KAUTAMENIPUN SHALAT BERJAMA’AH
Ustadz Suranto, S.Pd.I
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لله الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ، لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَكَفَى بِاللهِ شَهِيْدًا، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ, اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ, أَمَّا بَعْدُ
عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
Jama’ah Jum’ah rahimani wa rahimakumullah
Ingkang kawitan saha ingkang paling utami sumangga kita aturaken sedaya pangalembana saha raos syukur wonten ngersanipun Allah SWT ingkang sampun maringaken sadengah nikmat, rahmat, taufiq saha hidayah-ipun dhumateng kita sedaya sahingga wonten ing kalodangan wekdal punika kita saget nindakaken saperangan kewajiban kita inggih punika shalat Jum’at tanpa wonten rubeda setunggal punapa.
Shalawat sarta salam mugi tansah dipun curahaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW tuwin keluarganipun, para sahabatipun, sarta umatipun ingkang tansah midherek sunnah-sunnahipun ngantos akhir zaman. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun benjang wonten ing dinten kiamat.
Salajengipun sumangga kita tansah ningkataken bobotipun iman saha takwa kita dhumateng Allah SWT. Awit namung kanthi iman saha takwa punika kita badhe pikantuk kabejan, kemenangan saha kabagyan wonten ing donya ingkang fana punika linangkung wonten ing akhirat ingkang langgeng sak lami-laminipun.
Jama’ah Jum’ah rahimani wa rahimakumullah
Shalat gangsal wekdal mujudaken kewajiban tumrap setunggalipun Muslim ingkang mboten pikantuk katilaraken sinaosa wonten ing kawontenan napa kemawon, kejawi tumrap lare alit ingkang dereng baligh, wanita ingkang nembe nggarap sari utawi ingkang nembe nifas, tiyang ingkang ewah , tiyang ingkang kesupen utawi nedhengipun sare ngantos piyambakipun wungu. Sinaosa nembe gerah ingkang awrat, sedangunipun akalipun taksih waras , pramila wajib tumrap piyambakipun nindakaken shalat wajib, temtu kemawon kanthi tata cara ingkang benten kaliyan padatan utawi arupi rukhsoh pinangka gegampil ingkang dipun ajaraken miturut Ilmu Fiqih.
Jama’ah Jum’ah rahimani wa rahimakumullah
Saestunipun lampah ingkang paling tebih lan paling awrat tumrap setunggalipun tiyang inggih punika lampah dhumateng Masjid.
Sepinten kathahipun tiyang ingkang sugih mboten kuwawi nglampahi. Napa malih gangsal wekdal, kepara kathah ugi ingkang setunggal minggu sepindhah kemawon kesupen. Kepara wonten ugi ingkang sak dangunipun gesang mboten nate nyelak.
Sinaosa winasis asring ugi wonten ingkang mboten kuwawi nglampahi. Sinaosa piyambakipun kuwawi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan inggil ngantos dumugi ing manca negari wonten ing Eropa, Australia utawi Amerika.
Kuwawi mlampah dumugi Jepang, Cina lan Korea kanthi greget ingkang ngedap-edapi anamung riakalanipun dhateng masjid, tetep kemawon mboten kuwawi nglampahi sinaosa sampun kagungan gelar ingkang njara langit.
Pemuda ingkang kuat lan badanipun sehat ingkang kuwawi njejakaken sukunipun ing puncaking redi Bromo, Rinjani, Semeru ngantos Puncak Jaya kemawon taksih sambat rikalanipun dipun ajak wonten Masjid kagem shalat berjamaah.
Kanthi mawerni-werni alasan. Wonten ingkang matur sekedhap malih, wonten ingkang matur mangkih wonten griya mawon. Wonten ugi ingkang matur mboten sekeca menawi dipun wetani alim.
Pramila bagya mulya dhumateng para jama’ah sekalian. Menawi saking alit sampun kabiasakaken sukunipun mlampah dhateng Masjid. Awit saetunipun lampah dhateng Masjid punika mujudaken lampah netepi hakipun Allah inggih Rabb kita sedaya. Punika lampah ingkang dipun ajaraken dening Nabi sarta lampah ingkang badhe mbentenaken antawisipun tiyang-tiyang ingkang kesupen dhumateng pangeranipun kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami emut dhumateng pangeranipun. Pramila sumangga kita lampahi sinaosa kedah gegremetan wonten ing petengipun wekdal subuh, ingkang supados kita celak dhumateng panjenenganipun Allah.
Jama’ah Jum’ah rahimani wa rahimakumullah
Ibadah shalat mujudaken dhawuhipun Allah saha Utusanipun sahingga kita wajib midherek kados ingkang sampun dipun tuladhakeken dening Baginda Rasulullah Muhammad SAW. Dene Nabi paring tuladha bilih shalat wajib katindakaken sarana berjama’ah wonten ing masjid rikalanipun mboten wonten pambengan udzur syar’i awit shalat berjamaah anggadhahi kathah kautamenipun. Wondene kautamen kasebat kababar ing pinten-pinten perkawis ingkang antawisipun:
- Langkung utami 27 derajat tinimbang shalat Wonten ing hadits riwayat Imam Bukhari lan Imam Muslim, Rasulullah SAW sampun paring sabda:
صَلاَةُ الْجَمَاعَةِ أَفْضَلُ مِنْ صَلاَةِ الْفَذِّ بِسَبْعٍ وَعِشْرِينَ دَرَجَةً
“Shalat kanthi berjamaah iku luwih utama 27 derajat tinimbang shalat dhewekan.” [HR. Bukhari lan Muslim].
Saget kagambaraken, umpami kita makarya wonten ing setunggalipun perusahaan A dipun gaji agengipun 1 yuta, lajeng wonten ingkang nawani dhumateng kita pindah pakaryan wonten ing perusahaan B kanthi gaji agengipun 27 yuta. Temtu kemawon badhe langsung nampi ingkang dipun tawakaken kala wau, awit ingkang katampi langkung ageng kepara matikel-tikel saking gaji sakmenika. Pramila kathah ingkang sami kesah tebih ngupados gaji ingkang sakelangkung ageng tinimbang wonten ing kampung halamanipun.
Kanjeng Nabi Muhammad SAW maringi kabar bab kautamen shalat berjama’ah kanthi pahala ingkang langkung ageng tinimbang 27 derajat, namung pindah saking shalat piyambak wonten griya dhateng Masjid ingkang jarakipun mboten tebih, temtu kemawon badhe ageng manfaatipun tumrap kita benjang wonten ing akhirat. Eman sanget janji saha kautamen ingkang ageng punika menawi mboten dipun tanggapi kanthi grengseng, bab punika mboten sanes awit dereng paham utawi kepara awit tresnanipun dhumaten kadonyan langkung ageng tinimbang negeri akhirat, Allahu musta’an.
- Lampahipun suku tiyang ingkang tumuju dhateng Masjid kagem shalat berjama’ah pun etang saben jangkahipun pinangka pangapunten saha mindakipun drajat.
Rasulullah SAW sampun paring sabda:
إِذَا تَوَضَّأَ أَحَدُكُمْ فَأَحَسَنَ الْوُضُوْءَ ثُمَّ أَتَى الْمَسْجِدَ لاَيَنْهَزُهُ إِلاَّ الصَّلاَةُ لاَيُرِيْدُ إِلاَّ الصَّلاَةَ لَمْ يَخْطُ خَطْوَةً إِلاَّ رَفَعَهُ اللهُ بِهَا دَرَجَةٌ وَحَطَّ عَنْهُ بِهاَ خَطِيئَةً حَتىَّ يَدْخُلَ الْمَسْجِدَ فَاءِذَا دَخَلَ الْمَسْجِدَ كَانَ فِي صَلاَةٍ مَا كَانَتْ الصَّلاَةُ تَحْسُهُ
“Menawa salah sawijining sira nindakake wudlu lan mbagusake wudlune, banjur mangkat menyang Masjid, lan ora ana kang ngobahake tumuju ing masjid kejaba shalat mangka dheweke ora njangkahake sukune kejaba Allah bakal ngangkat drajate lan ngapura dosane nganti dheweke lumebu ing masjid, lan menawa lumebu ing Masjid mangka dheweke tetep ing etungane shalat sak suwene shalate kang nahan dheweke (saking pepenginan wangsul)” [HR Ibnu Majah].
- Dipun dongakaken dening para Malaikat rikalanipun wonten ing Masjid sasampunipun shalat berjama’ah
Wonten ing hadits riwayat Imam Al Bukhari, saking Sahabat Abu Hurairah, Rasulullah SAW paring sabda :
الْمَلَائِكَةُ تُصَلِّى عَلَى أَحَدِكُمْ مَادَامَ فِى مُصَلَّاهُ الَّذِي صَلَّى فِيْهِ مَالَمْ يُحْدِثْ تَقُوْلُ اللَّهُمَّ اغْفِرْلَهُ اللَّهُمَّ ارْحَمْهُ
“Para Malaikat tansah paring shalawat (ndongakaken) marang salah sawijining wong saka sira selagine dheweke isih ana ing papane shalat lan durung kena hadats. Malaikat matur : “ Duh Allah mugi paring apunten dhumateng piyambakipun, duh Allah mugi paring Rahmat dhumateng piyambakipun.” [HR Bukhari].
- Badhe pikantuk pengayoman saking Allah Azza Wa Jalla ing wekdal mboten wonten pengayoman kejawi saking Allah rikalanipun wonten Padang Mahsyar
Wonten ing hadits riwayat Imam Bukhari, saking Sahabat Abi Hurairah, Nabi SAW paring sabda :
سَبْعَةٌ يُظِلهُمْ اللَّهُ فِي ظِلِّهِ يَوْمَ لاَظِلَّ إِلاَّ ظِلُّهُ …وَرَجُلٌ قَلْبُهُ مُعَلَّقٌ فِي الْمَسَاجِدِ….
“ Ana pitung golongan manungsa kang bakal oleh pengayoman saka Allah SWT ana ing dina kang ora ana pengayoman kejaba pengayomane , (salah setunggalipun) “Wong lanang kang atine tansah kumantil-mantil ana ing Masjid.” [HR Bukhari].
Tegesipun inggih punika rikalanipun setunggalipun tiyang ingkang manahipun tansah nengga kagem shalat berjama’ah wonten ing Masjid, sahingga rikalanipun dumugi wekdalipun shalat, piyambakipun gegancangan tumuju dhateng Masjid kagem nindakaken shalat berjama’ah.
- Badhe pikantuk pasugatan ing Suwarga
Wonten ing hadits riwayat Imam Bukhari lan Imam Muslim, Rasulullah SAW paring sabda:
مَنْ غَدَا إِلَى الْمَسْجِدِ وَرَاحَ أَعَدَّ اللهُ لَهُ نُزُلَهُ مِنَ الْـجَنَّةِ كُلَّمَا غَدَا أَوْ رَاحَ.
“Sapa wae kang lunga (mangkat) menyang Masjid ing wektu esok utawa sore, mangka Allâh nyawisake tumrap dheweke pasugatan in suwarga saben-saben dheweke mangkat ing wektu esok utawa sore.” [HR. Bukhari dan Muslim].
Jama’ah Jum’ah rahimani wa rahimakumullah
Makaten pinten-pinten kautamenipun shalat berjama’ah ing Masjid. Mugi-mugi Allah SWT paring nugraha arupi gegampil saha taufiq dhumateng kita sahingga kuwawi nglampahi kados ingkang sampun katuladhakaken dening Baginda Nabi Agung Muhammad SAW saha para sahabatipun.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ
Khutbah II :
اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.
أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
أيها الناس، اتقوا الله، وافعلوا الخيرات، واجتنبوا السيئات. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى اله وَصَحْبِهِ أجمعين وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ،إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.
ربَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ –
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة



Leave a Reply