MANISIPUN WOHING TAWAKKAL
Prananto, ST., MAP
Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ
أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ ,يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْن
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
Jama’ah Jum’at Rahimakumullah
Alhamdulillah, puji saha syukur kita aturaken dhumateng Allah SWT, ingkang mangerani sedaya alam ingkang Maha Nyipta. Sholawat saha salam mugi tansah lumintu dhumateng Rasulullah Muhammad SAW, keluarganipun, sahabatipun, ngantos pendherekipun dumugi akhir zaman.
Mboten katalumpen pinangka khatib ngajak dhumateng jamaah sekalian, mangga tansah ningkataken iman saha takwa dhumateng Allah SWT, awit namung kanthi sangu iman lan takwa kita badhe pikantuk kabagyan wonten akhirat samangke.
Jama’ah Jum’at Rahimakumullah
Anugerahipun Allah dhumateng manungsa saestu kathah ingkang antawisipun arupi badan wadhag, kajiwan, kapinteran, keimanan, raga lan
nyawa ingkang wonten ing setunggalipun prastawa saget dipun manfaataken. Ananging jejeripun manungsa njih tetep kemawon manungsa ingkang anggadhahi kekirangan saha winates lan ringkih. Manungsa ingkang cinipta ringkih winates menggah kekiyatan saha kesagetanipun winates ugi yuswa saha sedaya mobah musikipun.
يُرِيْدُ اللّٰهُ اَنْ يُّخَفِّفَ عَنْكُمْ ۚ وَخُلِقَ الْاِنْسَانُ ضَعِيْفًا
“ Allah kinen maringake pangentheng-entheng marang sira lan den cipta manungsa iku ing kahanan ringkih” (An Nisa : 28)
Ringkihipun manungsa ketawis rikalanipun manungsa nglampahi panggesangan punika. Kagem njangkepi kekirangan saha ringkihipun punika manungsa mbetahaken ciptaanipun Allah ingkang sanes, makhluk sanes utawi samubarang kalir sanesipun sahingga saget maujut kemaslahatan gesang sae babagan badan wadhag ugi kajiwan.
Jamaa’ah Jum’at Rahimakumulah
Wonten ing panggesangan saben dinten tuladha ingkang mapan wonten ing dhiri manungsa inggih punika mbetahaken kabetahan pokok kagem nyekapi hajat gesangipun ingkang asring kasebat al-Hājah al-asāsiyyah, kados denten toya kagem ngicali raos ngelak, dhaharan kagem nutupi raos luwe, agemana kagem nutupi badan saking benter lan asrep, kepara papan kagem berlindung, kados dene griya.
Kabetahan utami utawi Hājah asāsiyah, arupi sandang, pangan, lan papan saget ngirangi goreh lan gonjing akibat saking gonjing lan mboten jenjemipun dhiri ingkang asipat jasmani. Padharan saget tuwuk, kemakmuran wonten ing gesang saget dipun pikantuki, kepara perang saget menang, lan sedaya kesuksesan sanesipun ingkang asipat duniawi saget kawujudaken.
Sinaosa makaten, kacekapan kabetahan fisik kemawon dereng cekap, pramila kabetahan ruhani ingkang asipat kajiwan utawi psikis ingkang arupi ajaran agami ingkang saget nuwuhaken semangat saha jati dhiri saestu kabetahaken. Manungsa, wonten panggesangan pribadi lan sosialipun, kepara panggesangan ekonomi lan politik ingkang saben dinten linampahan , temtu mbetahaken pihak sanes.
Kekurangan lan kelemahan paripeksa manungsa mbetahaken bantuan, semendhe, pitulung , pelindung ingkang wonten ing saben dintenipun kasebat wakil. Wonten ing salebetipun ajaran Islam, tiyang gesang kedah anggadhahi sifat tawakal.
Jama’ah Jum’at Rahimakumullah
Miturut Imam Ahmad tawakal mujudaken amalanipun manah, sanes pocapan lisan lan sanes tumindakipun anggota badan.
Zun Nun al-Mishri ngaturaken, “Tawakal yaiku jiwa ora ngatur lan ngrantam babar blas, lan ngalisake dhiri saka daya upiya lan kekuatan. Tawakal sawijining wong dadi kuat menawa dheweke wis mangerteni menawa Allah tansah ngawuningani lan mirsani apa kang nembe katindakake.”
Ibnul-Qayyim medharaken tawakal kanthi masrahaken kanthi golong gilig sedaya urusanipun dhumateng ingkang kagungan lan masrahaken dhiri wonten ing perwakilanipun.
Tawakal anggadhahi ancas tujuan supados ngokohaken keimanan dhumateng Allah Ta’ala. Kanthi tawakal badhe ngicali sipat angkuh , putus asa wonten dhiri manungsa. Piyambakipun mboten badhe nyakiti dhumateng dhiri, stress, sakit jiwa, lan ewah, utawi nganyut tuwuh awit mboten kadumugen menapa ingkang dipun kajengaken. Kadospundi kemawon rosa lan pinteripun manungsa, piyambakipun tetep anggadhahi kelemahan saha winates salebetipun ngadhepi kawontenan tartamtu. Setunggalipun tiyang ingkang tawakal badhe tabah ngadhepi kawontenan, sinaosa anggadhahi kekirangan lan sarwa winates, awit piyambakipun rumaos dipun ampingi ingkang Maha Kuat, Maha Nuntuni, Maha Ngreksa, lan sedaya Maha sanesipun. Ngandhap punika wohipun tiyang iman ingkang anggadhahi sipat tawakkal :
- Tawakal pinangka wujud iman lan islam
Al-Qur′an nyebataken wonten ing mapinten-pinten ayat ngengingi ciri-cirinipun tiyang ingkang tawakal, inggih punika iman. Kepara antawisipun iman kaliyan tawakal mboten saget dipun pisahaken, kados dene iman kaliyan amal salih. Sahingga tiyang ingkang saestu iman temtu anggadhahi sipat tawakal. Iman lan tawakal mujudaken dhawuh saking Allah SWT. Dalam Al-Qur′an, paling mboten wonten 10 ayat ingkang gegayutan kaliyan dhawuh tiyang ingkang iman supados tawakal dhumateng Allah, sawetawis dhawuh dhumateng tiyang Islam namung setunggal ayat. Ing antawisipun ayat ingkang ndhawuhaken tiyang iman supados tawakal :
اِذْ هَمَّتْ طَّۤاىِٕفَتٰنِ مِنْكُمْ اَنْ تَفْشَلَاۙ وَاللّٰهُ وَلِيُّهُمَا ۗ وَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ
“(Elinga) rikalane rong golongan saka sira pingin (mundur) amarga wedi , kamangka Allah pinangka pitulung tumrap dheweke. Mula iku , mung marang Allah wae wong-wong mukmin padha tawakal. (Ali Imran : 122)
- Tiyang ingkang tawakal dipun tresnani Allah
Katrisnan ingkang paling inggil inggih punika katrisnan dhumateng Allah lan Rasulipun, kadosdene tiyang ingkang paling inggil derajatipun dipun tresnani Allah lan Rasulipun. Kados ingkang kababar wonten ing ayat :
فَبِمَا رَحْمَةٍ مِّنَ اللّٰهِ لِنْتَ لَهُمْ ۚ وَلَوْ كُنْتَ فَظًّا غَلِيْظَ الْقَلْبِ لَانْفَضُّوْا مِنْ حَوْلِكَ ۖ فَاعْفُ عَنْهُمْ وَاسْتَغْفِرْ لَهُمْ وَشَاوِرْهُمْ فِى الْاَمْرِۚ فَاِذَا عَزَمْتَ فَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُتَوَكِّلِيْنَ
“Mangka, amarga rahmating Allah sira (Nabi Muhammad) bisa aris marang dheweke. Saumpama sira kasar lan atos atinira, mesthi dheweke bakal padha ngedoh saka kanan kiring ira. Mula iku , apuranen dheweke , suwuna pangapura tumrap dheweke, lan musyawarah-a marang dheweke ing sakabehing urusan (penting). Sabanjure, menawa sira wis ngantepake krentek, mara tawakala marang Allah. Satemene Allah nresnani wong-wong kang padha tawakal.” (Ali Imran : 159)
- Tiyang ingkang tawakal badhe pikantuk kanikmatan donya lan akhirat
Allah SWT paring firman :
وَالَّذِيْنَ هَاجَرُوْا فِى اللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ مَا ظُلِمُوْا لَنُبَوِّئَنَّهُمْ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً ۗوَلَاَجْرُ الْاٰخِرَةِ اَكْبَرُۘ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَۙ الَّذِيْنَ صَبَرُوْا وَعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَ
“Wong kang hijrah karana Allah sawise dheweke dizalimi, mesthi Ingsun bakal maringi papan kang becik ing donya. Ganjaran ing akhirat mesthi luwih agung, saumpama dheweke padha mangerti, (yaiku) wong-wong kang sabar lan mung marang Pangeran dheweke padha tawakal. (An Nahl :41-42)
Ibnu ‘Āsyūr ngaturaken, “Sasampunipun ayat-ayat ingkang sampun kawuri dipun aturaken bilih kebangkitan sasampunipun kematian mujudaken pepesthen ingkang pinangka margi netepaken sinten ingkang leres lan sinten ingkang lepat. Rikalanipun dipun mangertosi bilih tiyang kafir punika tiyang ingkang goroh. Pramila wonten ing ayat punika dipun aturaken piwales ingkang badhe dipun tampi dening tiyang-tiyang ingkang beriman.
Tiyang-tiyang ingkang hijrah sasampunipun piyambakipun dipun dzalimi,badhe pikantuk panggesangan ingkang sae wonten ing donya. Lan wonten ing akhirat badhe pikantuk pahala ingkang ageng , arupi jannah ingkang anggadhahi kamar ingkang endah. Piyambakipun punika tiyang-tiyang ingkang sabar lan tawakal dhumateng Pangeranipun.
- Kuwawi anjagi dhiri saking gangguan syaitan
Allah SWT paring firman :
فَاِذَا قَرَأْتَ الْقُرْاٰنَ فَاسْتَعِذْ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطٰنِ الرَّجِيْمِ اِنَّهٗ لَيْسَ لَهٗ سُلْطٰنٌ عَلَى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَ اِنَّمَا سُلْطٰنُهٗ عَلَى الَّذِيْنَ يَتَوَلَّوْنَهٗ وَالَّذِيْنَ هُمْ بِهٖ مُشْرِكُوْنَ ࣖ
“Menawa sira arep maca Al-Qur’an, nyuwun reksa-a marang Allah saka setan kang binendu. Satemene dheweke (setan) ora duwe kuwasa tumrap wong-wong kang iman lan mung marang Pangerane dheweke padha tawakal. Kuwasane mung tumrap wong-wong kang ndadekake dheweke pinangka pemimpin lan wong-wong kang amarga iku dadi musyrik. (An Nahl : 98-100)
Ketawis wonten ing ayat-ayat kasebat bilih syaitan mboten kuwawi nggodha dhumateng tiyang ingkang iman lan tawakal, piyambakipun namung kuwawi nggodha dhumateng tiyang kafir ingkang ndadosaken piyambakipun pemimpin. Wahbah az-Zuhailī rikalanipun nafsiraken ayat punika ngaturaken bilih Syaitan gadhah kekiyatan, ananging piyambakipun mboten kuwawi ngganggu tiyang-tiyang ingkang ngleresaken badhe pinanggih dhumateng Allah (tiyang-tiyang beriman) saha masrahaken sedaya urusanipun dhumateng Allah.
- Kuwawi bertahan rikalanipun ngadhepi mengsah
Allah SWT paring firman :
وَيَقُوْلُوْنَ طَاعَةٌ ۖ فَاِذَا بَرَزُوْا مِنْ عِنْدِكَ بَيَّتَ طَاۤىِٕفَةٌ مِّنْهُمْ غَيْرَ الَّذِيْ تَقُوْلُ ۗ وَاللّٰهُ يَكْتُبُ مَا يُبَيِّتُوْنَ ۚ فَاَعْرِضْ عَنْهُمْ وَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ ۗ وَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا
“Dheweke (wong-wong munafik) padha celathu, “(Kewajiban kita mung) taat.” Ananging kepara, menawa dheweke wis lunga saka sira (Nabi Muhammad), saperangan dheweke ngatur siasat ana ing wayah wengi (njupuk keputusan) kang beda kelawan apa kang wis dheweke aturake. Allah nyathet siasate kang diatur ing wayah wengi iku. Mlengosa saka dheweke lan tawakala sira marang Allah. Cukup Allah wae pinangka pelindung” (An Nisa : 81)
Tahan ngadhepi mengsah, mboten namung ketahanan persenjataan, utaminipun menawi dipun kinten-kinten badhe wonten pembangkangan ingkang katindakaken dening kaum munafiq, awit rikalanipun wonten ing sangajengipun Rasul lan tiyang mukmin piyambakipun matur taat, ananging rikalanipun piyambakipun sampun makempal secara khusus, piyambakipun nindakaken persokongkolan kagem ngrisak Islam. Ananging dipun betahaken keimanan ingkang kuat dhumateng Allah lan tawakal dhumateng panjenenganipun . Sinaosa rasul lan tiyang-tiyang mukmin mboten mangertosi tipu daya kaum munafik, namung Allah nyathet saha mirsani rencana busukipun. Pramila Allah ndhawuhaken dhumateng umat Islam supados tansah tawakal dhumateng Allah saha mitadosi bilih Allah punika sak sae-saenipun pelindung
Jama’ah Jum’at Rahimakumullah
Tawakal mujudaken pakaryanipun manah, pakaryanipun kajiwan, setunggalipun ibadah ingkang awrat dipun maknani, ananging perlu dipun trepaken wonten ing panggesangan nyata. Tawakal dipun betahaken wonten panggesangan ruhaniyah utawi kajiwan awit namung kanthi tawakal setunggalipun pribadi badhe maujud. Tawakal ugi kedah kasambetaken kaliyan hukum sebab lan musababipun, sahingga tawakal mboten mligi dipun maknani pinangka mendel mboten makarya.
Tawakal badhe njurung setunggalipun priyantun anggadhahi greget saha wantun ngadhepi sedaya perkawis lan reruwetipun gesang. Tawakal pinangka bukti leresipun iman setunggalipun priyantun dhumateng Allah, sahingga Allah tresna dhumateng tiyang ingkang tawakal. Mboten wonten keangkuhan, keluhuran, lan kesombongan wonten ing panggesangan karana Allah lah ingkang nggadhahi sifat al-ālī, al-muta’ālī, al-mutakabbir lan sedaya sifat ke Maha-an sanesipun.
Makarya lan ndedonga, mujudaken setunggalipun pangejawantah ingkang sampun dados perangan saking panggesangan masyarakat umumipun selaras kaliyan etos kerja ingkang khas ingkang mesthinipun dipun gadhahi dening umat Islam. Pramila kalimat ingkang paling endah inggih punika Fa idzā faragta fanshab wailā rabbika fargab, hasbunallāh wa ni’mal wakīl, ni’mal maulā wani’man-nashīir awit sedayanipun ngemot makna bilih Allah Maha sedayanipun. Wallāhu ‘alam bish-shawāb
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ
Khutbah II
الْحَمْدُ الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا ، وأَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه.
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ أَمَّا بَعْدُ؛
فَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى : وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ.
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخَوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُواْ رَبَّنَا إِنَّكّ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَأَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَـنَا وَتَرْحَمْنَا لَـنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ
رَبَّنَا هَبْ لَـنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَاما
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة



Leave a Reply