Edisi 191 Khutbah Jum’at Basa Jawa : Ngupiya Wilujeng Saking Fitnah Donya

NGUPIYA WILUJENG SAKING FITNAH DONYA

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. قَالَ اللهُ تَعَالى فِى الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً, وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.

فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.

Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Puji saha syukur kita aturaken dhumateng Allah SWT kanthi ucapan alhamdulillâhi rabbil âlamin, saha hadiripun manah pinangka wujud matur nuwun dhumateng Allah awit sedaya nikmat saha nugraha ingkang dipun paringaken dhumateng kita sedaya, linangkung nikmat iman saha nikmat sehat, sahingga kita saget tansah istiqamah nindakaken ibadah lan kewajiban ngantos dumugi titi laksana wekdal punika. Mugi ibadah ingkang kita tindakaken punika tinampi dening Allah SWT lan kita kalebet golonganipun kawula-kawulanipun ingkang taat, saha dipun kempalaken wonten ing swarganipun  ingkang kebak nikmat.

Shalawat saha salam sumangga kita aturaken dhumateng junjungan kita, panutan saha idola kita sedaya Nabi Muhammad SAW, allahumma shalli ‘alâ

 

Muhammad wa ‘alâ alih wa sahbih, ingkang sampun paring wuruk dhumateng  kita babagan kesaenan supados mboten kejlomprong wonten ing kalepatan. Mugi-mugi Allah tansah paring kawilujengan saha karahayon dhumateng  keluarganipun , para sahabat, ugi sedaya umatipun. Aamin.

Salajengipun, lumantar khutbah Jumat punika kawula pinangka khatib  ngajak diri kawula pribadi, keluarga, saha sedaya jamaah ingkang hadir wonten ing  shalat Jumat punika, supados tansah ningkataken takwa kita dhumateng  Allah SWT kanthi takwa ingkang satuhu kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun  Allah saha nebihi sedaya awisanipun.

Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Allah SWT sampun paring firman dhumateng kita babagan panggesangan wonten ing Donya punika lumantar firmanipun wonten ing surat Al-Hadiid [57] ayat 20 :

اِعْلَمُوْٓا اَنَّمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا لَعِبٌ وَّلَهْوٌ وَّزِيْنَةٌ وَّتَفَاخُرٌۢ بَيْنَكُمْ وَتَكَاثُرٌ فِى الْاَمْوَالِ وَالْاَوْلَادِۗ كَمَثَلِ غَيْثٍ اَعْجَبَ الْكُفَّارَ نَبَاتُهٗ ثُمَّ يَهِيْجُ فَتَرٰىهُ مُصْفَرًّا ثُمَّ يَكُوْنُ حُطَامًاۗ وَفِى الْاٰخِرَةِ عَذَابٌ شَدِيْدٌۙ وَّمَغْفِرَةٌ مِّنَ اللّٰهِ وَرِضْوَانٌ ۗوَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا مَتَاعُ الْغُرُوْرِ

Mangertiya menawa penguripan Donya iku mung dolanan, kalenan, pepaes , lan umuk-umukan ing antarane sira sarta lelumban ana ing akehing banda lan  anak keturunan. (Pepindhane ) kaya dene udan kang tandurane nggawokake para among tani, banjur garing lan sira andulu dadi kuning banjur ajur. Ing  akhirat ana azab kang abot sarta pangapura saka Allah lan karidane. Panguripan donya (tumrap wong-wong kang lena ) kejaba kasenengan kang  nglirwakake.”

Ayat ing nginggil nerangaken dhumateng kita bilih, hakikatipun panggesangan wonten ing donya punika namung dolanan, kasenengan kang nglirwakake, pepaes , megah-megahan, umuk-umukan bandha lan anak. Penguripan donya iku amung kesenangan kang apus-apus. Allah SWT nggambaraken panggesangan donya punika kados jawah ingkang ndamel ijem taneman lajeng ngremenaken tumrap para among tani, salajengipun taneman kal wau dados kuning lan ajur. Wondene ing akhirat wonten adzab ingkang awrat saha pangapunten sarta ridha Allah SWT. Leres ugi menawi wonten ingkang mastani bilih donya punika kados panggung sandiwara.

Pinangka panggung sandiwara, awit wonten ingkang  pinangka tiyang sugih, wonten ingkang dados tiyang  miskin, dados  pejabat, dados bawahan, lan sanesipun sedaya namung  sandiwara, kejawi tiyang ingkang gegondhelan dhumateng garis ketentuanipun Allah SWT lan Rasulipun. Piyambakipun punika estu-estu anggenipun nindakaken peranipun, tumrap piyambakipun Donya punika mboten nglenakaken, mboten apus-apus. Piyambakipun pados Donya kagem nggayuh akhirat, lan piyambakipun punika tiyang ingkang pinuji.

Jama’ah Jum’ah yang berbahagia,

Kita sami sadar, bilih griya ingkang megah utawi minimalis ingkang  kita gadhahi setunggalipun wekdal temtu badhe risak lan ajur juga. Napa malih ingkang manggeni saget ugi risak langkung rumiyin utawi mati langkung rumiyin tinimbang griya ingkang dipun tersnani. Saget ugi (na’udzu billah) griya megah ingkang kita gadhahi badhe dados fitnah, lan dados rebutan dening ahli waris, awit mboten amanah lan gegondhelan dhumateng angger-angger syari’at Allah SWT.

Makaten ugi anak-anak kita setunggalipun wekdal badhe kita tilaraken, mendah remenipun menawi putra-putra ingkang kita tilar pinangka putra ingkang shalih mujudaken jariyah tumrap kita. Piyambakipun tansah ndongakaken saha nyuwunaken pangapunten dhumateng Allah SWT saha nyupekaken kekirangan ingkang kita tindakaken. Kados paripaosipun tiyang jawi anak ingkang saget “Mikul dhuwur mendhem jero”, menawi mboten kados makaten ingkang kita tilaraken ugi namung badhe dados fitnah.

Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Remen donya punika sunnatullah. Sedaya manungsa dipun cipte dening Allah SWT. remen Donya, ananging ampun ngantos Donya ingkang kita remeni punika ngantos nyupekaken panggesangan wonten ing akhirat, awit akhirat namung wonten kalih pilihan, inggih punika siksa ingkang awrat utawi pangapunten saha ridha Allah SWT.. Kados ingkang sampun kababar wonten ing ayat 20 surat Al-Hadiid [57] ing nginggil.

Wonten ayat sanes ingkang nunggil makna,  Allah nerangaken bilih akhirat punika langkung sae lan langkung kekal kados  firman Allah:

وَالْاٰخِرَةُ خَيْرٌ وَّاَبْقٰىۗ

Kamangka penguripan ana ing akhirat iku luwih becik lan luwih langgeng.” (QS Al A’la : 17)

Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Wonten mapinten-pinten manungsa anggenipun ngadhepi Donya ingkang namung sawetawis lan nglirwakaken sarta apus-apus punika. Allah SWT. Paring firman wonten ing surat Yunus [10]:7-8 :

اِنَّ الَّذِيْنَ لَا يَرْجُوْنَ لِقَاۤءَنَا وَرَضُوْا بِالْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَاطْمَـَٔنُّوْا بِهَا وَالَّذِيْنَ هُمْ عَنْ اٰيٰتِنَا غٰفِلُوْنَۙ اُولٰۤىِٕكَ مَأْوٰىهُمُ النَّارُ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ

“(7)  Satemene wong-wong kang ora ngarep-arep patemon marang Ingsun (ing  akhirat), rumangsa marem marang panguripan ing Donya, lan rumangsa  tentrem kanthi iku, sarta wong-wong kang padha lirwa marang ayat-ayat Ingsun, (8)  Dheweke iku mapane ana ing naraka awit apa kang tansah dheweke tindakake.”

Ayat ing nginggil nerangaken tiyang ingkang ngadhepi panggesangan Donya punika kanthi raos marem saha tentrem kanthi panggesanganipun, lan rumaos badhe gesang teras mboten wonten panggesangan sasampunipun mati. Piyambakipun nglirwakaken ayat-ayat Allah SWT. Donya ingkang dipun gadhahi ; bandha, tahta, wanita lan anak ndadosaken piyambakipun lirwa dhumateng Allah SWT. Tiyang punika mesakaken awit katentreman lan kemareman ingkang dipun raosaken saestunipun namung sauntawis, lan benjang wonten ing akhirat badhe lumebet wonten ing naraka.

Allah SWT. Paring firman wonten ayat sanes :

ثُمَّ اَوْرَثْنَا الْكِتٰبَ الَّذِيْنَ اصْطَفَيْنَا مِنْ عِبَادِنَاۚ فَمِنْهُمْ ظَالِمٌ لِّنَفْسِهٖ ۚوَمِنْهُمْ مُّقْتَصِدٌ ۚوَمِنْهُمْ سَابِقٌۢ بِالْخَيْرٰتِ بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗذٰلِكَ هُوَ الْفَضْلُ الْكَبِيْرُۗ

Sabanjure kitab iku ingsun warisake marang wong-wong kang Ingsun pilih ing antarane kawula-kawulaningsun, sabanjure ana ing antarane dheweke kang nganiyaya marang awake dhewe lan ing antarane dheweke ana kang  pertengahan lan ing antarane dheweke ana uga kang luwih dhisik tumindak kabecikan kanthi izin Allah. kang kaya mangkono iku pinangka kautaman/fadhilah kang agung.” (QS. Faathir [35]:32).

Ingkang kasebat tiyang ingkang “nganiaya marang awake dhewe” inggih punika tiyang ingkang sakelangkung kathah kalepatanipun tinimbang kesaenanipun, lan ingkang “Pertengahan” inggih punika tiyang ingkang kesaenanipun imbang kaliyan kalepatanipun. Dene ingkang kasebat “tiyang ingkamg langkung rumiyin nindakaken kesaenan” inggih punika tiyang ingkang kesaenanipun kathah sanget saha awis-awis tumindak lepat.

Golongan Sepisan inggih punika tiyang ingkang nganiaya dhumateng awakipun piyambak (ظَالِمٌ لِنَفْسِهِ), tiyang punika ngupados donya kanthi ingkang mboten leres, lan biasanipun anggenipun ngginakaken ugi mboten leres. Tiyang punika makarya namung kagem nedhi , mboten wonten raos sekedhik kemawon menawi benjing badhe gesang wonten akhirat. Piyambakipun nganggep Donya punika pinangka cita-cita ingkang paling inggil.

Golongan Kaping kalih   (مُقْتَصِدٌ) , tiyang punika kesaenanipun imbang kaliyan kalepatanipun. Pyambakipun namung nindakaken ingkang wajib-wajib mawon , lan nyupekaken -sunnah. Piyambakipun mboten pikantuk ganjaran saha derajat ingkang inggil wonten ngersanipun .

Golongan Kaping tiga ,(سَابِقٌ بِالْخَيْرَاتِ) tiyang punika tansah gegancangan wonten ing ndalem kesaenan. Piyambakipun sadar saestu babagan gesang wonten ing alam donya. Donya punika pinangka ujian, lan kagem nguji sinten ingkang paling sae amal tumindakipun. Gesang wonten donya kados dene  musyafir ingkang mboten mbetahaken sangu ingkang kathah, namung sacekapipun mawon. Tiyang punika nyiyapaken sangunipun gesang ing  akhirat kanthi sasae-saenipun saha mboten nglirwakaken. Allah SWT paring firman:

اِنَّا جَعَلْنَا مَا عَلَى الْاَرْضِ زِيْنَةً لَّهَا لِنَبْلُوَهُمْ اَيُّهُمْ اَحْسَنُ عَمَلًا

Satemene Ingsun wus ndadekake apa kang ing lumahing bumi pinangka pepaes tumrap dheweke supaya Ingsun nguji dheweke sapa kang paling becik amal kabecikane “ (QS. Al-Kahfi [18]:7).

Ayat sanes nerangaken ugi :

ۨالَّذِيْ خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيٰوةَ لِيَبْلُوَكُمْ اَيُّكُمْ اَحْسَنُ عَمَلًاۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْغَفُوْرُۙ

Kang ndadekake mati lan urip, supaya Panjenengane nguji sira sapa kang luwih becik amale lan panjenengane Allah Maha Prakosa tur Maha Paring Pangapura,” (QS. Al-Mulk [67]:2).

Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Panggesangan ing donya punika saget nglirwakaken panggesangan wonten ing akhirat, kejawi piyambakipun ingkang ngginakaken Donya punika kagem nggayuh kabagyan wonten ing akhirat. Kados tiyang ingkang sami iman dhumateng panggesangan wonten ing akhirat temtu badhe ngginakaken donyanipun kagem nggayuh panggesangan wonten ing akhirat. Makarya kanthi nyrempeng lan tuntas kagem persiapan gesang wonten ing akhirat.

Sumangga kita ngupadi donya kagem sangu gesang wonten ing akhirat, awit donya punika pinangka lantaran gesang wonten ing akhirat. Rasulullah saw. Paring sabda:

قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: لَيْسَ بِخَيْرِكُمْ مَنْ تَرَكَ دُنْيَاهُ لِأَخِرَتِهِ وَلاَ آخِرَتَهُ لِدُنْيَاهُ حَتَّى يُصِيْبَ مِنْهُمَا جَمِيْعًا, فَإِنَّ الدُّنْيَا بَلاَغٌ اِلَى الْآخِرَةِ, وَلاَ تَكُوْنُوْا كَلاًّ عَلَى النَّاسِ. (رواه ابن عساكر عن انس).

Rasulullah saw. Paring sabda: “Dudu wong kang paling becik ing antarane sira wong kang ninggalake donyane kanggo akhirate lan ninggalake akhirat kanggo donyane. Satemene Donya iku pinangka lantaran marang penguripan ing  akhirat. Lan sira aja dadi beban tumrap wong liya.” (HR. Ibnu ‘Asakir dan Anas).

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,

 وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

Khutbah II

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ وَسَارِعُوْا إِلَى مَغْفِرَةِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. وَصَلَّى الله عَلَى سَيِّدَنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتْ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ جَهَنَّمَ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ الْقَبْرِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ فِتْنَةِ الْمَسِيحِ الدَّجَّالِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ فِتْنَةِ الْمَحْيَا وَالْمَمَاتِ، اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ الْهَمِّ وَالْحَزَنِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ الْعَجْزِ وَالْكَسَلِ وَ نَعُوذُ بِكَ مِنْ الْجُبْنِ وَالْبُخْلِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ غَلَبَةِ الدَّيْنِ وَقَهْرِ الرِّجَالِ  رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

 

Be the first to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*