NDANDOSI LAMPAH GESANG
Ustadz Sumedi S. Pd., M.A
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ وَنُودُوا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُورِثْتُمُوهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ
قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
وَقَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
وَقَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
وَقَالَ تَعَالَى: قَدْ أَفْلَحَ مَنْ زَكَّاهَا. وَقَدْ خَابَ مَنْ دَسَّاهَاأَمَّا بَعْد
Hadirin kaum Muslimin Jamaah Jumat ingkang dipun mulyakaken Allah SWT
Alhamdulillahi rabbil ‘alamin, puji syukur kita aturaken dhumateng Allah ingkang tansah maringi dhumateng kita mawerni-werni kanikmatan, ngantos wekdal sapunika kita taksih pinaringan kesehatan lan umur panjang; saha saget nindaki ibadah shalat Jumat wonten masjid ingkang
minulya punika. Mugi-mugi kanthi raos syukur sawau, Allah kepareng tansaya nambahi asihipun dhumateng kita sedaya. Aamiin
Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng Rasulullah Muhammad sarta kulawarganipun, para sahabat lan sedaya umatipun ingkang tansah setya nindakaken sunnah-sunnahipun ngantos akhir zaman.
Keparenga pinangka khatib kawula ngajak dhumateng sedaya hadirin supados tansah ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah, kanthi nindakaken dhawuhipun saha nebihi sedaya ingkang dados awisanipun.
Wonten ing titilaksana wekdal ingkang minulya punika kawula badhe ngaturaken babagan “Ndandosi Lampah Gesang” utawi Iṣlāḥun nafs (إصلاح النفس
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Iṣlāḥun nafs (إصلاح النفس) tegesipun upiya ndandosi dhiri, nyucekaken jiwa, ngersiki akhlak ingkang awon saha nuwuhaken sifat-sifat ingkang pinuji supados celak dhumateng Allah.
Ukara iṣlāḥ punika saking ص-ل-ح ingkang tegesipun “sae” utawi “nyae_aken”. Pramila iṣlāḥun nafs punika upiya ndadosaken dhiri sakelangkung sae, resik lan taat dhumateng Allah.
Ing ndalem tasawuf, ishlahun nafs kalebet peranganipun tazkiyatun nafs utawi nyuceni jiwa. Allah paring firman wonten ing Surat Asy-Syams ayat 9–10
قَدْ أَفْلَحَ مَنْ زَكَّاهَا. وَقَدْ خَابَ مَنْ دَسَّاهَا
“Temen begja wong kang padha nyucèkaké atiné, lan temen karugen wong kang padha ngeregeti atine .”
Ayat punika njlentrehaken bilih kabegjan manungsa mboten gumantung dhumateng bandha utawi drajat pangkat, ananging gumantung dhumateng upiya nyucèkaken dhiri. Tiyang ingkang upiya ngresiki jiwanipun saking sifat riya’, su’udzon, srakah, lan kemrungsung bakal diparingi kamulyan.
Wonten ing Surat Ar-Ra’d ayat 11 Allah ugi paring firman:
إِنَّ اللّٰهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوْمٍ حَتّٰى يُغَيِّرُوا مَا بِأَنْفُسِهِمْ
“Allah ora bakal ngowahi kahanané sawijining kaum, nganti wong-wong mau gelem ngowahi kahanané awake dhewé.”
Saking ayat punika saged dipun mangertosi bilih owah-owahan ageng punika tansah dipun wiwiti saking owah-owahan pribadi. Kita mboten saged ngarep-arep kulawarga, masyarakat, utawi negari dados sae menawa kita piyambak dereng purun mbeneraken dhiri.
Allah ugi paring firman wonten ing Surat Al-Hasyr ayat 18:
يٰٓأَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ
“He wong-wong kang padha iman, takwa_a sira marang Allah lan supaya saben-saben dhiri andulu marang awake dhewe apa kang wis den samektakake kanggo ngadhepi dina sesuk.”
Ayat punika nerangaken supados tiyang-tiyang ingkang sami iman punika kersa mawas dhiri gegayutan kaliyan amal kesaenanipun ingkang samangke badhe nylametaken wonten ing dinten kiamat.
Rasulullah SAW paring sabda:
أَلَا وَإِنَّ فِي الْجَسَدِ مُضْغَةً… إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الْجَسَدُ كُلُّهُ
“Mangertia menawa ana ing jasade manungsa iku ana saprongkol daging, menawa becik mangka bakal becik uga awak sakabehane”
(HR. Bukhari lan Muslim)
Ndadosi dhiri punika dipun awiti saking ndandosi manah awit sedaya mobah musikipun badan punika dipun kendhaleni dening manah.
Shahabat Umar bin Khattab nate ngendika:
حَاسِبُوا أَنْفُسَكُمْ قَبْلَ أَنْ تُحَاسَبُوا
“Hisaben awak ira sadurunge sira kabeh dihisab dening Allah.”
Muhasabah punika pinangka intinipun ishlahun nafs kagem ngetang-etang, ndandosi, saha ningkataken amal kesaenan.
Imam Al-Ghazali ing ndalem kitab Ihyā’ ‘Ulūm al-Dīn ngaturaken:
مَنْ عَرَفَ نَفْسَهُ جَاهَدَهَا فِي إِصْلَاحِهَا
“Sapa wae kang tepung marang dhiri pribadine bakal temen anggone ndandani pribadine”
Ma’rifah (ngenal dhumateng diri) badhe nuwuhaken greget perjuangan ndandosi kekiranganipun tumuju kesaenan.
Ibnul Qayyim wonten ing kitab Madarijus Salikin njlentrehaken:
وَإِصْلَاحُ الْقَلْبِ أَصْلٌ لِإِصْلَاحِ الْعَبْدِ كُلِّهِ
“ndandani ati iku pinangka lelandhesan tumrap ndandani dhiri sakabehane”
Wondene tataranipun Iṣlāhun Nafs menika wonten gangsal:
- Tazkiyatun Nafs (nyuceni dhiri saking sifat ingkang awon)
Tazkiyatun nafs punika upaya nyucèkaken batin, ngresiki kalbu saking sifat dursila kados riya’, sombong, hasud, lan sakpanunggalipun. Ing tataran punika, tiyang dipun-ajaraken supados tansah ndedonga, ngamalaken dzikir, lan ndherek marginipun syariat.
قَدْ أَفْلَحَ مَنْ زَكَّاهَا
“Temtu wong kang bejo yaiku wong kang nyucèkaké jiwane.” (QS. Asy-Syams: 9)
- Tahdzibul Akhlaq (nanemaken akhlak ing mulya)
Tahdzibul akhlaq punika nglatih lan nandur budi pekerti ingkang utama, kados sabar, jujur, tawadhu’, lan tepa slira. Menika minangka tataran pambentukan karakter sasampunipun jiwa niku resik.
وَإِنَّكَ لَعَلَىٰ خُلُقٍ عَظِيمٍ
“Satemene sira ana ing akhlak kang agung.” (QS. Al-Qalam: 4)
- Mujāhadatun Nafs (berjuang merang hawa nafsu)
Mujahadah punika perjuangan nglawan hawa nafsu, ngendhaleni syahwat, emosi, lan kesaenan palsu. Menika usaha terus-terusan, amargi hawa nafsu punika mboten nate kendel.
وَالَّذِينَ جَاهَدُوا فِينَا لَنَهْدِيَنَّهُمْ سُبُلَنَا
“Wong-wong kang padha mujahadah karana Ingsun, mesthi bakal Ingsun tuduhake dalan-dalan Ingsun.” (QS. Al-‘Ankabut: 69)
- Muhāsabah (mawas dhiri)
Muhasabah punika ngéling-éling lan niteni tumindak pribadi, mirsani kalepatan lan mbetulaké kekirangan. Wong mukmin tansah ndeleng dhiri, taksih kurang ing pundi, lan kepiye kedah ndandosi.
يٰٓأَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ
“He wong-wong kang padha iman, takwa_a sira marang Allah lan supaya saben-saben dhiri andulu marang awake dhewe apa kang wis den samektakake kanggo ngadhepi dina sesuk.” (QS. Al-Hasyr: 18)
- Taqwa pinangka pungkasanipun tujuan
Puncaking iṣlāhun nafs punika taqwa, inggih menika manungsa ingkang manahipun resik, akhlakipun mulya, lan tumindakipun tansah manut dhawuh Gusti Allah. Taqwa punika dados tujuan akhir, amargi menika drajat ingkang paling luhur wonten ing ngarsanipun Allah.
إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ
“Satemene wong kang paling mulya ana ing ngarsane Allah yaiku kang paling taqwa.” (QS. Al-Hujurat: 13)
Sawetawis lampah ndandosi dhiri inggih punika kanthi ndandosi Akhlak ingkang awon saha nuwuhaken akhlak ingkang sae
Akhlaq mazmumah (ingkang kedah dipun icali):
- riya’
- hasad
- pamer
- muring
- keset ngibadah
- leluwiyan anggenipun remen kadonyan
Akhlaq mahmudah (ingkang kedah katanemaken):
- sabar
- syukur
- ikhlas
- tawakal
- qana’ah
- amanah
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Wosipun bilih Iṣlāḥun nafs punika kewajiban agami ingkang nuntun manungsa tumuju derajat takwa ingkang lelandhesan Al-Qur’an, hadits, saha ajaran ulama ingkang shalih.
Wondene ndandosi dhiri punika kedah lumampah salajengipun mboten wonten kendhatipun.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ
Khutbah II
الْحَمْدُ الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا ، وأَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه.
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ أَمَّا بَعْدُ؛
فَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى : وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ.
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخَوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُواْ رَبَّنَا إِنَّكّ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَأَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَـنَا وَتَرْحَمْنَا لَـنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَاما
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يِوْمِ الدِّيْنِ وَآَخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ



Leave a Reply