Khutbah Jum’at Basa Jawa Edisi 12 : Sesarengan Al Quran Sasampunipun Ramadhan

Khutbah Jum’at Basa Jawa Edisi 12 :

SESARENGAN AL QURAN SASAMPUNIPUN RAMADHAN

Ustadz Suranto

(Wakil Sekretaris  DDII Kab. Gunungkidul)

 

Khutbah Kapisan

إِنّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه

اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى سيّدنا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.

يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah

Ingkang sepisan, pangalembana ugi raos syukur sumangga tansah kita aturaken wonten ngarsa dalem Allah SWT awit lumeberipun nikmat, rahmat, taufiq sarta hidayahipun dumateng kita ngantos dumugi siang punika kita taksih saget nindakaken saperangan kuwajiban kita ingkang arupi nindakaken shalat jum’at kanthi barjamaah tanpa wonten alangan setunggal punapa.

Shalawat miwah salam boten katalumpen kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, keluarga, shahabat saha umatipun ingkang tansah ngupiya midherek dhumateng sunnah-sunnahipun kalebet kita sedaya kanthi pangajab sageta kita pikantuk syafaatipun ing dinten kiyamat samangke, Aamiin.

Salajengipun sumangga kita tansah ningkataken taqwa kita dhumateng Allah SWT, supados kita kalebet ewonipun tiyang ingkang Muttaqin.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah

Ramadhan nembe mawon nilaraken kita sedaya, ananging greget anggen kita badhe gayuh  ridhanipun Allah boten pikantuk kendel . Pinangka wohipun  takwa sampun samesthinipun  amaliyah ingkang sampun kita lampahi ing wulan Ramadhan ampun ngantos  lajeng kita tilar. Kathah amaliyah ingkang kita lampahi sadangunipun wulan Ramadhan kadosdenten maos Al-Qur’an. Ampun ngantos  Al-Qur’an ingkang sampun kita waos sadangunipun wulan Ramadhan lajeng kita tilaraken kanthi pangajab badhe maos taun ngajeng malih awit kita boten mangertosi jatah yuswa kita dumugi taun ngajeng napa boten?

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah

Dipun riwayaten saking Anas bin Malik radhiallahu ‘anhu piyambakipun matur: Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda:

إِنَّ لِلَّهِ أَهْلِينَ مِنَ النَّاسِ قَالُوا: يَا رَسُولَ اللَّهِ، مَنْ هُمْ؟ قَالَ: هُمْ أَهْلُ الْقُرْآنِ، أَهْلُ اللَّهِ وَخَاصَّتُهُ

Satemene ing antarane manungsa iku ana kang dadi ‘ahli’ Allah”. Para Sahabat radhiyallahu ‘anhum pitanglet, “Duh Rasulullah! Sinten piyambakipun?’ Paduka Kanjeng Nabi  Shallallahu ‘alaihi wa Sallam paring jawab, “Dheweke iku ahli Alquran, (dheweke) ahli (wong-wong kang pareg lan den-tresnani) Allah lan den-istimewakake ing Ngarsaning Allah” (HR. Ahmad lan sanesipun)

Hadits punika nedhahaken inggil lan mulyanipun  tiyang-tiyang ingkang dados ahli Alquran, awit piyambakipun kasebat ‘ahli Allah’. ateges piyambakipun punika para wali (kekasihpun) Allah Azza wa Jalla ingkang saestu pareg saha  istimewa wonten ngarsanipun Allah, kados denten setunggalipun tiyang ingkang celak dhumateng ‘ahli’ (keluarganipun). Gelar punika mujudaken pakurmatan tumrap piyambakipun.

Kautamen lan kamulyan ingkang agung punika temtu kemawon dadosaken saben-saben tiyang ingkang sami iman dhumateng  Allah Azza wa Jalla saha dinten akhir, badhe ngupiya supados pikantuk ingkang kados makaten. Punapa malih Allah Azza wa Jalla sampun paring janji wonten ing salebetipun Alquran bilih Allah Subhanahu wa Ta’ala badhe dadosaken gampil Al Quran pinangka pitedah saha pemut tumrap tiyang-tiyang ingkang sami iman , kalebet anggenipun mahami wosipun lan  anggenipun gayuh pinangka ahlinipun.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah

Allah Azza wa Jalla berfirman:

وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْآنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِنْ مُدَّكِرٍ

Lan temen wus Ingsun gampangake Alquran pinangka pepiling, mangka apa ana wong kang gelem jupuk pepiling iku?” (Al-Qamar/54:17)

Al-Quran mujudaken setunggalipun kitab ingkang saestu jinagi ngantos dumuginipun dinten kiyamat.  Allah SWT paring firman:

إِنَّا نَحْنُ نَزَّلْنَا الذِّكْرَ وَإِنَّا لَهُ لَحَافِظُوْنَ

Satuhune Ingsun Allah kang wus nurunake  Al Quran, lan satuhune Ingsun Allah kang bakal ngreksa Al Quran iku”. (Al-Hijr : 9)

Al-Quran ingkang sampun katurunaken 1400 taun ingkang sampun kawuri tetep wetah jinagi ngantos engga sapunika. Kita sedaya sami yakin ugi bilih  Al-Quran mujudaken kitab Allah ingkang 100% leres isinipun, awit Al-Quran punika Kalamullah, pangandikanipun Allah ingkang Maha Pirsa ingkang  dzahir ugi ingkang bathin, punapa kemawon ingkang sampun kedadosan, ingkang nembe kedadosan ugi ingkang badhe dhateng. Ing salebetipun Al-Quran, Allah sampun paring firman:

أَفَلَا يَتَدَبَّرُوْنَ الْقُرْآنَ وَلَوْ كَانَ مِنْ عِنْدِ غَيْرِ اللَّهِ لَوَجَدُوا فِيْهِ اخْتِلَافًا كَثِيْرًا

Mangka apa dheweke ora padha gatekake  Al Quran? Saumpamane  Al-Quran iku ora saka ngarsane Allah , mesthi wae dheweke bakal nemokake akeh kang  cengkah ing sajerone”. (An-Nisa : 82)

Makaten , saweneh bukti leresipun Al-Quran inggih punika boten wonten ingkang cengkah antawisipun setunggal ayat kaliyan ayat sanesipun. Namung kemawon ,  pihak-pihak ingkang boten remen dhumateng Islam ngupiya kanthi saestu kagem nuwuhaken  syubhat-syubhat utawi raos mamang ing antawispun kaum muslim, pramila kita saget mirsani tuwuhipun saweneh tiyang  Islam ingkang sampun kinging  penyakit syubhat punika, piyambakipun mamang dhumateng isinipun isi Al-Quran, punapa malih supados nyengkuyung pemanggih para ulama, piyambakipun kepara condong saha nyengkuyung pemanggihipun  para orientalis barat ingkang cengkah kaliyan ajaran Islam.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah

Kala rumiyin , rikalanipun kedadosan paprangan antawisipun Khilafah Turki Usmani kaliyan  negari sekutu, panglima perang saking  Inggris ngaturaken “Kita ora bakal bisa ngasorake kaum muslimin, rikalane Al-Quran iku isih padha diwaca”. Pramila dipun damel papan-papan kagem remen-remen ingkang tundhonipun tiyang-tiyang sami tebih saking  Al-Quran, ngantos-ngantos boten wonten wekdal sinaosa namung bikak kemawon. Sanesipun punika dipun sebaraken  pemikiran-pemikiran  ingkang  “nyeleneh” kados orientalis, sahingga tuwuh generasi-generasi saking kaum muslimin ingkang sak kajengipun piyambak  nafsiraken Al-Quran, tanpa mawi paugeran hadis hadis Nabi saha pemanggih para ulama  salaf. Makaten salah setunggalipun cara mungsuh Islam badhe ngrisak saha ngawonaken kaum muslimin. Pramila kita kedah waspada ampun ngantos kajlomprong wonten ing jurang kekufuran kanthi nglirwakaken Al-Quran.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah

Gegayutan kaliyan kautamen Al-Quran, Rasulullah SAW paring sabda:

لَا حَسَدَ إِلَّا فِي اثْنَتَيْنِ: رَجُلٌ آتَاهُ اللهُ الْقُرْآنَ فَهُوَ يَقُوْمُ بِهِ آناَءَ الَّليْلِ وَ آنَاءَ النَّهَارِ وَ رَجُلٌ آتَاهُ اللهُ مَالًا فَهُوَ يُنْفِقُهُ آنَاءَ اللَّيْلِ وَ آناَءَ النَّهَارِ (متفق عليه)

Ora kena hasad (meri) kejaba marang 2 golongan: Wong kang diparingi ilmu Al-Qur’an dening Allah, banjur dheweke maca rina lan wengi, lan wong kang diparingi bandha dening Allah banjur dheweke nginfakake bandhane rina lan wengi”. (HR. Bukhari – Muslim)

Hadis punika paring isyarat dhumateng kita luhuripun setunggalipun tiyang muslim ingkang piyambakipun ngepen saha nengenaken  Al-Quran ugi nedahaken pentingipun Al-Quran tumrap tiyang muslim, pramila mangga kita ningkataken tresna kita dhumateng Al-Quran saha nyinau lan ngamalaken.

Ampun ngantos kita dadosaken Al-Qur’an punika pinang barang keramat ingkang dipun waos setahun sepindah , inggih punika namung ing wulan  ramadhan kemawon.

Ampun ngantos Al-Qur’an namung pinangka  mahar utawi mas kawin ingkang supados kita dipun wastani tiyang ingkang takwa sasampunipun punika namung dipun simpen mataun-taun ing salebetipun lemantun.

Mugi-mugi Allah SWT paring nugraha dhumateng kita ingkang supados gampil anggenipun sami gegulang  Al-Qur’an, Aamiin ya Robbal ‘alamiin.

بارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ

 

Khutbah Kaping Kalih

اَلْحَمْدُ لله حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ

 اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ وَ كَفَرَ

وَ اَشْهَدُ اَنَّ سيدنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ وَ حَبِيْبُهُ وَ خَلِيْلُهُ, سَيِّدُ الْإِنْسِ وَ الْبَشَرِ

 اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ, وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.

اَمَّا بَعْدُ

فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله وَ اعْلَمُوْا ان الله يعلم مافي انفسكم فاحذروه واعلموا ان الله غفور حليم

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سيِّدَنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ سيِّدَنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى اِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى اَلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ والْمُؤْمِنَاتِ, والْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ, اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ, اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ, وَ قَاضِيَ الْحَاجَاتِ, يا رب العالمين

 رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْهَدَيْتَنَا وَ هَبْلَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ

 رَبَّنَا لَا تَجْعَلْ فِى قُلُوْبَنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ اَمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ

 رَبَّنَا هَبْلَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا

 اللهم ادفع عنا الغلاء, والبلاء, والوباء, والفحشاء, وسوءَ الفتن ماظهر منها وما بطن عن بلدنا أندنسيا هذا خاصة, وعن سائر بلاد المسلمين عامة, يا رب العالمين

 رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ, وَاِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى, وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْىِ, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*