Edisi 260 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Mahargya Ramadhan Kanthi Nyambet Silaturahim

MAHARGYA RAMADHAN

KANTHI NYAMBET SILATURAHIM

Ustadz Fairuz

 

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ

 أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

 اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ

أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

 

Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah

Mboten wonten tembung ingkang edi peni kejawi atur syukur “Alhamdulillahi rabbil alamin.” Minangka jejering kawula sampun kedahipun menawi tansah syukur dhumateng Allah, awit sedaya sih nugraha nikmat ingkang sampun kaparingaken dhumateng kula lan panjenengan sedaya. Linangkung nikmat ingkang paling ageng nun inggih nikmat iman saha Islam.

 

Shalawat saha salam mugi tansah katur dhumateng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam minangka uswah hasanah ing madyaning gesang saha panggesangan. Panjenenganipun rasul panutan sedaya kaum muslimin wal muslimat ngantos dinten akhir.

Ngawiti khutbah ing wekdal menika, khatib caos wasiyat dhumateng sedaya jamaah lan pribadi khatib, mangga tansah ngupadi murih mindakipun raos iman saha taqwa dhumateng Allah subhanahu wa ta’ala, kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun saha nebihi sedaya awisanipun.

Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah

Sumangga kita sami ngraosaken lan ngemut-emut, bilih wonten ing itungan dinten, wulan suci Ramadhan badhe enggal rawuh nyambangi kita. Ramadhan punika tamu agung, ingkang namung maringi berkah dhateng jiwa-jiwa ingkang resik lan suci.

Kados pundi kita saged ngajeng-ajeng pangapunten saking Allah Ta’ala wonten ing wulan Ramadhan, dene kita piyambak taksih awrat manahipun kangge ngapura dhumateng sesami? Kados pundi saged kita ngarepaken kabukanipun kori langit kangge donga-donga kita, dene kita piyambak nutup korining silaturahmi kaliyan sedherek, sanak kadang, utawi kerabat kita?

Mila saking punika, sumangga kita dadosaken wekdal sakderengipun Ramadhan punika minangka wekdal kagem “resik-resik” manah. Sambung malih pasedherekan ingkang nate pedhot, ruruh malih tiyang ingkang nate kesupen, lan ngrubuhaken tembok egoisme ingkang sadangunipun punika misahaken manah kita.

Sumangga kita mlebet ing gapura Ramadhan kanthi manah ingkang lega lan jembar, tanpa mbeta beban dendam utawi memengsahan, supados ibadah siyam kita benjang  saged ndumugekaken kita dados kawula Allah ingkang langkung takwa.

Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah

Tembung “silaturahim” utawi “silaturahmi” aslinipun saking kalih tembung inggih menika: shilat saha al-rahim utawi al-rahmi.

Shilat” dipun maknani sambet utawi sesambetan. Lajeng al-rahim utawi al-rahami tetembungan saking lafadz rahimayarhamu ingkang ngemu suraos asih tresna.

Silaturahmi inggih menika sambetipun tali pasedherekan kanthi kebaking asih tresna. Tuwuhipun asih tresna ingkang jangkep, kados Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam sampun paring piwucal,

اَلرَّاحِمُونَ يَرْحَمُهُمُ الرَّحْمٰنُ، اِرْحَمُوا مَنْ فِي الْأَرْضِ يَرْحَمْكُمْ مَنْ فِي السَّمَاءِ

Jawinipun:

Wong kang asih tresna bakal ditresnani Dzat kang Ar-Rahmaan (hiya Allah kang maha asih lan tresna), asih tresna-a marang apa kang ana sak lumahing bumi,   mangka sira bakal di-asih tresna-ni Dzat kang ana ing langit.” [HR. Abu Dawud lan At-Tirmidzi]

Wigatosipun sambet silaturahmi, pramila lajeng Allah subhanahu wa ta’ala badhe maringi sih      nugraha ganjaran dhumateng tiyang ingkang purun silaturahmi, nun inggih ganjaran ing ngalam donya ugi ing akhirat.

Kosok wangsulipun Allah badhe paring paukuman saha bendu dhumateng tiyang ingkang medhot sesambetan silaturahmi, nun inggih paukuman ing ngalam donya ugi ing akhirat.

Wonten mapinten-pinten kautamen ingkang dipun pikanthuki awit njagi silaturahmi, ing antawisipun:

Sepisan: Mindakipun raos takwa.

Silaturahmi inggih saweneh saking jejibahan ibadah ingkang estu dipun  tengenaken ing agami Islam. Allah subhanahu wa ta’ala sampun dhawuh ing Al-Qur’an:

وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

Jawinipun:

Lan padha takwa-a marang Allah, kanthi nyebut asma-ne kabeh padha nyenyuwun lan padha njaga sira kabeh ing hubungan silaturahmi.” (QS. An-Nisa: 1)

Kanthi tansah njagi sesambetan silaturahmi ing sesami, estu badhe pikantuk kabegjan kamulyan ing ngalam donya ngantos ing akhirat. Gusti Allah sampun paring dhawuh ing saklebeting Al-Qur’an surat Ali-Imran ayat 200 makaten,

وَاتَّقُوا اللَّهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ

Artosipun:

“….Lan padha takwa-a marang Allah, supaya sira oleh kabegjan.”

Wonten ing ayat menika dipun jelasaken bilih kanthi lantaran takwa ingkang estu-estu, mila samangke badhe pikantuk kamulyan ing ngalam donya ugi ing akhirat.

Kaping kalih: Pikantuk nugraha rizki ingkang kathah saha panjang yuswa.

Dipun riwayataken saking Anas bin Malik radhiyallahu ‘anhu, panjenenganipun ngendiko: aku mireng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda:

مَنْ سَرَّهُ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِي رِزْقِهِ أَوْ يُنْسَأَ لَهُ فِي أَثَرِهِ فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ

Jawinipun:

Sak sapa wae kang kepingin dijembarake rizkine lan ditambah dawa umure mula becik padha  ngraketake  pasedulurane.”  [HR. Al-Bukhari lan Muslim]

Kaping tiga: Tambah rumaket anggenipun sesambetan saha pasedherekan.

Saking sahabat Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu, Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam sampun ngendika,

تَعَلَّمُوا مِنْ أَنْسَابِكُمْ مَا تَصِلُونَ بِهِ أَرْحَامَكُمْ، فَإِنَّ صِلَةَ الرَّحِمِ مَحَبَّةٌ فِي الْأَهْلِ، مَثْرَاةٌ فِي الْمَالِ، مَنْسَأَةٌ فِي الْأَثَرِ

Jawinipun:

Padha ngalap-a nasab sira kabeh kang bisa mbiyantu sira padha silaturahmi, amerga silaturahmi iku bisa nukulake asih tresna ing keluwarga, gawe ngakeh-ake bandha, uga bisa ndawak-ake umur.” [HR. Ahmad lan Tirmidzi]

 

Kaping sekawan: Mlebet suwarga.

Sahabat Abu Ayub Al-Ansari radhiyallahu ‘anhu nyaritakake:

أَنَّ رَجُلًا قَالَ لِلنَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: أَخْبِرْنِي بِعَمَلٍ يُدْخِلُنِي الْجَنَّةَ.
قَالَ: تَعْبُدُ اللَّهَ لَا تُشْرِكُ بِهِ شَيْئًا، وَتُقِيمُ الصَّلَاةَ، وَتُؤْتِي الزَّكَاةَ، وَتَصِلُ الرَّحِمَ

Jawinipun:

Ana wong lanang kang matur marang kanjeng Nabi, “Duh Rasulullah, mugi panjenengan paring piwucal dhateng kula, amalan menapa ingkang saged njalari amlebet suwarga? Nuli Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring dhawuh,  “Manembaha sira marang Allah, lan aja pisan-pisan sira nglakoni syirik marang Allah, ngedekna salat, mbayar-a  zakat,  lan  tindakna  silaturahmi.” [HR. Bukhari]

Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah

Saking andharan ing nginggil punika, saged kita pendhet piwucal, bilih silaturahmi gadhah peran ingkang wigati sanget wonten ing gesang sosial kemasyarakatan. Lumantar silaturahmi, kawangun sesambetan ingkang rukun lan harmonis antawisipun warga, tuwuh raos sami saget  ngraosaken lan sami saget nggatosaken, saha ngrembaka semangat kebersamaan.

Sikap tansah sapa aruh kanthi santun, tetulung sesarengan, lan njagi pasrawungan ingkang sae, punika dados wujud nyata silaturahmi ingkang ngukuhaken pasedherekan sosial wonten ing tengahing masyarakat.

Wonten ing babagan sosial, silaturahmi gadhah fungsi minangka ngraketaken persatuan lan kesatuan. Sesambetan ingkang katata kanthi sae badhe nyuda salah paham, nyegah pasulayan, saha nuwuhaken sikap ngajeni tiyang sanes. Lumantar silaturahmi, masyarakat saged ngrampungi perkawis kanthi musyawarah, njagi katentreman lan katertiban lingkungan, saha nyipta suasana gesang ingkang rukun, tentrem, lan rahayu.

Mila saking punika, sumangga kita biasakaken dhiri kangge tansah njagi silaturahmi wonten ing gesang sosial saben dinten, sae wonten ing lingkungan kulawarga, tangga tepalih, saha masyarakat wiyar. Kanthi ngukuhaken sesambetan sosial ingkang kasandhing iman lan akhlak mulya, kita sami nderek njagi persatuan umat lan kautuhanipun bangsa.

Mugi Allah Subḥānahu wa Ta‘ālā tansah paring tuntunan dhateng kita sedaya, supados dados pribadi ingkang gadhah rasa peduli dhumateng sesami, lan saged njagi kerukunan saha keharmonisan wonten ing gesang bermasyarakat.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah II

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سيدنا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. اَمَّا بَعْدُ :فَيَا اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ تَعَالىَ وَذَرُوا الْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَ وَمَا بَطَنْ، وَحَافِظُوْاعَلىَ الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ. وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا: اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

 اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ،  اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنَ البَرَصِ وَالجُنُونِ والجُذَامِ وَسَيِّيءِ الأسْقَامِ   رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا, اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى والتُّقَى والعَفَافَ والغِنَى، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ   وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

 

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*