Edisi 227 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Ngresepi Maknanipun Wulan Muharam 1447 H

 NGRESEPI MAKNANIPUN  WULAN MUHARAM 1447 H

Ustadz H Suyitno

Khutbah I

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ وَنُودُوا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُورِثْتُمُوهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الَّدِيْنَ ِ

قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

 وَقَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.

 وَقَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًاأَمَّا بَعْد.

يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ ۚ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرٌۢ بِمَا تَعْمَلُونَ

 

Hadirin Jamaah Jumat  Rahiimakumullah.

Alhamdulillahi rabbil ‘alamin, puji syukur kita aturaken dhumateng Allah  ingkang sampun maringi dhumateng kita mawerni-werni kenikmatan, ngantos wonten ing wekdal punika tasih pinaringan kesehatan saha panjang yuswa; saha saget ngrawuhi ibadah shalat Jumat wonten ing masjid ingkang minulya punika. Mugi-mugi kanthi raos syukur kasebat, Allah kepareng nambah nugrahanipun dhumateng kita sedaya. Amiin

Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng Rasulullah Muhammad  saha  keluarga, para sahabat lan sedaya umatipun ingkang setya dhumateng nindakaken sunnah-sunnahipun ngantos akhir zaman. Mugi kaparengaken pinangka khatib kawula ngajak dhumateng sedaya hadirin supados tansah ningkataken iman saha takwa dhumateng Allah, kanthi nindakaken sedaya dhawuh saha nebihi sedaya perkawis ingkang dipun awisi.

 

Hadirin Jamaah Jumat  Rahimakumullah.

Dinten menika kita sedaya sampun mungkasi akhiripun  warsa 1446 H tumuju awalipun warsa enggal inggih tanggal 1 Muharam 1447 H. Pinangka umat muslim temtu kemawon kita badhe mendhet makna saking gumantosipun warsa khususipun gumantosipun warsa Hijriyah pinangka gantos ingkang sakelangkung sae.

Sae rikalanipun gumantosipun saha anggenipun mahargya saha anggenipun ngisi wulan-wulan hijriyah ingkang badhe dumugi. Wonten mapinten-pinten perkawis ingkang saestu baken tumrap umat muslim ingkang perlu kawigatosaken:

  1. Ngleresaken amalan ngramekaken warsa enggal Hijriyah ing dalunipun 1 Muharam

Ngramekaken warsa enggal hijriyah kanthi pesta kembang api, ngurupaken lilin, utawi  damel pesta dhahar kanthi leluwihan wonten salebetipun mengeti warsa enggal hijriyah, cetha sanget bilih mboten wonten tuntunanipun.

Awit mangayu bagya warsa enggal hijriyah makaten mboten nate tuladha saking  Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam, Abu Bakr, ‘Umar, ‘Utsman, ‘Ali, para sahabat sanesipun, para tabi’in lan para ulama sasampunipun. Ingkang mangayu bagya warsa enggal hijriyah mbok bilih pingin nandingi warsa enggal masehi ingkang dipun tindakaken tiyang Nashrani. Kamangka tumindak kados makaten estu-estu sampun nyameni utawi niru-niru tiyang kafir. Secara gamblang Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda,

مَنْ تَشَبَّهَ بِقَوْمٍ فَهُوَ مِنْهُمْ

Sapa wae kang niru-niru sawijining kaum, mangka dheweke kalebu perangane dheweke ” (HR. Ahmad dan Abu Dawud)

  1. Ndadosaken wulan Muharam Wulan ingkang Mulya

Wulan ingkang dipun mulyakaken dening  Allah Subhana wa Ta’ala wonten sekawan ingkang antawisipun inggih wulan Muharam, dipun anjuraken supados kathah nindakaken amal kesaenan saha nilaraken  kezaliman. Kados ingkang sampun kawedhar wonten ing Firman Allah Ta’ala

إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ذَلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ فَلَا تَظْلِمُوا فِيهِنَّ أَنْفُسَكُمْ

Satemene wilangan wulan ana ing ngersane  Allah iku ana rolas wulan, ana ing ketetapaning Allah ing wektu Panjenengane nyipta langit lan bumi, ing antarane papat wulan haram (suci). Kaya mangkono (ketetapan) agama kang lurus, mangka sira aja nganiyaya awak ira ana ing wulan papat iku.” (QS. At Taubah: 36)

Saking ayat kasebat kita kedah mulyakaken wulan muharam kanthi mboten mitadosi wulan  suro pinangka wulan ingkang kebak  bencana lan musibah, mawerni-werni tiyang anggenipun nanggapi wontenipun wulan Suro utawi wulan Muharram. Sahingga kita badhe ningali werni-werni adicara/ritual kagem nyingkiraken kesialan, bencana, musibah dipun lampahi piyambakipun. Ingkang antawisipun adicara ruwatan, ingkang tegesipun ngresiki. Piyambakipun ingkang dipun ruwat dipun yakini resik saking sukerta utawi rereget.

Wonten mapinten-pinten jlentrehipun ingkang kedah dipun ruwat miturut kapitadosanipun antawisipun ontang-anting (jaler/estri tunggal), kedono-kedini (sepasang jaler-estri), sendang kapit pancuran (jaler estri jaler),pancuran kapit sendang (estri jaler estri). Miturut kapitadosanipun piyambakipun ingkang lahir kados makaten badhe dipun mangsa Bhatara Kala, pinangka pralambangipun piawon.

Perlu kita mangertosi bilih nacat wekdal mujudaken kebiasaanipun tiyang-tiyang musyrik. Piyambakipun ngaturaken bilih wekdal  saget nyirnakaken saha nyilakani. Allah ugi mboten rena tumindakipun tiyang-tiyang kala wau.

Allah Ta’ala paring firman:

وَقَالُوْا مَا هِيَ اِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا نَمُوْتُ وَنَحْيَا وَمَا يُهْلِكُنَآ اِلَّا الدَّهْرُۚ وَمَا لَهُمْ بِذٰلِكَ مِنْ عِلْمٍۚ اِنْ هُمْ اِلَّا يَظُنُّوْنَ ٢٤

 “Dheweke padha celathu: “Panguripan iki ora liya kejaba mung panguripan ana ing donya, kita mati lan kita urip ora ana kang bisa nyirnakake sak liyane mangsa (wektu)”, lan dheweke babar pisan ora duwe pangerten ngenani perkara iku, dheweke ora liya mung ngira-ngira .” (QS. Al Jatsiyah: 24).

Kanthi makaten nacati wekdal mujudaken perkawis ingkang mboten dipun renani dening Allah. Makaten punika padatanipun tiyang-tiyang musyrik lan perkawis punika pinangka padatan ingkang awon.

Wonten ing hadits qudsi kacariyos,

قَالَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ يُؤْذِينِى ابْنُ آدَمَ يَسُبُّ الدَّهْرَ وَأَنَا الدَّهْرُ أُقَلِّبُ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ

Allah Azza wa Jalla paring firman,Ingsun dilarani dening  anak Adam. Dheweke nacat  wektu, kamangka Ingsun kang ngatur wektu , Ingsun kang nggilir gumantekake rina lan wengi.” (HR. Muslim, no. 6000)

  1. Nggesangaken amalan-amalan sunnah ing wulan Muharram

Manggihi wulan Muharam mujudaken kenikmatan  tumrap setunggalipun mukmin. Awit ing wulan punika kebak ganjaran saha papan pinangka  ngamal sae tumrap tiyang-tiyang ingkang saestu nyiapaken dinten ingkang badhe dumugi. Miwiti awal tahun kanthi nindakaken ketaatan, supados madhep mantep anggenipun ngadhepi masa depanipun. Menika amalan-amalan sunnah ingkang dipun anjuraken wonten ing wulan muharram:

Rasulullah shallallahu ’alaihi wa sallam dhawuh supados kita nindakaken siyam wonten ing wbulan Muharram kados sabdanipun:

أَفْضَلُ الصِّيَامِ بَعْدَ رَمَضَانَ شَهْرُ اللَّهِ الْمُحَرَّمُ وَأَفْضَلُ الصَّلاَةِ بَعْدَ الْفَرِيضَةِ صَلاَةُ اللَّيْلِ

Pasa kang  paling utama sawise (pasa) Ramadhan yaiku pasa ana ing wulan wulan Allah – Muharram. Dene shalat kang paling utama sawise  shalat wajib yaiku shalat wengi.” (HR. Muslim no. 1163, saking Abu Hurairah).

Imam Nawawi –rahimahullah– nerangaken, “Hadits menika  pinangka negasaken bilih sak sae-saenipun wulan kagem siyam sunnah inggih punika wulan Muharram.” (Syarh Shahih Muslim, 8: 55)

عن أبي قتادة قال، قال رسول الله صلى الله عليه وسلم:

صِيَامُ يَوْمِ عَرَفَةَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ وَالسَّنَةَ الَّتِى بَعْدَهُ وَصِيَامُ يَوْمِ عَاشُورَاءَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ

 

Saking Abu Qotadah, piyambakipun matur bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda,

Pasa Arofah (  Dzulhijjah) aku ngarep-arep marang Allah pikoleh den busak dosa setahun kang uwis lan kang bakal teka. Pasa Asyuro (9-10 Muharram) aku ngarep-arep marang  Allah bakal pikolah dibusak dosa setahun kepungkur.” (HR. Muslim no. 1162)

  1. Sarana Muhasabah lan Ningkataken taqwa

Setunggalipun pemut  ingkang ageng saking  Allah inggih punika bilih  Allah tasih paring  kesempatan dhumateng kita kagem nindakaken  muhasabah (mawas diri) ing sedayanipun. Wiwit saking keimanan kita, keislaman kita, ibadah kita, akhlak kita, pergaulan kita, ilmu kita, kewajiban kita, tanggung jawab kita, manajemen waktu kita, gaya hidup kita, shadaqah kita, kawigatosan kita dhumateng aqidah anak-anak kita, sahingga gadhah urun ing salebetipun perjuangan negakaken kalimah Allah, salebetipun dakwah, tarbiyah saha jihad fi sabililah.

Awit saestunipun kanthi muhasabah utawi evaluasi punika pinangka kunci ingkang utami wonten ing panggesangan kita kagem mangayubagya warsa ingkang badhe dhateng ingkang langkung sae kepara pikantuk ridha Allah.

Kanthi muhasabah punika ugi kita badhe mangertosi kekirangan saha  kekiyatan  ing wekdal ingkang sampun, kagem ndandosi ing wekdal punika saha persiapan cecawis wekdal ingkang badhe dumugi. Menawi wonten ing manajemen organisasi wonten perencanaan (Planning), pengorganisasin (Organising), pelaksanaan (Actuating) ngantos  pengawasan (Controlling) lan akhiripun  penilaian (Evaluating).

Sedaya punika kita lampahi supados  kualitas gesang  kita, utaminipun ningkataken  kadar Ketaqwaan Iman lan Islam kita badhe tuwuh tumuju arah ingkang leres ing salebetipun  ridha saha  ampunan Allah.

Kepara kanthi muhasabah punika kita saget mangertosi hakikat lan perkawis diri kita wonten ngersa dalem Allah, amal punapa ingkang sampun kita lampahi sinareng tambahipun  rezeki ingkang sampun kaparingaken dhumateng kita pinangka sangu tumuju akhirat ingkang panjang saha mesthi.

Allah ngemutaken dhumateng kita :

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ

He wong-wong kang padha iman, takwa-a sira marang Allah lan supaya saben-saben dhiri niti priksa apa kang wus katindakake kanggo dina sesuk  (akhirat); lan takwa-a marang Allah, satuhune  Allah Maha Mirsani apa kang sira tindakake.” (Q.S. al-Hasyr [59]:18).

 

Gegayutan kaliyan pentingipun  muhasabah utawi evaluasi diri punika, Khalifah Umar bin Khattab nate matur:

حَاسِبُوْا أَنْفُوْسَكُمْ قَبْلَ أَنْ تُحَاسَبُوْا

 “Etung-etungen awak ira sadurunge sira dietung (dening Allah)”.

وَزِنُوْاهَا قَبْلَ أَنْ تُزَانُوْا

Timbang-timbangen amal ira sadurunge amal ira  ditimbang (dening Allah)”.

Makaten kirang langkung anggen kita ngresepi awal warsa enggal Hijriyah punika, kanthi makaten mugi-mugi kita saget hijrah saking piawon dhumateng kesaenan, saking tresna dhumateng donya dhumateng dari tresna ingkang linangkung dhumateng akhirat, saking  kemalasan ibadah tumuju

 

khusyu, saking berdondi dhumateng persatuan saha saking kemaksiatan dhumateng amal shalih.

Mugi-mugi amal ibadah saha sedaya kesaenan warsa punika langkung kathah lan langkung sae tinimbang warsa ingkang sampun-sampun. Amin ya Robbal ‘alamin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ

 

 Khutbah II

الْحَمْدُ الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا ، وأَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه.

يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ أَمَّا بَعْدُ؛

فَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى :  وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَـنَا وَتَرْحَمْنَا لَـنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ

رَبَّنَا هَبْ لَـنَا  مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يِوْمِ الدِّيْنِ وَآَخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ

 

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*