Edisi 232 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Ngreksa Ibadah Shalat

NGREKSA IBADAH SHALAT

Ustadz Sumedi

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

 اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا وَرَسُوْلِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى ا للهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَتَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا ، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

أَمَّا بَعْدُ

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Alhamdulillahi rabbil ‘alamiin, awit  rahmat lan barokah saking Allah, kita sedaya saget rawuh wonten ing masjid punika kagem nindakaken salah setunggal kewajiban kita pinangka umat Islam, inggih punika shalat Jumat.

Shalawat saha salam mugi tansah kalimpahaken dhumateng Nabi kita, Muhammad ﷺ, keluarganipun, para sahabatipun saha sedaya  umat Islam ingkang tansah midherek sunnahipun ngantos akhir zaman.

 

Kita wasiataken dhumateng diri kawula pribadi saha sedaya para jamaah shalat Jumat , supados tansah takwa dhumateng  Allah Subhanahu wa Ta’ala, kanthi nindakaken dhawuhipun saha nebihi awisanipun.

Kita tindakaken dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang kanthi saestu saha nebihi awisanipun-awisanipun Allah Ta’ala satebih-tebihipun, wonten pundi kemawon kita dumunung.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Wonten ing kesempatan khutbah menika, kawula badhé nyarengi panjenengan sedaya ngrembag babagan agung, inggih punika ngreksa shalat. Gusti Allah ngendika ing Sūrat Al-Baqarah ayat 238:

حَافِظُوْا عَلَى الصَّلَوٰتِ وَالصَّلٰوةِ الْوُسْطٰى وَقُوْمُوْا لِلّٰهِ قٰنِتِيْنَ

“Jaganen shalat-shalat ira, utamane shalat tengahan (ashar), lan jejegna  shalat kanthi khusyuk karana Allah.” (QS. Al-Baqarah: 238)

Ayat punika ngandhut dhawuh langsung saking Gusti Allah dhumateng umat Islam supados tansah ngreksa shalat gangsal wekdal.

Tembung “ḥāfiẓū” punika tegesipun mboten namung nglampahi shalat kemawon, nanging ugi ngreksa wekdalipun, syarat, rukun, saha kekhusyukanipun. Tegesipun, kita sami kedah ngupados kanthi estu-estu supados mboten nilar shalat, sarta tansah nglampahi kanthi leres miturut tuntunan syari’at.

Tembung “waṣ-ṣalāti al-wusṭā” punika miturut kathahipun ulama tafsir dipunartosaken shalat Ashar. Shalat menika dipunlampahi ing wekdal gilir gumantosipun wekdal saking sonten kaliyan dalu, ingkang asring ndadosaken manungsa kemrungsung sahengga kirang khusuk. Pramila, shalat Ashar punika dipunparingi kawigatosan khusus supados mboten katilar.

Tembung “wa qūmū lillāhi qānitīn” maringi pitutur supados kita sami nglampahi shalat kanthi khusyuk, andhap asor, lan ketundhukan dhumateng Gusti Allah. Shalat punika mboten namung raga ingkang obah, nanging ugi manah kedah nyawiji dhateng Pangeran. Punika dados sarana nglatih rohani supados kita tansah emut dhateng Gusti ing saben dinten, ing saben lampah gesang.

Ngreksa shalat punika ugi tegesipun ngreksa iman. Tiang ingkang istiqāmah ing shalat, insyā’ Allāh badhé dipunlindungi akhlakipun, rejekinipun, saha gesangipun. Shalat punika pawitan tentreming jiwa, panglebur dosa, lan cahya dhateng margi kamulyan.

Pramila, sumangga sami-sami kita ngreksa shalat kanthi tulus, ngudi pangayoman batin saking ibadah menika.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Rasulullah sampun paring sabda wonten ing hadits Riwayat Bukhari no. 520:

إِنَّ أَوَّلَ مَا يُحَاسَبُ بِهِ العَبْدُ يَوْمَ القِيَامَةِ مِنْ عَمَلِهِ: الصَّلَاةُ، فَإِنْ صَلُحَتْ فَقَدْ أَفْلَحَ وَأَنْجَحَ، وَإِنْ فَسَدَتْ فَقَدْ خَابَ وَخَسِرَ

“Satemene amal kang kawitan dihisab ana ing akhirat yaiku shalat. Yen becik shalate, kabeh amal liyane bakal apik dene Yen rusak shalate , kabeh amale uga bakal rusak.”

Hadits kasebat ngiyataken dhateng kita kenging punapa wigatosipun shalat kedah dipun reksa, mboten sanes supados kita pikantuk kabegjan wonten ing akhirat kanthi saenipun amal ingkang kasebabaken saenipun shalat. Manawi shalatipun leres, ateges tiyang punika saged nglampahi ajaran-ajaran sanes kanthi leres ugi. Nanging manawi shalatipun risak, mila amal-amal sanes ugi saged kabeta risak.

Menika maringi motivasi dhumateng kita sedaya supados tansah ngatos-atos  nglampahi shalat. Mmboten namung nglampahi formalitas, nanging ugi kedah dipunupados supados shalat kita dipuntampi wonten ing ngarsanipun Gusti Allah.

Nalika Nabi nyebat ‘aflaḥa wa anjaḥa’, punika tegesipun kasuksesan akhirat punika kawiwitan saking shalat. Menika mbuktèkaken bilih shalat punika mboten nawung kewajiban, nanging ugi sarana tumuju dhumateng kabegjan langgeng.

Zamanipun kanjeng Nabi kaliyan sakmenika kawontenanipun benten sanget awit kala semanten dereng kathah werni-werni kados sakmenika ingkang temtunipun njalari tiyang ugi gadhah kesibukan ingkang mawerni-werni ugi. Ingkang ateges perjuangan ngreksa ibadah shalat wonten ing wekdal punika langkung awrat saha langkung dipun betahaken.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

 Rasulullah ugi paring sabda wonten ing hadits Riwayat Muslim no. 82:

بَيْنَ الرَّجُلِ وَبَيْنَ الشِّرْكِ وَالْكُفْرِ تَرْكُ الصَّلَاةِ

Antarane wong lan kekafiran iku watesé yaiku ninggal shalat.”

Hadits menika nerangaken bilih nilar shalat punika mbebayani sanget, awit dados pembeda antawisipun tiyang beriman kaliyan ingkang kufur.

Nabi Muhammad ﷺ ngandharaken bilih tiyang ingkang nilar shalat punika sami kaliyan tiyang ingkang nyedhak dhateng kekafiran. Menika nedahaken bilih shalat punika pilar utama saking iman.

Tegesipun, manawi tiyang sampun mboten nglampahi shalat, kados-kados mmboten wonten malih tandha-tandha Islam ing piyambakipun. Punika kedah dados pangeling-eling dhumateng kita sedaya, supados mmboten ngremehaken shalat.

Mila kita sami kedah niti priksa: punapa shalat kita sampun pas wekdal dereng? Sampun istiqāmah utawi dereng? Nilar shalat punika sanes dosa alit, nanging ancaman ingkang ageng dhumateng iman kita.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Wonten ing hadits riwayat  Tirmidzi no. 2113 Kanjeng Nabi ugi paring sabda:

مَنْ حَافَظَ عَلَيْهَا كَانَتْ لَهُ نُورًا وَبُرْهَانًا وَنَجَاةً يَوْمَ الْقِيَامَةِ، وَمَنْ لَمْ يُحَافِظْ عَلَيْهَا لَمْ يَكُنْ لَهُ نُورٌ وَلَا بُرْهَانٌ وَلَا نَجَاةٌ، وَكَانَ يَوْمَ الْقِيَامَةِ مَعَ قَارُونَ وَفِرْعَوْنَ وَهَامَانَ وَأُبَيِّ بْنِ خَلَفٍ

 

Sapa kang njaga shalat, bakal ana cahya lan keselametané ing akhirat. Sapa kang ninggal shalat, bakal kumpul bareng karo Fir’aun, Qarun, Haman, lan Ubay bin Khalaf (tokoh kafir).

Hadits punika nedahaken bilih shalat punika dados lampu padhang (nūr), bukti kasaksèn (burhān), saha jaminan keselamatan (najāt) ing dinten Qiyāmah.

Tegesipun, tiyang ingkang njagi shalat kanthi istiqamah punika badhe diparingi pitedah, dipun lindungi, lan pinaringan kamulyan nalika dinten pengadilan.

Pinaringan cahya (nūr) punika artosipun Gusti Allah badhe maringi pitedah, supados tiyang punika saged ngliwati margi kanthi padhang ing akhirat. Padhang menika mboten namung ing alam kubur, nanging ugi ing padang mahsyar, nalika tiyang sami nengga putusan Gusti Allah.

Burhān tegesipun bukti. Shalat punika dados bukti nyata bilih tiyang punika taat dhateng Gusti Allah. Menawi shalatipun sae, pramila amal sanesipun ugi saged dipun tampi .

Najāt artosipun kawilujengan. Tiyang ingkang njagi shalat punika badhe pinaringan kabingahan lan kawilujengan saking siksaan akhirat. Shalat punika kunci tumuju swarga.

Wondene, tiyang ingkang mmboten njagi shalat punika mboten badhe angsal cahya, bukti, lan keselamatan. Lajeng, piyambakipun  badhe dipun kempalaken kaliyan para tokoh ingkang duraka, kados dene:

  • Qārūn, ingkang umuk lan kagungan bandha nanging mmboten purun shadaqah.
  • Fir’aun, raja zalim ingkang ngaku dados Gusti.
  • Hāmān, penasihat Fir’aun ingkang nyengkuyung kelaliman.
  • Ubay bin Khalaf, salah satunggaling tokoh munafik mengsahipun Nabi Muhammad ﷺ.

Menika ndadosaken bebaya ageng kangge tiyang ingkang nglirwakaken shalat. Punapa malih, ninggal shalat saged kalebet tindakan kufur, kados ing sabda Nabi, “Batas antara iman lan kufur punika shalat.”

Rasulullah paring Sabda wonten ing Hadit Riwayat Bukhari no. 553):

مَنْ تَرَكَ صَلَاةَ الْعَصْرِ فَقَدْ حَبِطَ عَمَلُهُ

“Sapa kang ninggalake shalat ashar, amal-amal beciké pada lebur mawur (ora ana gunané).”

Tembung “Ḥabiṭa ‘Amaluhu”  Tegesipun: “Amalipun dados sia-sia.”

Hadits punika nyariosaken bilih shalat Ashar punika kagolong shalat ingkang saestu penting, ngantos Nabi ﷺ ngendika bilih sinten kemawon ingkang nglirwaaken shalat punika, amal-amalipun saged mboten kaanggep utawi lebur mawur. Makaten agengingpun shalat Ashar wonten ing syariat.

Shalat Ashar minangka ujian kapinteran lan kesetiaan
wanci ashar punika wanci antawisipun sibuk-sibukipun manungsa, inggih  kesibukan nyambut damel utawi istirahat.

Nglampahi shalat ing wekdal punika minangka tandha kawigatosan dhateng dhawuhipun Allah, lan ujian kesetiaan tiyang mukmin.

Nilar Shalat ashar pikantuk ancaman ageng, Nabi ﷺ mboten ngendika bilih namung pikantuk dosa, nanging malah samukawis amal sae saged batal lan mboten dipun anggep.

Punika nedahaken ancaman ingkang awrat sanget dhateng tiyang ingkang ngremehaken shalat, utaminipun shalat Ashar.

Miturut para ulama, makna “habiṭa ‘amaluhu” saged dados amalipun mboten angsal ganjaran, utawi tandha-tandha kemunafikan tiyang menika.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Kita sami kedah emut, bilih shalat punika mboten namung ibadah jasmani, nanging ugi ibadah rohani ingkang kagayut kaliyan iman. Para ulama ngendika, tiyang ingkang tansah ngreksa shalat, badhé dipunreksa tiyangipun saking maksiat, saking kelakuan awon, lan dipun tuntun dhateng kabegjan donya lan akhirat.

Shalat punika ugi minangka benteng saking gangguan setan, saking kekosongan jiwa, lan saking krisis akhlak. Pramia, tiyang ingkang jejeg shalatipun punika saged dados tiyang ingkang sabar, andhap asor, lan rahayu sesambetanipun kaliyan sesami.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ بِاْلُقْرءَانِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ ِبمَا ِفيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهٗ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 

Khutbah II

  اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

  أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

 اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ   اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.

اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ

إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

 

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*