa shalat jumat wis rampung sumebara ana bumi golek pangupa jiwa murih oleh rizki peparinge Allah, lan akeha eling marang Allah supaya sira oleh kabegjan ” (QS Al Jumu’ah:10)

Ananging kedah dipun emut bilih Islam ugi paring pemut dhumateng saben-saben tiyang ingkang beriman supados tansah waspada dhumateng bandha ingkang dipun amanahaken dening Allah dhumateng piyambakipun.

Awit kanthi bandha punika asring njlomprongaken gesangipun manungsa. Kanthi makaten saben muslim kedah tansah emut bilih bandha punika setunggalipun perkawis ingkang mboten langgeng kepara namung pinangka gegujengan  kemawon. Tresnanipun manungsa dhumateng bandha asring ndadosaken tresna ingkang wuta, gampil ndadosaken lena, nuwuhaken  tamak, kepara tega tumindak nistha dhumateng sedherekipun piyambak.

Allah SWT paring firman:

اِعْلَمُوْٓا اَنَّمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا لَعِبٌ وَّلَهْوٌ وَّزِيْنَةٌ وَّتَفَاخُرٌۢ بَيْنَكُمْ وَتَكَاثُرٌ فِى الْاَمْوَالِ وَالْاَوْلَادِۗ كَمَثَلِ غَيْثٍ اَعْجَبَ الْكُفَّارَ نَبَاتُهٗ ثُمَّ يَهِيْجُ فَتَرٰىهُ مُصْفَرًّا ثُمَّ يَكُوْنُ حُطَامًاۗ وَفِى الْاٰخِرَةِ عَذَابٌ شَدِيْدٌۙ وَّمَغْفِرَةٌ مِّنَ اللّٰهِ وَرِضْوَانٌ ۗوَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا مَتَاعُ الْغُرُوْرِ

Sira padha weruha yen kabungahan ing donya iku mung dolanan lan rerenggan kang mesthi rusak padha jor-joran sugih bandha lan sugih anak. Padhane udan kang ndadekake gumune para tani sawise iku banjur kuning padha gogrog. Besuk ana ing akhirat ana siksa kang abot lan ana pangapura lan karidhaning Allah, Kasenengan ing donya iku ora liwat mung kabungahan kang semu .” (QS Al Hadid:20)

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Awit kadereng sifat tamak, mboten sekedhik tiyang lajeng kenging godha kagem nggayuh bandha donya lumantar tata cara ingkang batil ingkang dipun awisi syari‘at Islam ugi nilai-nilai kamanungsan umumipun . Kalebet tata cara ingkang bathil inggih punika kanthi nyogok.

Limrahipun nyogok punika lampah maringi arta utawi wujud sanesipun dhumateng setunggalipun tiyang kanthi maksud tartamtu.  Ing ndalem panggesangan saben dinten nyogok punika asring wujud arta utawi sanesipun dhumateng panguwaos utawi pegawai instansi tartamtu ingkang supados priyantun kasebat maringi keputusan ingkang nguntungaken piyambakipun. Saget ugi supados urusanipun dipun rumiyinaken utawi dipun tunda awit setunggalipun kepentingan tartamtu.

Islam ngaromaken setunggalipun muslim nindakaken lampah nyogok. Semanten ugi ingkang nyepeng panguwaos saha andhanipun dipun haramaken nampi arta sogokan. Wondene pihak ingkang pinangka  perantara tumindak maksiat kasebat  Islam ugi paring ancaman ingkang murwat. Allah SWT Paring firman:

وَلَا تَأْكُلُوْٓا اَمْوَالَكُمْ بَيْنَكُمْ بِالْبَاطِلِ وَتُدْلُوْا بِهَآ اِلَى الْحُكَّامِ لِتَأْكُلُوْا فَرِيْقًا مِّنْ اَمْوَالِ النَّاسِ بِالْاِثْمِ وَاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ ࣖ

Lan sira aja padha mangan bandhane kancanira kelawan bathil lan sira aja padha aweh besel kelawan bandha mau marang pengadilan kang pamrihe supaya sira bisa mangan sebagian bandhane liyan kelawan laku  dosa, ing mangka sira kabeh padha mangerti .” (QS Al Baqarah:188)

Sami kaliyan suraos ayat Al-Qur’an ing nginggil, Ing ndalem setunggalipun hadits kariwayataken :

عَن أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ لَعَنَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ الرَّاشِيَ وَالْمُرْتَشِيَ فِي الْحُكْمِ

Saka Abu Hurairah Radhiyallahu anhu, piyambake matur: Rasûlullâh Shallallahu ‘alaihi wa sallam paring laknat marang kang menehi besel utawa kang nampa besel ing ndalem hukum. (HR. Ahmad)

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Nyogok utawi nampi sogok dipun haramaken dening ajaran  Islam mboten sanes awit mujudaken kemungkaran lan kemaksiyatan. Dosa akibat lampah nyogok mboten namung ngrugekaken  ingkang nglampahi ananging kepara saget nuwuhaken kerusakan lan kemadlaratan tumrapipun mayarakat.

Akibat praktik nyogok, wibawanipun hukum dados risak lan keadilan namung badhe mihak dhumateng ingkang gadhah arta kanthi makaten  tatanan masyarakat dados risak.

Saestunipun maringi dhumateng tiyang sanes punika mboten mesthi kasebat lampah nyogok. Ing ndalem syariat Islam, wonten istilah hadiah utawi hibah. Miturut hukum fiqh, hadiah inggih punika peparing kanthi tujuan ngejawantahaken raos tresna utawi paling mboten nggadhahi tujuan pikantuk ganjaran.

Hadiah biasanipun dipun paringaken dhumateng famili, rencang, tanggi, para ulama, utawi sinten mawon ingkang kaanggep sae lan dipun tresnani. Saestunipun hadiah punika pinangka perkawis ingkang salimrah awit linandhesan raos tresna lan kurmat, sahingga dipun anjuraken supados paring hadiah.

Ing ndalem setunggalipun riwayat saking Abu Muslim Al Khurasani r.a. bilih  Rasulullah paring sabda:

تَصَافَحُوْا يَذْهَبُ الغِلُّ ، وتَهَادَوْا تَحَابُّوا ، وَتَذْهَبُ الشَحْنَاءُ

Sira padha sesalamana temen bakal ilang rasa dengki ing antarane sira lan padha padha aweha hadiah temen bakal ilang rasa sengit ing antarane sira . (HR. Malik).

Sami paring hadiah mujudaken amal shaleh ingkang utami linangkung kagem mbangun semangat kebersamaan lan ukhuwwah Islamiyah.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Ananging wonten kasunyatan panggesangan masyarakat sakmenika , hadiah kawon kanthi mawerni-werni ancas lan tujuan kepara saking tujuan utaminipun.

Menawi hadiah kasebat kaparingaken dhumateng tiyang ingkang gadhah kekuasaan, wewenang, utawi jabatan, pramila mboten mustahil menawi hadiah kasebat anggadhahi maksud-maksud tartamtu ingkang siningit. Hadiah ingkang kados makaten punika ingkang dipun haramaken dening Islam, awit hadiah kagem penguasa awis sanget ingkang lelandhesan raos tresna.

Salah setunggal cara ngadhepi penyakit sosial punika inggih kanthi upaya penegakan hukum dening  aparatur negara, perlu ugi dipun wonteni  gerakan wangsul dhumateng moralitas Islam pinangka dasar motivasi, inspirasi lan pedoman ing ndalem panggesangan masyarakat ing saben dintenipun.

Sedaya pejabat negara kedah sadar bilih hadiah ingkang normal punika arupi perkawis ing wajar mboten nglangkungi wates sahengga tiyang sami gumun.

Kanthi makaten moralitas Islam kedah dipun wujudaken gesangaken saben saat kagem ngresiki moral lan mentalitas korup ingkang wekdal sakmenika sampun dados penyakit saperangan komponen anak bangsa. Mentalitas korup ngrugekaken masyarakat umumipun mboten namung ingkang nglampahi. Menika ingkang ndadosaken Islam mboten ngeparengaken praktek utawi lampah nyogok utawi besel.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Prastawa ingkang kathah kedadosan wonten ing masyarakat gegayutan kaliyan nyogok saestu mrihatosaken, sae ingkang gegayutan kaliyan babagan hukum, jabatan, lan sanesipun.

Samesthinipun umat Islam mboten nglampahi ingkang makaten. Kepara kedah ngingkari sakpas kaliyan kekiyatanipun sae kanthi  tangan/kekuasaan, lesan/pocapan, utawi kanthi manah.

Ampun ngantos kentir wonten ing arusipun kemaksiatan. Awit punika ingkang badhe nyebabaken kacilakan wiwit donya ngantos akhirat.

Tiyang-tiyang ingkang nate nglampahi utawi kepara taksih nglampahi kedah enggal-enggal taubat menawi pingin wilujeng.

Wondene tiyang-tiyang ingkang sampun kelajeng pikantuk pakaryan kanthi lampah nyogok kedah estu-estu taubat dhumateng Allâh Azza wa Jalla. Wondene gajinipun  menawi panci piyambakipun makarya kanthi sae lan amanah mugi-mugi dados hakipun.

Samesthinipun tiyang-tiyang ingkang beriman tansah emut bilih donya punika fana, lan kematian punika dhatengipun sawekdal-wekdal, lan wonten ing akhirat badhe wonten hisab lan piwales sedaya tumindak.  Pramila tiyang ingkang gadhah akal kedah langkung ngutamekaken kesaenan akhirat ingkang kekal tinimbang donya ingkang namung sauntawis. Namung dhumateng Allah kita sumarah.

Mugi-mugi tekad kita mbrasta praktik korupsi, kolusi lan nepotisme badhe lumaksana kanthi lancer linandhesan kesadaran lan nilai-nilai ketakwaan. Aamiin

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ وَاسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم

Khutbah II :

  اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.

 أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا  اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

  اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

 أيها الناس، اتقوا الله، وافعلوا الخيرات، واجتنبوا السيئات. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

 اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى اله وَصَحْبِهِ أجمعين وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

 اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ،إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

 ربَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ –

 رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.

 سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*