IKHTIAR SEHAT KANTHI VAKSINASI COVID
Prananto, ST., MAP
(Sekretaris DDII Kab. Gunungkidul)
Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ
أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Alhamdulillah, sedaya pangalembana namung kagungan dalem Allah SWT kacihna taksih kepareng dipun panggihaken dening panjenenganipun wonten ing dinten ingkang minulya punika, inggih dinten Jumat. Wonten ing papan ingkang dipun mulyakaken dening Allah SWT inggih wonten ing masjid. Sesarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkang Insya Allah ugi dipun inggilaken derajatipun wonten ngersanipun Allah, inggih punika tiyang-tiyang ingkang takwa.
Shalawat sumawana salam mugi tansah lumintu dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, sedaya keluarga, sahabat, lan umatipun.
Pinangka khatib kawula ngajak dhumateng awak kula pribadi ugi dhumateng jamaah sholat jum`at sedayanipun, sumangga kita tansah ningkataken takwa kita dhumateng Allah SWT kanthi ngupiya nindakaken dhawuh-dhawuhipun saha nebihi awisan-awisanipun wonten ing sadengah wekdal saha panggenan.
Mugi kita sedaya ing tembenipun kalebetaken wonten ing swarganipun Allah sesarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkang mutaqin. Aamiin
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Wabah/pandemi Covid-19 taksih dados ancaman ingkang nguwatosaken tumrap kesehatan dunia, kalebet negeri kita Indonesia. Data pasien Covid nasional ngantos tanggal 23 Juni 2021, wonten 2.02 yuta kasus Covid, 1.81 yuta ingkang dhangan lan 55.291 tilar donya.
Tlatah Gunungkidul ugi kalebet salah setunggalipun kabupaten ingkang kecacak pandemi Covid-19. Miturut pawartos saking pusat informasi Covid 19 Kabupaten Gunungkidul, wonten ing tanggal 22 Juni 2021, kasus positif virus corona ing Kabupaten Gunungkidul ingkang pinitados dumugi 4.716, ingkang nglampahi perawatan wonten 1.180, wondene ingkang dhangan 3.334, saha ingkang tilar donya wonten 202 jiwa.
Mugi-mugi kita sedaya pinaringan kesabaran dening Allah SWT awit musibah pandemi punika mliginipun sedherek-sedherek kita ingkang wekdal punika nandhang gerah awit kenging virus covid, semanten ugi dhumateng sedherek-sedherek kita ingkang keluarganipun seda awit kinging virus Covid.
Lan ingkang kedah tansah dipun emut-emut bilih sedaya perkawis punika kedadosan awit saking kersanipun Allah SWT ugi sampun dados takdiripun, punika mujudaken saperangan patrap saben Muslim ingkang supados Tawakal kepada Allah SWT
مَا أَصَابَ مِن مُّصِيبَةٍ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ وَمَن يُؤْمِن بِاللَّهِ يَهْدِ قَلْبَهُ وَاللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ
“Ora bakal tumama sawijining musibah marang sawijining wong kejaba awit kersaning Allah; lan sapa wae kang iman marang Allah temen panjenengane bakal paring pituduh ing atine. Lan Allah Maha Pirsa ing sabarang lir.” (QS. At-Taghabun: 11)
Jama’ah Jum’at ingkang tansah dipun rahmati Allah …
Nindakaken ikhtiar kagem ngupados sebabipun penyakit sahingga saget nyegah saha pikantuk jampi/pengobatan ugi mujudaken salah setunggal saking patrap kita pinangka muslim anggenipun ngadhepi pandemi, lan patrap punika boten cengkah kaliyan tawakal.
Awit kita wajib nindakaken ikhtiar anjagi kesehatan saha nebihi perkawis ingkang dipun yakini saget nyebabaken kenging infeksi penyakit, pinangka ngamalaken saha anjagi 5 (gangsal) tujuan pokok agami (adh-dharuriyat al-khams), inggih punika anjagi jiwa, agama, akal, bandha, saha keturunan.
Allah SWT dhawuh wonten ing Al Qur’an :
… اِنَّ اللّٰهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوۡمٍ حَتّٰى يُغَيِّرُوۡا مَا بِاَنۡفُسِهِمۡؕ …
“Satemene Allah ora bakal ngowahi kahanan / nasib sawijining kaum sadurunge dheweke ngowahi marang dhiri pribadhine.” (QS Ar Ra’du : 11)
Gegayutan kaliyan wigatosipun sehat, Rasulullah paring sabda :
اَلْـمُؤْمِنُ الْقَـوِيُّ خَـيْرٌ وَأَحَبُّ إِلَـى اللهِ مِنَ الْـمُؤْمِنِ الضَّعِيْفِ، وَفِـيْ كُـلٍّ خَـيْـرٌ ، اِحْـرِصْ عَـلَـى مَا يَـنْـفَـعُـكَ وَاسْتَعِنْ بِاللهِ وَلَا تَـعْجَـزْ
“Satemene wong mukmin kang kuat iku luwih becik lan luwih ditresnani Allah tinimbang wong mukmin kang ringkih. Lan ing saben-saben perkara iku ana kabecikan, mangka supaya sira tansah ngupiya sakabehing perkara kang manpangati tumrap sira , lan nyuwuna pitulung marang Allah, lan aja padha ringkih” (HR Muslim).
Sanesipun punika Rasulullah SAW ugi paring sabda :
لاَ ضَرَرَ وَ لاَ ضِرَارَ
“Datan pareng (haram) nekakake bebaya tumrap dhiri lan wong liya (HR Ibn Majah dan Ahmad).
Lelandhesan firman Allah SWT saha Sabda Nabi SAW ing nginggil, jalari pentingipun ngupiyakaken utawi ikhtiar salebetipun anjagi kasarasan badan kita ing tengah-tengahipun pandemi/wabah Covid punika kanthi saksae-saenipun.
Jama’ah Jum’at ingkang tansah dipun rahmati Allah
Sasanesipun Protokol Kesehatan ingkang sampun kita lampahi sadangunipun pandemi Covid punika kanthi 5 M, Pemerintah ugi ngupiyakaken wontenipun program vaksinasi Covid 19.
Suraos “vaksin” miterat Pasal 1 angka 2 Peraturan Menteri Kesehatan Nomor 12 Tahun 2017 ngengingi Lumampahipun Imunisasi inggih punika Produk biologi ingkang isinipun antigen arupi mikroorganisme ingkang sampun mati utawi taksih gesng namung sampun dipun ringkihaken, taksih wetah utawi saperangan, utawi arupi toksin mikroorganisme ingkang sampun dipun olah dados toksoid utawi protein rekombinan, ingkang katambahaken zat sanesipun, ingkang bilih dipun paringaken wonten ing badanipun tiyang badhe nuwuhaken kekebalan maligi/spesifik secara aktif dhumateng penyakit tartamtu.
Dene “vaksinasi” miterat Pasal 1 angka 3 Peraturan Menteri Kesehatan Nomor 23 Tahun 2018 ngengingi Pelayanan lan Penerbitan Sertifikat Vaksinasi Internasional inggih punika maringi vaksin ingkang supados ningkataken kekebalan setunggalipun tiyang kanthi aktif dhumateng setunggalipun penyakit, sahingga bok bilih setunggalipun wekdal kacenthok penyakit punika boten badhe sakit utawi namung nglampahi sakit ingkang entheng lan boten dados sumber penularan.
Hadirin jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah,
Pemerintah sampun netepaken program vaksinasi nasional Covid-19, ingkang program pemerintah punika sampun gatosaken fatwa saking Majelis Ulama Indonesia (MUI) saha ugi tetimbangan hasil kajian saking Badan Pengawas Obat dan Makanan (BPOM).
Lelandhesan fatwa MUI No. 2 tahun 2021 ingkang dipun tapak astani wonten ing tanggal 11 Januari 2021 dipun tetepaken, produk Vaksin Covid-19 saking Sinovac Life Sciences Co. Ltd. China saha PT. Bio Farma (Persero) punika suci (thahiran) lan halal, ingkang pikantukipun ngagem nengga hasil kajian BPOM. Boten dangu salajengipun, Badan POM maringi persetujuan penggunaan kondisi emergency (emergency use authorization) kagem vaksin Covid-19 ingkang kawitan dhumateng vaksin Corona vax produksi Sinovac Biotech Incorporated ingkang makarya sesarengan PT Bio Farma. Punika ateges, BPOM netepaken, vaksin saking Sinovac punika sae (thayyib) saha dipun yakini boten nuwuhaken bab awon tumrabipun kesehatan manungsa.
Hadirin jamaah shalat Jumat yang dimuliakan Allah,
Sasampunipun MUI ngedalaken fatwa Vaksin Covid-19 saking Sinovac Life Sciences Co. Ltd. China dan PT. Bio Farma (Persero) punika suci (thahiran) saha halal, lan Badan POM netepaken, vaksin saking Sinovac punika thayyib (sae) saha maringi persetujuan penggunaan vaksin Covid-19 wonten ing kawontenan emergency (emergency use authorization), pemerintah sampun nindakaken vaksinasi Covid-19 secara nasional saha gegancangan, kepara Presiden Jokowi sampun ngawiti dipun vaksin.
Hadirin jamaah shalat Jumat yang dimuliakan Allah,
Wonten pinten-pinten alasan kenging punapa Vaksinasi Covid dados penting dipun tindakaken :
- Nyegah dhumateng badan supados boten kenging infeksi Covid 19
- Nyegah komplikasi Covid 19
- Nglindungi tiyang kanan-kiring saking Covid 19
- Nyegah nularipun Covid 19 saking pasien virus corona
- Biyantu Ciptakaken antibodi kagem nglawan Covid 19
Jama’ah Jum’at Yang dimulyakan Allah SWT…
Punapa ingkang saget kita tindakaken pinangka rakyat Indonesia saha pinangka Muslim ingkang gadhah iman salebetipun ikhtiar nyegah sumebaripun pandemi covid, utaminipun program vaksinasi covid 19 punika?
- Netepi aturan saha kebijakan ingkang sampun dipun tetepaken Pemerintah saha netepaken Langkah-langkah nyegah sumebaripun virus COVID-19.
- Nanggapi kanthi sae (Kooperatif) dhumateng sedaya kebijakan Pemerintah, utaminipun tumrap kita pinangka masyarakat ingkang dipun cubriyani kecenthok utawi kepara kenging infeksi.
- Boten nyebaraken isu negatif saha provokatif dhumateng upiya ingkang sampun dipun lampahi pemerintah sa-andhahanipun.
Awit miturut Pasal 14 ayat (1) Undang-Undang Nomor 4 Tahun 1984 ngengingi Wabah Penyakit Menular, setunggalipun tiyang/sekelompok tiyang ingkang ngalang-ngalangi lumaksananipun imunisasi saget kenging paukuman inggih punika dipun ancam kanthi pidana kunjara sadangu-dangunipun 1 tahun lan/utawi denda sainggil-inggilipun Rp1 juta.
Kanthi makaten, kita pinangka umat Islam supados taat dhumateng sedaya aturan saha pranatan pemerintah gegayutan kaliyan vaksin; ampun ngantos nyinyir, ngeyel, napa malih bangkang dhumateng program vaksinasi Covid-19. Pemerintah temtu kemawon pingin supados sedaya rakyat Indonesia sehat, negari kuat, saha panggesangan wangsul normal.
Ing pungkasaning khutbah awal punika, Khatib ngajak dhumateng Jama’ah Jum’at sekalian, Sumangga kita pinangka Umat Islam sami nyengkuyung saha naati kebijakan pemerintah ingkang sampun damel program vaksinasi nasional Covid-19, kanthi aktif nglampahi vaksinasi saha ngajak sedaya keluarga saha masyarakat supados rakyat Indonesia tetep sehat saha kalis saking pandemi Covid-19.
Boten katalumpen sumangga tansah donga saha nyenyuwun dhumateng Allah, supados kita sedaya dipun lindungi saking sedaya sesakit lan bebaya, saha boten dipun uji kanthi perkawis ingkang boten kuwawi kita nglampahi. Aamiin
بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم وتفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم
أقول قول هذا وأستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين فاستغفروه أنه هو الغفور الرحيم
Khutbah II :
اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.
أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
أيها الناس، اتقوا الله، وافعلوا الخيرات، واجتنبوا السيئات. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى اله وَصَحْبِهِ أجمعين وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ،إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.
ربَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ –
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة


Leave a Reply