BAHAYA JUDI ONLINE
Prananto, ST., M.AP
Khutbah I
إنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا.
مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأََرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
Jama’ah Jum’at rahimakumullah
Sampun kathah nikmat Allah ingkang kita tampi ing saben wekdal ngantos sakmenika ingkang kedah kita syukuri. Nikmat panjang yuswa, sehat, sempat, kuat lan sanes-sanesipun. Saking kathahipun ngantos mboten saget kawilang .
وَاِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ لَا تُحْصُوْهَا
Artosipun: “Menawa sira bakal milang nikmat Allah, temen sira ora bakal bisa newu watese.” (QS. An-Nahl: 18).
Pramila kita kedah nglenggana wonten ing manah bilih sedaya kala wau kedah kita syukuri. Salah setunggalipun inggih kanthi bandha kita kados dene bayar zakat, infaq, shadaqah, wakaf, lan mragat hewan kurban tumrap ingkang mampu. Kados kacetha wonten ing firman Allah:
اِنَّآ اَعْطَيْنٰكَ الْكَوْثَرَۗفَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ
Artosupun: “Satemene ingsung wus paring marang sira nikmat kang akeh. Mangka, tindakna shalat karana Pangeranira lan kurbana!” (QS. Al-Kautsar: 1-2)
Shalawat sarta salam mugi tansah konjuk dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, sedaya keluarga, sedaya sahabat saha umatipun ingkang tansah setya ngantos akhir zaman samangkih .
Salajengipun pinangka Khatib mboten kesupen ngemutaken sumangga kita tansah ningkataken taqwa kita dhumateng Allah SWT kanthi saleres-leresipun taqwa. Awit namung kanthi taqwa ingkang sayektos, kita saget istiqomah cecepengan dhumateng agama Allah lan muhasabah menapa ingkang sampun dipun tindakaken kagem ngadhepi dinten akhir samangkih , sahingga kita badhe pikantuk ketenangan gesang wonten ing donya ngantos dumugi akhirat.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumulah
Kita sami kejot amargi wonten pawartos saking Pusat Pelaporan lan Analisis Transaksi Keuangan (PPATK) ingkang nyebataken bilih wonten 571.410 Nomor Induk Kependudukan (NIK) ingkang kadhaptar minangka nampi bantuan sosial (bansos), kawistara dados pelaku judi online (judol) salebeting taun 2024.
Kanthi kerta aji simpenan (deposit) judi online saking 571.410 NIK nampi bansos punika ngantos Rp 957 miliar, kanthi cacah transaksi ngantos 7,5 yuta wonten ing taun 2024.
Pawartos punika nglajengaken raos prihatos kita, awit nedahaken bilih negari Indonesia menika saestu wonten ing kawontenan darurat Judi Online ingkang saderengipun kita dipun kejotaken wontenipun lapuran saking Kepala Pusat Pelaporan dan Analisis Transaksi Keuangan (PPATK) Ivan Yustiavandana ngaturaken bilih langkung saking setunggal ewu anggota DPR lan DPRD pinanggih sami nglampahi judi online.
Saderengipun data ingkang ngejotaken babagan judol wonten ing Indonesia dipun rilis dening Ketua Satgas Pemberantasan Perjudian Daring ngiras pantes Menko Polhukam Hadi Tjahjanto, Kasebataken bilih paling mboten wonten 2% saking total pemain judol wonten ing Indonesia punika kanyata taksih lare alit. Ateges wonten 80.000 lare.
Kalangan remaja ugi kathah ingkang kajiret judol. Pemain judol antawis umur 10-20 tahun wonten 11% saking total pejudol Indonesia. Watawis 440.000 tiyang.
Pehobi judi online kalangan yuswa dewasa muda, umur 21-30 tahun ugi kathah. Kepara ngantos 13% total pemain judol wonten ing Indonesia. Watawis 520.000 tiyang. Kamangka punika kalebet usia produktif.
Ingkang saestu mrihatosaken babagan judi online kanyata yuswa dewasa, ingkang kathahipun 1.640.000 tiyang. Piyambakipun ingkang sampun umur 30-50 tahun kepara ngantos 40% saking total pejudi online ing Indonesia.
Kepara ingkang sakelangkung mrihatosaken ingkang yuswanipun sampun langkung saking 50 tahun kepara taksih kathah ingkang kajiret judi online, inggih punika wonten 1.350.000. utawi 34% saking total pejudol Indonesia.
Saperangan ageng pemain judi online ing Indonesia saking kalangan menengah mandhap. Paling mboten 80% saking sedaya pejudi online, utawi kanthi jumlah 2,37 juta tiyang.
Lajeng sepinten werdana ingkang dipun ginakaken kagem judi online? Wiwit ingkang paling alit Rp10 ewu ngantos ingkang paling ageng Rp40 miliar.
Indonesia saestu darurat Judi Online
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumulah
Allah Ta’ala paring firman:
إِنَّمَا الْخَمْرُ وَالْمَيْسِرُ وَالْأَنْصَابُ وَالْأَزْلَامُ رِجْسٌ مِنْ عَمَلِ الشَّيْطَانِ فَاجْتَنِبُوهُ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ إِنَّمَا يُرِيدُ الشَّيْطَانُ أَنْ يُوقِعَ بَيْنَكُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاءَ فِي الْخَمْرِ وَالْمَيْسِرِ وَيَصُدَّكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللَّهِ وَعَنِ الصَّلَاةِ فَهَلْ أَنْتُمْ مُنْتَهُونَ
“He wong-wong kang padha iman, satemene (nginum) khamar, judi, (korban kanggo) berhala, ngundi nasib kanthi panah, kalebu tumindake syaitan. Mangka dohana tumindak-tumindak iku supaya sira pikoleh kabegjan” (QS. Al Maidah: 90).
Wonten ing ayat ingkang minulya punika, Allah Ta’ala ngaturaken bilih wonten gendheng ceneng antawisipun judi utawi qimar kaliyan khamr, al anshab lan al azlam. Punika perkawis ingkang mboten mamang malih menggah haramipun. Pramila ayat punika pinangka dalil haramipun judi.
Al khamru (khamr) sampun kita mangertosi inggih unjukan ingkang saget nuwuhken mabuk, lajeng ical akalipun. Sahingga rikalanipun wicanten lan tumindak tanpa berpikir lan tanpa akal. Rikalanipun saget damel piyambakipun dhawah dhateng tumindak zina, utawi pembunuhan, utawi pengrusakan kepara ngantos mboten sadar megat utawi talak dhateng semahipun, lan sanes-sanesipun. Pramila dening syariat dipun haramaken.
Wondene al anshab (kurban kagem berhala), punika ugi haram awit pinangka sarana ngibadah dhumateng sasanesipun Allah.
Judi, ingkang dipun-gandhengaken kaliyan al-anshab, khamr, lan al-azlam, sampun cetha lan boten wonten mamang malih bilih punika kalebet ingkang haram lan dosanipun ageng
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumulah
Salebeting khutbah punika, khatib badhe ngandharaken bilih judi boten namung dosa ageng, nanging ugi ngandhut bebaya ageng sanesipun, ingkang saged ngrisak pribadi, kulawarga, lan masyarakat
- Judi punika amalan setan
Allah Ta’ala nerangaken bilih judi punika amalan setan wonten ing ndalem firmanipun (ingkang artosipun): “(judi) iku kalebu tumindake syaitan“. Lan sedaya amalan ingkang mujudaken amalan setan, hukumipun haram. Awit setan punika saestu greget nyasaraken manungsa lan njlomprongaken ing ndalem kesesatan.
Kanthi makaten menawi kita sampun mangertos bilih judi punika amalan setan, kawuningan bilih setan mboten badhe ndhatengi kita kejawi badhe apus krama saha ndadosaken kita memengsahan antawisipun kita kaliyan keluarga lan sesami sedherek.
Saget kapendhet wosipun bilih setan punika mengsah tumrapipun manungsa.
Allah Ta’ala sampun ngemutaken manungsa saking mengsah ingkang nyata punika wonten in firmanipun:
إِنَّ الشَّيْطَانَ لَكُمْ عَدُوٌّ فَاتَّخِذُوهُ عَدُوًّا إِنَّمَا يَدْعُو حِزْبَهُ لِيَكُونُوا مِنْ أَصْحَابِ السَّعِيرِ
“Temen, sétan iku mungsuh tumrap sira kabéh, mangka anggepen dhéwéké minangka mungsuh, merga setemené sétan iku mung ajak-ajak golongané supaya padha dadi warga neraka kang mulab-mulab.”
(QS. Fathir: 6).
- Judi saget nuwuhaken memengsahan antawisipun manungsa
Allah Ta’ala paring firman:
إِنَّمَا يُرِيدُ الشَّيْطَانُ أَنْ يُوقِعَ بَيْنَكُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاءَ
“Satemene syaitan iku bakal nuwuhake memungsuhan lan kebencian ing antarane sira (lantaran khamar lan judi iku)” (QS. Al Maidah: 91)
Maksudipun, setan grengseng nuwuhaken memengsahan antawisipun manungsa. Lan al ‘adawah tegesipun: muqatha’ah (medhotake), inggih punika pedhotipun pasedherekan antawisipun tiyang ingkang iman.
Utawi antawisipun kalih sahabat ingkang sami mutusaken pasedherekan , sami sengit utawi sami boikot.
Sahingga pedhot anggenipun pasedherekan, sami pedhot, sami nebihi, sami nacat, lan gampil ghibah kepara saget nerak pikormatan sedherekipun, nuduh kanthi perkawis ingkang awon. Sedaya punika akibat saking khamr lan judi.
- Judi nuwuhaken raos sengit antawisipun manungsa
Sawetawis perkawis tuwuhipun sengit akibat saking perjudian. Ingkang menang saking ngabotohan punika rumaos remen amargi pikantuk arta. Ananging ingkang kawon badhe rumaos karugen napa malih menawi kawonipun kathah. Sahingga piyambakipun badhe telas-telasan bandhanipun, akhiripun tuwuh masalah wonten rumah tangganipun lan badhe rumaos gething dhumateng ingkang menang.
Terkadang ugi, pemain judi punika rumaos jengkel dhateng permainanipun, piyambakipun nglampahi kanthi sayah lan pari peksa sahingga akhiripun mendhet bandha ingkang sanes hakipun.
Punika temtu badhe nuwuhaken raos gething awit bandhanipun dipun pendhet kanthi mboten samesthinipun .
Kanthi makaten badhe tuwuh memengsahan ing antawisipun kekalihipun kepara ngantos kedadosan wontenipun raja pati utawi pembunuhan.
- Judi punika badhe nglirwakaken saking dzikrullah
Lirwanipun tiyang saking dzikrullah ing antawisipun kasebabaken saking khamr lan judi. Allah sampun paring firman:
وَيَصُدَّكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللَّهِ
“..lan ngalangi sira saka eling marang Allah..” (QS. Al Maidah: 91).
Pramila permainan setan punika nuwuhaken mafsadah utawi karisakan ingkang ageng, inggih punika nglirwakaken tiyang saking dzikrullah. Lan punika sampun kabukten wonten ing panggesangan sinaosa mboten sami totohan ananging badhe nyibukaken piyambakipun sahingga nelasaken wekdalipun. Piyambakipun rumaos namung kagem hiburan supados manahipun remen, namung estunipun namung raos remen ingkang sipatipun semu, mbucal wekdal ingkang mboten wonten faedahipun. Allah paring firman:
نَسُوا اللَّهَ فَنَسِيَهُمْ
“Dheweke nyupekake Allah, mangka Allah uga bakal nyupekake dheweke” (QS. At Taubah: 67).
- Judi saget nglirwakaken saking shalat
Kathah bukti menawi tiyang ingkang Judi badhe nglirwakaken shalat, awit nelasaken wekdal kepara badhe nglirwakaken ibadah-ibadah sanesipun.
Umpami piyambakipun shalat temtu mboten badhe khusuk awit rumaos was-was mboten tenang. Piyambakipun ugi badhe lek-lekan sepanjang dalu sahingga rikalanipun subuh malah kepara tilem, badan ugi badhe kraos lungkrah lan mboten semangat ngibadah lan makarya.
Jamaah shalat Jumat yang dimuliakan Allah,
Makaten sawetawis ingkang gegayutan kaliyan judi kanthi pangajab kita saget mawas dhiri saha nebihi lampah judi sae ingkang online utawi ngabotohan sanesipun. Mugi Allah paring pitedah dhumateng sedherek-sedherek kita ingkang sampun kelajeng remen judi saha nebihaken kita lan putra wayah sedaya saking lampah ingkang mboten sae punika. Amiien ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَمَّا بَعْدُ : فَيَااَ يُّهَاالنَّاسُ !! اِتَّقُوااللهَ تَعَالىَ. وَذَرُوالْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَوَمَابَطَنْ. وَاعْلَمُوْااَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ.
فَقَالَ اَللَّهُ تَعَالىَ: اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
اللَّهُمَّ اكْفِنَا بِحَلاَلِكَ عَنْ حَرَامِكَ وَأَغْنِنَا بِفَضْلِكَ عَمَّنْ سِوَاكَ
اللَّهُمَّ أَحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِى الأُمُورِ كُلِّهَا وَأَجِرْنَا مِنْ خِزْىِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الآخِرَةِ
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ
رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ



Leave a Reply