Edisi 236 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Mangayubagya Pengetan Maulid Nabi

MANGAYUBAGYA PENGETAN MAULID NABI

Ustadz Sumedi, S.Pd., MA

 

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ

 أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

 اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ

أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Alhamdulillah, kaping sepisan, sumangga kita sedaya tansah ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang tansah paring kanugrahan saha berkah dhumateng kita sedaya, sahingga ngantos dumugi wekdal punika kita taksih saged nindakakaken ibadah shalat Jum’ah ing masjid punika kanthi kawontenan sehat wal ‘afiat.

 

Mboten katalumpen sumangga kita tansah ngaturaken shalawat saha salam kagem Kanjeng Nabi Muhammad SAW, sedaya kulawarga, shahabat saha umatipun ngantos akhir zaman samangkih.

Salajengipun ing kesempatan ingkang sae menika, mangga kita tansah ngenggalaken niat lan tekad kita kangge nambah raos takwa dhumateng Allah SWT. Namung kanthi cepengan ingkang teguh lan saestu anggenipun ngamalaken islam, iman, ihsan lan takwa menika kita badhe dados titah ingkang luhur minulya wonten ngersanipun Allah lan badhe saged ngraosaken nikmatipun kebahagiaan hakiki, wonten donya menika lan ing akhirat mangke.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Pengetan Maulidipun Kanjeng Nabi ﷺ punika sanes ibadah mahdhah (kados shalat, zakat, utawi siyam) ingkang sampun wonten tuntunanipun baku saking Kanjeng Nabi ﷺ piyambak. Nanging, kalebet ta‘zhim an-Nabi (ngluhuraken lan ngagungaken Kanjeng Nabi) saha syukrul ni‘mah (raos syukur dhumateng nikmat agung, inggih punika miyosipun Kanjeng Nabi ﷺ).

Pramila, para ulama paring dhawuh bilih Maulid punika kenging dipun lampahaken manawi isinipun kesaenan, kados ta maos Al-Qur’an, sholawat, nyarengi sejarahipun Kanjeng Nabi, paring sedekah, utawi dhawuh pitutur kangge umat. Kita kedah rumaos bingah kanthi mijilipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW kados ingkang kababar wonten ing Al Quran Surat Yunus ayat: 58

قُلْ بِفَضْلِ اللَّهِ وَبِرَحْمَتِهِ فَبِذَلِكَ فَلْيَفْرَحُوا

Kandhakna: Kanthi anugrahé Allah lan rahmaté, iku padha kudu bungah

Para ulama nerangake, ingkang dipun maksud rahmat Allah ing mriki kalebet dipun utusipun Nabi Muhammad ﷺ (kaweca ing Tafsir al-Qurthubi, Tafsir Ibnu Katsir).

Langkung gamblang malih ingkang kababar wonten ing Al Quran Surat Al-Anbiya: 107

وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ

Lan Ingsun ora ngutus sira (Muhammad), kejaba minangka rahmat tumrap sakabehé alam.”

Kanthi makaten mengeti Maulid Nabi saget ugi pinangka tandha syukur awit mijilipun Rasulullah ingkang pinagka “rahmat tumrap jagad raya”.

Rikalanipun Kanjeng Nabi dipun Pundhuti pirsa babagan siyam Senin, lajeng Rasulullah ﷺ paring wangsulan:

ذَاكَ يَوْمٌ وُلِدْتُ فِيهِ

Iku dina nalika aku dilairaké.” (HR. Muslim, no. 1162).

Menika nedahaken bilih pengetan kelairanipun Nabi punika kagolong perkawis ingkang nggadhahi  nilai ibadah.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Saweneh saking Kautamenipun Maulid Nabi ﷺ

  1. Tanda katresnan dhumateng Kanjeng Rasulullah

Ngemutaken miyosipun Panjenenganipun punika minangka pratanda mahabbah. Kanjeng Nabi ﷺ dhawuh:

لَا يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى أَكُونَ أَحَبَّ إِلَيْهِ مِنْ وَالِدِهِ وَوَلَدِهِ وَالنَّاسِ أَجْمَعِينَ

“Durung sampurna imané salah sijiné sira kabèh, nganti ingsun luwih ditresnani tinimbang tiyang tuwané, anaké, lan manungsa kabèh.” (HR. Bukhari & Muslim)

  1. Raos syukur dhumateng nikmat ingkang ageng

Miyosipun Kanjeng Nabi ﷺ punika nikmat agung. Kanthi pengetan Maulid, umat sami syukur lumantar dzikir, donga, shalawat, saha sedekah.

  1. Nggesangaken shalawat lan donga

Limrahipun pengetan Maulid dipun isi mawi maos shalawat, ingkang ganjaranipun ageng.

Allah ngendika:

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ

Satemenipun Allah lan para malaikat paring shalawat marang Nabi. He para tiyang mukmin, padha shalawata sira kabeh marang Nabi…” (QS. Al-Ahzab: 56)

 

  1. Pinangka piranti dakwah lan syi‘ar Islam

Pengetan Maulid dipun isi mawi tausiyah, maos sejarahipun Kanjeng Nabi ﷺ, ingkang saged nambah katresnan lan kawruh umat dhumateng Panjenenganipun.

  1. Miderek jejakipun para ulama shalih

Kathah ulama agung ingkang nglempakaken Maulid, kados ta Imam Jalaluddin As-Suyuthi, Imam Ibnu Hajar al-‘Asqalani, Imam al-Sakhawi, lan sanesipun. Panjenenganipun para ulama ngendika bilih Maulid kalebet bid‘ah hasanah manawi isinipun kesaenan.

Pengetan Maulid Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ punika kalebet wujud syukur, katresnan, saha ta‘zhim dhumateng Panjenenganipun. Hukumipun pikantuk, malah saged dados amal ibadah ageng, menawi dipun lampahaken kanthi isi kesaenan: maos Al-Qur’an, shalawat, nyariyosaken sirah Nabi, tausiyah, sedekah, saha donga.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Para Ulama ingkang Ngagungaken Maulid Kanjeng Nabi ﷺ

  1. Imam Jalaluddin As-Suyuthi (w. 911 H)

Ing kitab Al-Hawi lil Fatawa, Panjenenganipun nyerat risalah khusus Husn al-Maqshid fi Amal al-Maulid. Dhawuhipun:

Ngadani Maulid lan makempal kanthi maos Al-Qur’an, nyariyosaken sejarah Kanjeng Nabi, saha paring dhahar dhumateng tiyang-tiyang, punika kalebet bid‘ah hasanah. Tiyang ingkang nindakaken bakal pikantuk ganjaran.”

 

  1. Imam Ibnu Hajar al-‘Asqalani (w. 852 H)

Ulama agung ahli hadits, pangarang Fathul Bari. Panjenenganipun dhawuh:

Pengetan Maulid kalebet bid‘ah hasanah, amargi wonten ing salebetipun punika syukur dhumateng Allah awit nikmat ageng kelairanipun Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ.” (Al-Hawi lil Fatawa, As-Suyuthi).

  1. Imam Abu Syamah al-Maqdisi (w. 665 H)

Guruipun Imam An-Nawawi. Ing kitab Al-Ba‘its ‘ala Inkar al-Bida‘ wal-Hawadits, Panjenenganipun ngendika:

Sak sae-saenipun tumindak ingkang dipun cipta wonten ing jaman kita punika inggih punika saben taun ngemuti dinten miyosipun Kanjeng Nabi kanthi sedekah, kabungahan, saha kesaenan. Kanthi punika, ketawis raos katresnan dhumateng Rasulullah ﷺ.”

  1. Imam Al-Sakhawi (w. 902 H)

Muridipun Ibnu Hajar al-‘Asqalani. Ing kitab Al-Siyar al-Syarif al-Nabawiyyah Panjenenganipun ngendika:

Ngadani Maulid Nabi punika bid‘ah hasanah ingkang maringi ganjaran ageng, amargi wonten ing sajroning punika pangagungan dhumateng drajatipun Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ.”

  1. Imam Ibnu Katsir (w. 774 H)

Ing kitab Al-Bidayah wa al-Nihayah, Panjenenganipun nyariosaken Maulid ingkang dipun adani déning Raja Mudhafir Abu Sa‘id al-Kaukabri wonten Erbil kanthi kamulyan. Ibnu Katsir nyebat:

Panjenenganipun (Raja Erbil) ngadani Maulid kanthi kamulyan ageng. Mugi Allah paring balasan kagem Panjenenganipun kanthi kesaenan.”

  1. Imam Al-Qasthalani (w. 923 H)

Pangarang Al-Mawahib al-Ladunniyyah. Panjenenganipun ngendika:

Allah maringi rahmat dhumateng tiyang ingkang ndadosaken dinten kelairan Kanjeng Nabi dados dinten agungipun (Maulid) kangge ngagungaken Panjenenganipun. Amargi saben kesaenan ingkang kita tampi punika lantaran Panjenenganipun.”

  1. Syekh Yusuf al-Qaradawi (Ulama kontemporer)

Panjenenganipun ugi maringi idin Maulid kanthi syarat dipun isi kesaenan:

Sakderengipun pengetan Maulid Nabi dipun adani tebih saking kemungkaran lan bid‘ah sayyi’ah, pramila hukumipun mubah, malah saged dados dipun anjuraken, minangka sarana syi‘ar lan katresnan dhumateng Rasulullah ﷺ.”

Kathah ulama agung wiwit jaman klasik dumugi kontemporer ingkang ngagungaken Maulid Kanjeng Nabi ﷺ. Panjenenganipun sami nyebat Maulid punika kalebet bid‘ah hasanah ingkang kebak ganjaran, amargi isiipun:

  • Ngemuti sejarahipun Kanjeng Nabi,
  • Maos shalawat,
  • Syukur dhumateng Allah awit kelairanipun Kanjeng Nabi ﷺ,
  • Nuwuhaken katresnan wonten ing manahipun umat Islam.dhumateng Rasul

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun Kanjeng Nabi Wonten ing Akhirat samangkih.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ وَاسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم

 

Khutbah II :

  اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.

 أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا  اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

  اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

 أيها الناس، اتقوا الله، وافعلوا الخيرات، واجتنبوا السيئات. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

 اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى اله وَصَحْبِهِ أجمعين وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

 اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ،إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

 ربَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ

 رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.

 سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة.

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*