KAUTAMEN SHALAT SUBUH BERJAMA’AH
Suranto
(Sekretaris DDII Gunungkidul)
KHUTBAH I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ
أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
Jama’ah Shalat Jum’at ingkang dipun rahmati Allah
Alhamdulillah, puja miwah pangalembana sumangga tansah kita aturaken dhumateng Allah SWT awit lumunturipun rahmat saha asihipun ingkang boten wonten watesipun dhumateng kita sedaya. Sumangga sami ngupiya kanthi saestu haningkataken iman saha takwa kita dhumateng Allah SWT, kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun saha nilaraken ingkang dados awisanipun.
Sholawat sumawana salam mugi tansah lumintu dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad SAW kaliyan sedaya keluarga, sahabatipun saha sedaya pendherekipun ngantos akhir zaman. Aamiin.
Jama’ah Jum’at ingkang dipun rahmati Allah
Sholat mujudaken salah setunggalipun pangibadahan ingkang wajib katindakaken tumrap sedaya kaum muslimin. Kita sampun sami pirsa bilih sholat ingkang wajib katindakaken wonten gangsal wekdal. Sedaya shalat sawau anggadhahi fadhilah utawi kautamen wondene wonten wekdal punika badhe kababar menggah kautamenipun nindakaken shalat subuh kanthi berjamaah.
Allah paring firman:
أَقِمِ الصَّلَاةَ لِدُلُوكِ الشَّمْسِ إِلَىٰ غَسَقِ اللَّيْلِ وَقُرْآنَ الْفَجْرِ ۖ إِنَّ قُرْآنَ الْفَجْرِ كَانَ مَشْهُودًا
“Jejegna shalat sakwise lumingsire surya nganti petenging wengi lan (jejegna uga shalat) Subuh. Saktemene sholat Subuh iku den sekseni (dening malaikat).” (Qs. Al-Isra’: 78).
Ananging , shalat subuh dados perkawis ingkang saestu awrat katindakaken kepara betahaken perjuangan ingkang saestu supados tansah istiqomah anggenipun nindakaken kuwajiban kasebat. Kadangkala wonten priyantun ingkang kecicir shalat subuh ipun awit boten saget wungu kagem nindakaken .
Kamangka shalat subuh mujudaken salah setunggal kuwajiban ingkang anggadhahi kautamen ingkang sakelangkung monjo. Shalat ingkang agung punika saestu anggadhahi kalenggahan ingkang minulya wonten ing syariat Islam.
Setunggalipun tiyang menawi dipun ugung temtu langkung remen milih istirahat ngantos jumedhulipun surya akhiripun nilaraken shalat subuh. Pramila Rasulullah SAW paring sabda awit kautamen shalat subuh punika ingkang boten pinanggih wonten shalat sanesipun.
Jama’ah Jum’at rahimakumullah
Menawi setunggalipun priyantun nindakaken shalat subuh, saestu piyambakipun badhe pikantuk kathah kautamen. Ing antawisipun:
- Pinangka salah setungalipun sebab lumebet wonten ing swarga
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda,
مَنْ صَلَّى الْبَرْدَيْنِ دَخَلَ الْجَنَّة
“Sapa wae kang nindakake shalat bardain (yaiku shalat subuh lan ashar) dheweke bakal lumebu ing swarga.” (HR. Bukhari no. 574 dan Muslim no. 635)
- Pinangka Salah setunggalipun pepalang lumebet ing naraka
Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda,
لَنْ يَلِجَ النَّارَ أَحَدٌ صَلَّى قَبْلَ طُلُوعِ الشَّمْسِ وَقَبْلَ غُرُوبِهَا
“Ora bakal lumebu ing naraka wong kang nindakake shalat sadurunge jumedhuling srengenge (yaiku shalat subuh) lan shalat sadurunge suruping srengenge (yaiku shalat ashar).” (HR. Muslim no. 634)
- Wonten ing salebetipun jaminan Allah
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda,
مَنْ صَلَاةَ الصُّبْحِ فَهُوَ فِي ذِمَّةِ اللَّهِ فَلَا يَطْلُبَنَّكُمْ اللَّهُ مِنْ ذِمَّتِهِ بِشَيْءٍ فَإِنَّهُ مَنْ يَطْلُبْهُ مِنْ ذِمَّتِهِ بِشَيْءٍ يُدْرِكْهُ ثُمَّ يَكُبَّهُ عَلَى وَجْهِهِ فِي نَارِ جَهَنَّمَ
“Sapa wae kang shalat subuh mangka dheweke ana ing sajerone jaminan Allah. Mula iku aja nganti Allah nuntut sawijining perkara marang sira kabeh saka jaminane. Awit sapa wae kang den tuntut dening Allah kanthi sawijining perkara saka jaminane, mangka Allah mesthi bakal manggihake lan bakal den kurepake ing atase raine ing sajerone naraka jahannam.” (HR. Muslim no. 163)
- Kaetang kados shalat sedalu natas.
Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda,
مَنْ صَلَّى الْعِشَاءَ فِي جَمَاعَةٍ فَكَأَنَّمَا قَامَ نِصْفَ اللَّيْلِ وَمَنْ صَلَّى الصُّبْحَ فِي جَمَاعَةٍ فَكَأَنَّمَا صَلَّى اللَّيْلَ كُلَّهُ
“Sapa wonge kang shalat isya` berjama’ah mangka kaya-kaya dheweke wis nindakake shalat wengi sak suwene separo wengi. Lan sapa wonge kang shalat subuh berjamaah mangka kaya-kaya dheweke wis nindakake shalat sewengi natas.” (HR. Muslim no. 656)
- Dipun sekseni para malaikat
Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda,
وَتَجْتَمِعُ مَلَائِكَةُ اللَّيْلِ وَمَلَائِكَةُ النَّهَارِ فِي صَلَاةِ الْفَجْرِ
“Lan para malaikat wengi lan malaikat rina pada ngumpul ing shalat fajar (subuh)” (HR. Bukhari no. 137 dan Muslim no.632).
Jama’ah Jum’at rahimakumullah
Makaten babaripun kautamen shalat subuh ingkang saget kita aturaken wonten ing khutbah Jumat siang punika ing pangajab mugi-mugi Allah paring nugraha ugi gegampil dhumateng kita sahingga kita saget istiqomah anggen kita jejegaken shalat gangsal wekdal ngantos puputing yuswa kita samangkih, aamiin.
اللّهُمَّ إِنِّي أَعُوْذُبِكَ مِنَ البَرَصِ وَالجُنُوْنِ وَالجَذَامِ وَسَيِّئِ الأَسْقَامِ
بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم وتفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم
أقول قول هذا وأستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين فاستغفروه أنه هو الغفور الرحيم
KHUTBAH II
الْحَمْدُ الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا ، وأَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه.
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ أَمَّا بَعْدُ؛
فَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى : وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ.
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخَوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُواْ رَبَّنَا إِنَّكّ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَأَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَـنَا وَتَرْحَمْنَا لَـنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ
رَبَّنَا هَبْ لَـنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَاما
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يِوْمِ الدِّيْنِ وَآَخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ


Leave a Reply