Edisi 187 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Kalenggahan Pinangka Amanah

KALENGGAHAN PINANGKA AMANAH

Prananto, ST., MAP

(Sekretaris DDII Kab. Gunungkidul)

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ

 أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

 اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ

أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Alhamdulillah, sedaya pangalembana namung kagunganipun Allah SWT  dene kita sedaya taksih kapinanggihaken dening Panjenenganipun wonten ing dinten ingkang minulya punika inggih dinten Jumat ingkang agung. Wonten ing papan ingkang dipun mulyakaken dening Allah inggih wonten ing masjid. Sesarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkang kainggilaken derajatipun wonten ngarsa dalem Allah  inggih tiyang-tiyang ingkang sami takwa.

Shalawat lan salam mugi tansah lumintu dhumateng  junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, tuwin sedaya  keluarga, sahabat, saha umatipun.

Pinangka khatib kawula ngajak dhumateng dhiri kawula pribadhi saha sedaya jamaah sholat jum`at sedayanipun, sumangga tansah ningkataken takwa kita dhumateng  Allah SWT kanthi ngupiya nindakaken dhawuh-dhawuhipun saha nebihi awisan-awisanipun wonten pundi kemawon saha ing wekdal napa kemawon.

Mugi-mugi ing samangkih kita dipun lebetaken dening Allah sesarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami takwa . Aamiin

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Wekdal sampun kawuri, para wakil rakyat ingkang wonten ing DPRD Kab. Gunungkidul saha DPRD Propinsi DIY hasil Pemilu 2024 sampun resmi dipun lantik lan mboten dangu malih wakil rakyat ingkang wonten ing DPR RI badhe nyusul dipun lantik ugi.

Ing ndalem prosesi pelantikan, para wakil rakyat ngucapaken sumpah/janji dipun ungkuli kitab suci pinangka cecepengan para wakil rakyat kagem nindakaken tugas saha fungsinipun pinangka wakil rakyat satrep kaliyan peraturan perundang-undangan ingkang lumampah.

Sinaosa saderengipun kita saestu prihatos wontenipun mapinten-pinten prastawa wonten ing negeri kita punika, awit saking ingkang nglampahi korupsi sebagian ageng para pejabat ing negeri punika. Setunggalipun priyantun rikalanipun dipun lantik lan dipun sumpah pinangka pejabat kedahipun  ngemban amanah nindakaken tugas mengurusi rakyatipun ananging mboten sekedhik ingkang kasunyatanipun kepara sami khianat kanthi nglampahi korupsi.

Kamangka sampun cetha pemut saking Allah SWT supados kita boten khianat dhumateng amanah ingkang kaparingaken dhumateng kita kados wanter firmanipun :

يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ لَا تَخُونُوا۟ ٱللَّهَ وَٱلرَّسُولَ وَتَخُونُوٓا۟ أَمَٰنَٰتِكُمْ وَأَنتُمْ تَعْلَمُونَ

He wong-wong kang padha iman, sira aja khianat marang Allah lan Rasule (Muhammad) lan (uga) aja sira khianat marang  amanat-amanat kang den percayakake marang sira, kamangka sira padha mangerti.” (QS Al Anfal: 27)

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah

Kathah priyantun ingkang nggege mangsa pingin dados  pejabat, kepara keluarganipun ugi tumut nyengkuyung kanthi sadengah upiya ananging dereng nyumerepi hakikat saking setunggalipun jabatan. Pramila wonten ing khutbah punika badhe kita aturaken  irah-irahan ingkang gegayutan kalian kalenggahan/jabatan miturut agami Islam supados nuwuhaken  kemaslahatan saha kalis saking  mudharat tumrap ummat

  1. Kalenggahan saha tugas kepemimpinan punika amanah

Setunggalipun wekdal Abu Dzar Al-Ghiffari radhiyallahu, sowan dhumateng Rasulullah ﷺ. Piyambakipun salah setunggalipun sahabat ingkang kawitan ngrasuk  Islam ugi kalebet sahabat ingkang  kinasih dening Rasulullah ﷺ.

  يَا رسُولَ الله، أَلاَ تَسْتَعْمِلُنِي؟ فَضَرَبَ بِيَدِهِ عَلَى مَنْكِبِي، ثُمَّ قَالَ: «يَا أَبَا ذَرٍّ، إِنَّكَ ضَعِيفٌ، وَإِنَّهَا أَمَانَةٌ، وَإِنَّهَا يَوْمَ القِيَامَةِ خِزيٌ وَنَدَامَةٌ، إِلاَّ مَنْ أَخَذَهَا بِحَقِّهَا، وَأَدَّى الَّذِي عَلَيهِ فِيهَا». .

Sasampunipun punika piyambakipun matur,

Duh rasulullah! Kenging punapa paduka boten misuda kawula pinangka pengageng? ” Abu Dzar matur,” Rasulullah ﷺ ngepuk-puk pundak kula lajeng paring sabda,”He Abu Dzar! Satemene sira iku wong kang ringkih  (sajrone mimpin). Kamangka penggedhe iku amanah. Ing dina kiyamat besok kalungguhan dadi penggedhe iku bakal dadi sebab kainan lan keduwung kejaba wong kang jupuk amanah mau kanthi hak-hake lan nindakake kuwajibane ing sajrone nuhoni amanah mau.” [ Hadits riwayat Muslim no. 1825]

Saking  hadits punika saget dipun mangertosi dospundi pemanggih Islam ngengingi kalenggahan pengageng. Rasulullah ﷺ wanter ngendikakaken bilih kalenggahan pinangka pengageng punika amanah ingkang kedah dipun reksa.

Amanah kasebat awrat tur boten gampil, boten badhe saget uwal tanggel jawabipun  kejawi tiyang-tiyang ingkang kuwawi.

  1. Kalenggahan kaparingaken dhateng ingkang mumpuni.

Rasulullah Muhammad ﷺ paring sabda,

إِذَا ضُيِّعَتِ الْأَمَانَةُ فَانْتَظِرِ السَّاعَةَ. قَالَ: كَيْفَ إِضَاعَتُهَا؟ قَالَ: إِذَا وُسِّدَ الْأَمْرُ إِلَى غَيْرِ أَهْلِهَا فَانْتَظِرِ السَّاعَةَ

Rikalane  amanah wus den remehake mangka entenana dumadine  kiyamat.” Wonten ingkang pitanglet,”Duh Rasulullah dospundi amanat punika karemehaken? Rasulullah ﷺ paring sabda, “Rikalane sawijining urusan diwenehake marang saliyane ahline mangka entenana dumadine  kiyamat.“

Supados saget nindakaken setunggalipun kalenggahan kanthi sak sae-saenipun, pramila setunggalipun priyantun kedah netepi kalih rukun inggih punika : Kekiyatan (kesagetan/ketrampilan/mugen) saha Amanah.

Syaikhul Islam Ibnu Taimiyah rahimahullah matur, “Supaya dheweke mangerti priyayi endi kang layak tumrap saben-saben kalungguhan/jabatan. Satemene kalungguhan pinangka penggedhe iku duweni rong rukun , yaiku kekuatan lan amanah.”

Ananging ingkang kedah dipun mangertosi, awis sanget makempalipun kalih kesagetan  wonten ing setunggalipun priyantun inggih pribadi ingkang kiyat saha amanah. Asring pinanggih priyantunipun kiyat namung boten amanah utawi priyantunipun amanah ananging  ringkih.

Wonten ing dinten kiyamat, kalenggahan pengageng punika badhe dados kainan saha keduwung tumrap tiyang ingkang boten gadhahi kesagetan mimpin utawi ingkang anggadhahi kesagetan anamung boten adil anggenipun mimpin.

Tundhonipun Allah Ta’ala paring kainan wonten ing dinten kiyamat saha paring lelingsem. Piyambakipun rumaos keduwung awit ringkihipun pribadinipun. Ewodene tiyang ingkang anggadhahi kesagetan kagem mimpin saha tumindak adil salebetipun mimpin, piyambakipun badhe pikantuk kautamen ingkang  agung.

Perkawis punika kados cinariyos wonten ing mapinten-pinten hadits ingkang shahih. Antawisipun inggih hadits ngengingi  7 golongan manungsa ingkang badhe pikantuk lelayung ing dinten kiyamat ingkang boten wonten lelayung kejawi layunganipun, salah setuggalipun inggih punika  pemimpin ingkang adil.

 

  1. Awisan nyuwun kalenggahan

Ing salebetipun agami Islam wonten pepacuh utawi adab ingkang sanget dipun gebengi saben muslim supados boten nyuwun kalenggahan tartamtu tumrap diri pribadinipun.

Tujuanipun saking kepemimpinan wonten ing Islam inggih punika mawujudaken maslahat kaum Muslimin saha maringi mapinten-pinten  manfaat dhumateng piyambakipun. Pramila, Rasulullah ﷺ boten kersa ngangkat setunggalipun tiyang ingkang nyuwun kalenggahan kasebat.

Perkawis punika awit nyuwun kalenggahan nedahaken utawi nakyinaken bilih wonten pamrih tumrap piyambakipun supados maujud  kemaslahatan ingkang asipat  khusus utawi wontenipun kepentingan pribadi, kacihna kalenggahan pinangka pengageng punika gadhahi ancas tujuan supados maujud  kemaslahatan kaum Muslimin sedayanipun.

Kariwayataken saking Abdurrahman bin Samurah radhiyallahu ‘anhu, panjenenganipun matur,

 – قالَ لي رَسولُ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عليه وسلَّمَ: يا عَبْدَ الرَّحْمَنِ بنَ سَمُرَةَ لا تَسْأَلِ الإمَارَةَ، فإنْ أُعْطِيتَهَا عن مَسْأَلَةٍ وُكِلْتَ إلَيْهَا، وإنْ أُعْطِيتَهَا عن غيرِ مَسْأَلَةٍ أُعِنْتَ عَلَيْهَا،

Rasulullah ﷺ paring sabda dhumateng kula,”He Abdurrahman bin Samurah, sira aja nyuwun kalungguhan. Menawa sira den paringi kalungguhan amarga sira nyuwun, mangka kalungguhan mau bakal den pasrahake marang sira (sak wutuhe tanpa ana biyantu saka  Allah). Lan menawa kalungguhan penggedhe iku den paringake marang sira tanpa sira nyuwun, mangka sira bakal den tulung (dening Allah) kanggo nindakake.” [Hadits riwayat Al-Bukhari wonten ing Shahih al-Bukhari no. 7147]

Kariwayataken saking Abu Musa Al-Asy’ari radhiyallahu ‘anu piyambakipun matur ,

 – دَخَلْتُ علَى النبيِّ صَلَّى اللَّهُ عليه وَسَلَّمَ أَنَا وَرَجُلَانِ مِن بَنِي عَمِّي، فَقالَ أَحَدُ الرَّجُلَيْنِ: يا رَسولَ اللهِ، أَمِّرْنَا علَى بَعْضِ ما وَلَّاكَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ، وَقالَ الآخَرُ مِثْلَ ذلكَ، فَقالَ: إنَّا وَاللَّهِ لا نُوَلِّي علَى هذا العَمَلِ أَحَدًا سَأَلَهُ، وَلَا أَحَدًا حَرَصَ عليه.

“Kula sowan dhumateng Nabi ﷺ sesarengan kaliyan kalih sepupu kula. Salah setunggal piyambakipun matur ,”Duh Rasulullah! Mugi panjenengan ngangkat kita pinangka pengageng wonten ing saperangan kalenggahan pengageng ingkang Allah Azza wa Jalla paringaken dhumateng panjenengan.” Ingkang setunggal ugi matur makaten.

Pramila Rasulullah ﷺ paring sabda,”Satuhune kita, demi Allah, ora bakal ngangkat sawijining wong kang nyuwun penggawehan iki semono uga marang wong kang duwe milik marang iku.” [Hadits riwayat Al-Bukhari (7149) lan Muslim (1733)]

 

  1. Fitnah Bandha salebetipun kalenggahan

Setunggalipun tiyang ingkang winisuda pinangka pengageng saha sampun dipun  gaji dening  negari kedahipun temen dhumateng tugas utami ingkang dipun amanahaken dhumateng piyambakipun. Ewa semanten ingkang dumados saget sawalikipun, awit rikalanipun piyambakipun ngasto kalenggahan badhe pikantuk goda arupi pakurmatan ingkang linangkung kalebet pikantuk bandha ingkang saestunipun sanes hakipun.

Wonten ing hadits Al-Bukhari lan Muslim kacariyosaken, Nabi Muhammad SAW ngangkat sawetawis priyantun ingkang dipun paringi tugas mendhet saha dugekaken zakat. Salah setunggal priyantun wau asmanipun Ibnu Al Lutbiyah saking Bani Al Azdi.

Setunggalipun dinten, Ibnu Al Lutbiyah sowan dhumateng Nabi Muhammad SAW kanthi ngasta bandha zakat ingkang kapendhet. “Menika (zakat) kagem panjenengan lan menika hadiah ingkang dipun paringaken (dening muzaki) kangge kula ,” aturipun Ibnu Al Lutbiyah sinambi nedahaken  barangipun.

Nabi Muhammad SAW lajeng jumeneng saha paring sabda: “Saumpama sira padha lelungguhan wae ing daleme bapa biyung ira sinambi ngadhang  (tekane hadiah), apa sira bakal diwenehi  hadiah?”

Sasampunipun  salat jamaah, Nabi Muhammad SAW lajeng jumeneng wonten mimbar saha mbangsuli sabdanipun gegayutan kaliyan  Ibnu Al Lutbiyah: “Menawa ana sawijining pegawe den pasrahi tugas (dening  negara), banjur teka lan matur, ‘menika kagem panjenengan lan menika hadiah kagem kula’, ngapa dheweke ora lelungguhan wae ana daleme bapa biyunge , sinambi ngenteni dheweke oleh hadiah apa ora ? Demi Allah kang  jiwa Muhammad ana ing Astane, ora ana sawijining pegawe nampani sawijining perkara (hadiah), kejaba dheweke bakal teka ing dina kiyamat sinambi mikul abote hadiah iku ana ing gulune. Menawa (hadiah kang tinampa) arupa unta, dheweke bakal nyuwara. Menawa arupa sapi, dheweke bakal mbengah. Lan menawa arupa wedhus , dheweke bakal ngembek. (Paseksiya) kepara ingsun (Muhammad SAW) wus  ngaturake  (kang haq).”

Saking hadits kasebat  kita mangertosi , Menawi Ibnu Al Lutbiyah sanes pegawai negeri (dipun pari paosaken kados tiyang ingkang lelenggahan wonten ing griya), temtu kemawon piyambakipun boten badhe kaparingan  hadiah. Ateges kalenggahan Ibnu Al Lutbiyah punika ingkang pinangka sebab tiyang sanes paring hadiah dhumateng piyambakipun.

Hadits punika saestu kawentar, meh-meh sedaya ulama nate nyariyosaken  hadits punika . Wosipun, Rasulullah Muhammad SAW ngawisi dhumateng pegawe utawi pejabat negari untuk nampi hadiah saking pihak pundi kemawon gegayutan kaliyan  kalenggahan ingkang dipun amanahaken dhumateng piyambakipun

Wonten ing hadits sanes  Nabi Muhammad SAW mratelakaken:

Sapa wae kang den angkat pinangka pegawe lan wus oleh bayar, mangka apa wae kang den jupuk saliyane  bayar iku kalebu ghulul.” (HR Abu Daud, Al Hakim, Ibnu Huzaimah)

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah

Makaten mainten-pinten andharan pinangka cecala magepokan kaliyan kalenggahan/ jabatan ingkang gegayutan kaliyan  hajat gesang tumrap tiyang kathah saha kathah dipun remeni sebagian ageng kita layak kagatosaken saha pinangka pandom salebetipun nindakaken amanah  kalenggahan kasebat.

Menawi kalenggahan wonten ing tataran napa kemawon saha babagan napa kemawon dipun asta tiyang ingkang kuwawi kanthi makna gadhahi kesagedan anggenipun mimpin, kuwagang saha mugen wonten kesagedanipun sarta amanah pramila badhe lumampah kalenggahan ingkang kaemban kanthi sasae-saenipun.

Wallahu a’lam bish shawab.

بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم وتفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم

أقول قول هذا وأستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين فاستغفروه أنه هو الغفور الرحيم

 

Khutbah Kedua :

  اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.

 أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا  اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

  اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

 أيها الناس، اتقوا الله، وافعلوا الخيرات، واجتنبوا السيئات. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

 اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى اله وَصَحْبِهِ أجمعين وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

 اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ،إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

 ربَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ –

 رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.

 سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة.

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*