Edisi 197 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Hasilipun PILKADA Saperangan Saking Takdir Allah

Hasilipun PILKADA Saperangan Saking Takdir Allah

Ibnu Sudjono

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

 اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا وَرَسُوْلِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى ا للهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَتَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا ، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

أَمَّا بَعْدُ

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Alhamdulillahi rabbil ‘alamin, puji syukur kita aturaken dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi mawerni-werni kenikmatan dhumateng kita sedaya, sae ingkang arupi kesehatan, panjang yuswa sarta jejegipun iman lan Islam. Mugi-mugi peparing kasebat saget nambahi raos syukur ingkang saestu lebet.

Shalawat lan salam mugi tansah lumintu dhumateng Nabi Muhammad SAW, sarta keluarganipun, para sahabat saha sedaya umatipun ngantos akhir zaman. Kanthi ajaran Islam punika Panjenenganipun sampun nuntun dhumateng kita saking pepeteng dhumateng cahya pepadhang.

 

Mboten katalumpen kawula pinangka khatib caos wasiat dhumateng kawula pribadhi ugi para jama’ah sedaya sumangga tansah ningkataken takwa kita dhumateng Allah kanthi sak leres-leresipun takwa kanthi naati printahipun sarta ngajeng-ajeng ridha saha ganjaranipun. Saha nilaraken awisan-awisanipun kanthi raos ajrih dhumateng adzab Allah wonten ing donya utawi akhirat benjang. Awit kanthi takwa punika, Allah SWT badhe nggampilaken sedaya urusan kita, kados ingkang kaweca wonten ing firmanipun QS. Ath-Thalaq ayat 4 :

وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مِنْ اَمْرِهٖ يُسْرًا ٤

 “Sapa wae kang takwa marang Allah, temen Allah bakal ndadekake gegampang ing ndalem urusane “.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Bangsa Indonesia nembe mawon nindakaken agenda ageng arupi Pemilihan Kepala Daerah (PILKADA) ingkang serentak kagem milih 37 Calon Gubernur lan Wakil Gubernur, 415 Calon Bupati lan Wakil Bupati sarta 93 Calon Walikota dan Wakil Walikota.

Sinambi nengga pengumuman resmi saking Komisi Pemilihan Umum (KPU) saget kita sekseni petangan sawetawis saking Quick Count Lembaga Survey ingkang asilipun ndadosaken tanggapan ingkang mawerni-werni saking masyarakat. Wonten ingkang rumaos suka pari suka awit rumaos  unggul pilihanipun wonten ugi ingkang rumaos kuciwa saha sedih awit rumaos kawon pilihanipun tebih saking pengajeng-ajengipun.

Sumangga kita tadabbur Firman Allah SWT :

اِنَّا كُلَّ شَيْءٍ خَلَقْنٰهُ بِقَدَرٍ

Satuhune Ingsun wus nyipta sadengah perkara iku  saktrep kelawan takeran. “ (QS Al Qamar : 49)

Syaikh Wahbah Zuhaili wonten ing Tafsir Al Munir mratelakaken bilih saestunipun sedaya perkawis saha saben tumindak wonten ing alam punika utawi panggesangan punika mboten kapiji sae utawi awon, sedaya punika  makhluk ciptaan Allah SWT ingkang dipun takdiraken lan dipun kukuhaken  kanthi  hikmah saha sak pas kaliyan punapa ingkang  dipun takdiraken saha kacathet wonten ing  Lauh Mahfuzh, kapirsanan dening  Allah SWT saha katetepaken wonten ilmunipun ingkang  azali saderengipun sedaya tinitah utawi kedadosan , Panjenengane Maha Pirsa  kawontenan saha wekdalipun . Qadar wonten mriki tegesipun  taqdir.

Wonten ing ayat sanes kasebat ugi

.. وَخَلَقَ كُلَّ شَيْءٍ فَقَدَّرَهٗ تَقْدِيْرًا

“…  Panjenengane nyipta sadengah perkara, banjur netepaken ukuran-ukurane kanthi sak pas.” (QS Al Furqan : 2)

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Rikalanipun Rasulullah ﷺ  dipun pundhuti pirsa dening Jibril, gegayutan kalian  Iman? Mangka panjenenganipun lajeng paring sabda:

أَنْ تُؤْمِنَ بِاللهِ وَمَلاَئِكَتِهِ وَكُتُبِهِ وَرُسُلِهِ وَاليَوْمِ الآخِرِ وَتُؤْمِنَ بِالقَدَرِ خَيْرِهِ وَشَرِّهِ

“Sira iman marang Allah, malaikat, kitab – kitabe, rasul – rasule, dina  akhir, lan ngimani takdir    kang becik utawa kang ala.”

(HR. Muslim : 8).

Saking  Sabda Rasulullah SAW kasebat , iman dhumateng qadar pinangka perangan  keimanan ingkang kedah kita tindakaken.

Kalebet mitadosi sinten ingkang badhe dados Presiden lan Wakil Presiden, sinten ingkang badhe dados Anggota Legislatif sae tingkat Pusat, Propinsi utawi Kabupaten/Kota. Hasilipun Pemilu 2024 mujudaken takdir/qadar saking  Allah SWT.

Awit Iman dhumateng qadar nggadhahi woh ingkang kebak berkah saha pengaruh-pengaruh ingkang sae tumrap akal lan kajiwaan setunggalipun  muslim. Badhe ndadosaken manah ingkang  ayem lan tentrem saha saget nampi kanthi legawa sedaya hasil akhir saking Pemilu samangkih.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Wonten ing khutbah siang punika Khatib badhe njlentrehaken pinten-pinten perkawis pinangka woh saha pengaruhi rikalanipun kita iman dhumateng Qadar Allah SWT:

  1. Ngakeni nugrahanipun Allah

Iman dhumateng qadar ndadosaken tiyang nggadhahi sikap ingkang leres rikalanipun nindakaken kesaenan ingkang akibatipun sae dhumateng kesucianipun manah saking kathahipun kotoran, piyambakipun ngakeni bilih menapa ingkang katindakaken pinangka nugraha saking Allah tumrap piyambakipun. Kanthi makaten badhe ical sifat sombong , kapusan, umuk, ngungkit-ungkit peparingipun dhumateng tiyang saha kotoran-kotoran manah sanesipun.

Salajengipun tiyang-tiyang ingkang iman tansah muji syukur dhumateng Allah kados kaweca wonten ing  firman Allah SWT :

…ۚ وَقَالُوا الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ هَدٰىنَا لِهٰذَاۗ وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَآ اَنْ هَدٰىنَا اللّٰهُ ۚ ….

 “… Dheweke padha matur,  “Sedaya pangalembana kagunganipun Allah ingkang sampun nedahaken ing (swarga) punika . Kita mboten badhe pikantuk pitedah saupami Allah mboten nedahaken dhumateng kita..” (QS Al A’raf : 43)

 

  1. Sabar rikalanipun pikantuk musibah

Sawetawis saking wohipun Iman dhumateng takdir inggih punika sabar rikalanipun pikantuk musibah. Tiyang ingkang iman dhumateng takdir mboten badhe dipun kuwaosi dening raos mboten sabar, raos ajrih, amarah. Ananging badhe ngadhepi musibah kanthi jejeg kados jejegipun redi ingkang mboten badhe horeg sekedhik kemawon.

Allah SWT paring firman :

مَآ اَصَابَ مِنْ مُّصِيْبَةٍ فِى الْاَرْضِ وَلَا فِيْٓ اَنْفُسِكُمْ اِلَّا فِيْ كِتٰبٍ مِّنْ قَبْلِ اَنْ نَّبْرَاَهَا ۗاِنَّ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرٌۖ لِّكَيْلَا تَأْسَوْا عَلٰى مَا فَاتَكُمْ وَلَا تَفْرَحُوْا بِمَآ اٰتٰىكُمْ ۗوَاللّٰهُ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخْتَالٍ فَخُوْرٍۙ

Datan ana bencana (apa wae) kang tumama ing  bumi lan ora uga (kang tumama) ing awakira, kejaba wus tinulis ana ing sajerone Kitab (Lauh Mahfuz) sadurunge Kita wujudake. Satemen perkara iku gampang tumrap  Allah.

(Kang kaya mengkono iku kita tetepake ) supaya sira ora sedih marang apa kang luput saka sira lan ora uga rumangsa banget anggone  gumbira tumrap apa kang diparingake marang sira. Allah datan remen marang wong-wong kang gumedhe .” (QS Al Hadid : 22-23)

Saking Usamah bin Zaid r.a piyambakipun matur : Kita wonten ing ngarsanipun kanjeng Nabi SAW, salah setunggal putrinipun ngentun utusan dhumateng Panjenenganipun kagem ngabaraken bilih bayinipun tilar donya. Rasulullah SAW paring sabda,

Sira baliya marang dheweke lan paringa kabar menawa Allah kagungan hak mundhut apa wae kang wis den paringake. Sakabehing perkara iku ing Ngersane ana ajale”  (HR. Bukhari No. 6228, Muslim 923)

Maknanipun Sabda Nabi SAW ing nginggil inggih anjuran supados sabar lan pasrah dhumateng  keputusan lan takdir Allah SWT. Menapa ingkang dipun pendhet Allah saking kita punika panci kagunganipun, sanes gadhahan kita. Allah mboten badhe mendhet kejawi panci kagunganipun. Sampun sak mesthinipun kita mboten sedhih ing manah kados mboten sedhihipun  tiyang ingkang kita pendhet titipan kita ingkang kita titipaken dhateng piyambakipun. Saestunipun menapa ingkang Allah paringaken dhumateng kita mboten badhe medal saking ingkang kagungan. Sahingga Allah kagungan hak napa kemawon sakersanipun.

  1. Mboten gesang kanthi angen-angen ingkang mboten mesthi

Saperangan tiyang ngemut-emut perkawis ingkang sampun kedadosan. Piyambakipun tansah kemutan sedhihipun ingkang dangunipun pinten-pinten dinten, pinten-pinten wulan utawi matahun-tahun. Terkadang piyambakipun nggetuni lan terkadang piyambakipun ngajeng-ajeng perkawis ingkang mboten mungkin kedadosan. Pariaknipun “Mendah menawa aku mbiyen ora nglakoni mangkene.”, “Mendah menawa aku mbiyen ora nindakake ”, lan “Umpama aku nglakoni mengkene mengko mesthi bakal mengkene.”

Benten kaliyan tiyang ingkang iman dhumateng qadar, piyambakipun badhe ngucapaken ”Allah wis nakdirake. Apa wae kang den kersakake mesthi bakal kelakon . Sedaya pangalembana namung kagunganipun  Allah ing sadengah kawontenan.”

Kanthi makaten piyambakipun mboten badhe gampil putus asa dhumateng menapa ingkang sampun lumampah lan mboten badhe gesang wonten ing samoranipun kesisahan. Cekap piyambakipun maos firman membaca firman Allah SWT :

مَآ اَصَابَ مِنْ مُّصِيْبَةٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَمَنْ يُّؤْمِنْۢ بِاللّٰهِ يَهْدِ قَلْبَهٗ ۗوَاللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ

ora ana sawijining  musibah kang tumama ing sawijining wong, kejaba  awit izin Allah. Sapa kang iman marang Allah, temen Panjenengane bakal paring pituduh marang atine.Allah Maha Ngawuningani sadengah perkara.” (QS At Taghabun : 11)

 

  1. Ngicali penyakit-penyakit masyarakat

Iman dhumateng qadar ngicali kathah penyakit ingkang nyerang masyarakat, ingkang antawisipun inggih penyakit dengki (hasad). Tiyang ingkang iman mboten badhe dengki dhumateng tiyang sanes awit nugraha ingkang Allah paringaken dhumateng piyambakipun.

Sebab, Allah ingkang paring rezeki dhumateng piyambakipun saha ingkang nakdiraken dhumateng piyambakipun. Piyambakipun mangertosi bilih rikalanipun drengki dhumateng tiyang sanes, ateges sami kemawon mboten narimah kaliyan takdir Allah. Makaten salajengipun .

Ibnu Sirin matur, “Kula mboten nate dengki dhumateng setunggalipun tiyang awit perkawis kadonyan. Awit, menawi tiyang punika kalebet calon  penghuni swarga, dospundi kula badhe dengki dhumateng piyambakipun namung awit perkawis kadonyan, kamangka piyambakipun badhe mlebet swarga. Menawi tiyang menika kalebet penghuni naraka, dospundi kula dengki namung awit perkawis kadonyan, kamangka piyambakipun badhe mlebet  neraka

Tiyang ingkang iman dhumateng qadar kagungan manah ingkang resik lan  suci saking dengki dhumateng sedherek-sedherekipun. Awit rikalanipun mirsani sedherekipun pikantuk kenikmatan, piyambakipun mangertosi kanthi kebak keyakinan bilih ingkang paring kenikmatan kasebat mboten sanes inggih  Allah SWT.

Tiyang ingkang iman dhumateng  qadar mangertos bilih Allah maringi utawi mboten maringi awit setunggalipun hikmah. Wonten kawula ingkang mboten manfaat tumrap piyambakipun kejawi banda.   baginya kecuali kekayaan. Menawi  Allah ndadosaken miskin  pramila menika badhe ngrusak piyambakipun.  Wonten ugi setunggalipun kawula ingkang cocok kanthi  kemiskinan. Menawi Allah ndadosaken piyambakipun sugih bandha kepara bab menika badhe ngrisak gesang piyambakipun. Wonten ugi setunggalipun kawula sae rikalanipun  sehat. Menawi  Allah maringi sakit badhe ngrisak gesangipun. Wonten ugi kawula ingkang sae kepara rikalanipun sakit. Umpami piyambakipun sehat kepara malah badhe ngrisak gesangipun.

Dados mboten wonten setunggalipun perkawis ing donya punika ingkang kedadosan tanpa ngemot hikmah.

  1. Ketenangan, Jenjemipun Jiwa lan Katentraman Manah

Sedaya punika kalebet wohipun iman dhumateng qadar. Menika tujuan ingkang dipun upadi sedaya tiyang ing alam donya. Kita manggihi kaum muslimin saking para ulama ‘amilin (ingkang ngamalaken ilmunipun) lan hamba-hamba ingkang khusyu’ piyambakipun nggadhahi manah ingkang tenang saha jiwa ingkang tentrem ingkang mboten nate ginambar wonten panggalih saha mboten tuwuh wonten pangangen-angen perkawis ingkang nyameni punika. Wonten perkawis punika piyambakipun pikantuk bagian ingkang paling murwat.

Amirul Mukminin Umar bin Abdul Aziz ngaturaken  “Kabagyan kawula mboten sanes awit ridha kula dhumateng qadha lan qadar”.

Ibnu Taimiyah ngaturaken, “Satemene donya iki ana swarga Sapa wae kang durung nate lumebu dheweke ora bakal mlebu swarga akhirat”.

Piyambakipun ngucapaken pangandikan ingkang saestu masyhur rikalanipun dipun giring wonten pakunjaran, “Apa kang bisa ditindakake mungsuh-mungsuhku marang aku? Swargaku lan tamanku ana ing sajrone dadaku. Ana ngendi wae aku lunga, dheweke tansah bebarengan marang aku lan ora bakal ninggalake aku. Kunjara tumrap aku pinangka  khalwat. Kematianku pinangka kesyahidan. Den tundhunge aku saka negeriku pinangka  wisata.”

  1. Istiqamah (Tetep jejeg) ing ndalem kesaenan

Iman dhumateng qadar pinangka sebab ingkang paling agung istiqamahipun setunggalipun muslim, utaminipun anggenipun sesrawungan dhumateng tiyang sanes. Rikalanipun wonten tiyang ingkang tumindak awon, kirang sae, kepara mbales dhumateng kesaenan kita kanthi piawon, kita kedah gampil caos pangapunten. Awit sedaya ingkang sampun kedadosan kala wau sampun tinakdiraken.

Iman dhumateng qadar ndadosaken manungsa nglampahi gesang wonten ing margi ingkang leres. Kanikmatan mboten ndadosaken umuk, musibah mboten badhe ndadosaken gangguan tumrap piyambakipun. Kanthi makaten badhe mahanani piyambakipun tansah wonten ing kesaenan saha tansah istiqamah ing ndalem nindakaken kesaenan.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda :

عَجَبًا لِأَمْرِ الْمُؤْمِنِ إِنَّ أَمْرَهُ كُلَّهُ خَيْرٌ، وَلَيْسَ ذَاكَ لِأَحَدٍ إِلاَّ لِلْمُؤْمِنِ  إِنْ أَصَابَتْهُ سَرَّاءُ شَكَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ، وَإِنْ أَصَابَتْهُ ضَرَّاءُ صَبَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ

Temen nggumunake urusane wong mukmin, sakabehing urusane iku becik tumrap dheweke. Perkara iki ora ana kejaba ana ing dhiri sawijining mukmin. Menawa pikoleh kasenengan, dheweke syukur, mangka kang kaya mengkono iku mujudake kabecikan tumrap dheweke. Sewalike menawa ketaman kesusahan, dheweke sabar, mangka kang kaya mengkono iku mujudake kabecikan tumrap dheweke .” (Hadits Riwayat Muslim).

Makaten sawetawis wohipun iman dhumateng qadar ingkang badhe kita pethik Mugi-mugi saget ningkataken iman kita dhumateng Allah SWT saha saget pinangka sangu ing ndalem nyikapi hasilipun PILKADA saha ningkataken iman kita dhumateng Allah SWT sarta sakelangkung khusyu ing ndalem nindakaken  ibadah siyam Ramadhan ingkang badhe dhateng.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 Khutbah II

الْحَمْدُ الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا ، وأَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه.

يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ أَمَّا بَعْدُ؛

فَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى :  وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ.

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخَوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُواْ رَبَّنَا إِنَّكّ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَأَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَـنَا وَتَرْحَمْنَا لَـنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ

رَبَّنَا هَبْ لَـنَا  مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَاما

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

 سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*