Edisi 256 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Mengeti Prastawa Isra’ Mi’raj Nabi Muhammad SAW

MENGETI PRASTAWA ISRA’ MI’RAJ NABI MUHAMMAD SAW

Ustadz Fairuz Natha Legawa

 

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ، نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا، وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا،

مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ،

وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ، وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ،وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ.

اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَىٰ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَىٰ آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ رَبِّ اشْرَحْ لِي صَدْرِي، وَيَسِّرْ لِي أَمْرِي، وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِنْ لِسَانِي، يَفْقَهُوا قَوْلِي.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ، وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. قَالَ اللَّهُ تَعَالَىٰ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ: أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ ,بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيمِ ,يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ، وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ، وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا،وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً، وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ، إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ، وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ، وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا. أَمَّا بَعْدُ، فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللَّهِ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، وَشَرَّ الْأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ، وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلَالَةٌ، وَكُلَّ ضَلَالَةٍ فِي النَّارِ.

Para sedherek muslimin rahimakumullah

Minangka purwakaning atur, sumangga kawula dherekaken ngunjukaken syukur namung dhumateng Allah Subhanahu wa ta’ala, kanthi syukur ingkang sakyektosipun, syukur kanthi manah, lisan, sarta amalan awit sedaya rahmat sarta kanikmatan ingkang Allah paringaken dhumateng kita sami.

Sinartan penyuwunan, mugi Allah Subhanahu wa ta’ala tansah nglanggengaken sedaya rahmat lan nikmat sahingga kita saged istiqamah ing ndalem taat dhumateng ngarsanipun Allah satemah samangke saged manggih husnul khatimah. Aamiin allahumma aamiin

Shalawat sarta salam mugi tansah dipun limpahaken dhumateng junjungan kita, priyagung minulya, kekasihipun Allah, panutan sedaya umat, Nabi Muhammad Shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhumateng sedaya keluarga, sahabat, saha umat pendherek risalahipun. Kairing pangajab mugi kita pantes dados umatipun ingkang ing mbenjang sembada pikantuk syafaatipun.

Saklajengipun khatib caos wasiat, utaminipun dhumateng diri kawula pribadi khatib lan ugi dhumateng jama’ah sedayanipun, sumangga kita tansah ningkataken ketaqwaan kita dhumateng Allah Subhanahu wa ta’ala, wonten ing sadengah wekdal saha panggenan. Mugi-mugi Allah subhanahu wa ta’ala tansah ngluberaken barakah ingkang saklangkung kathah, sae ingkang dhatengipun saking langit utawi saking salebetipun bumi, kados ginambar wonten firmanipun Allah:

وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ وَلَٰكِنْ كَذَّبُوا فَأَخَذْنَاهُمْ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ

Jawinipun: “Saumpama penduduk ing sawijining laladan padha iman lan takwa, temen Ingsun bakal bukakake barokah saka langit lan bumi, ananging dheweke padha anggorohake (marang ayat-ayat Ingsun), mula dheweke Ingsun siksa amarga tumindake dhewe.” (Q. S. Al-A’raf [7] : 96)

Allah dawuh:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنْ تَتَّقُوا اللَّهَ يَجْعَلْ لَكُمْ فُرْقَانًا وَيُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ۗ وَاللَّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ

Jawinipun: “He wong kang padha iman, menawa sira kabeh padha takwa marang Allah, mangka Allah ta’ala bakal maringi furqan (tegese pituduh kanggo sira kabeh kang sira kabeh banjur bisa mbedakake antarane perkara kang ala lan becik, bener lan luput) sira kabeh, lan Allah bakal nglebur ngamal ala sira kabeh lan uga ngapura (dosa-dosa) sira kabeh.” (Q. S. Al-Anfal [8] : 29)

 

Para sedherek muslimin rahimakumullah

Dinten punika Jum’at, 16 Januari 2026, kaleres tanggal 27 Rajab 1447 Hijriyah, kaleres kaliyan salah setunggaling wekdal ingkang mengku sejarah penting, inggih punika Isra’ lan Mi’rajipun junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu ‘alaihi wasallam.

Isra’ Mi’rajipun Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wasallam minangka setunggaling kedadosan ingkang mboten nate dipun alami dening sinten kemawon kejawi namung panjenenganipun ingkang minangka utusanipun Allah ingkang pungkasan. Pramila saking punika, Isra’ Mi’raj mujudaken prastawa suci, lan minangka mukjizat kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu ‘alaihi wasallam.

 

Para sedherek muslimin rahimakumullah

Prastawa Isra’ Mi’raj tumrapipun kita kaum muslimin kalebet ewonipun kedadosan ingkang wajib kita imani wontenipun. Awit menawi mboten makaten, saged dados cacad iman lan akidahipun, jalaran prastawa Isra’ Mi’rajipun Kanjeng Nabi punika sampun dipun tetepaken wonten ing kitab suci Al-Qur’an, kados kasebat ing surat Al-Isra’ ayat 1

سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَىٰ بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا ۚإِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ

Artosipun:

Maha suci Allah kang nglakokake kawulane ana ing mangsa bengi, dilakokake saka Masjidil Haram tumeka marang Masjidil Aqsha, kang Ingsun wis paring berkah ana ing kiwa tengene, jalaran Ingsun ngersakake mirsakake dheweke, Sun pirsakake marang sebagian tandha-tandha kuwasaning-Sun. Satemene Panjenengane Allah iku Maha Midhanget lan Maha Mirsani.” (Q.S. Al-Isra’ [17] : 1)

Ayat punika nerangaken, bilih Allah subhanahu wa ta’ala kepareng paring keyakinan dhumateng kita sedaya bilih Panjenenganipun punika Dzat Ingkang Maha Kuwaos, Maha Prakasa, nanging ugi Maha Welas Asih. Kanjeng Nabi dipun dhawuhi ngraosaken lan mirsani piyambak tandha-tandha kuwaosipun Allah ingkang gumelar wonten ing perjalanan Isra’ipun, punapa malih nalika panjenenganipun dipun Mi’rajaken ngantos dumugi ing sidratul muntaha, lan saged sowan langsung wonten ing ngarsanipun Allah Subhanahu wa ta’ala.

Prastawa Isra’ lan Mi’raj kedadosan rikalanipun Kanjeng Nabi nandang sungkawa awit tinilar pamanipun ingkang asma Abu Thalib ugi tinilar garwanipun kinasih inggih menika Khadijah radhiyallahu ‘anha. Ingkang kalih-kalihipun punika minangka pambela rikalanipun kaum Quraisy sami mengsahi Kanjeng Nabi.

Kathah pralampita ingkang tinampi dening Kanjeng Nabi rikalanipun Isra’ Mi’raj ing antawisipun ingkang kacariyos wonten ing hadist Shahih Muslim nomer 252:

وَحَدَّثَنَا أَبُو بَكْرِ بْنُ أَبِي شَيْبَةَ، حَدَّثَنَا أَبُو أُسَامَةَ، حَدَّثَنَا مَالِكُ بْنُ مِغْوَلٍ. وَحَدَّثَنَا ابْنُ نُمَيْرٍ وَزُهَيْرُ بْنُ حَرْبٍ جَمِيعًا عَنْ عَبْدِ اللَّهِ بْنِ نُمَيْرٍ، وَاللَّفْظُ مُتَقَارِبٌ. قَالَ ابْنُ نُمَيْرٍ: حَدَّثَنَا أَبِي، حَدَّثَنَا مَالِكُ بْنُ مِغْوَلٍ، عَنْ الزُّبَيْرِ بْنِ عَدِيٍّ، عَنْ طَلْحَةَ، عَنْ مُرَّةَ، عَنْ عَبْدِ اللَّهِ قَالَ: لَمَّا أُسْرِيَ بِرَسُولِ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، انْتَهَىٰ بِهِ إِلَىٰ سِدْرَةِ الْمُنْتَهَىٰ، وَهِيَ فِي السَّمَاءِ السَّادِسَةِ. إِلَيْهَا يَنْتَهِي مَا يَعْرُجُ بِهِ مِنَ الْأَرْضِ فَيُقْبَضُ مِنْهَا، وَإِلَيْهَا يَنْتَهِي مَا يَهْبِطُ بِهِ مِنْ فَوْقِهَا فَيُقْبَضُ مِنْهَا. قَالَ: إِذْ يَغْشَى السِّدْرَةَ مَا يَغْشَى، قَالَ: فَرَاشٌ مِنْ ذَهَبٍ. قَالَ: فَأُعْطِيَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ ثَلَاثًا:

أُعْطِيَ الصَّلَوَاتِ الْخَمْسَ، وَأُعْطِيَ خَوَاتِيمَ سُورَةِ الْبَقَرَةِ،وَغُفِرَ لِمَنْ لَمْ يُشْرِكْ بِاللَّهِ مِنْ أُمَّتِهِ شَيْئًا مُقِيمَةً.

Ingkang wosipun hadist inggih punika:

Lan wis nyaritakake marang kita kabeh [Abu Bakar bin Abu Syaibah] wis nyaritakake marang kita kabeh [Abu Usamah] wis nyaritakake marang kita kabeh [Malik min Mighwal]. (Ing riwayat liya kasebut uga) lan wis nyaritakake marang kita kabeh [Ibnu Numair] lan [Zuhair bin Harb] kabeh iku saka [Abdullah bin Numair] lan lafadz dheweke padha cerak. [Ibnu Numair] matur, wis nyaritakake marang kita kabeh [bapakku] wis nyaritakake marang kita kabeh [Malik bin Mighwal] seka [az-Zubair bin Adi] seka [Thalhah] seka [Murrah] seka [Abdullah] dheweke matur, “Rikalane Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam diisra’ke mangka Panjenengane disumenake ing Sidrah al-Muntaha, (yaiku papan) kang cumondhok ana ing langit kang kaping enem. Sakabehing perkara kang munggah bumi bakal nglumpuk ing kana lan ditahan ing kana. Lan sakabehing perkara seka ing dhuwure bakal mandeg ing kana lan ditahan ing kana.” Allah paring firman: ‘(Muhammad mirsani Jibril rikalane Sidratil Muntaha ditutupi dening perkara kang nutupi)’ (Q.S. An-Najm : 16). Abdullah matur maneh, “Yaiku permadani saka emas.” Dheweke matur maneh, “Banjur Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam pinaringan perkara telu: shalat limang wektu, ayat-ayat panutup surat Al-Baqarah, lan diapura dosa-dosa gedhe saka wong kang ora nyekutokake marang Allah kanthi sawijing perkara saka sadengah umate Kanjeng Nabi.”

Para sedherek muslimin rahimakumullah

Saking hadist kasebat wonten tigang perkawis ingkang tinampi dening Gusti Kanjeng Nabi rikalanipun Isra’ Mi’raj ingkang saestu mujudaken kanugrahan ingkang ageng tumrap umatipun ngantos akhir zaman samangkih.

Tigang perkawis punika menawi kakabar setunggal baka setunggal:

Ingkang sepisan: Kaparingan Dhawuh Shalat.

Kacihna kanthi kautamaan saking shalat gangsal wekdal, ing antawisipun saged nyegah ahlinipun saking tumindak jember lan mungkar sahingga badhe mbekta kawilujengan ing panggesangsanipun wiwit donya dumuginipun akhirat samangkih.

Kathah riwayat ingkang nyebataken kautamaan utawi fadhillah saking shalat punika, kepara menawi katindakaken kanthi berjama’ah ganjaranipun badhe pun tikel-matikelaken, pinaringan berkah gesangipun ing donya, pun enthengaken rikalanipun sakaratul maut, pinaringan rahmat nalikanipun pejah, pun singkiraken saking siksa kubur, pun enthengaken rikalanipun dipun hisab, saged lumampah ing Shirat kanthi cepet kados thathit ingkang cumelat, pun tebihaken saking neraka lan pun lebetaken dhateng swarga.

Mila shalat mujudaken kanugrahan ingkang saestu istimewa dhumateng Kanjeng Nabi lan umatipun. Pramila sumangga kita jejegaken shalat gangsal wekdal punika lan ampun katalumpen tansah ngemutaken dhumateng keluwarga   kita    ngantos        putra wayah samangkih.

 

Ingkang angka kalih: pinaringan pusaka doa ingkang kacetha ing ayat-ayat panutupipun surat Al-Baqarah.

رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا ۚ رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا ۚ

رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ ۖ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا ۚ أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ

Artosipun:

“Dhuh pangeran kita, ampun ngantos paduka paring paukuman dhateng kita menawi kita kesupen utawi lepat. Dhuh pangeran kita, ampun ngantos paduka mikulaken dhumateng kita beban ingkang awrat kadosdene sampun paduka pikulaken dhumateng tiyang-tiyang sak dereng kita. Dhuh pangeran kita, ampun ngantos paduka mikulaken dhumateng kita punapa ingkang mboten kuwawi kita pikul ing perkawis punika, mugi paduka paring ngapunten dhateng kita, sepura dhateng kita, lan paring rahmat dhumateng kita. Paduka pangreksa kita. Pramila, mugi paduka pitulung dhumateng kita saklebetipun ngadepi tiyang-tiyang kafir.” (Q.S. Al-Baqarah [2] : 286)

Ingkang kaping tiga: Allah badhe paring pangapunten dhumateng umatipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW awit saking tumindak dosa sepinten kathahipun sakdangunipun tiyang punika mboten nyekutokaken Allah dhumateng setunggaling perkawis (dosa syirik).

Para sedherek muslimin rahimakumullah

Menika saperangan kautamaan ingkang siningit wonten ing wulan Rajab, mugi-mugi Allah paring rahmat, taufiq, lan hidayahipun dhumateng kita sedaya sahingga wilujeng wiwit donya punika dumugi ing akhirat samangkih.

Makaten ingkang saged kawula aturaken ing khutbah menika. Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah Subhanahu Wa Ta’ala samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah lan Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saestu.

Samukawis atur kula ingkang lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak tebihipun, lan mugi panjenengan sedaya kersa angluberaken samudra ing pangarsami.

Peputoning atur, sumangga kita pungkasi khutbah menika kanthi ndedunga sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, sehat lahir dan batin, manfaat dunia akhirat. Pinaringan hidayah, inayah, lan kekiyatan. Sahingga saget dados peranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut ngrembakakaken jejegipun syariat Islam kanthi kafah, tansah setya tuhu manuladhani kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam ngantos puput yuswa kanthi kawontenan husnul khatimah ‘ala syahadati ahlusunnah wal jama’ah. Aamiin yaa rabbal ‘aalamiin

جَعَلَنَا اللَّهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْفَائِزِينَ الْآمِنِينَ، وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ الْمُؤْمِنِينَ.

أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ  بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَٰنِ الرَّحِيمِ

وَالْعَصْرِ  إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ  إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ،

وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ، وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ

بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِالْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ.

إِنَّهُ تَعَالَىٰ جَوَادٌ كَرِيمٌ، مَلِكٌ بَرٌّ، رَءُوفٌ رَحِيمٌ.

 

Khutbah II

الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ، وَبِهِ نَسْتَعِينُ عَلَىٰ أُمُورِ الدُّنْيَا وَالدِّينِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَىٰ أَشْرَفِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِينَ، وَعَلَىٰ آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ.  أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَىٰ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَىٰ آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ.أَمَّا بَعْدُ،

فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ، وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. قَالَ اللَّهُ تَعَالَىٰ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ:

أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ  بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَٰنِ الرَّحِيمِ

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَىٰ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ،وَعَلَىٰ آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ،كَمَا صَلَّيْتَ عَلَىٰ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ،

وَعَلَىٰ آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ،وَبَارِكْ عَلَىٰ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ،وَعَلَىٰ آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ،كَمَا بَارَكْتَ عَلَىٰ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَعَلَىٰ آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ،فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.

اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ،وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ،الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ،إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ الدَّعَوَاتِ،وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا،وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَالَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ.اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَىٰ،وَالتُّقَىٰ، وَالْعَفَافَ، وَالْغِنَىٰ.

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ سَلَامَةً فِي الدِّينِ،

وَعَافِيَةً فِي الْجَسَدِ،وَزِيَادَةً فِي الْعِلْمِ،وَبَرَكَةً فِي الرِّزْقِ،وَتَوْبَةً قَبْلَ الْمَوْتِ،وَرَحْمَةً عِنْدَ الْمَوْتِ،وَمَغْفِرَةً بَعْدَ الْمَوْتِ.اللَّهُمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِي سَكَرَاتِ الْمَوْتِ،وَالنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ،وَالْعَفْوَ عِنْدَ الْحِسَابِ.

اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِينَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا،وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي فِيهَا مَعَاشُنَا،وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِي فِيهَا مَعَادُنَا،وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ،وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.

رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا،وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً،إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ.اللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ،وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ.

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ،وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا.رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ.رَبَّنَا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا،وَكَفِّرْ عَنَّا سَيِّئَاتِنَا،وَتَوَفَّنَا مَعَ الْأَبْرَارِ.

رَبَّنَا أَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا،وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا،وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.رَبَّنَا إِنَّنَا آمَنَّا،فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا،

وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا،وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا،وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا،وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ مُنْكَرَاتِ الْأَخْلَاقِ،وَالْأَعْمَالِ، وَالْأَهْوَاءِ. اللَّهُمَّ أَعِنَّا عَلَىٰ ذِكْرِكَ،

وَشُكْرِكَ،وَحُسْنِ عِبَادَتِكَ.

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا،وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ،وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِلَّذِينَ آمَنُوا،رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ.

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ حُسْنَ الْخَاتِمَةِ،اللَّهُمَّ ارْزُقْنَا تَوْبَةً نَصُوحًا قَبْلَ الْمَوْتِ.اللَّهُمَّ يَا مُقَلِّبَ الْقُلُوبِ، ثَبِّتْ قُلُوبَنَا عَلَىٰ دِينِكَ.

رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا،إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ، وَتُبْ عَلَيْنَا،إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ.

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً،وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنَ النَّارِ، وَأَدْخِلْنَا الْجَنَّةَ مَعَ الْأَبْرَارِ، يَا عَزِيزُ، يَا غَفَّارُ، يَا رَبَّ الْعَالَمِينَ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ، وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ،وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*