Edisi 231 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Donga Kawilujengan Rikalanipun Dinten Hisab

DONGA KAWILUJENGAN

RIKALANIPUN DINTEN HISAB

Ustadz Zulhijja, S.Ag

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا وَرَسُوْلِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى ا للهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَتَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا ، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

أَمَّا بَعْدُ

Jamaah Jumat rahimakumullah,

Syukur alhamdulillah mujudaken perkawis kawitan ingkang kedah  kita tanemaken wonten ing salebetipun diri kita sedaya awit sedaya nikmat saha kanugrahan ingka Allah paringaken, khususipun nikmat iman lan islam, sahingga kita saget tansah istiqamah ing ndalem nindakaken ibadah wajib shalat Jumat punika. Mugi ibadah ingkang kita tindakaken dados ibadah ingkang tinampi.

Shalawat lan salam mangga kita aturaken dhumateng junjungan kita, Nabi Muhammad SAW sarta para sahabat lan pendherekipun.

Salajengipun, lumantar mimbar ingkang minulya punika, khatib ngajak dhumateng dhiri kawula pribadhi saha sedaya jamaah ingkang hadir wonten ing  shalat Jumat punika, supados tansah ngupiya ningkataken keimanan lan ketakwaan dhumateng Allah SWT. Awit namung kanthi takwa, kita sedaya badhe dados kawula ingkang wilujeng wonten ing donya lan akhirat.

Hadirin jama’ah Jum’at rahimakumullah

Yaumul hisab utawi dinten petangan amal, mujudaken salah setunggalipun prastawa penting wonten ing salebetipun lampah gesangipun manungsa. Wonten ing dinten punika sedaya amal tumindak kita dipun etang. Petangan amal kasebat nemtokaken badhe wonten pundi  papan kita benjang rikalanipun wonten ing  Akhirat.

Swarga pinangka papan wangsul tumrap tiyang-tiyang ingkang cathetan amal saenipun langkung kathah. Kosok wangsulipun neraka pinangka papan wangsul tumrap tiyang-tiyang ingkang sedangunipun gesang nggadhahi cathetan amal awonipun sakelangkung kathah.

Mboten wonten ingkang mangertosi kados pundi amal kita sedaya samangkih.  Kita namung saget ndedonga kados donganipun Kanjeng Nabi Ibrahim ingkang kaweca wonten ing Al Quran  Surat Ibrahim ayat 41 ingkang suraosipun nyuwun pangapunten dhumateng Allah awit dosa kita, dosa tiyang sepuh kita ugi dosanipun tiyang-tiyang ingkang iman

رَبَّنَا اغْفِرْ لِيْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِلْمُؤْمِنِيْنَ يَوْمَ يَقُوْمُ الْحِسَابُ

Artosipun, Duh Pangeran kita, mugi paduka paring pangapunten dhumateng kawula lan tiyang sepuh kawula kekalih ugi dhumateng tiyang-tiyang ingkang iman wonten ing dinten petanganipun amal.”

Ewo semanten kagem nggayuh sedaya punika mboten gampil, awit wontenipun panggodhanipun syetan.

Syetan punika ngajak dhumateng kita supados tumindak maksiat dhumateng Allah SWT. Rikalanipun manungsa tumindak awon utawi perkawis ingkang mboten sae, saestunipun piyambakipun nembe pikantuk godhanipun syetan.

Pramila kita kedah ningkataken  iman kita supados kalis saking bujukan lan panggodhanipun syetan ingkang rinanjam. Kados pundi upiya kita supados kalis saking reridhunipun  Iblis?

Jama’ah Jum’at rahimakumullah

Kacariyos wonten ing Al-Quran, rikalanipun iblis dipun tundhung saking swarga, piyambakipun nyuwun dhumateng Allah gantalan wekdal ngantos dinten kiyamat ingkang tujuanipun badhe ngreridhu anak turunipun Adam ingkang supados dados rencangipun benjang wonten ing neraka.

ثُمَّ لَاٰتِيَنَّهُمْ مِّنْۢ بَيْنِ اَيْدِيْهِمْ وَمِنْ خَلْفِهِمْ وَعَنْ اَيْمَانِهِمْ وَعَنْ شَمَاۤىِٕلِهِمْۗ وَلَا تَجِدُ اَكْثَرَهُمْ شٰكِرِيْنَ

Artosipun: Iblis matur, “salajengipun kula badhe ndhatengi piyambakipun saking ngajeng, saking wingking, saking kanan lan saking kiringipun. Lan paduka mboten badhe manggihi kathahipun piyambakipun sami syukur.”(QS Al A’raf :17).

Miturut Al-Kattani, ayat punika ngaturaken babagan tataranipun Iblis salebetipun nyasaraken manungsa . Kawitan saking pangiming-iming ingkang sipatipun kasar lan awrat ngantos tataran ingkang paling alus lan gampil.  Ananging kepara kanthi panggodha ingkang alus lan gampil punika kathah tiyang kenging godha.

Miturut al-Kattani “saking ngajeng” punika lampah nyekutokaken  Allah lan nindakaken  dosa-dosa ingkang ageng. Punika panggodha ingkang paling awrat dipun turuti dening manungsa. Wonten tataran punika, Iblis ngajak dhumateng kekufuran, ngajak tiyang supados nolak agami, wontenipun Allah, risalah para Rasul lan leresipun kitab suci.

Rikalanipun cabar, Pramila iblis badhe ngreridhu “saking wingking” , inggih punika nindakaken dosa-dosa alit. Iblis mbucuki bilih tumindak dosa punika sipat manusiawi lan  Allah punika Maha Pengampun lan Maha Asih.Pramila tasih wonten kesempatan taubat.

Jama’ah Jum’at rahimakumullah

Kagem tiyang-tiyang ingkang rawan panggodhanipun Iblis punika, Nabi SAW paring wanti-wanti: “Aja nyepelekake anane dosa cilik , awit amarga dosa-dosa cilik bakal dadi gedhe menawa diklumpukake.” Wonten setunggalipun riwayat, Ali bin Abi Thalib matur, “Dosa paling gedhe iku yaiku dosa kang dianggep cilik dening kang ngakoni.”

Menawi Iblis cabar anggenipun ngganggu saking ngajeng lan wingking , Pramila Iblis badhe nggodha kanthi cara ingkang kaping tiga, inggih punika nggodha saking  “arah tengen” ingkang arupi perkawis-perkawis ingkang mubah ananging saget nglirwakaken wajib.

Olahraga ing wekdal enjing punika mubah hukumipun ananging menawi lajeng nglirwakaken anggenipun makarya, ateges kita sampun kenging godhanipun Iblis ingkang kaping tiga.

Panggodha ingkang pungkasan inggih punika badhe ndhatengi saking kiring, punika panggodha ingkang paling alus, inggih punika Iblis mbujuki  kita kanthi ibadah-ibadah ingkang utami, ananging nglirwakaken perkawis ingkang langkung utami.

Dzikir punika utami anamung menawi kanthi sibuk dzikir lajeng lirwa dhumateng masalah-masalah sosial, Pramila mboten kraos sampun nyupekaken ingkang sakelangkung utami.

Rikalanipun kita sami regejegan perkawis ingkang alit salebetipun ibadah lajeng nyupekaken kualitas ekonomi kita, ateges kita sampun kinging reridhu saking arah kiring.

Dipun riwayataken rikalanipun Iblis matur makaten, para malaikat sami mesakaken dhumateng manungsa, lajeng para malaikat sami matur:

“Duh Allah, kados pundi manungsa saget kalis saking reridhunipun Iblis ?” Allah paring jawab isih ana rong arah kang keri: ndhuwur lan ngisor, “menawa  manungsa padha ngangkat tangane loro rikalane Ndonga lan kebak andhap asor utawa kanthi sujud ana ing sadhuwure lemah kanthi kebaking rasa khusuk , Ingsun bakal ngapura dosa-dosane.” (HR Thabrani)

Jama’ah Jum’at rahimakumullah

Mugi-mugi kita saget ngamalaken do’a kasebat lan mugi Allah tansah nuntuni dhumateng  kita supados tansah wonten marginipun ingkang leres sahingga saget wilujeng saking panggodhanipun syetan lan saget wilujeng rikalanipun dinten petanganipun  Amal. Aamiin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah II

الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ اْلإِيْمَانِ وَاْلإِسْلاَمِ. وَنُصَلِّيْ وَنُسَلِّمُ عَلَى خَيْرِ اْلأَنَامِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

أَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه.

أَللهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللَّهَ وَ مَلَئكتَهُ يُصلُّونَ عَلى النَّبىّ‏ِ يَأَيهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا صلُّوا عَلَيْهِ وَ سلِّمُوا تَسلِيماً

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ

اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْن.

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

 عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

 

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*