BEBAYANIPUN MINUMAN KERAS
Prananto, ST., MAP
Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ
أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Alhamdulillah, sedaya pangalembana kagunganipun Allah SWT dene kita taksih dipun panggihaken dening Allah kaliyan dinten ingkang mulya punika inggih dinten Jumat. Wonten ing papan ingkang dipun mulyakaken dening Allah inggih wonten ing masjid. Sesarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkang Insyallah ugi dipun luhuraken drajatipun wonten ing ngersanipun Allah, inggih tiyang-tiyang ingkang takwa.
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, sedaya keluarga, sahabat, saha umatipun. Pinangka khatib kawula ngajak dhumateng kawula pribadi saha jamaah jumat sedayanipun sumangga kita tansah ningkataken takwa kita dhumateng Allah SWT kanthi upiya nindakaken sedaya dhawuh-dhawuhipun saha
nebihi sedaya awisanipun. Mugi kita benjang dipun lebetaken wonten ing surganipun Allah sesarengan tiyang-tiyang ingkang taqwa. Aamiin
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
As-Syeikh Muhammad Ali as-Shâbûniy wonten ing kitab Tafsîr Âyâtil Ahkâm ngendikakaken bilih setunggalipun perkawis ingkang awis reginipun ing dalem dirinipun menungsa punika inggih punika akal. Pramila menawi setunggalipun tiyang sampun ical akalipun, ateges sampun boten wonten bentenipun antawisipun piyambakipun kaliyan sato kewan.
Salah setunggal perkawis ingkang supados akal kita sedaya tetep sehat inggih punika kanthi ngreksa saking perkawis-perkawis ingkang saged ngrisak upaminipun omben-omben ingkang saget damel mabuk. Kanthi makaten kita saget mangertos kenging punapa Gusti Allah ngawisi kawulanipun sami omben-omben lan perkawis ingkang saget damel mabuk kados dene narkoba lan sanesipun.
Allah Ta’ala berfirman,
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّمَا الْخَمْرُ وَالْمَيْسِرُ وَالْاَنْصَابُ وَالْاَزْلَامُ رِجْسٌ مِّنْ عَمَلِ الشَّيْطٰنِ فَاجْتَنِبُوْهُ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ اِنَّمَا يُرِيْدُ الشَّيْطٰنُ اَنْ يُّوْقِعَ بَيْنَكُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاۤءَ فِى الْخَمْرِ وَالْمَيْسِرِ وَيَصُدَّكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللّٰهِ وَعَنِ الصَّلٰوةِ فَهَلْ اَنْتُمْ مُّنْتَهُوْنَ
“He wong-wong kang padha iman! Satemene nginum khamer (omben-omben), main, kurban kanggo brahala, lan ngundi nasib kanthi anak panah , iku mujudake tumindak kang jember lan kalebu tumindaking setan. Mula iku padha dohana supaya sira kabeh oleh kabegjan. Kanthi omben-omben lan main iku setan duweni panjangka supaya sira kabeh padha serik lan memungsuhan, lan ngalang-ngalangi sira kabeh saka eling marang Allah lan nglirwakake shalat, kanthi mengkono apa sira ora pada nglereni? [QS Al-Ma’idah 90 – 91].
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Wonten ing ayat kasebat bilih Allah boten rena kaliyan tumindak nginum khamr, main , undi nasib, awit sedaya wau mujudaken tumindakipun setan. Pramila perkawis kasebat dipun wastani rijsun ingkang anggadhahi makna jember/najis. Mboten pantes tumindak rijsun utawi jember punika kita lampahi awit badhe beta kita dhumateng lembahing kahinan awit Allah boten rena kanthi tumindak kados ingkang kaweca ing ayat sawau.
Langkung tegas malih punapa ingkang sampun dipun sabdakaken dening Nabi Muhammad SAW:
“Khamer iku dilaknat dening Allah ana ing perkara sepuluh: zat utawa wujude, kang pada gawe, juragane, bakule , sing tuku, sing ngeterake, sing nyimpen, kabeh sing oleh untung saka iku, sing ngombe, lan sing ngilingake” (HR. Ibnu Majah, Abu Daud, At-Tirmidzi dan An-Nasa`i)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Khamer punika pinangka babonipun sedaya piawon lan karusakan, temtu sedaya punika wonten sebabipun.
Kariwayataken saking Utsman radhiallahu’anhu piyambakipun matur: “Dohana dening sira kabeh ngombe khamer awit ngombe khamer iku dadi babone sakabehe dosa / perkara kang jember. Ana wong lanang sak durungira kabeh dheweke taat anggone nindakake ngibadah disenengi dening wong wadon planyahan. Wong wadon mau ngutus budak wadon supaya matur: “ saestunipun kula nimbali panjenengan supados dados seksi” Wong lanang mau banjur mangkat bareng budak wadon mau, wong wadon planyahan mau cecawis nganti rikalane wong lanang mau lumebu banjur dheweke ngunci lawange omah kang ora ana wong liya kejaba dheweke. Nganti wong lanang mau adu-arep karo wong wadon iku kang sak cerake ana bocah cilik lan khamer. Wong wadon mau banjur matur, “ Demi Allah kula nimbali panjenengan boten supados paseksi, ananging kula nimbali panjenengan supados saresmi kaliyan kula, utawi ngunjuk khamer, utawi mejahi lare alit niki!” Wong lanang mau matur “ Wenehana aku sak gelas khamer”. Banjur wong wadon mau menehi sak gelas khamer marang wong lang mau. Wong lanang mau matur “ Tambahna meneh kanggo aku”. Wong lanang mau ngombe nganti kedadeyan dheweke tumindak zina karo wong wadon mau lan mateni sawijining jiwa (bocah cilik ).” (Usman matur), “ Mula iku dohana ngombe khamer, sebab demi Allah ora bakal nyawiji antarane iman lan padatan ngombe khamer kejaba bakal metu salah sijine”.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Awisan nginum khamer nggadhahi lelandhesan ingkang saestu kiyat, awit saget nuwuhaken piawon lan ngrisak, sae ing donya utawi ing akhirat. Miturut Abu Laits, kita wajib anjagi kesehatan akal kanthi mboten nginum khamer lan narkoba. Wonten sedasa perkawis ingkang saget nggiring dateng kahinan awit nginum khamer punika:
- ingkang nglampahi kados tiyang ewah,
- ngicali kesadaran lan nuwuhaken boros,
- nuwuhaken cecengilan lan ngrisak pakurmatan,
- ngalang-ngalangi emut dateng Allah lan shalat,
- nggiring tumindak zina,
- saget kedadosan megat semah kanthi boten sadar,
- sumberipun bencana lan piawon,
- ngucemaken marwahipun keluarga awit tiyang ingkang nginum khamer punika kalebet fasiq,
- dipun tutupipun pintunipun barakah tumrap piyambakipun, awit kesaenan saha pandonga boten tinampi sadangunipun 40 dinten. lan
- dipun kuwatosaken tilar ing kawontenan kafir.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Akhir khutbah wonten dawuh Sayyidina Utsman bin Affan radliyallahu anhu:
إن شارب الخمر إذا سكر يجري علي لسانه كلمة الكفر ويتعود لسانه بذالك ويخاف عند موته أن يجري علي لسانه كلمة الكفر فيخرج من الدنيا علي الكفر فيبقي في النار أبدا
Artosipun: ”Saktemene, wong kang ngombe khamer rikalane mabuk lisane bakal ngucap kanthi pocapan-pocapan kufur. Akhire lisane dadi biasa ngucapake. Mula iku dikuwatirake tumrap dheweke rikalane mati lisane ngucapake pocapan-pocapan kufur. Banjur dheweke metu seka donya ing kahanan kufur. Akhire neraka dadi papan bali kanggo sak lawase”.
Saestu kita nyuwun reksa dumateng Allah SWT, saking tilar suul khatimah. Inggih punika seda ing kawontenan kufur sahingga pikantuk siksanipun neraka. Naudzu billah tsumma naudzu billah!
Mugi-mugi Allah SWT paring pitedah saha kekiyatan iman dhumateng para pemimpin bangsa kita supados saget jejegaken ajaranipun agami wonten ing madyaning masyarakat kanthi ngasilaken paugeran ingkang saget ngayomi lan pinangka beta kemaslahatan umat. Aamiin.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ



Leave a Reply