CECAWIS MAHARGYA WULAN RAMADHAN
Samsul Rodhi, A.Md
Khutbah Kapisan
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ
أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Alhamdulillah, kaping sepisan, sumangga kita sedaya tansah ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring kanugrahan saha berkah dhumateng kita sedaya, sahingga ngantos dumugi wekdal kita taksih saged nindaki ibadah shalat Jum’ah ing masjid menika kanthi kahanan sehat wal afiat.
Shalawat miwah salam mugi tansah konjuk dhumateng uswah hasanah kita Nabiyullah Muhammad SAW, sedaya keluarganipun, sedaya shahabatipun, lan sedaya umatipun ingkang tuhu taat ngantos akhir zaman samangkih.
Salajengipun ing kesempatan ingkang sae punika, mangga kita tansah ngenggalaken niat lan tekad kita kangge nambah raos takwa dhumateng Allah SWT. Namung kanthi cepengan ingkang teguh lan saestu anggenipun ngamalaken islam, iman, ihsan lan takwa menika-lah kita badhe dados titah ingkang luhur minulya wonten ngersanipun Allah lan badhe saged ngraosaken nikmatipun kebahagiaan hakiki, wonten donya menika lan ing akhirat mangke.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Boten karaos kita sedaya sampun lumebet wonten ing wulan sya’ban, sekedhap malih kita badhe lumebet wonten ing wulan Ramadhan ingkang mujudaken perangan ingkang istimewa lan anugerah Allah ingkang sakelangkung sae.
Tumrap kita pinangka tiyang mukmin hadiripun wulan Ramadhan mujudaken nugraha ingkang kedah dipun ginakaken ingkang sak sae-saenipun, awit kebakipun peparingipun Allah ta’ala ingkang arupi pangapunten, Rahmat, lan sih wilasanipun Allah ingkang Adi luhung ugi pinangka wekdal kagem nindakaken amal sholeh lan ibadah dhumateng Allah SWT ingkang sakathah-kathahipun.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Kanthi makaten kagem mangayubagya rawuhipun wulan Ramadhan punika kita kaum muslimin perlu cecawis wiwit wulan sya’ban punika ing antawisipun inggih punika:
- Ngathah-ngathahaken anggenipun istighfar lan taubat nyuwun pangapunten dhumateng Allah.
Istighfar lan taubat dhumateng Allah mujudaken pangibadahan ingkang sanget dipun anjuraken wonten ing sadengah wekdal, ananging taubat ing wulan Sya’ban gadhahi kautamen ingkang ageng awit wulan sya’ban kathah dipun lirwakaken dining para manungsa, kados sampun kaweca wonten sabdanipun Rasulullah:
ذَاكَ شَهْرٌ يَغْفَلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَشَهْرِ رَمَضَانَ
Artpsipun: “Wulan Sya’ban iku wulan kang padha akeh dilirwakake dening manungsa, wulan iku antara wulan Rajab lan Ramadhan.”
[HR Ahmad, Abu Dawud, lan Nasai, hadits shahih].
Nindakaken pangibadahan ing salebetipun wekdal-wekdal ingkang dipun lirwakaken manungsa saestu pun anjuraken. Awit punika makmuraken wulan Sya’ban kanthi ngathah-ngathaken istighfar lan taubat dhumateng Allah mujudaken amalan ingkang saestu minulya.
Awit salah satunggaling perkawis ingkang dados pepalang satunggaling kawula ngibadah dhumateng Allah inggih punika kathahipun dosa ingkang ngregeti manahipun, ingkang tundhonipun jalari awratipun nindakaken pangibadahan ingkang kadhawuhaken dening Allah SWT, linangkung amalan lan ngibadah kita ing salebetipun wulan Ramadhan.
- Nyawisaken Bandha kagem nyekapi kabetahan ing wulan Ramadhan
Boten greget lan lirwanipun pangibadahan kita ing wulan Ramadhan ing antawisipun dipun sebabaken ketruwu ngupados kacekapan ing wulan Ramadhan, nelasaken wekdal wonten ing toko utawi peken, langkung mrihatosaken malih bilih perkawis punika kantidakaken wonten ing sedasa dinten akhir wulan Ramadhan kathah kaum muslimin ingkang sami ribet nyawisaken kabetahan ngadepi Idul Fithri.
Ingkang kedahipun ing sedasa akhir wulan Ramadhan punika langkung greget anggenipun ningkatan pangibadahanipun ingkang supados pikantuk kautamen ingkang langkung ageng.
Pramila prayogi sanget supados kita kalis saking perkawis kasebat kita perlu nyawisaken sedaya kacekapan punika wiwit ing wulan Sya’ban punika, Sahingga rikalanipun wulan Ramadhan sampun dumugi kita saget konjem anggenipun nindakaken sadengah pangibadahan.
- Ngulintenaken nindakaken mapinten-pinten amalan wiwit wulan Sya’ban.
Amalan-amalan sunnah ingkang saget katindakaken kados denten siyam sunnah ing wulan Sya’ban, tadarus Al-Qur’an, lan nambah shalat-shalat sunnah. Sedaya punika kita tindakaken kagem nyiyapaken saderengipun dhatengipun wulan Ramadhan, sahingga rikalanipun Ramadhan dumugi, kita sampun biasa nindakaken sedaya punika.
Rasulullah pinangka tuladha tumrap kita sedaya, panjenenganipun kathah nindakaken siyam wonten ing Sya’ban, kepara siyamipun sakalangkung kathah tinimbang wulan-wulan sanesipun sasanesipun wulan Ramadhan, bab punika kacariyos dening keng garwa Aisyah Radhiyallahu ‘Anha:
وَلَمْ أَرَهُ صَائِمًا مِنْ شَهْرٍ قَطُّ، أَكْثَرَ مِنْ صِيَامِهِ مِنْ شَعْبَانَ كَانَ يَصُومُ شَعْبَانَ كُلَّهُ، كَانَ يَصُومُ شَعْبَانَ إِلَّا قَلِيلًا
Artosipun:”Lan aku ora pirsa Rasulullah akeh nindakake siyam kacaba ing wulan Sya’ban, Panjenengane biasa nindakake siyam ing wulan Sya’ban sakabehane (sesasi nutug), lan panjenengane biasa nindakake siyam ing saperangan gedhe (dina) wulan Sya’ban”.[HR Muslim].
Sawetawis hikmah kathah-kathah nindakaken siyam ing wulan Sya’ban inggih punika kagem gegulang diri kagem siyam derengipun lumebet ing wulan Ramadhan.
- Ngathah-athaken dedonga dhumateng Allah
Dedonga mujudaken sarana syar’i kagem gayuh tujuan lan idam-idaman sawijining kawula, supados pinaringan kasarasan lan taufiq kagem ngibadah dhumateng Allah, ugi nyenyuwun dhumateng Allah berkah yuswa ugi wekdal, pramila kathah saking para ulama salaf ingkang dedonga dhumateng Allah wiwit wulan Rajab kanthi ucapan:
اللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِي رَجَب، وَشَعْبَانَ، وَبَلِّغْنَا رَمَضَانَ
Artosipun :”Duh Allah, mugi paduka paring barakah dhumateng kita ing wulan Rajab lan Sya’ban, lan mugi paduka manggihaken kita ing wulan Ramadhan.”
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Makaten pinten-pinten perkawis ingkang kedah kita cawisaken pinangka sangu mahargya rawuhipun wulan Ramadhan, kanthi pangajeng-ajeng mugi kita saget nindakaken pangibadahan kanthi sasae-saenipun ing wulan ingkang minulya punika.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ وَاسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَمَّا بَعْدُ : فَيَااَ يُّهَاالنَّاسُ !! اِتَّقُوااللهَ تَعَالىَ. وَذَرُوالْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَوَمَابَطَنْ. وَاعْلَمُوْااَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ.
فَقَالَ اَللَّهُ تَعَالىَ: اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
اللَّهُمَّ اكْفِنَا بِحَلاَلِكَ عَنْ حَرَامِكَ وَأَغْنِنَا بِفَضْلِكَ عَمَّنْ سِوَاكَ
اللَّهُمَّ أَحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِى الأُمُورِ كُلِّهَا وَأَجِرْنَا مِنْ خِزْىِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الآخِرَةِ
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ
رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ



Leave a Reply